GURIT SUMARAH



APA BAYA DARUNANE ?

apa baya darunane?
yen dadi manuk ora bisa mabur
yen ta dadi kodhok tan bisa mlumpat
jalmane iwak ananging lali cara lelangen
para landhak brundhul tanpa eri
kebo lan sapi kelangan sungu, lan
gegodhongan disapih pawitan

apa baya darunane?
para kawula kaya layangan tanpa angin
liwung tan mangerteni sangkan paraning culika

apa baya darunane?
kamangka rembulan mung kari sakgegayuhan wae

#siswonurwahyudi, Bojonegoro 03022017




SUMARAH LAN SUMARAH

yen takdhudhah memori uripku iki
wiwit saka bang bayi nganti detik iki
daksambung-sambung lan dakgulung
rerasa ra bakal ngukup sadawa ngapa lurung lan awiyat
ya lurung-lurung lan awiyat sing wis nate dakpiyak

kala iki
bisaku
amung
sumarah
sumarah
sumarah

#siswonurwahyudi, Bojonegoro 01022017





WINIH LAN WIJI ING TENGAH KORI

winih-winih sing kokicir apa wis thukul?
kamangka mangsa rendeng wus nengahi ucul
ucul sumurup ing telenging ndriya tanpa nyenyiku
sesikune tiba ing kalbunira krana nyingkur mring nalarmu

wiji-wiji sing kok tandur apa wis awit tata cecambah?
kamangka tegal lan sawah bakal kebak dening sangkrah
sangkrahe tiba ing budinira krana lirwa dadi manungsa wantah

sawatara ing sisih kana omah-omah gedhong wiwit pathing jegagrah
nyengkakake sumingkire kunang lan walang sinambi mbalang cecamah
tanpa petung marang paran dhuhkitamu satemah

wiji lan winih sing kokimpi-impi apa wis manjilma?
kamangka idi jangkahmu mung kari sesurup
suruping sang bagaskara bakal dadi pratandha
lan kori-kori? sawiji baka sawiji bakale nutup?
tutup !
nutup ?
tutup !

#siswonurwahyudi, Bojonegoro 03022017

Tidak ada komentar:

Posting Komentar