NING NENG NUNG
neng
ning
nung
sumareh
sumarah
sumuruh
ruh
rih
reh
nung
ning
neng
nep
nep
nep
rep
rep
rep
ruh
rih
reh
marang
Gusti
ning
nung
sumareh
sumarah
sumuruh
ruh
rih
reh
nung
ning
neng
nep
nep
nep
rep
rep
rep
ruh
rih
reh
marang
Gusti
25082017
#siswonurwahyudi
#siswonurwahyudi
NLACAK ING SEPI SAMUN
wis makaping-kaping aku sambang ing
pendhapamu kene
panggah sepi samun kejaba lelawa kang gumatung ing wuwung
gambar foto kaluwarga isih panggah gumantung ora owah
esem-esem ing foto kuwi kasamun lethege lebu nyemu klawu
mung kala-kala isih keprungu swara lamat-lamat ngemu pitutur
sauntara dak sawang sesuketan ing plataran wiwit nggresah
lan kembang-kembang ing pot katon kelangan pamor endahe
nggresah kaya atiku kang kapang marang regenge swasana

ing jogan pendhapa kene kang sepi
samun
tak tinggal tlacak sikilku ing ndhuwure lebu klawu
bakal dak titik sesuk sore kairing pangarep-arep ing ati
bakal nemu meneh regeng rame, tetembangan kembang sore

16042017
WATU SEMAR
aku ngreti yen kowe arep nancepke
watu prasasti
masiya tanpa kala mangsa tanpa aranmu sing tinatah
rerupan watu gunung kuwi wis bisa nyuwara jroning rasa
geneya kaningaya koklarak mudhun mapan ing alun-alun
kamangka pedah apa kang bisa disesep saka sarine watumu
ya dudu tandha apadene tetenger mring moncere prestasimu

aku ngreti apa isine samubarang
sing nywara jroning watumu
yaiku swara mblegedhuge dhadhamu nalika nglungguhi dhampar
yaiku swara ngungklunge rasa gegindrangmu ngukubi kuwasa
adoh saka tuntunan andhap-asor kang dianggit Ki Ageng Sela
apadene pituduhe para wikan lan para reh pujangga gung
mula mung kari ngranti titi wanci kowe nampa walat
ya watu semarmu iku kang bakal dadi pathok kuburmu

Alun-alun Bojonegoro, 04042017
MANGKA SABEN LIWAT AKU AJEG MAMPIR
angger saba ing pendhapa kene
rumangsa suwung ing ramene warung
rumangsa kesepen ing urube prapen
tak sawang wuwung wis kebak dening sawang
lebu-lebu butuh kemlawene kelut lan sapu
ananging arep cancut kepeksa atiku wangu
uluk salamku wae gak enek sing semaur
mangka saben liwat aku mesthi mampir
nanging critane panggah ora owah
suk apan isa ketemu sliranem?

@21032017
PITUTURMU TANPA GUNA
pituturmu agung
tinulis ing awang-uwung
sesora ing guwa suwung
pituturmu agung
tinulis ing awang-uwung
sesora ing guwa suwung
becike manunggala ing sepi
nyepi ing sepine ngasepi
neng
ning
nung
Boojonegoro, 10032017
nyepi ing sepine ngasepi
neng
ning
nung
Boojonegoro, 10032017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar