MBABAR MISTERI DONGENG
PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi
<bagian 1>
I.
BUDHAL NETEPI SWARANING IMPEN
Wis tak tetepi kanthi ati manteb linambaran
sesangon nyebut asmane Gusti Kang Akarya Jagad lan sumarah total marang Sang
Pangripta kabeh jalma kasar lan alus ing jagad, wiwit dina iki bakal tak tlusur
kanggo mbabar wewadi sing nate didongengake Simbahku kakung rikala aku isih
bocah biyen, lan apa ta sejatine artine impen-impenku sing banget gawe
penasaran sasuwene iki.
Dongeng sing biyene mung tak anggep dongeng
panglipur ing wengi minangka sangu putu-putune mapan turu. Ya dongenge simbah
sing nembe wae tak mangerteni yen urut-urute crita kebak dening gegambaran sing
nyalawadi. Dongeng sing wis watara setengah windu iki kerep ngreridhu jroning
impen-impenku. Impen sing rumangsaku ombal-ambal panggah padha kedadeyane,
kepara ing sawetara impenku rumangsaku aku bisa neba kepriye bakale
urut-urutane kedadeyan sabanjure. Wiwitane tekane impen mung saklebatan tur
jarak wektune arang-arang, nanging saya suwe saya kerep lan saya kerep
nyambangi wengi-wengiku. Banjur gambaran kedadeyan-kedadeyan ing njerone impen iku
nyambung-nyambung kanthi teratur kaya sawijining crita sing urut. Ya
impen-impen sing aneh lan nyalawadi iki sing marakake aku banjur duweni niyat
nlesih apa ta sejatine sing dikandhut jroning kabeh sing didongengke nalika Simbah
Kakung isih sugeng biyen.
Mula jroning wektu pendhak sak Sapar iki tak coba
nganam pikir ngeling-eling bab impen-impenku sing aku wis yakin eneng
gandheng-rentenge karo dongeng-dongengane Simbah biyen. Tak tlesih mbaka
saperangan, tak cathet kanthi setiti apa wae bab sing wis kasil tak ramesi
maknane senajan aku dhewe durung yakin bener lan orane. Kabeh cathetan sing ora
krasa jebule wis meh ngentekke kertas rong rim tak simpen tak kunci rapet ing
laci meja kerjaku saben rampung tak setiti isine. Saka cathetan-cathetan sing
wis tak rantam lan tak susun iki saya suwe saya katon gawang-gawang yen
kaya-kaya pancen ana misteri sing dikandhut ing sambung-sambete dedongengane
simbah lan kabeh kedadeyan sing ana ing impenku sing ambal-ambalan kerep
nyambangi wengiku.
Wusana ing dina iki sawise dak rungu swara
nyalawadi nalika impen iku bali teka meneh dhek wengi, sing kaya-kaya swara iku
menehi prentah marang aku ing dina iki uga aku kudu wiwit mangkat mbabar
puputane carita lan mbukak babakan carita anyar. Ing tembung swara nyalawadi ujar
sing pungkasan ya mung aku sing bisa ngleksanani ora ana wong liya sing bakale
kuwawa, malah bakal agawe cilaka yen dilakoni dening pawongan sing dudu trah
waris lan ora antuk kanugrahan. Nanging senajan isih klebu garis waris sah
turun-temurune Simbah Kakung nanging yen ora kinayungan kanugrahan ora bakal
kuwawa nglakoni, ngono mau sing tak ngerteni saka unine swara sing nyalawadi
mau. Senajan maune aku wangu-wangu nanging mbuh daya apa sing terus ngridhu
pikiranku kaya-kaya aku kudu budhal dina iki ora oleh mendhe-mendhe meneh.
Mula esuk iki aku enggal wae tata-tata sarwa
rerikatan kaya wong gupuh ndadekake erame bojoku sing kamitenggengen nalika tak
kandhani yen dina iki aku arep bali menyang ndesa krana ana sing wigati lan ora
bisa dipelung meneh. Kepriye ora eram, wong aku babar pisan ora nate crita bab
impen-impenku apadene usahaku angen-angen lan ngeling-eling bab dongengane
Simbah. Ngertine mung aku akhir-akhir iki asring ndongengi anak wadonku sing
isih umur limang tahun sing jarene bojoku dongengane aneh lan ora masuk akal,
ya iku dongengane Simbah Kakung nalika aku isih cilik biyen sing tak dongengake
bali marang anakku wadon. Bojoku wusanane bisa maklum lan nglilakake mangkatku
sing ngagetake dheweke krana ora udan ora bledhek kok dumadakan arep lunga sing
ora nganggo ada-ada babar pisan. Bareng wis pana apa sing dadi wigatine
anggonku arep bali nyang tanah Jawa pungkasane bojoku bisa nampa tur dheweke
wis paham yen watekku ora bakal kena dipenggak yen wis duwe karep, apa meneh
bab sing bakal tak tlesih menyang omah ndesa kana uga ana gegandhengan rapet
karo bab waris sing enggal-enggal dituntaske.
Kareben urusan kanggo mangkat enggal karampungan
bojoku melu rerewang nyawisake samubarang kalir sing bakal tak perlokake, dene
aku enggal nelpon biro travel tak akon ngusahakake tiket kanggo dina iki uga.
Nanging yen kepeksa ora oleh tiket, tekatku bakal budhal ngebis wae pokoke aku
bisa budhal dina iki uga. Sawise yakin yen ora ana barang sing kesingsal,
siji-maka siji barang-barang sing wis samapta ing ngarepku tak tata njero
koper, ora lali saombyok komplit duplikat kunci omah ndesa sing pancen bakal
dadi kunci wiwitan anggonku bakal ngayahi mbongkar rahasia ing dongenge Simbah
Kakung lan mungkasi kabeh sesanti jroning impen-impenku sing marakake penasaran.
Lan tumpukan berkas cathetanku ing laci mejaku tak bendel dadi siji tak taleni
nganggo tali rafia.
* * *
Esuk watara jam setengah sanga aku drarapan budhal
nyang Bandara Sukarno-Hatta numpak taksi nguber jadwal pesawat sawise dipesthekake
dening biro travel yen aku kabegjan kasil oleh tiket siji amerga ana calon
penumpang sing mbatalke tiket. Lan pungkasane pesawatku take-off persis jam sewelas luwih seket menit, kurang-luwihe
rolikur menit sawise aku rampung mberesake administrasi lan dokumen ing bandara.
Wusana pesawat kasil mumbul kanthi sampurna nyang ketinggian sing ideal, lakune pesawat njur bisa tata anteng engga
kabeh penumpang rumangsa nyaman ing bangkune dhewe-dhewe.
Sabuk pengaman njur tak wudhari supaya mapanku bisa
luwih longgar lan kepenak, nanging dhadhaku malah krasa trataban tanpa jalaran ndadekake
ora jenak nggonku lungguh. Panyawangku tak uncalke sak njabane cendhela, cuacane
sing cerah ngatonake grombol-grombole mega mendhung sing putih kaya kapas.
Panorama sing akhire mbosenake lan ora bisa nglerem rasa trataban ning dhadhaku,
mula tanganku sanalika ndudut salah sijine majalah sing sumlempit rapi ana kanthong
bangku ngarepku. Nanging mbuh krana aku kurang ati-ati utawa pancen kegawa rasa
ora jenjem ing atiku majalah sing tak dudut mrucut, tanganku reflek nyaut
majalah sing ucul saka tanganku. Majalah malah ora klakon tak cekel kepara
kesampe nuju bocah wadon ing sisihku ndadekake aku lan dheweke kaget lan njerit
lirih bebarengan. Mula aku enggal-enggal njaluk pangapura marang dheweke karo
tanganku njupuk majalah ing pangkone, dheweke mung mangsuli manthuk sethithik
sinambi mesem lan mripate kedhep tismak marang aku banjur dheweke nutugake
molak-malik majalah ing tangane. Mak jleg! Atiku njombla nyawang praupane bocah
wadon iku sing rumangsaku kaya wis nate tak kenal suwe. Ora krasa mripatku manther
nyetitekake cah ayu jejeranku wiwit pucuk rambut nganti pucuk sikile sing lagi
slonjor kepenak. Olehku nyawang dheweke lagi leren nalika aku krasa kisinan
awit sajake dheweke krasa yen lagi tak wat-wati, cah ayu iku noleh meneh nyang
aku sinambi mesem manis nanging sorot mripate sajak rada menyelidik. Sanalika
aku klinjeman lan ngambali njaluk sepura, najan kikuk aku meksa tak gawe sak
sopan-sopane. Aku babar pisan ora bisa jenjem sak dawane perjalanan,
rasa-pangrasaku saiki dadi campur bawur sing aku dhewe ora ngerti apa sebabe.
Mangka lunga numpak pesawat ya wis nate tak lakoni makaping-kaping masiya ora
kerep-kerep nemen.
Nalika kedadeyan njupuk majalah sing mencelat nyang
pangkone cah wadon jejerku ora njarag tanganku senggolan karo tangane,
kedadeyane mung sak srebetan nanging nuwuhake rasa geter semriwing ing atiku.
Ditambah praupan sing putih resik kanthi mripat rada sipit, model irung mbangir
rada mlengkung, lambe tipis sak tlemik sing mesem manis, rambute sing lurus sak
ndhuwure pundak ngetokke gulune sing mulus, lan dedeg-piadeg pawakane, saya
gawe atiku dhrodhogan. Kabeh sing katon marang dheweke ndudut kenanganku marang
mantan pacarku wektu isih padha-padha dadi bocah kampus biyen. Saya tak
awat-awati saya jebles kaya ora geseh, ora krasa aku kerep lirang-liring
nyolong panyawang marang bocah ayu iki. Sing jelas cah ayu iki dudu mantan
pacarku biyen, umur-umurane bocah iki isih saumuran bocah kuliahan, lan dheweke
ora kenal karo aku. Ning ati wiwit duwe karep pengin ngajak kenalan, nanging
babar pisan aku ora duwe kewanen. Ujug-ujug aku mesem dhewe nutuhi atiku sing
dumadakan dadi cilik, ora sabaene watekku sing kulina blater lan ora nate
canggung yen bab ngadhepi cewek. Pancen aku babar pisan ora tau duwe niyat
selingkuh, nanging yen mung bab mbedani cewek ayu aku rung nate ngrasa kaya
saiki.
Swasana sing ngene iki sing marakake aku saiki dadi
kaku lan ora jenjem, akhire mung trima mingkem samba nyekeli majalah sing ora
tak bukak blas nganti keprungu swara pramugari ngabani yen para penumpang
enggal nganggo sabuk pengaman awit sedhela meneh pesawat bakalan landing. Tak sawang saka cendhela
Bandara Juanda Surabaya wis katon saka kadohan, majalah sing tak klunthung ing
tanganku tak balekake ing papan panggonane meneh. Banjur sabuk pengaman tak
pasang minangka prosedur tetap sing kudu tak patuhi. Ora lali mripatku nyolong
nyawang bocah wadon ing sisihku, lan mak tratab ndilalahe dheweke uga pas
nyawang aku. Aku lan dheweke adu esem manis, kepara aku sing rumangsa kalah
prebawa karo eseme sing luwih cerah lan luwih semanak.
“Eh, bocah kok ayune nyundhul langit”, unine swara
ing batinku sing kebak rasa kesengsem campur getere dhadha ngempet kridhane ati
sing ora karu-karuwan.
*
* *
Ana candhake.... <bagian #2>.......
Tidak ada komentar:
Posting Komentar