GURIT DIALEK BOJONEGORO





NDOKE SRI

ndoke Sri aku thilna 
kojor lima limpang-limpunge lima
pilehna sing anget kaya angete tresnamu
bakal tak bayar nganggo tresnaku sak gledhekan
nek ijek susuk aja balekna ben kanggo sangu anakem
angenku marang si gendhuk pancen wis dadi anakku dhewe

ndoke Sri aku esemana
tak enggone gembolan sanguku muleh
apene tak tapehna nyang anak-anakku kabeh
muga-muga padha gelem nampa kowe dadi simboke

(pancen anggitku
kowe gelema dadi pepundhen
nok omahku ya nok atine kabeh anakku)

ndoke Sri aku pethilna
ote-ote telu jembleme pitu
pilehna sing nyempluk kaya pipinem
oleh-oleh kanggo calon anak-anakem kuwalon
ben padha ngrasakna prigele tanganem
uga manis-gurehe bebudenem

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 26022017



BLURON NOK NGGAWAN

bluron nok nggawan
ya Bengawan Solo mangsa ketiga
bokong-bokong cilik
geyal-geyol ranjine mbanyol
slurup gogo kijing lan bukur
mendelep mecungul
enggel apa nglangi
guyumu dirungu renyah
kala-kala ya misoh
merga enek sing nguyoh

andhing rompok greng pring apus
jandoman nyambi guyon sak munine
bukur urang karo kijing klakon dirumpuk
pestamu ngluwehi manganan nyadran
njoget karo nembang tanpa kendhang
sing dewasa kur nyawang saka kadohan

wayahe mathuk ashar
kabeh padha buyar
dina iki critane wis bar
dina sesuk wis digambar

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 26022017

 ______________________________________________________________________________


MATHUK CANDHIKALA

ndang dilebi cendhelanem
aja dingakna lawangem
wis mathuk nemu surup
para dhemit padha ngalup
langgar lor wis alok-alok
aja nglabar morak-marik
ngko mundhak ogak ilok
Betharakala bakal nitik
mider miling enggal sitok

gak godag ngaji lan sholat
gak enthos maca shalawat
sing penting padha kuwat
nahan nepsu lan sahwat
donga mapane ing niyat
muga Gusti paring safaat
kabeh slamet ora kliwat
waras-wiris rejekine murwat

wayahe wis candhikala
tivinem patenana
njungoka sing jinem
rungokna unine atinem

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 24012017

  ________________________________________________________________________


KOWE KOK NGENYEK

ndah genya leh
sing penting gak olehku njuk
sing penting gak entukku ngethil
pokok wetengku gak lesu
turu nglekar gak dicokot jingklong

porak genya leh
mangan thiwul ya duduk thiwulem
ngganyang menyok duduk tanduranem
kemulku sarung ya duduk pawehanem
kabeh-kabeh kok mbok gunem
mbok cacat sak ketoke matanem

genya kowe gawok
anak-anakku dha tutug sekolah
gak kaya anakem padha mblangkrah
mangka gelar pangkatem sundhul wuwung
donyanem tumpuk undhung sak gunung
trima aku gablegku kur omah rompok
oalah.... prasaem urip kuwi digenjong nayoh?

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 25022017

  ________________________________________________________________________

  
KOWE NCEN RA ILOK

apa wis kasoh
kok cangkemem misoh
misohem tenan apa geroh
kancanem kok gak dha gupoh

polahem koyok coro sing nggenjong bata
pethenthang-pethentheng persis dwarapala
nggebug tengen ngepruk kiwa tanganem kridha
mbalang rai abang blas ora nggawokna uwong liya
abanem memper badhut nyeluk bocah cilik padha mara

kancanem gak enek sing gupoh
olehem misoh tenanan apa geroh
ambok leren ngetokna bentonem kuwi
perkara cilik gak perlu mbok sububi ati

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 24022017

 _________________________________________________________________________


CUNG RENEYA TAK NDHARI

cung...
reneya kowe tak ndhari
urip kuwi nganggo waton
ogak sak karepem dhewe
deloken mbulan karo lintang kae
kabeh anut watone dhewe-dhewe
gak enek sing mbrengkel
gak enek sing pengin ngendheh liyane

cung...
matna wit-witan kae
kates ditandur tuwohe kates
pelem mesthi bakale tuwoh pelem
pari ditandur tuwohe pari
waloh pancet tuwohe waloh
kabeh nurut karo watone
gak enek sing ape wani maleh

cung...
kene kowe tak pangku
deloken angin lan banyu kali kae
kabeh manggok nok watone dhewe-dhewe
mulane uripem aja mbok garap amuk-amukan
manungsa urip siji lan sijine padha-padha butohe
mula aja srekel, aja
pek-pinek
kutil-jumput
bedhog-colong
adigang-adigung
sapa ira - sapa isun
sih welasa marang sapadha-padha
jujur
temen, lan
sembada apa sing diucap ya kuwi sing mbok lakoni

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 25022017

 __________________________________________________________________________


MUNGGUT

nggawane munggut
wong-wong padha sengkut
tuwek-enom gedhe-cilik cancut
nok pinggiran ambyur rebut-sikut
nyeseri iwak-iwak sing mendem lendhut
badher, jendhil, rengkik, wader diadhahi kadut

nggawane munggut
crita klasik kiwa-tengene Bengawan Solo
wiwit jaman canggah lan simbah isih bocah
nganti jamanku iki gak enek sing owah

nggawane munggut
kleyang-kleyang iwake
nok banyu padha mendem
tandha nek methuk rendheng
lanang-wedok melu seneng
rumangsa syukur nok ngarsane Gusti
wis paring nugraha marang kawula
wujud nggawan sing ngekeki panguripan

nggawane munggut
ya kono ndang padha cancut

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 27022017

 __________________________________________________________________________

ELINGA KUWALAT

kok nayoh tenan
kabeh mbok dhekemi

ranjinem kowe kuwi sapa
kok wani-wanimen akon-akon
jatah ka negara kudune di dum rata

dupeh omongan gak usah kulak
nglabar rana-rene cangkemem ngablak

atinem nggembol kakus
pethitha-pethithi kowe kementhus

lamis-lemes lambenem nek guneman
nanging ngemut tulup isi rawe omonganem

bagus sembada prejenganem gemedhe
kaya wis gak tedhas tapak palune pandhe
tak jaluk ndang elinga marang kuwalat ya le

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 27022017


 ___________________________________________________________________________


KOWE KEBO DIKELOH

kaya kebo dikeloh
awakem ketara sumpyoh
nganut sak munine wedokanem
uripem saiki tanpa cagak tanpa teken

kowe wis gak isa mblidhuk neh
kabeh-kabeh wong wis dha roh
nganti mbok rewangi krengkohan
anak-bojo mbok cangar warasan

kowe kebo dikeloh
kabeh wong wis dha roh
kowe kejiret taline kembang
kembange kembang dubang

minger keblatem
mblenggar dalanem
lali tangise anak-bojonem
ketok apa sing nok mripatem
wedokan kuwi wis saumure emakem

kowe kebo gak roh gunem
ngomonga yen wis emoh
pegaten pisan bojonem
aku sing bakal mayoh

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 27022017

__________________________________________________________________________


SMS

din aku mati kowe ndang rene
ngko makku selak semaput
anakem aja kandhari

sms kuwi diwaca modin
setengah mesem didudohna lurah
lurah nyekiklik didudohna kamituwa
kamituwa kepentut ogak sida ngguyu
didudohna carik terus didudohna bayan

sms kuwi dadi guyonan
saka calon mantune modin
jaka nggantheng omahe lor kali
anake jenate si lurah dhongkol
kondhang bocahe pinter mbanyol
setu pon sesuk bakal dirabekna naib
resepsine gedhen nganggo wayangan

dinane ijek kepetung isuk
srengenge lagek sak layangan
wong sak desa wis geger umyeg
rame kabar cah lor kali mati kendhat
gemantung nok wuwung kejiret udhet

sing nok kantor desa dadi gupoh
sms kuwi dibukak neh diwaca neh
saka tangane lurah nerus bayan
saka bayan muter diwaca kamituwa
disaut carik terus dinyohna nok modin

mak gedabruk si modin ambruk semaput

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 28022017

 ____________________________________________________________________________


KOROKE MBAHDOK

clenak-clenok polahe Mbahdok
klitar-kliter isine omah dikobok
sing mengkurep dilumahna
barang mlumah dikurepna

ngomal-ngomel polahe Mbahdok
sah-soh guneme kesumpelan susur
praupane mbesengut ngungkal sungut
sing wani nyedhak dithuthuk bathok

ubrak-ubruk polahe Mbahdok
brosotan meja kursi lan ngisor mbayang
sajake kelangan barang kesayangan

dheleg-dheleg saiki Mbahdok
njungok katog karo menthothok
jenthike loro nggebeg bolongan kuping
mandar sambate kaya asu kaing-kaing

gedhag-gedheg sirahe Mbahdok
tangane kemriwet ngudhari gelung
gelung udhar ulate padhang
sing digoleki ketemoke gampang

ndhodhok ayem saiki Mbahdok
klenyat-klenyit kuping loro dikorok

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 28022017

________________________________________________________________________________





JEMBUK AJA DISAMBAT

uripem setengah abad luweh
wis wayahem ngasepi nok uwite sareh
ngembange lingiran urip lan awohe sesoroh
sumaraha ngarsane Gusti sing ogak tau geroh
sapa sing bakal weroh marang kabeh rencana-Ne

nasib sing mbok uni mau minangka lelakon uripem
matematikane Gusti ogak isa dipetung kalkulatorem
urip nok ndonya wis diwatoni nganggo wewaton dhewe
yen tumindak kudu sing waton aja mung waton ngablak
diumpama uwit nok alas sicok lan sicoke beda rejekine
genyo kowe ijek pancet ngresula marang nasib uripem
kae lho deloken wong-wong sing nasibe sakngisorem

mamula saiki kowe gak pantes sambat
gak gaduk olehem nguber ayang-ayangem
kepara malah nggeret omah nggeret sawahem
cagakem karek ngenteni suk apan ngadege ratan
sing biyen setya kekancan kabeh padha minggat
ngantek rainem nek didelok sing ketok rupa silitem

mamula aja sambat nek uripem saiki jembuk

mangka uripem wis luweh setengah abad
bakale ndang muleh nok ngarsa Gustinem
emboh ijek suwe emboh sedhiluk engkas
sapa sing eroh bakal tekane pesthinem

#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 08032017

____________________________________________________________________________

Tidak ada komentar:

Posting Komentar