AKU, PARI-PARI KUNING, LAN CRITA
KLASIK PARA AMONG TANI
dak sawang
saka ing papanku ngadeg kene pari-pari ing sawah gumelar lemu-lemu nyemu kuning
ndudut rasa marem tumrape para among tani uga tumrap aku dhewe dene panen raya
bakale kelakon kanthi becik lan pasar-pasar cilik bakale surak sumringah maneh
sarwa punjung ing rasa sukur marang Gusti kang wus paring bumi gumelar kang
kebak barokah iki sanadyan isih kagawang rasa kuatir marang pageblug sing bisa
tumeka tanpa semaya utawa jebloge rega gabah petani
karana digliwang dening kelompok dhedhemit kang rupa menungsa sing tega
memangsa tanpa rasa welas asih saengga luh lan kringet kang wis tumetes tanpa
wilangan wingi-wingi kae trima dadi crita kang wis kaprah rinungu mataun lawase
AKU LAN MBAH SURADI
kaya sing
uwis nate kedadeyan sadurunge saben mampir ing warungku dheweke uluk salam
sinambi hormat nyang aku kaya prajurit marang komandane nalika lagi apel
pasukan terus rampung ngono njur mbungkuk sinambi mesem sethithik sing marakke
katon lucu wong dhasare pancen mantan serdhadhu pecatan jaman geger politik
tahun 65 krana kena sekrining ning jiwa militere isih manjing mula ya solahe
sarwa pantes plus intonasi lan diksine isih cetha lan teges nadyan umure wis 70 luwih ditambah dedeg-piadege gedhe dhuwur mula
nadyan dheweke seneng klesetan lungguh ing jogan ora sepira ketutupan meja lan
kursi papanku lungguh nyugata tekane lan kaya sing uwis-uwis banjur gojek lan
crita pengalaman uripe sinambi nyruput wedang kopi gaweane bojoku ndlidir pocapane
nganti kopi secangkir gusis ninggal ketheg njur pamitan lan ora lali hormat
meneh kaya wayah tekane mau terus nyandhak buntelan tas kresek ireng gedhe sing
ajeg digawa sing ndandekake aku tansah penasaran apa ta sejatine isi njero
bungkusan sing ora tau pegat tansah dipondhong sadawane lurung mataun lawase
AKU
LAN GITARKU
sawise aku ngrampungke telung lagu
Ebiet G. Ade dumadakan ana sing nylethuk njaluk lagune almarhum Gombloh krana
jarene kostum lan penampilanku mirip gayane Gombloh
lan warna vokalku uga mirip si almarhum ndandekake aku mesem semu kepingkel
ning amarga pancen wis kuwajibanku dibayar ing cafe iki kanggo nglipur tamu
mula dak layani kanthi tumemen tanpa kesuwen drijiku wiwit mainke cord ing
senar gitarku lan ora suwe rikala ngrungu vokalku sing sengaja sakbisaku dak
emperke vokal khas duweke Gombloh kabeh tamu padha rebutan keplok nyurung
semangatku nganti ora krasa limang lagu karyane Gombloh dak lalap kanthi sukses
nadyan aku krasa isih ana cacate ning rikala meh ngancik nyanyi lagune almarhum
sing kenenem keprungu suwarane pawongan mau ngendhegake niyatku lan malumpat
ing panggung langsung nyaut ngrebut gitarku sinambi nyeru marang para tamu yen
gitarku iki pancen hadiah saka almarhum Gombloh lan bengi iki klakon dilelang
dening dhewekne payu 66 yuta tanpa menehi kesempatan marang aku sing mung bisa
ndomblong kaya wedhus ompong sing lagi sadhar wektu dhuwit 45 yuta disorohke
marang aku sinambi ngucap maturnuwun awit aku wis mbiyantu nyaur utange kepara
luwih
AKU LAN CCTV
sawise sawetara
wengi ora turu amarga kepeksa tugur begadhang nginjen lan nyanggong maling
duratmaka kang ameh saben wengi nyolongi samubarang kalir sing mapan ing teras
lan plataran omah kontrakan sing pancen tanpa pager saengga banget gawe
jengkelku sanajan sing diprupus mung barang sing ora pati ana ajine kaya ta
sandhal jepit apadene sapu sada tekan keset lan prungki sarta barang remeh
liyane njalari aku pungkasane nyarujuki usule bojoku supaya kridhit CCTV wae munggel pepengine anakku wadon sing kebelet duwe sepedhah
mini amarga dhuwite dianggo persekot pasang CCTV tinimbang kesehatanku sing
bakal dadi kurban amarga kena angin wengi lan wiwit 3 wengi kepungkur tugasku
tugur wis dioperke nyang CCTV lan saiki titiwanci kanggo ngonangi sapa ta
sejatine si bangsat kere kuwi sarana mbukak asil rekaman dhek bengi rikala
sepatu boot lan andhukku ilang nanging isih kudu njaluk tulung teknisi CCTV
sing saiki wis samapta ing ngarep monitor lan wiwit iwut mbukak isi rekaman
amarga aku ya durung bisa carane mbukak njur sedhela wae gambare wiwit katon
regemeng kurang cetha awit kurang cahyane lampu mula sing katon mung ana
pawongan lanang sing sajake wuda babar pisan lan rambute dhedhawulan njupuki
samubarang kalir njur dicemplungke nyang sumur ing ngisore wit pelem ngarep omah
bubar kuwi dheweke katon bali menyang teras meneh lan saya cerak lan saya cerak
saya rada cetha praupane si begajil porno iku jalaran karo teknisine gambare
dipadhangke mbaka sethithik banjur gambare diendhegke dumadakan mak jleg atiku
lan jantungku krasa dhrodhogan nyawang sejatine si duratmaka sing ngliga tanpa
busana kuwi kepara tambah sesege napasku nalika si teknisi lan bojoku padha
nyawang aku kanthi ekspresi sing marakke atiku saya ora karuwan lan aku kepeksa
ngaku yen nalika turu aku sok kerep nglindur lan mlaku saparaning sikilku
AKU LAN BAL PLASTIK LAN BOCAH-BOCAH
KUWI
lapangan desa
ing ngarep warungku saben sore ajeg rame bocah dha dolanan bal kaya dene sore
iki rame dening bocah watara padha saumuran SD klas 4 nganti klas 6 dolanan bal
sing kaya adate dibagi rong klompok sing lagi tandhing nganggo bal plastik lan
wates gawange nganggo sandhal jepit tanpa sepaton alias nyeker lan tanpa wasit
panggah kaya jaman cilikanku biyen ngono wae serune rumangsane wis kaya
ngalahke piala dunia nganggo eker udur rebut bener
rebut adil banjur main meneh ribut meneh wusanane gegeran rame nganti meh
gelutan engga aku kepeksa mlayu nyoba misah lan arep dak rukunke meneh nanging
salah sijining bocah jian angel kandhanane malah bal sing ing tangane dibanting
banjur dijeblos nganggo tungkake nganti pecah agawe saya ruwete masalah lan aku
sing wis kadhung nyemplung kuwalahen anggoku misah kamiwutan sinambi golek akal
kepriye strategi sing manjur kanggo ngredhem swasana lan emosine para jagoan
cilik iku lan wusanane aku mbengok banter yen arep tak tukokke bal anyar lan
asile cespleng kabeh padha mendha olehe bengkerengan ora let suwe aku budhal
tuku nyang toko sebelahe warungku lan enggal tak wenehke nanging saiba kagetku
dene bal anyar iku di uncalke menduwur tiba ing sesuketan njur dikupengi tepung
gelang karo ngguyu ngeklek ngungkel tangane padha nuding bal iku kaya padha
kesurupan banjur mungkasi guyune ya bebarengan njur padha reruntungan nglerek
ngidul ninggalke aku lan bal plastik anyar kuwi sinambi bebarengan nyanyi lagu
selamat ulang tahun tanpa ngrewes aku sing isih durung cetha apa kang nembe wae
kedadeyan lan rombongan bocah mau panggah nyanyi lagu ulang tahun karo gantian
nggebyuri salah siji kancane nganggo banyu got ing kidul lapangan terus padha
sesorakan gumbira sinambi playon wondene aku isih panggah bingung ngudang bal
plastik anyar ing tanganku kaya wong edan
AKU LAN BAPAKKU LAN PESAWAT
ngenteni
pesawat sing lagi delay pancen mbutuhake kesabaran linuwih kamangka wis
diinformasi dening petugas bandara yen bakal delay kurang luwih telung jam
ditambah maneh bapakku ajeg nggrengseng wae pengin enggal numpak nyang pesawat
tanpa kena diterangke yen numpak pesawat kuwi ana peraturane ora kaya numpak
becak nganti aku isin disawang uwong akeh ning panggah ngeyel wae ra kena
dirimuk babar pisan gek yen ngendikan swarane kaya dispiker 1000 watt ya kaya lumrahe wong teka ndesa sing pancen bapakku
iki wong ndesa asli sing kepengin numpak pesawat kaya sing nate dipirsani ing
tivi mula minangka wujud pangabektiku marang wong tuwa dak turuti wae kersane
mesisan dak jak numpak sing jurusan Ngurah Rai Denpasar ngengiras nglencerake
anakku lanang kareben padha seneng lan marem atine lan wasana ing sasuwene
wektu lumaku wusanane pesawat sing dienteni klakon wis teka para penumpang wis
diolehke nuju pesawat nanging apa bara wis nyedhaki pesawat malah bapakku
mberot ora gelem numpak jarene dudu rupa pesawat ngono kuwi sing dikarepake
ning kaya sing wis tau dipirsani ing tivi tanpa kena dianyang panggah ajer
ngono wae ujare nadyan diterangke lan dirimuk sing kaya ngapa wae tetep
ambegegeg nganti kepeksa ditinggal take off pesawat ndadekake atiku jegeg
sawetara menit njur pungkasane bapakku ndudut kertas suwekan majalah saka
kanthong clanane dituduhake marang aku gambar pesawat sing dikersakake sing
adate anane dudu ing bandara nanging ing taman rekreasi kaya ta ing ancol utawa
ing taman ria
Tidak ada komentar:
Posting Komentar