CARITA-CARITA TANPA TANDHA



AKU LAN SUSUH MANUK EMPRIT

meh kabeh uwong padha takon marang aku yagene kok aku ora doyan mangan gedhang kepara mung nyawang wae kok emoh lan biasane aku mung mesem nanggepi pitakon kuwi nanging bareng sing takon anakku wadon atiku kelimpungan lan pikiranku sarwa gugup kanggo mikir piye carane bisaku ales lan ora gawe cuwa atine apa meneh dening bojoku bab iki ora oleh dicritakake marang anakku sadurunge bocahe cukup dewasa dene wis dadi wateke anakku wadon yen wis kadhung takon lan ora enggal antuk jawaban bakal nyeseg terus kapan wae dheweke kelingan nganti oleh jawaban sing bisa ndadekke dheweke marem rehna yen durung marem bakal nguber meneh nganggo pitakonan bacute nganti oleh jawaban sing bisa nglunasi rasa penasarane ya kaya dina iki ndandekke bojoku sing lagi ngladeni wedang kopi marang pelanggan uga melu gelisah pisan nanging arep melu nimbrung sajak ora kober awit warunge ngepasi lagi rame mula bojoku dak wenehi sinyal jaminan yen aku ora bakal crita lan ra prelu kuwatir nembe dheweke katon rada ayem lan marang anakku dak janji bakal dak critani mbesuk yen ngepasi dolan nyang daleme simbah wae ya anggitku kareben antuk jawaban saka simbah putrine langsung sing paham bibit kawite perkara lan sawise anakku wis bisa nampa lan aku janji ora bakal mblenjani mula aku enggal pamit budhal nyang pangkalan ojek selak dienteni pelangganku mula motorku enggal dak puter lan mbacut budhal wae tanpa ngaras pipine gendhuk ngowahi adat sing wis dadi pakulinanku saben dina nanging sadawane dalan nganti tekan ing pangkalan riwayat nalika aku isih bocah biyen terus nggegawang ngreridhu ati kaya kedadeyane lagi wingi wae rikala aku sing isih bocah tanggung kelas 6 SD ning wis rampung olehe ujian akhir iku nalika ana ing kebonan mburi omah berjuang keras ngalangi bapakku supaya aja negor wit gedhang sing ing tundhunane dipanggoni susuh manuk emprit nanging dening bapakku meksa arep ditegor awit gedhange wis wiwit suluh lan arep didol ditempurke beras krana pasedyan beras wis entek uga arep prelu dienggo tuku mbako kanggo slepa mula bapak ya ngengkel kepara tegel aku dipilara nganti nangis kepati sanajan wis dak aturi yen mesakke mengko anake emprit mundhak mati kabeh nganti ambal ping telu nanging wasana perjuanganku kalah dening rosane otote lan tenagane bapak sing wis disurung umube manah mula anggone mbabatake gaman ya sakuwate tenagane mula mak cleng ping pindho wae wit gedhang kepok iku klakon rubuh ing bantala sing swarane rumangsaku kaya gunung mbledhos ing dhadhaku ngremuk atiku nganti ajur mumur

#edsisikuranggawe
#siswonurwahyudi, Bojonegoro, 08022017


AKU LAN MANAGER CAFÉ

malem minggu wingi malem minggu sing bersejarah kanggoku awit ngepasi tanggal lan sasi sing padha karo rong tahun kepungkur nalika aku entuk surat resmi saka manager cafe yen wiwit dina iku kontrakku diputus sepihak lan 18 tampilan sing sisa diwenehi ganti rugi 50 persen tanpa diwenehi alasan sing jelas mula wingi sore aku ijin marang manager cafe yen aku arep ora mangkat krana alasan kanggo mengeti sejarah hari pemutusan kontrak nalika rong tahun kepungkur nanging ijin sing liwat telpon mau nyebabake sang manager gedandaban anggone njaluk pangapura lan ngrimuk aku supaya wengi iku tetep ngisi panggunge supaya ora kosong malah diplaur marani aku ing warungku lan dikabari dening bojoku yen wis pamit budhal nyang cafe nggawa gitar dene hapeku dak tinggal ing warung nanging wektu dipesthekake liwat tilpun jarene aku durung katon babar pisan lan motorku ya durung katon ing parkiran ndadekke sang manager katon cuwa berat njur mlebu nyang mobil terus dikebut menggok nengen nuju pangkalan ojek ana kono takon bab aku ning dheweke kuciwa amarga aku sedina ya ora katon mangkal mula mobil dikebut meneh bali menyang cafe nganti olehe parkir dibanting mak sentheyot mak jegagig olehe ngerim ning sepira kagete sang manager nalika dak sapa saka bangku mburi noleh lan meruhi aku wis ana ing njero mobile campur gumun kok bisa dumadakan wis ana ing mobile sing wusanane aku ngaku yen sakjane aku wis ndlesep mlebu mobile nalika dheweke teka nyang warungku kareben surprise minangka ngajak dheweke melu ngrayakake dina istimewa iku sanalika iku dheweke ngakak guyune njur aku dirangkuli lan digandheng mlebu cafe ora ucul nganti tekan ndhuwur panggung banjur langsung ngomong ngethuprus marang para tamu nyritakake sejarah rong tahun kepungkur sing marakke dheweke isih kelingan terus lan nggetuni tindakane mutus kontrakku amerga kena pengaruhe wong liya sing usul mbuwang aku lan diganti band sing luwih moderen nanging akibate cafene malah dadi sepi lan pranyata pelanggane luwih seneng yen aku sing tampil tunggal amarga bisa nglayani meh samubarang lagu lan penampilanku klebu unik lan langka mula bengi iku sang manager janji bakal mempertahankan aku kanggo ngisi hiburan kepara ditambah dina tayange sing maune mung seminggu pindho dadi seminggu ping telu sigra disambut tepuk tangan para tamu lan wiwit bengi iku dideklarasi dening sang manager yen jeneng panggungku ditambahi sebutan Jack ing ngarepe jenengku sing diwaca jek dijupuk saka tembung ojek sing pancen dadi profesiku saliyane nyanyi ing cafe kono

#edisiawurawuran
#siswonurwahyudi, Bojonegoro, 08022017

Tidak ada komentar:

Posting Komentar