#3 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)



MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi


<Bagian 3>



III.           PITULUNGAN SAKA ING SAJRONE IMPEN

Jroning swasana sing lagi penak-kepenak ing rasa sesamunan, aku sakloron kaya klayangan kegawa angin sumilir kang ngganda arum kekembangan. Ragaku lan ragane isih reraketan nyawiji ing rasa sih asmara rinasa kentir iliring maruta sing kaya nguja kekudang abebandul-siyung banjur ngajak mumbul ngawiyat. Rasa-pangrasa sing isih mapan ing sajrone atmosfer kemayangan tansaya krasa kaya mapan ing swarga loka sing tanpa pepindha. Pentiyang-pentiyung ragaku sakloron kaya nembe kalarung ombak mapan ing baita satengahing samudra gung.

Nanging dumadakan wae tak rasa saya suwe solahe sang maruta saya ora stabil kaya mula-maune. Malah saiki owah dadi angin gedhe sing mobat-mabitake aku sakloron, kanthi reflek cepet-cepet tak rengkuh pundhake siyaga marang bakal tekane bebaya tak kencengi anggonku ngrangkul dheweke supaya ora uwal saka tanganku. Sing tak kuwatirake sajake pancen bakal kedadeyan, awakku sakloron tansaya diontang-antingake dening kekuwatan angin lesus sing muser-muser ing angkasa. Aku wiwit gupuh kemayangan krana kuwatir marang tumekane bilahi, mula tanganku lan tangane tansaya gegondhelan rapet supaya ora nganti ucul. Tambah suwe angine saya tambah banter lan tansaya gedhe, aku sakloron wis wiwit kewalahen ngadhepi bebaya sing banget nggegirisi iki.  Aku lan dheweke mung bisa bengok-bengok lan jerit-jerit nalika puserane lesus saya kenceng saya rikat engga tanganku lan tangane wis ora kuwawa meneh kalah marang dayane angin saengga klakon ambrol daya tenagaku, dheweke akhire sida ucul saka regemanku. Tak bengoki jenenge sak seru-serune sak kuwatku lan sakbisaku, saka kadohan isih tak rungu lamat-lamat dheweke uga mbengok nyeluki jenengku banjur ilang ora keprungu babar pisan. Bebarengan karo swaraku sing bengok-bengok nyeluki dheweke aku nangis gero-gero nganti tenggorokanku krasa ameh pedhot-pedhota. Terus swasana dadi peteng lan tansaya peteng, ujug-ujug aku krasa ana tenaga sing nyendhal ragaku uwal saka puserane lesus banjur nylorot mudhun niba ing bantala. Rasane awakku kaya ajur mumur, balung-balungku krasa kaya ambyar. Banjur mak pett….. donyaku peteng dhedhet.

* * *

Embuh wis sepira suwene anggonku ngrasa peteng lelimengan, wusana regemeng-regemeng wiwit bisa tak lekke mripatku. Ing sisihku wis ana sawijining pawongan sing wis ora asing kanggoku, wong lanang tuwa iku mesem semanak nyawang aku, awakku pranyata isih gumlethak ing sesuketan. Dheweke lungguh sila karo nyeleh epek-epek tangane sing tengen ana ing dhadhaku. Aku enggal-enggal nyingkirake tangan kuwi supaya aku ndang bisa lungguh awit tangane krasa abot ing dhadhaku. Nanging aku krasa sakojur awak isih kaya remuk, lan larane ora jamak. Nyatane awakku angel diobahake kepara pathing crekot rasane marakke aku mung bisa ngrintih lan sambat. Tak coba tak nggo molet ngiwa nanging rasane awak kaya pecah-pecaha, iga-iga ing dhadha tak rasa kaya wis ora mapan ing pangonane. Ambeganku sesengolan ngrasakake larane awakku nambahi rasa kesiksa sing tanpa umpama.

Mripatku bali merem meneh krana ora kuwat nahan rasa lara.  Dumadakan tak rasakke tangane wong lanang tuwa iku bali dipapakke meneh ing dhadhaku. Saka epek-epek wong tuwa iki kaya milirake hawa adhem sing mili alus mrasuk ing njero dhadha ngliwati pori-pori. Ilining hawa iku njalari ambeganku bisa temata meneh lan krasa luwih konggar. Ilire hawa iku saya suwe krasa saya anget mrambat-mrambat menyang awakku sakojur sithithik mbaka sethithik. Saka rumangsaku bebarengan karo iline hawa anget iku urat-urat nadi padha kemranyas nggawa iline getih wiwit saka dhadha mrambat alon-alon nganti tekan pucuk-pucuke driji sikil banjur mrambat bali meneh menyang dhadha. Saiki krasa mrambat menyang tangan kiwa lan tengen, lan sawise bali meneh menyang dhadha banjur mili tumuju sirah tumekane mbun-mbunan. Rasa kemranyas iki nggeret rasa clekit-clekit munggahe dadi rasa pathing crekut sakojur awak sing babar pisan prosese ora bisa tak tolak, bisaku mung pasrah nrima rasa brebet-brebet kumepyar campur crekut-crekut kaya nunjem-nunjem tumekane balung lan sungsum. Nanging ora suwe rasa pathing crekut iki krasa saya suda, nuli saya ilang crekot-crekite njur dhadhaku dadi krasa jembar. Napasku wiwit bisa luwih landhung lan jero, mula enggal tak getke olehku nyedhot lan ngunjal napas sak jero-jerone lan sak dawa-dawane. Kringetku demrodosan kaya dipoh nganti awakku krasa kembloh kabeh wiwit pucuk rambut tumekane pucuk-pucuke driji sikil.

Mripatku panggah tak eremake, sakojur ragaku wis krasa entheng. Tak coba kanggo obah mbaka sethithik wis ora krasa lara. Guluku uga wis ora krasa kemeng lan kaku nalika sirahku tak tolehke alon-alon. Mripatku niyat arep tak bukak, nanging dipenggak nganggo epek-epek tangane pawongan iku. Najan tanpa ana guneman sing kaucap, aku paham yen becike aku merem wae dhisik. Tangan sing krasa anget isih mapan ing ndhuwur dhadha dene sing sijine panggah tumempel ing tlapukan mripat. Tak coba manut lan pasrah wae, amarga dhek mau aku wis bisa ngrasakake kasiyate tangan-tangan ajaib iki. Kedadeyane kaya dongeng komik para pendhekar sakti sing biyen mung tak anggep ngayawara lan mung ana ing imajinasine para seniman wae. Mula saka pangrasaku aku kaya lagi ngalami kedadeyan-kedadeyan ing negeri dongeng wae, ora ing kedadeyan sing sakbenere ing alam ndonya sing sanyata. Nuli aku krasa ana sing netes ing lambeku setetes mbaka setetes, kegawa saka rasa sing banget ngelakku banyu sing netes iku tak cecepi, nanging tak semburake bali merga krasa pahit njekit ing ilatku. Banjur tetesan banyu sing pahit iku tumetes meneh, saiki langsung nyasar nyang punjere tenggorokanku awit lambeku tak bukak merga ngrasa kepaiten. Saiki aku ora bisa nolak awit kepeksa langsung tak ulu. Cara iki pranyata ampuh kanggo nelesi tenggorokanku sing wis ngorong banget, rasa paite blas ora krasa awit ora nyenggol ilat babar pisan. Mula lambeku saiki njarag tak bukak kanggo menehi isyarat yen aku njaluk ditetesi meneh. Sakliyane kuwi aku yakin yen sing tumetes iki dudu cairan sing mbebayani kepara aku percaya yen iki minangka obat tumrape awakku. Ora let suwe setetes mbaka setetes tumiba ing tenggorokanku lan langsung tak ulu wae tanpa tak pikir nganti rasa ngorong iki wis ora sepira tak rasa.

* * *

Saeba gumunku, nalika mripatku melek aku kok wis gemlethak neng amben kayu sing dilambari klasa pandhan. Wong lanang tuwa sing mau katon saiki ganti wong wadon sing lagi ngadeg rada nyingkur nengen lan mung katon awake perangan mburi sing saka rumangsaku durung nate tak kenal babar pisan.  Mripatku tak puter nyawang samubarang sing katon ing sakupengku, jebul aku ana ing sajrone kamar sing kaya-kaya wis nate tak weruhi sadurunge. Panyawangku nuli tekan foto kluwarga sing gemantung ing tembok, foto ukuran 20R pigoranan kayu jati warna sembur coklat. Foto lawas jaman aku isih bayi di pangku Sibu diapit Rama lan kakang-kakangku loro. Langsung wae aku kelingan yen iki salah sijine kamar ing omahe kakangku mbarep. Ya ing kamar kene iki aku mesthi dipapanake dening kakangku yen lagi sambang lan nginep. Njur batinku ngemu pitakon, sapa wong wadon dasteran bathik sing lagi racik-racik neng meja pojok kidul kuwi? Dumadakan wong wadon kuwi noleh, tak sawang umur-umurane wis setengah tuwa watara seketan nanging isih nggambarake gurat-gurat manis jaman prawane biyen. Wong wadon iku mesem semanak marang aku, tak wales esem sing semanak uga.

“Dienggo istirahat sik ya, aja tangi sik. Awakem ijek butoh dipulehna telung dina ngkas.”

Aku rada kaget wong wadon iku basane njangkar gek logate medhok logat wong ndesa. Nanging swarane dak rungu ulem lan semanak.

“Nuwun sewu, Bu. Panjenengan sinten, kula kok mboten nate panggih?

“E… ya, sepurane nek aku lali gak kenalan. Aku iki mbakyunem sing anyar, bojone kakangem. 
 Wis gak usah nganggo basa barang, biyasa wae. Iki jamune ndang diombe, dientekna aja 
 sampek nyisa.”

Muni ngono iku dheweke tanpa wigah-wigih nyandhak sirahku banjur tangane tengen ndlesep ing ngisor pundhak, alon-alon diangkat njur diganjeli bantal dhuwur. Tangane sajak wis prigel ketara olehe nandangi ora nganggo kikuk babar pisan. Nuli setengah gelas jamu ing tangane dilungke cedhak lambeku sing banjur tak ombe nganti entek gusis. Aku apal banget yen sing nembe tak ombe iki mesthi jamu racikane kakangku dhewe. Ya kakangku mbarep sing wiwit aku isih cilik nganti seprene tansah gemati marang aku. Kamangka yen karo adhine sing nomer loro ya kangmasku landhes sikape ora sepirowa najan hubungane ya apik lan raket lumrahe wong seduluran. Kakangku mbarep iki duwe cara sing aneh kanggo celukan marang adhi-adhine, yen marang kakangku landhes diceluk ‘dhik’ ning yen karo aku nek cluluk ‘cung’ kaya wong tuwa marang anake. Apa merga jarak umure karo aku sing adoh banget. Umure kakangku mbarep saiki meh sewidak dene umurku lagi nyandhak patang puluh papat, yen kakangku landhes sasi ngarep persis umur seket telu.

Lha mbakyuku ipe sing anyar iki kira-kira sak pantaran karo kakangku landhes. Pawongane ketara yen semanak, kulitane ora ireng ya ora putih nanging katon resik, awake ngganda wewangen mlathi, yen mesem lambene nggeret andheng-andheng sing ana ing pojok lambe sisih ndhuwur kiwa, katon manis lan pantes samubarang solahe. Umume kabeh sing ana ing slirane menehi gambaran yen dheweke wong wadon sing apik lan sederhana. Nyawang pilihane kakangku iki aku melu bungah, lan ndonga muga-muga bisa ngganti mbakyu sing wis almarhum sangang taun kepungkur sing dhek jaman uripe biyen uga banget gematine marang aku.

“Oo.. nggih, dados njenengan nyonyanipun kakang kula ingkang enggal? Pangapuntenipun 
  mbakyu,menawi kula kirang mangertos.”

“Wo.. bocah iki, wis dindhari kon biyasa wae kok malah basane mlipit kaya kethoprak.”

“Nggih sepuntene, mbakyu. Wong kula nembe ngertos sakniki.” Basa kramaku rada tak dhunke
  sithik merga isih ngrasa rung kepenak yen langsung njangkar.

“E… mboh, bocah kon biyasa wae kok pancet mlipit nek basa. Gak usah sungkan ta, aku ki wis padha karo mbakyunem dhewe. Luweh enak nek jangkar-jangkaran wae, ben luweh cepet akrab.”

“Lha Kange nyang ngendi, Yu?” tak coba tak wanekke basa njangkar.

“Kangem nok pawon, lagek nggawe bubur nggo manganem koko nek kowe wis sadhar.”

“Sakjane aku mau kenek apa ta, Yu? Kok ujug-ujug lara kaya ngene?”

“Emboh, aku dhewe gak roh, pas kowe teka aku pas gak enek nok omah, pas buwoh. Koko takok Kangem dhewe. Tapi jarene pak Mantri kowe gak papa, ming butoh istirahat.”

“Yu, aku tulung jupukke salinku ning koper sing ijo”.

“Gak usah, wong kowe mau wis tak salini kaos karo sarung”.

Aku kaget krungu omongane mbakyu ipe, aku lagi sadhar nek aku pancen wis salin kaos lan sarungan kothak-kothak biru sing isih gres.

“Mosok sing nyalini aku mau sampeyan, Yu?”

‘Iya, anu… tapi karo Kangem wong loro”, jawabe rada gugup tur sajak semu piye ngono praupane.

“Weh…, wis dha akrab ta jebule”, keprungu swarane kakangku saka njabane kamar di sambung
  guyu renyahe sing pancen khas ora owah nganti saiki.

Let sedhela kakangku mecungul ing kori, ora langsung mlebu nanging semendhe ing kusen kori karo mesam-mesem nyawang aku karo bojone sing lagi lungguh kursi ing sisihe paturonku.

“Ya iki cung, mbakyumu sing anyar. Piye, olehku milih mathuk pa ra?”

“Sempurna Kang”, jawabku karo mesem lan ngirik mbakyuku anyar.

Kakangku metu guyu renyahe meneh, guyune sing saiki luwih seru. Guyu sing wiwit biyen mula tansah gawe senenge wong akeh, guyu sing ajeg tak kangeni yen suwe ora kepethuk dheweke. Guyu kuwi sing tansah kuwawa gawe swasana meriah. Guyune kakangku uga bisa ngurangi rasa susah kanggo sapa wae sing krungu. Banjur diteruske guneme Kakangku nyritakake bab bojone, wiwit awal kepethuk nganti dirabi lan tumekane saiki. Tembung-tembunge kakangku kebak dening pangalembana seselingan bumbu tembung-tembung lucu lan khas sing mung kakangku sing duwe, nyebabake bojone abang ireng semu klinjeman nanging uga campur bombong. Sabene ing swasana ngene iki aku mesthi melu nimbrung nambah-nambahi meriahe swasana, yen wis gegojegan aku karo kakangku bisa jam-jaman ora ana enteke. Ning saiki iki aku mung bisa mesam-mesem wae awit awakku isih krasa lungkrah lan lemes. Nanging tak coba nimbangi kakangku sethithik.

“Kang, aku takon. Apa bener sing nyalini kaos karo sarung iki sampeyan karo mbakyu?”

“Ora cung, ya mbakyumu kabeh. Wong aku ngumbah karo mepe kasur sing kena utahmu nganti 
  mblabar. Aku ra melu nyalini kowe. Mula njur kowe turu gelaran klasa kuwi.” jawabe kakangku 
  karo nyedhaki bojone lan ndemek pundhake.

“Kabeh?”

“Ya, kabeh.”

“Iya ta, Yu? Weh, isin aku. Ra tau pethuk mbakyuku, pethuk pisan kok diongkrah-ongkrah”

“Ora trima diongkrah-ongkrah, diosok-osok, dielus-elus, diwolak-walik, nganti resik pokoke.”

“Kangem mesthi nek omong dilebih-lebihkan. Wong tak sibini banyu anget nganggo andhuk
  teles ben resik, tak sabuni, tak bilasi ben seger wangi awakem.” Sauté mbakyu karo praupan
  nyemu abang jambon.

“Lha iya, maksudku ya ngono. Mau ki ambumu jan ra karu-karuwan. Apa meneh ambune 
 sempakmu, biyuh….!” Ujare Kakangku disusul guyune sing njeplak banter.

“Mosok, Kang? Mangka lagi isuk mau tak enggo. Isih anyar gres rung nate tak enggo blas kok. 
  Apa aku kepising apa piye, Kang?”

“Dudu sing bagian mburi, malah sing ngarep cung. Ambune….. wuih! Slamete omahku wis
  tembok, upama gedhek pring sida ambruk kesawaban ambune sempakmu. Ha…ha…ha…” 
  guyune kakangku saya ngeblak amba, dene bojone tansaya klingseman lan salah tingkah.

Krungu tembunge kakangku aku njur kelingan lamat-lamat kedadeyan sing aku ora ngerti kuwi kedadeyan tenan apa mung ngimpi. Kedadeyan sing ngeram-eramake karo mantan pacarku neng sawijining taman sing durung nate tak kenal papan panggonane.

“Lha apene piye neh, wong ncen ngrumati wong semaput. Piye gak piye ya wis kudu ngono.”

“Ya uwis ta mbakyu. Maturnuwun lan sepurane sing akeh wis ngrepoti sampeyan. Tapi yen 
  umpama aku rung isa sibinan dhewe njaluk tulung sampeyan ora apa-apa ta mbakyu?” 
  Ujarku campur nutupi rasa isin marang bojone kakangku sing jebule wis meruhi isi jeroanku.

“Halah, ya wegah. Ben kakangem dhewe ta sing nyibin, karuwan padha lanange. Kecuali mau
  merga dharurat, aku gak papa.” Muni ngono karo njiwit kakangku sing ngadeg ing sandhinge.

“Lho… iya Kang. Taksiku mau piye critane. Durung tak bayari ta Kang sopire.”

“Wis, aku sing mbayari taksinem. Ngesakna lho, bocahe nganti gero-gero melu nangisi awakem .
  Suwe maeng cahe nok kene ngenteni sampek kondisinem isa berubah. Bareng eroh kowe
  kruget-kruget terus muntah mak byor, bocahe langsung sueeneng karo nangis celuk-celuk
  awakem : pak, pak, sampeyan urip pak, sampeyan urip pak. Lagek blaka muleh bar isak
  maeng.” Sauté mbakyu njawab pitakonanku marang kakangku.

“Wis, uwis. Critane ditutugake sesuk wae. Saiki ayo cung tak dulang bubur masakanku. Supaya 
  awakmu cepet pulih meneh.” Ujare kakangku medhot bojone sing lagi nyricis crita.

Kanthi canthas trengginas mbakyu ipe nyandhak bantal siji engkas kanggo diganjelake neng gegerku engga posisi awakku rada lurus ora mlengkung. Banjur kanthi tlaten kakangku ndulangke bubur. Bubur masakane kakangku pancen tak rasa sedhep manis, sesendhok mbaka sesendhok akhire entek resik sak mangkok cilik. Banjur susu sak gelas dilungke mbakyu ipe tak ombe karo sedhotan nyisa seprapat gelas. Aku uluk matur nuwun marang kakangku sakloron awit wis krasa wareg, ngantukku wiwit krasa teka meneh lan ora let suwe aku wis keturon nganti esuk.

* * *

Sunare srengenge esuk wis wiwit katon ing bang-bang wetan nalika aku tangi lan mbukak cendhela kamar. Awakku tak rasa kaya wis bali pulih kaya wingi uni. Rasa lara ing awak kaya wis sirna, tak tekak-tekuk ragaku babar pisan ora krasa eneng sing nyeri apa kemeng. Aku dadi kelingan yen dhek bengi aku ngimpi meneh ditemoni wong lanang tuwa sing ajeg mampir ing impen-impenku kaya biyasane. Saka rumangsaku wong tuwa iku mriksa kabeh sakojur awakku kanthi serius lan setiti. Senti mbaka senti dipriksa wiwit saka pucuk driji sikil nganti tumekane mbun-mbunan. Banjur dheweke ngetokke gulungan gedhe wujud kain memper pita putih sing ambane kira-kira patang nyari. Nganggo pita kuwi awakku dibungkus wiwit saka sikil nganti nutup kabeh tekan sirah ora nyisa najan semili wae. Aku dadi kaya mumine Fir’aun sing nyang Mesir kae, atiku njur wiwit dadi trataban apa kang bakal kedadeyan sabanjure. Nuli rumangsaku awakku diangkat njur diwolak-walik alon-alon, aku krasa kaya disumubi sak nduwure godhogan banyu. Anehe aku kok ya manut wae ora nyoba brontak babar pisan, mangka sumuban iku krasa rada panas najan ora nganti panas nemen. Embuh piye carane wong tuwa kuwi anggone molak-malik awakku kok sajake entheng tumrape tenaga tuwa kaya pawongan kuwi. Pungkasane aku dibalekke ing amben meneh terus pita kain sing mbungkus awakku dilukari kabeh. Banjur tangane wiwit mriksa meneh kabeh sakojur awak. Wusana sadurunge mungkur dheweke katon mesem bungah, lan ngucap lirih : “Hemm… saiki wis sampurna.”

Timbul niyatku nyoba tak enggo olah raga arep nyacak apa awak iki wis sehat tenan. Aku metu saka kamar nuju latar ngarep omah nuli lunja-lunja mbaka saka alon, banjur mlayu neng ngenggon alon-alon. Saya suwe aku wis wiwit wani rada tak getke olehku olah raga. Babar pisan aku ora ngrasa lara malah krasa entheng banget, aku gumbira banget dene wis isa pulih kaya wingi uni. Anehe aku kepara ngrasa awakku luwih sehat tinimbang sadurunge. Sikil krasa entheng tak nggo pencolotan, tangan tak nggo push-up barang kok ya ora abot babar pisan. Tak jajal mlumpat nyandhak pange wit pelem gadhung sing rada dhuwur kok ya tekan, terus aku gandholan pang pelem njajal olah raga kaya pesenam. Aneh, saiki kabeh krasa gampang. Aku bali nyeblok mudhun, sikilku kaya mak nying... mapan ing lemah kanthi sampurna saya nambahi gumunku marang awakku dhewe. Ajaib.

Dumadakan aku dikageti ana swara wong jerit-jerit alok maling, aku metu nyang dalan ngarep omah nggoleki sumbere suwara. Ora let suwe ing sisih wetan jarak watara sepuluh meter ana wong loro boncengan sepedhah motor mblandang tancep gas diuber sawijining wong wadon sing alok maling…maling…! Aku sigra ngadhang lakune sepedah motor iku, tak dugang pisan wae wong lanang loro sing boncengan kuwi tiba glangsaran. Sing siji mlumpat tangi karo nggegem glathi niyat mrawasa aku, sing siji iwut nangekake sepedhahe. Aku njur diserang wong sing nggawa glathi nanging aku ora gigrig. Tak tandangi rong jurus wae wong iku kasil tak rangket ora bisa polah, dene kancane mbradhat mlayu numpak montore tanpa maelu kancane sing wis kasil tak lumpuhke.

Banget kagete kakangku lan mbakyuku ipe nyumurupi kedadeyan iki. Sajak ora percaya babar pisan yen sing kasil ngrangket si bedhunggal sing awake kepetung gedhe methekel iki aku dhewe mung nganggo tangan kosong babar pisan. Nanging pranyata aku dhewe ya gumun, dene aku kok bisa? Mangka salawase urip aku ora tahu sinau bela diri babar pisan, sejurus wae ora tau. Aku ngrasa eram banget lan isih ora percaya. Aneh!


* * *

 Ana candhake .................. <Bagian 4>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar