#5 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)



MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi



<Bagian 5>





V.        KEDADEYAN NGERAMAKE ING TENGAH WENGI 

Sore, srengengene manglung mengulon. Cahyane nembus ing sela-selane mega-mega kolonimbus sing katon nggameng nyebabake cahyane srengenge kaya diperang dadi pirang-pirang pantha. Ing balkon mburi sing tanpa pepayon iki panorama sakupenge omahe kangmasku lumayan endah. Saka kene yen wayah sore wujude gunung ing kidul kana katon semu biru njenggeleng ing antarane mega-mega stratus. Ing sisih kulon katon kubah masjid gaya gotik ning ora ninggal ciri arsitektur timur tengah nyawiji karo arsitektur model limasan khas Jawa, bukti yen proses alkuturasi lumaku kanthi dinamis lan alamiah ing masyarakat. Saka kene uga katon cetha plataran mburi omah sing pancen ketata apik, swarane manuk-manuk parkit ing kurungan pathing cruwet sing kala-kala sinelingan kluruke pitik pelung lan bekisar ing kurungan wesi cedhak sumur kompan sisih lore kolam. Dak sawang saka ndhuwur kene kangmasku iwut nata kurungan-kurungan cilik isi manuk kutut, derkuku, puter, lan murai batu mbaka siji dicenthel-centhelake ing njero gazebo. Mbakyuku ipe katon nyangking kresek isi pelet dikrubut marmut gedhe-cilik, pelet iku dipantha dadi pirang-pirang wadhah saka plastik diseleh dipisah-pisah. Marmut-marmut iku enggal wae kroyokan anggone mangani pelet. Ajege yen esuk marmut-marmut iku diwenehi pakan sayuran ijo, sing kerep ya kangkung saka kirimane wong sing pancen wis langganan.

Ing balkon iki, panyawangku luwih akeh tumuju marang blegere gunung ing kidul kana. Ya ing salah sijine wilayah pereng gunung kae panggonane daleme Simbah sing sesuk bakal tak parani karo kangmasku. Ana ing daleme Simbah kana sing dadi tujuan wigati tumrap tekaku ing kutha cilik iki. Tujuan sing bisa wae nuwuhake asil sing muspra tanpa guna krana aku dhewe durung mangerteni bakal ana gunane apa ora. Kesimpulan pungkasan saka asil rembuganku karo kakangku awan mau uga isih nyimpen pitakonan pirang-pirang sing aku sakloron isih wangu-wangu bab sejatine perkara krana mung saka grayang-grayange pikiran wae. Saya suwe anggonku nyawang gunung iku atiku saya dheg-dhegan, guluku sisih mburi wiwit krasa griming-griming. Wewayangan dedongengane Simbah kakung biyen isih cetha kaya lagi wingi wae anggone Simbah ndongengi aku.

Rikala cilikanku aku lan kakang-kakangku kepeksa diemong Simbah awit ditinggal mati wong tuwaku. Aku karo kakang-kakangku iku kabeh sedulur tunggal bapa seje ibu. Bapakku pancen rabi ping telu, siji lan sijine nglairake anak siji lanang kabeh. Ibune kangmasku mbarep asal saka tlatah desa kene wae lan tilar ndonya yang omah iki sing saiki tiba marang kangmasku mbarep. Ibune kangmasku nomer loro asal saka Jawa tengah sakidule kutha Semarang lan saiki kangmasku iku uga manggon nyang kana minangka among tani biasa. Dene ibuku asal saka ngendi nganti saiki dadi rahasia sing durung kebabar, mung lamat-lamat tak rungu saka kabar angin yen ibuku biyen mantan tahanan politik sing umume wong ngarani yen biyen ibuku mantan ‘gerpol’ sing tegese aktifis gerakan politik. Kabeh garwane Bapak kapundhut sarampunge nglairake, mula sawise ibuku tilar donya bapakku wis wegah rabi meneh krana kapok yen bakal kedadeyan sing kaya mengkono maneh. Bapakku banjur nyusul tilar donya nalika umurku lagi telung tahunan. Nuli aku lan kakang-kakangku diemong Simbah, nanging kakangku sing nomer loro luwih akeh urip nyang pesantren tinimbang nyang omah. Menawa saka arang-arang ketemu karo kakangku sing nomer loro ndadekake aku luwih akrab karo kangmasku mbarep, kathik dhasare kakangku mbarep iki banget gematine marang aku wiwit aku cilik mula.

Nalika simbah kakung dipundhut dening Gusti kabeh beban urip keluwarga tiba ing pundhake kakangku mbarep. Wiwit kuwi aku lan kakangku sing nomer loro diboyong menyang kutha, ya ana kene iki ing omah asil yasane bapakku dhewe. Ana kene kangmasku mbarep nyambut gawe serabutan, saanane pokoke kena kanggo nyambung urip lan bisa kanggo biaya pendidikane adhi-adhine. Olehe ngrumati adhi-adhine kuwi sing nyebabake kakangku mbarep nganti telat olehe rabi. Bojone kangmas sing sepisan tilar donya watara sepuluh tahun kepungkur merga kena kanker rahim. Lagi rabi maneh watara pitung sasinan iki sing kala semana aku ora bisa nekani krana wektu kuwi ngepasi aku menyang Jerman ngurusi pegaweyanku, mung bojoku lan anakku sing bisa teka saperlu nyekseni lan nginep ana kene telung dina. Nganti seprene kakangku mbarep ora pinaringan putra, yen kakangku sing nomer loro duwe putra papat sing loro kembar padha wadone. Mbarepe kangmasku Semarang saiki melu aku, tak sekolahke nyang perguruan tinggi swasta. Wiwit biyen kangmasku mbarep sing ajeg nyurung semangatku supaya kuliah nganti dhuwur yen perlu nganti S-3, wektu sarapan esuk mau kangmasku uga takon kapan aku bakal nerusake kuliah doktoral sing njur tak jawab yen aku isih konsentrasi ngembangake perusahaanku dhisik.

Kelingan jasa-jasane kangmasku marang uripku nganti bisa sukses kaya ngene iki ora krasa mripatku dadi brabakan. Tak sawang kakangku sing lagi ngadeg ing pinggir kolam makani iwak koi katon anteng nyawang luwese iwak-iwak koi sing padha lelangen ing kolam. Saktleraman aku weruh tlesere ula weling saka ngisor watu sing lagi dipidak sikile kakangku, langsung ing pikiranku nggraita yen kakangku lagi ngadhepi bebaya. Durung nganti aku mbengoki kakangku tak deleng ula iku wis siyaga arep nyathek sikile kakangku, mula aku njur enggal mlumpat mudhun banjur rikat sikilku mencolot ngarah nyang ula weling iku terus cepet-cepet tak saut pas endhase tak prekes sambi tak gulingake awakku mengiwa. Kakangku kaget meruhi aku nggegem endhase ula weling karo gluntungan, kanthi reflek ula sing neng tanganku ditarik nanging ula iku panggah tak gegem rapet. Sawetara detik aku lan kangmasku tarik-tarikan ula weling, wusana kangmasku kalah lan gloyoran memburi nalika tangane ucul saka buntut ula nganti meh tiba kejengkang. Weruh kangmasku arep tiba, ula tak culke nuli cepet-cepet nulungi kakangku sing kasil tak tampani gegere njur awake tak jejegke meneh. Tak sawang saka kene endhase ula iku ajur getihe dleweran.

Kedadeyan nyaut ula weling iku cepet banget, mung sak kedhepan mata wae nanging banget agawe gumunku dene kok bisa aku sing posisiku mau lagi neng balkon nduwur kana kok bisa rikat banget mlumpat lan mencolot nyaut ula, mangka jarake ana yen selawe meter gek dhuwure balkon nyang ngisor ana patang meter. Kabeh tak lakoni rinasa entheng banget, awakku rasane kaya melesat ngawang wae. Kakangku sing tak critani larah-larahe perkara ya melu gumun, kok bisa aku nglakoni sing angel dinalar nganggo akal lumrah. Nanging let sedhela kewetu guyune sing renyah lan tangane tengen ngepuk-ngepuk pundhakku banjur njempol tangan loro.

* * *

Ing teras aku wong telu karo kangmasku lan mbakyuku ipe lagi gayeng jejagongan kepenak. Angin wengi sing semilir lan swara musik jazz disetel lirih saka hapene kangmasku nambahi swasana. Kala-kala keprungu anggunge manuk kutut negel ing kurungan sing cementhel ing pojok teras. Ing tengahe jejagongan bojoku nilpun nyang hapene mbakyu ipe, pancen bojoku wis tak pesen yen ora ana sing penting banget ora usah tilpun apadene WA nyang hapeku. Mula bojoku yen butuh takon kahananku tilpune liwat mbakyu ipe sing pranyata pancen semanak lan nyenengake yen diajak jengker, logate sing khas lan medhok kala-kala nuwuhake kesan polos lan lucu. Aku karo kangmasku melu ngrungokake anggone tilpun sing dispeaker banter mung mesam-mesem nalika ana sing lucu saka guneme mbakyu. Durung rampung mbakyu ipe tilpun-tilpunan karo bojoku, ana mobil mandheg ing pinggir dalan ngarep omah sing jebule kancaku sekolah biyen. Aku lan kancaku sing lawas ora kepethuk njur salaman karo rangkul-rangkulan kangen. Kancaku sing uga wis dikenal akrab dening kakangku krana pancen biyen jaman isih sekolah kerep dolan mrene. Sawise basa-basi sedhela banjur dilungguhke karo kangmasku.

“Kok ngerti yen aku ana kene?”

“Iya, mau esuk dicritani kanca kantor sing omahe wetan kuwi yen sliramu lagi ana kene.
  Iki mau njajal mrene mbok menawa durung bali ngulon.”

“Wah, ya kebeneran awakmu mrene iki mau. Aku ya duwe niyat arep dolan nyang omahmu 
  soale aku krungu saka kangmasku awakmu saiki Kepala Satpol PP.”

“Ora usah nyebut jabatan ta cah, aku dadi ora kepenak. Awake dhewe iki panggah kanca
  najan ora dadi apa-apa. Rak nggih ngaten Mbakyu?”

“Nggih, leres niku. Namine kanca nika mboten memandang pangkat lan drajat. Lha sampeyan
  kok mireng nek adhi kula muleh?”

“Lha nika griya pager kuning wetan nika rak kanca kantor. Enjing wau criyos nek adhike 
  njenengan sing nembe sambang mriki kok saged ngringkus rampog.”

“Inggih, leres. Padhahal dek wingine niku dugi ngriki kondhisine sakit lha dalune nggih tesih
 lemes. Kok ujug-ujug isuk kok saged ngoten niku. Kathik nek nyepeng ketingale nuayoh
 ngoten padhahal rampoge gedhe dhuwur blengah-blengah, kathik nggih mbeta peso duawa
 lho tiyange. Kula nggih gawok ta.”

“Ah, kowe iki kok malah melu ngethupyus, ana tamu kok malah disuguhi abab ora ndang 
  digawekke wedang.”

“Ee… iya, sepurane. Ya wis tak gawekna unjukan. Kopi purun nggih?”

“Sak kersa Yu, kula manut mawon.”

“Monggo dipenakke jagongan. Aku tak ngantor dhisik nyang mburi.”

“Nggih mas, monggo.”

Kakangku pamit mungkur arep nutugake anggone nglukis, dene kancaku tak ajak lungguh ana jejerku supaya kepenak yen jejagongan.

“Piye kabare?”

“Apik wae. Kebeneran awakmu mrene, aku arep njaluk tulung nyang kowe.”

“Weh, dengaren sliramu njaluk tulung. Enek perlune apa, menawa wae aku isa nulungi?”

“Sesuk esuk aku butuh silihan mobil kanggo nyambangi daleme Simbah nyang kidul kana,
  mung sedina wae.”

“Mobilku kuwi wae ta enggonen. Rong dina apa telung dina ya ora apa-apa wong ya nganggur.”

“Wah.. maturnuwun yen ngono.”

“Mengko melua aku nyang omahku, mulihe mobilku gawanen.”

Aku wong loro ana sejam luwih jejagongan ana teras. Kancaku banjur ngajak aku klenceran golek kuliner nyang sentra kaki lima, ora krasa nganti ngancik tengah wengi krana pancen kangen lawas ora kepethuk. Mula tekaku bali nyang omah ya wis kliwat tengah wengi, nganti aku sungkan awit sing mbukakke kori mbakyuku ipe. Sawise ngelungke bungkusan oleh-oleh rupa panganan nyang mbakyuku aku banjur enggal mapan ing kamar. Sawise ganti klambi njur mapanake geger ing kasur. Let sedhela wae wis krasa mak leess… krana kegawa rasa ngantuk.

Aku kepeksa nglilir lan nggresah ora bisa jenak turu, awit kupingku gremembyeng ora karu-karuan. Nganti bolongan kuping tak gebeg lan tak korok nganggo cotton bud panggah wae ora suda. Yen tak sumpeli driji swara gremembyenge ilang, nanging mosok aku arep turu sumpelan driji. Banjur tak coba tak sumpeti bantal nanging ora mempan, swara gemrebyeng ora suda. Suwe-suwe nyoba tak matke apa ta sejatine swara gremembyeng sing ana ing kupingku. Tak mat-matke pranyata swarane campur-campur. Kaya ana swarane wong turu ngorok, ana swara jangkrik utawa walang, ana swara nyamuk, lamat-lamat keprungu swarane wong lagi omong-omongan, swara tivi lagi siaran bal-balan, swara radio lagi muter wayang kulit, swara kumlepek ibere lawa, swara cicak, swara ketege jam lan swara keteg-keteg jantung uga keprungu, werna-werna swara padha mlebu kabeh ing pangrungonku. Bola-bali nyoba tak ilangi panggah ora bisa, malah saiki ketambahan swara montor-montor maneka macem padha keprungu kabeh. Swarane sepur melu-melu nlisip, mangka ana kene adoh banget saka rel sepur sing sabene ora tau keprungu babar pisan najan ing tengah wengi. Aku glibag-glibeg ora jenak turu, tak nggo lungguh lan tak nggo ngadeg panggah ora suda saya kepara nemen gemrembyenge kupingku ketambahan swara-swara kewan sing rumangsaku saka njero lemah. Merga ora betah aku banjur metu saka kamar, nanging ana ruang tamu swara gremembyeng isih ora suda. Wusana tak putusi munggah nyang balkon mburi, nyambi golek angin menawa bisa ngurangi siksaan swara iki.

Ing balkon swara-swara sing keprungu tansaya rame, sirahku nganti tak mobat-mabitke ngiwa-nengen lan munggah mudhun panggah ora bisa ngilangi gemrembyenge kuping. Sinambi tanganku loro cekelan pipa pager balkon napasku tak coba tak tata lan mripatku tak eremke rapet nyoba ngusir swara-swara sing pathing sriwet marakke kupingku kiwa tengen gemrembyeng. Saya tak tolak gemrembyenge saya tambah nemen, akhire drijiku bali tak sumpelke meneh marang bolongan kuping ngiwa-nengen sakrapet-rapete nganti swara gemrembyeng wis ora keprungu. Nuli mripatku tak bukak meneh, samubarang sing tak sawang katon cetha wujude, jagad gumelar iki kaya ora ing wayah wengi. Aku banjur nyawang langit, lintang-lintang katon abyor lan rembulane njlarit ing sisihe mega.

Aku gumun dene iki dudu wayahe rembulan ndadari kok wengi iki katon padhang jinglang. Nganti manuk-manuk emprit sing turu ing pang-pang wit sawo katon cetha. Sriwa-sriwine lawa uga katon wela-wela, lan aku bisa nyawang kanthi cetha sawijining tekek sing lagi wae nyaplok walang sing tumemplek ndhekem ing sela-selane pang wit duwet. Kabeh kaya ngliga ana ing panduluku, swasana petenge wengi babar pisan ora dadi pepalang. Nganti samubarang kalir sing papane adoh saka kene uga bisa tak sawang nganti cetha wujude. Woh-woh asem sing pathing kranthil ing cedhake gerbange masjid katon cetha kabeh, dene jarake masjid saka kene ana yen rong atus meter. Sing luwih nggumunake tumrape aku yaiku blegere gunung ing kidul kae uga bisa tak sawang saka kene, mangka jarake adohe ora mekakat kathik iki isih wayah tengah wengi. Aku kaya rasane wong ngimpi wae, nanging aku wis yakin iki dudu ing jroning impen. Aku saiki bisa nyawang nembus petenge wengi.

Drijiku tak jabel saka kupingku loro, swara sing mau gemrembyeng wis suda nanging isih keprungu lirih. Sirah lan dhadhaku krasa rada entheng, napasku uga wiwit bisa temata meneh kanthi normal. Dumadakan panduluku meruhi glibete pawongan loro lanang-wadon sing nylingker ing grumbul wit gedhang sak mburine gedung SD ing kulon kana. Jarak antarane kene karo sekolahan SD mung keletan kebonan lan lapangan sepak bola plus kali cilik, kira-kira luwih cerak sethithik yang dibandhingke karo jarak menyang masjid. Sing wadon disurung dipepetke menyang temboke SD, tak sawang sing lanang nuli nguculi sabuke sinambi lambene nyosor marang lambene sing wadon. Sing wadon uga nimbangi malah  nyingkap rok lan mlorot kathoke pisan. Adegan kuwi tak sawang cetha nganti aku bisa meruhi werna semu abang ing pipine sing wadon. Aku kaget banget, lha kok saiki swara lirihe wong loro sing lagi laku colong asmara iku omong-omonge bisa tak rungu kanthi jelas nganti tekan swara napas lan ketege jantunge pisan. Mula aku njur kelingan filem Superman lan Spiderman sing nate tak tonton. Filem superhero gawenan Amerika sing digambarake bisa ngrungu lan nduweni pandulu sing super.

Timbul niyatku nyoba kekuatan super sing saiki cumondhok ing awakku tiru-tiru filem superhero. Tak sawang wong loro sing lagi asyik-masyuk kuwi wiwit mancik ing babak pertarungan seru, aku sigra rikat mlumpat sak kuwate tenagaku nuju nyang gedung SD niyat iseng arep njarag mbebeda wong loro kuwi. Mak wuuss…. Awakku kaya mabur rikat banget lan krasa entheng banjur nyeblok pas ing pucuke wit waru. Atiku nratab kuwatir njlungup kesandhung wit waru pinggir lapangan, mula otot-otot sikilku tak cepakake kanggo ngadhepi resiko. Ngepasi sikilku niba ing gegodhongan waru sikilku tak jejegake mak jendhul.. llhaap…blebeerr..  weerr… awakku mumbul maneh kaya disendhal mabur luwih banter tinimbang sing kawitan mau. Awakku mluncur kaya roket ngarah menyang mburine SD ora kena tak rem, wusanane mak gabrug…. nabrak wit gedhang nganti wite rubuh dene aku mletik ngglundhung gedibagan banjur lumah-lumah. Aku isih sempat keprungu swara jerite wong wadon sing sajak kaget, jebul iku swarane wong wadon mau. Wong wadon iku mlayu turut tritisan gedung SD gejinjakan sinambi gupuh mernahke rok lan nganggo bali kathoke. Dene sing lanang nyangking clanane sing dipunthel-punthel mlayu mlumpati kali cilik mburi SD nanging ora kasil tekan sebrang, mula sida nyemplung mak byur.. terus rerikatan mentas njur bablas nggendring nyebrangi lapangan.

Aku dhewe sakwise yakin yen awakku ora cidra ora apa banjur mlumpat maneh nuju menyang wuwunge SD. Ana kene aku bisa nyawang menyang ngendi paran-playune wong loro mau kanthi cetha. Banjur tak sawang sakupenge gedung SD kene, samba mikir lan nata ati maneh supaya ora kedadeyan cilaka kaya sing nembe mau. Aku kudu bisa ngatur antarane tenaga lumpatan karo jarak lumpatan, nuli tak wanek-wanekake nyoba-nyoba maneh. Tak wiwiti kanthi ngati ati mlumpati wuwung-wuwung sapiturute dalan kampung, ing kene aku kudu waspada lan ngati-ati awit akeh antena tivi sing pathing crongah. Masyarakat kene yen pasang antena tivi kudu nganggo pipa dhuwur amerga jarake adoh saka stasiun realey lan kuthane dikupeng perbukitan sing bisa ngalangi sinyal.

Sawise tak coba mbaka sithik lan tetep ngati-ati wusanane aku kasil ngendhalekake lumpatanku. Saya suwe saya kepenak anggonku lelumpatan lan pencolotan, saka wuwung-wuwung menyang wit-witan bola-bali nganti ora krasa paranku saya ngadoh lan saya ngadoh tekan prapatan cerake bekas sekolahanku SMP sing saiki dadi toko butiq. Ing kene aku mangkring ana ndhuwure wuwung gedung kosong sing biyen minangka gedung bioskop sing paling rame ing kutha kene. Sakjane aku kepengin rada suwe ana kene, ing sakupenge parapatan iki akeh kenanganku rikala isih sekolah biyen. Kenangane bocah sing lagi ngancik usia remaja lan nedheng-nedhenge nggandrungi petualangan. Nanging yen ora ndang bali mulih mengko selak parak esuk selak ana wong sing ngonangi anggonku pethakilan lan pencolotan. Saka kene menyang omah jarake watara limang kilo arah kidul kulon, yen dipikir kok ya wis adoh tenan olehku bleberan sanduwure wuwung-wuwung lan wit-witan. Baliku mulih tak putuske kenceng mangidul banjur mangulon liwat kubahe masjid langsung bali nyang balkon meneh. Hawane krasa yen wis mathuk parak esuk wiwit krasa ing kulit, angin puputan mangsa ketiga isih krasa anyles imbuh rerintike embun kang wiwit tumurun. Sasi ngarep menawa wis miwiti ngancik mangsa rendheng.

Jangkahku niyat tak sengkakke kareben enggal tekan ngomah, mula pitung klebatan wae separo perjalanan wis tak liwati. Ananging aku kepeksa leren dhisik amerga iki mau ameh wae kepleset ing pucuke pal jaringan listrik. Ana kene aku keprungu ana swara rame-rame, bareng tak setitekake jebul swara kuwi asale saka warung kopi sing lagi nyetel acara bal-balan Piala Champion Eropa. Sing nonton lumayan akeh, mula yen mbengok ramene eram. Aku pengin nyoba mampir mrana niyat iseng meneh, nanging nalika arep mencolot nyang wuwunge warung kopi kana dumadakan ing protelon ngarepku ana wong lanang numpak sepedhah motor nggawa kranjang rengkek ing mburine ndadak nylonong menggok kamangka saka kulon ana sawijining truk kang nglaju banter. Ora kesuwen aku enggal mlumpat nyaut wong iki sak montore pisan njur tak selehke nyang pinggir pojok telon. Dene truk kuwi posisine ngerem ngeget lan banting setir mangiwa banjur monting nengen mula sigra tak playoni kanggo nahan truk aja nganti ambruk ngguling, lan wusanane truk iku uga slamet. Nuli ora kesuwen aku mlesat meneh langsung nyang wuwunge warung kopi, tak sawang saka kene sopir truk nembe omong-omongan karo wong sing meh wae ditabrak mau, ing satengahe ramene swara bal-balan ing tivi lan ramene swara surak sing padha nonton bal wondene aku isih bisa ngrungu kabeh sing diomongke si sopir truk lan wong lanang sing takslametke mau. Aku mesem keprungu wong loro kae sajak padha eram karo kedadeyan iku.

Sabanjure tak putuske enggal bali mulih, nanging sadurunge mlumpat mulih luwih dhisik pipa antena warung kopi tak puter tak walik arah kiblate. Keprungu mbengoke sing padha nonton sajak kuciwa awit gambare tivi dumadakan ilang, saka nduwur kene aku krungu tivine nywara kemrosok. Sing nonton ana uga sing surak seneng banjur metu guyune ngakak karo ngece kancane. Aku mesem ngempet guyu banjur mlumpat mlesat mulih.


* * *


 Ana candhake................ <Bagian #6>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar