GURIT-GURIT JEMBUK
GURIT-GURIT BOJONEGARAN
kembang-kembang keres kesengsem
kembang-kembang turi padha mesem
kembang-kembang otok mlerok kenes
kembang-kembang aren netes dideres
jinem, sirep ilire angin lan mega-mega
kekudangan kemayang kembang soga
kaya sliranem panjilmane kumala ratih
ratune sakabehane rasa tresna lan sih
clerap mripatem kemlebat
nyendhal tali-tali kangenku
nglunja-lunja tanpa kendhat
mbaka sawiji ndudut dayaku
klayangan sundhul ngawiyat
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 18032017
GURIT-GURIT BOJONEGARAN
TRESNAKU WIS BALI MULEH
klelap mripatem kemlebat
saemper cundrik udan mas
nglelehna jiwa-ragaku nok tanganem
driji-drijiem nyapu rerusoh nok atiku
anyes esemem atus ngrendhem batin
reh impenku mboktuntun balik muleh
nok sendhang katresnanku wingi uni
kembang-kembang turi padha mesem
kembang-kembang otok mlerok kenes
kembang-kembang aren netes dideres
jinem, sirep ilire angin lan mega-mega
kekudangan kemayang kembang soga
kaya sliranem panjilmane kumala ratih
ratune sakabehane rasa tresna lan sih
clerap mripatem kemlebat
nyendhal tali-tali kangenku
nglunja-lunja tanpa kendhat
mbaka sawiji ndudut dayaku
klayangan sundhul ngawiyat
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 18032017
*
REMBES LAN REMBES
rembes panggoke nok mripat
ya mripatem dhek isuk maeng
nggusah sleraku sarapan pecel
rembes banyu disok nok wedhi
sing mamula butheg dadi bening
kudune ya ngono kuwi klakuanem
rembes lan rembes
beda uni beda rasa
beda papan beda empan
awit basa kuwi babare rasa
gak kenek diplaur sembrana
@18032017
*
JEMBUK AJA DISAMBAT
uripem setengah abad luweh
wis wayahem ngasepi nok uwite sareh
ngembange lingiran urip lan awohe sesoroh
sumaraha ngarsane Gusti sing ogak tau geroh
sapa sing bakal weroh marang kabeh rencana-Ne
matematikane Gusti ogak isa dipetung kalkulatorem
urip nok ndonya wis diwatoni nganggo wewaton dhewe
yen tumindak kudu sing waton aja mung waton ngablak
diumpama uwit nok alas sicok lan sicoke beda rejekine
genya kowe ijek pancet ngresula marang nasib uripem
kae lho deloken wong-wong sing nasibe sakngisorem
mamula saiki kowe gak pantes sambat
gak gaduk olehem nguber ayang-ayangem
kepara malah nggeret omah nggeret sawahem
cagakem karek ngenteni suk apan ngadege ratan
sing biyen setya kekancan kabeh padha minggat
ngantek raiem nek didelok sing ketok rupa silitem
mamula aja sambat nek uripem saiki jembuk
mangka uripem wis luweh setengah abad
bakale ndang muleh nok ngarsa Gustiem
emboh ijek suwe emboh sedhiluk engkas
sapa sing eroh bakal tekane pesthiem
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 08032017
*
OMAHEM KOK SUWUNG
nok kene
sepi kaya wis jamak
nok kene
rame kaya aneh
nok endi
bocah-bocah
sing cacahe atusan
nok endi?
omahem suwung
atiku melok liwung
nok kene
krasa sumuk
nok kene
hawane umuk
nok endi
bathikanem wingi isuk
sing cacahe atusan
nok endi?
nok kene
suket moh thukul
nok kene
latarem brundhul
nok endi
kembangem setaman
sing cacahe atusan
nok endi?
omahem suwung
atiku melu gruwung
nok endi
kowe kabeh
nok endi?
Bojonegoro, 07032017
*
GOLEK IWAK
nyegog basangane precil
sing dikarep dhendheng apa thengil
nek kasil ndang cepet dithil
teka ngomah diwolak-walik suthil
sega anget sambelane pelem pentil
maratuwa liwat sampek lali gak dijawil
entuke badher angkahe ya mathuk
diasem-asem nggo sarapan sesuk
sambelane trasi piringane pincuk
tanduke sega takerane rada keladuk
maratuwa liwat ngantek lali ogak diuluk
nawu jomblang dikuras banyune
bebarengan rame sak kanca-kancane
padha royokan iwak cilik apa gedhe
entukane digawa muleh dhewe-dhewe
aja sampek lali sing resik bethetane
iwak lele aja sembrana nggarape
golek iwak rena-rena carane
jomblang apa kali gak padha mbudine
kabeh cara padha-padha rekasane
sing penting marem marang asile
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 07032017
*
JEMBUK OGAK UMUK
tekane cilaka gak kenek disangka
tekane bilahi gak ngenteni dikabari
wayahe kelangan wis mesthi klakon
sing dijaluk muk eling lan waspada
aja mbok getuni sing kadhung klakon
lumrahe bebakulan isine rugi apa bathi
jamake tetanen anane panen gak panen
wong bebojoan diwawas jodho gak jodho
nek tiba gak penak lelakonem
ya elinga marang sangkanem
nek tiba sing penak ya aja lali
marang sing wis paring pangaji
awit tekane titi mangsa jembuk
ogak nganggo diater umuk
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 04032017
*
NDELOK ATRAKSI
nok kene enek geni disembur
kono sikil-sikil nrajang gelaran wawa
sing nok kana gegere diobong ora papa
enek sing ndelok uwong gak tedhas gaman
sirahe betah dikepruki gentheng karo bata
enek sing gulung-gulung dompol eri salak
gumun wong isa nguntal pedhang dawa
padha mamerna kasektene
sing njero gedhung luwih medeni
gulu dipruthul bali puleh kaya mamula
enek sing mlebu kothak dicoblosi wesi
wong lanang dikemuli dibukak lha kok ilang
enek wong wedok turune nok kasur paku
werna-werna atraksine mamerna kasektene
ndelok atraksi
hiburan nggegirisi
aja nganti mlebu nok ati
kabeh kuwi nganggo teori
dadi budaya seni tradhisi
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 03032017
*
HOYAG - HAYIG
hoyag-hayig sikile meja
cingkir kopi geter nok lepek
kluthag-kluthug umplung isi neker
nok plafon cecak laki ceblok nok lodhong
nek lungguh sing ati-ati
coklek siji nglarakna ati
wis gak kenek dipakoni)
hoyag-hayig cagake ati
sikil tengen lan kiwa kelangan daya
dhadha kekendhangan tanpa guru wirama
awak saknalika dadi wit gedhang raja sewu
ing kali kono pikiran kungkum kuwaya
kebyare donya mingerna kompas
ninggalna tata mbuwak susila
ontang-anting godhong garing
anut nok endi parake angin
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 03032017
*
NGGAWAN
gisik nggawan
srengenge awan
carita sewu koran
pinggir nggawan
nyimpen nok roman
ilange bocah prawan
ilir nggawan
saksi jaman
biyen nate
banjir wangke
biyen nate
banjir wangke
Bojonegoro, 03032017
*
JEMBUK OGAK GADUK
angkahen ncen kemelipen
mripatem kaya wong lom-lomen
digenahna atiem merem
ndahnan nek diganjar penak
cangkemem mesthi perkak-perkak
dikandhari apik mbok jawab sengak
oncat rana bleber kana kesel gak preduli
sing mbok buru dhuwik akehe sak pethi
tawa watu sing sak pringkilan
kasiyate gak tedhas pluru lan gaman
wesi aji tinggalan jaman Singasari
gunane mung trima nggo koleksi
golek pitik cemani apa perkutut puteh
nganti awakem gepeng kaya gereh
galeh kayu apa pring pethuk
nek tawa nganti cangkemem munthuk
entek sawah entek omah
asile mung abab tanpa opah
gak mikir sing nok omah susah
sing mbok luru angel kecamah
sing mbok buru blas gak kejamah
ndang elinga isine genuk
sakdurunge jembuk ogak gaduk
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 03032017
*
ANGGA - INGGI
pinggire nggawan kene
nyimpen crita angga-inggi
mbiyen, dhek mbuiyen
crita si rambut dawa
ngalap bocah
Bojonegoro, 02032017
*
JEMBUK KOWE JEMBUK
semendhe leyeh-leyeh
abot sanggane rasa atiem
abot sanggane nok endhasem
nok pojok kidul etan alun-alun nalika awan mau
tenagaem entek mbok enggo batek-batekan
mungsohem satpol pitu kowe mung ijenan thil
rombongem sak isine diunggahna kol tepak
bandha kridhitan klakon bablas ora nilas
eluh ndrodos mili gak kenek dipenggak
gawang-gawang tangise anakem wedok
lawang wesi gerbang penjara sing dadi seksi
sarung karo kethu ireng minangka prasasti
marang janji bakal ngowahi lakone uripem
lunggoh lan liwat nok papan sing bener
dagang es lan kopi pilihanem sing terakhir
telung sasi tawa tenaga bolak-balik ditolak
cap bekas residivis wis dadi pepalang
khusuk sholatem durung isa mbusek
kaya-kaya tlapak sikilmu ijek pancet rusoh
ujug-ujug sore maeng
sakbarem sholat maghrib
nok andhinge pager mushola
pulisi-pulisi nubruk nyengkerem
raganem bali ambyuk nok kamar bui
rombong bekas sing mbok tuku murah
tibake barang asile colongan, oalah Gusti
jembuk kowe pancen jembuk
Bojonegoro, 01032017
*
SUMBEREJO - BAURENO
grimismu Sumberejo
nggiring samber mata
ing lampu-lampu dalan
kumarubut kekiseran
pindha angin lesus
nganti tekan Baureno
mayuta-yuta cacahe
kabeh diwenehi nyawa
padha rata
padha rasa
Bojonegoro, 01032017
*
KOWE PANCEN JEMBUK
pancen kowe jembuk
methil tewel olehanem babal
ramban kacang olehem besengut
kulak jagung mung entuk janten
pawakan jembuk mbok gawa sampek tuwek
briga-brigi gayaem kaya sugeh-sugeha dhewe
gak lidok nek kowe keterusan olehem jembuk
jembuk kowe jembuk
tuku endhog entukem bungker
nebas pari parine gabug
kulak sawo isine uler
nempil klapa olehanem bluluk
nandur dhele dhelenem kopong
icir tela telane bongkeng
panen mbako regane pelo
misoh-misoh pikiranem rusoh
sing kleru kowe wong liya mbok tutoh
gerang umurem dudu piyik diloloh
njalukem udan dhuwik sing poh-pinoh
jajal mbok terusna rejekinem bakale ngadoh
jembuk kowe jembuk
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 01032017
*
PANCEN KOWE JEMBUK
pancen awakem jembuk
goyang-gayung kurunganem kothong
tresnaem liwung gak enek sing nggotong
isi dhompetem gak enek sing kepyar
adusem sekar sekare kembang mawar
nok ndalan ndremimil sholawatan badhar
jebul sing digambar wis munggah blabar
dhasar awakem pancen jembuk
ngetan gak eroh ngulon gak eroh
parak ngalor peteng ngidul kebanjiran
tresnaem keterak banyune bandhang
ngrogoh jimat godhong suroh talenan lawe
sida mbok antemna raine dhukun sentherewe
jembuk pancen awakem jembuk
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 28022017
*
ELINGA KUWALAT
kabeh mbok dhekemi
ranjiem kowe kuwi sapa
kok wani-wanimen akon-akon
jatah ka negara kudune di dum rata
dupeh omongan gak usah kulak
nglabar rana-rene cangkemem ngablak
atiem nggembol kakus
pethitha-pethithi kowe kementhus
lamis-lemes lambeem nek geneman
nanging omongem ngemut tulup isi rawe
bagus sembada prejenganem gemedhe
kaya wis gak tedhas tapak palune pandhe
tak jaluk ndang elinga marang kuwalat ya le
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 2702201
*
JEMBUK AJA DISAMBAT
uripem setengah abad luweh
wis wayahem ngasepi nok uwite sareh
ngembange lingiran urip lan awohe
sesoroh
sumaraha ngarsane Gusti sing ogak
tau geroh
sapa sing bakal weroh marang kabeh
rencana-Ne
nasib sing mbok uni mau minangka
lelakon uripem
matematikane Gusti ogak isa dipetung
kalkulatorem
urip nok ndonya wis diwatoni nganggo
wewaton dhewe
yen tumindak kudu sing waton aja
mung waton ngablak
diumpama uwit nok alas sicok lan
sicoke beda rejekine
genyo kowe ijek pancet ngresula
marang nasib uripem
kae lho deloken wong-wong sing
nasibe sakngisorem
mamula saiki kowe gak pantes sambat
gak gaduk olehem nguber
ayang-ayangem
kepara malah nggeret omah nggeret
sawahem
cagakem karek ngenteni suk apan
ngadege ratan
sing biyen setya kekancan kabeh
padha minggat
ngantek rainem nek didelok sing
ketok rupa silitem
mamula aja sambat nek uripem saiki
jembuk
mangka uripem wis luweh setengah
abad
bakale ndang muleh nok ngarsa
Gustinem
emboh ijek suwe emboh sedhiluk
engkas
sapa sing eroh bakal tekane
pesthinem
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 08032017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar