AKU LAN PENUMPANGKU LAN HP ANDROID
motorku
kepeksa dak parkir nylempit mepet pager toko awit awan iki toko hp sing paling
gedhe ing kuthaku iki lagi kebanjiran pengunjung lan dhasare dina Minggu gek
ngepasi eneng promo pisan saengga panggonane parkiran sing sakjane jembar
nganti ora amot dikebaki mobil lan motor mula isih begja aku isih uman papan
parkir sing nyaman lan sawise yakin yen wis tak kunci aman lan helem wis mapan
pener aku sigra nyusul penumpangku mlebu nyang toko
amarga wis nyaguhi ngancani tuku hp najan ati iki rada nggrundel awit ramene
toko agawe sirahku rada mumet lan saya ndhongkol maneh bareng meruhi
penumpangku lagi ngomel nesu ing njero toko ngundamana saenenge pegawe toko
jarene merga rumangsa ora direwes lan ora enggal dilayani marakke atiku wangu
arep nyedhak dheweke kepara atiku mbatin apes dene dina iki oleh penumpang kok
ora nggenah blas sing pawongane wis methekil awake ngganda sengak klambine
sarwa klombrotan lah kok saiki ing njero toko kepara nantang perkara malah
saiki ngagetake aku merga tanganku dumadakan diglandhang diakon ngrewangi
gegeran agawe bingungku ing sawetara menit nanging bareng tak pikir yen
nyincinga ya klebus wusana nyoba tak krenahke punjere perkara sing intine
penumpangku butuh tuku hape android sing persis rupane kaya ing gambar promo
cacahe 16 iji kanggo anake sing cacahe 10 dene sisane kanggo bojone sing cacahe
6 kepara tambah siji meneh arep diwenehke aku mula yen dipetung total dhuwite
satus seket siji yuta telung atus patang puluh papat ewu lan kabeh dibayar
lunas
LAN WARUNG NDHUWUR GOT LAN KANCAKU
anggonku
pengin menikmati wedang kopi ing warung ndhuwure got karo kancaku sing aran mas
Agung dadi ora bisa jenak amarga akeh mrutu sing ngrubut lampu sing mapan incer
ing nduwurku nganti mas Agung kepeksa nyisih ndhodok ing panggonan sing rada
peteng nantang risiko yen kepleset bisa nyemplung ing got nanging dheweke katon
enjoy sinambi gawe status fb ing hapene lan cangkir kopine di tumpangke tunggak
bekase wit akasia sauntara wong liyane sing maune
regeng padha ngopi wis padha ora betah marang gangguane mrutu sing ewon cacahe
krana mrutune kerep nyemplung ing cangkir isi kopi mula yen disawang saka
kadohan menawa sing katon mung aku karo bakule njur aku nyoba mingset ing kursi
pojok wetan nyeraki bakule kopi karepku kareben bisa jengkeran sing kepenak
karo bakule lan saka liwat rembug lan jengker kuwi aku dadi ngerti yen antarane
mas Agung karo si bakul kopi iku pancen wis raket banget kawit mau wong loro
kuwi ya kompak banget yen nggojloki aku nganti aku kentekan akal kentekan gunem
trima meneng ngalah wae tinimbang tansaya lembut dadi emput nanging ndilalah
kersane Allah nalika si bakul kopi ngadeg lan alok marang mas Agung supaya aja
nganti kepleset nyemplung got kok njur krungu swara kratak bruak byurr bakul
kopi kaya disulap ilang saka panduluku pindhah ing njero got awit galar pring
sing dianciki ambrol ning durung entek kagetku dumadakan mas Agung sing reflek
arep mitulungi malah uga kepleset mak byur melu kecemplung got pisan lan jian
banget kurangajare aku sing nonton siaran langsung kedadeyan kuwi sanalika
ngacungke jempol loro mendhuwur sinambi mbengok alok KOMPAK JOSS pakdhe
AKU LAN JENAZAH KUWI
krana
pengalamanku minangka tukang ojek senior mula ora kangelan anggonku nggoleki alamat
sing arep dak tuju kaya sore iki wis bisa tekan alamat sing wis dak tulis ing
kertas bungkus rokok nanging krana ana swasana sing ora jamak aku dadi rada
wangu mula enggal dak pesthekke bener lan orane marang sawijining pawongan sing
lagi padha ngrumpul rame ing kono lan sawise antuk katrangan yen wis pener aku
njur nerangake yen aku lagi ngiringke mobil ambulan rumah sakit ngeterke sawijining jenasah sing samubarang
katrangan jeneng alamat apa dene umur wis dak tulis ing kertas rokok mau njur
kertas kuwi diwaca wong akeh ora let suwe swasana dadi geger lan umyek rame
pungkasane dak terangke kabeh perkarane wiwit bongkot nganti pucuk sing intine
bocah enom sing saiki wis dadi layon iku wingi dak gawa nyang rumah sakit
karana semaput sarampunge nyambut gawe ngresiki latar omahku amarga lara
lambung sing wis kronis lan awan mau sadurunge tilar sempat pesen marang aku
njaluk tulung yen dhuwit sing diwadhahi kaos kaki ireng iki supaya diwenehke
marang emake minangka ijole dhuwite emake sing nate diilangke 4 sasi kepungkur
lan kabeh dhuwit iku asil saka kringete dhewe kaya janjine biyen marang emake
dene yen kurang liya dina bakal digolekke maneh sarta welinge supaya emake ora
usah mikir dheweke lan ora usah nangis merga ora suwe maneh dheweke mesthi
bakal mulih nanging bareng kabeh krungu crita ngono mau ganti aku sing njomblak
amerga dicritani yen awan mau si emak uga tilar ndonya kanthi pesen yen anake
lanang mengko bali diakon nyampekke yen emake banget kangene marang dheweke uga
samubarang kesalahane biyen wis diapura lan ora prelu nangisi emake yen sida
ditimbali dening Sing Kuwasa saengga ndandekake luhku drodosan tanpa tak rasa
ning ing batinku mesem dene Gusti Kang Maha Wikan wis paring welas asih marang
aku nambahi siji meneh piwulang urip sing tanpa upama regane tumrap uripku
AKU LAN PERJANJIAN BERMATERAI CINTA
sega pecel
sebungkus sing lagi kelong rong sendhok tak gawa nyang teras omah arep tak
tutugke olehku nglahapi menu faforitku amarga iki mau bojoku ngentut
ambal-ambalan nganti ambune muleg rata saomah ya omah kontrakan sing ra sepira
ambane lan aku ora bisa nesu amarga aku dhewe ya kerep ngono kepara ra tau muni
ning gandane luwih ampuh dadine aku ya malah kudu ngguyu dhewe nampa kahanan
iki najan sing kewetu mung esemku wae wusana jangkahku nuju kursi plastik
ngisor kaca nako mapan sing kepenak terus sesendhok mbaka sesendhok tak nikmati
kanthi nyantai lan ora kesusu karo nyawang sesuketan ijo lan kembang pethetan
ana pot sing baris rapi ing latar jan rasane wis kaya ana nyang swarga kae
swasanane nanging pancen uripe menungsa kuwi kebak godha ya ana wae godha sing
teka sing saiki pitik babon duweke tangga keplayu diuber jago njranthal liwat
ngarepku sing sakjane kuwi trima biasa wae kanggoku nanging sing luwar biasa
kok ya kobere ninggal sambel ijo persis ing ngarepku sinambi mlayu mangka yen
mlayu mau ya rikat banget sipat kuping paribasane mula sega pecel sing isih
nyisa separo dak seleh ing meja plastik sebelahku banjur jenang turas asil
karyane pitik babon dak gebyur lan dak kosek nganti resik lan dak bilas nganggo
cairan pembersih lantai sing ngganda aroma lavender bereslah masalahku njur
kabeh pralatan dak balekke meneh menyang papan asale terus sikilku tak
jangkahke menyang teras arep mungkasi sarapan indahku sing wis sawetara
ketragal lan dhasar luwak mangan tales sepisan meneh impian indahku buyar krana
sega pecelku saiki malah dienggo pesta si pitik babon hadir lengkap sak anak
putune lan kabeh ponakane pisan lan aku mung bisa nyawang tanpa rasa tanpa bisa
nyuwara mung pungkasane dak umbar wae terus aku nututi bojoku sing lagi mepe
kumbahan ing mburitan tak jak gawe perjanjian tidak tertulis bermaterai cinta
dan kepercayaan sing isine sapa wae saka salah sijine aku lan bojoku yen krasa
ngentut wajib dikirim menyang njaba omah ditandatangani peluk sayang lan
distempel cium mesra
AKU LAN OMAH KONTRAKANKU
wusanane anggonku tekan ngomah ngepasi jam pitu dalu kamangka si turangga jepang wis dak blandhang pindha tan ngambah bantala najan ta dalan sing dak liwati klebu area jalur tengkorak krana jeglongane meh ora kendhat saben semeter gek kiwa tengen rupa alas jati sing akeh jurange mula tangan lan boyok iki rasane kaya remuk nanging kaya adate wong Jawa aku isih muji sukur bisa tekan ngomah kanthi raga lan nyawa isih wutuh ora kurang sawiji lan sawise rampung mapanake motorku ing iringan omah ora nganggo kesuwen enggal nyandhak andhuk njur adus reresik awak lan wis dadi adatku langsung nuju meja makan masiya mung sarungan andhuk amarga kluruke weteng wis ora kena disemayani mula sega setengah wakul lan soto ayam semangkok tak sikat gusis sanalika njur semendhe nyantai karo menikmati olehku rokokan ora let suwe wis katon bojoku mlebu omah njur cucul mukena ing ngarep lawang kamar ning kok dhewekan ora karo anakku wadon mula njur dak takoni yen gendhuk nyang endi kok ora katon nanging bareng krungu swaraku bojoku sajak njomblak kaget noleh nyang aku terus mbradat metu karo njerit banter lan njaluk tetulung yen ing omah eneng maling mula aku ya njur kaget enggal ngadeg arep nguber bojoku ning ora sida merga isih setengah muda lan lagi wae arep nganggo clana kesusu ketungka para tangga wis gemrudug teka marani aku ambek padha nggawa gaman komplit nganti aku temenggengen ra isa obah lan anehe sing kono kok ya padha karo aku mung ndomblong nyawang aku sajak ana sing aneh lan ing swasana iku aku nembe meruhi yen wong wadon kaos kuning sing dak kira bojoku jebule wong liya dene ora krasa mripatku wiwit nyawang muter ngubengi ruwangan sing menehi gambaran cetha yen iki ngono mantan omah kontrakanku lawas dene sing anyar isih jarak 3 kilo saka kene
#edisiawurawuran
#siswonurwahyudi,
Bojonegoro, 07022017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar