WUS DAK TEMU SUWENGMU
wus dak temu suwengmu
bebandhul mata barleyan, mung sasisih
wus luwih sewindu, sliramu sulaya wegah ngakoni
wus dak temu suwengmu, mung sasisih
tansah mbandul atiku, ontang-anting rasaku
mung sawiji pindha sewu gunung nindhih ragaku
Bojonegoro, 22/06/2016
#siswonw.
SINAU SAKING MEDSOS
kenging punapa tiyang kedah nesu
sanalika
adu arep kalayan kejujuranipun piyambak
lan enggal ngubur sajero-jeronipun
kadidene bathang ingkang paling laknat
adu arep kalayan kejujuranipun piyambak
lan enggal ngubur sajero-jeronipun
kadidene bathang ingkang paling laknat
Bojonegoro, 19/06/2016
#siswonw
Wewaton ing ngaurip lir kadya sing kaguru
pranyata mung sumarah sanyata
emba iliring baita pun rerata
soroh tan bisa ngendhani mala
Sumilak tuking cubriya kang kagiri-giri
lirnya wewayang kang anggegawang
wus sumurup mring telenging segara
tanpa kapalang mega lan wewaton
Bojonegoro, 18/06/2016
#siswonw.
ING LELAYONMU
Saumpama bisa
wanci wingi tak puter bali
umpama kuwawa tak cipta wujudmu
ora bakal luh iki tumetes ing layonmu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar