MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi
<Bagian 2>
II. KASAMUN ING ASMARANDANA MAYA
Taksi online
sing tak tumpaki mluncur banter liwat dalan tol tumuju menyang kutha cilik sing
panggah tak kangeni nganti seprene. Ing kana kesimpen kenangan-kenangan endah
sing matumpuk-tumpuk, ya kenangan wiwit aku isih cilik nganti tumekane ngancik
dewasa sadurunge oncat mandiri golek pangupajiwa morak-marik lan akhire
cumondhok ing kutha Bekasi sing saiki iki.
Ing njero taksi meh tanpa kendhat anggonku tilpun
menyang kantorku, menehi instruksi-instruksi marang kabeh manager bab apa-apa
sing kudu dileksanani dina iki. Sakjane sadurunge budhal mau bojoku ya wis tak
wanti-wanti bab samubarang sing kudu dilakoni dening dheweke minangka direktur utama
sauntara ngganteni aku sasuwene aku ana ing tanah Jawa. Ora mung sepisan iki
bojoku nglakoni minangka dirut ngganteni tugasku sauntara, biyen wektu aku
mburu gelar masterku ing Amerika uga bojoku sing ngganteni tugasku minangka
dirut sauntara. Para manager lan karyawan ora ana sing wani nolak utawa brontak
amarga pancen bojoku kalebu salah sawijining pemegang saham sing kepetung gedhe
prosentasene tinimbang prosentase sahamku dhewe. Lan kabeh ngerti yen
bibit-kawitane adeg perusahaan pawitane nganggo dhuwite bapake bojoku ya
maratuwaku dhewe.
Aku pancen ora bisa masrahake perusahaanku marang
sembarang pawongan sing durung temtu bisa tak percaya. Apa meneh ing wasana
wektu ini perusahanku lagi ngalami kemajuan sing ngedab-edabi. Aku wani
masrahake marang bojoku amerga aku ngerti yen bojoku mesthi mampu ngayahi
kewajiban ngurus perusahaan. Kasunyatane, salawase aku ngurus usaha wiwit
krenggosan ngrintis tumekane saiki bojoku tansah ndhampingi kanthi tlaten lan
melu mrantasi gawe yen ana masalah sing kudu dirampungke. Mula bojoku wis ora
bakal klunak-klunuk ngurusi perusahaan awit wis banget olehe paham marang
sung-sinunge perusahaanku. Tur prabawane bojoku ora ngalahake prabawaku nalika
ngadhepi para manager lan para karyawan, kepara bojoku nduweni keluwihan sing
ora tak duweni. Bojoku sipate luwih teges tinimbang aku, sanajan pawongane
semanak lan luwes nanging yen perkara ngadhepi masalah dheweke panggah teges
lan angel ditelukke dening sapa wae. Nyut.., ujug-ujug aku kelingan yen bojoku
durung tak wenehi SK, mula aku sigra nelpun bojoku supaya nggawe SK dhewe lan
tanda-tangane tak akon nanda-tangani dhewe kaya biayane. Dene tanggal akhir
berlakune tak akon nggawe setahun awit aku durung bisa mesthekake nganti kapan
lungaku bakale rampung.
Lakune taksi wis tekan gerbang tol terakhir, sawise
mbayar tiket tol banjur menggok nengen tumuju jalan raya propinsi sing kahanane
rame kendharaan werna-werna wiwit rodha loro nanti truk tronton engga lakune
taksi dadi rendhet. Swasanane langsung krasa beda adoh karo kahanan ing dalan
tol, kiwa tengen kebak omah lan papan-papan panggonan usaha sing maneka warna.
Sopir taksi wiwit rada ora jenak oleh lungguh, ketara saka bola-bali usreg
mapanake bokonge. Nyawang si sopir sing sajake usreg wae tuwuh rasa welasku,
tak tepakke awakku dhewe sing uga krasa kesel lan bokong wiwit ngrasa panas.
Nalika iku si sopir njaluk palilahku arep nyetel musik.
“Nuwun Sewu pak, kula badhe ngunekaken tape, musike klenengan napa panjenengan
kersa?”, ujare
karo sajak
rada mringis nawani aku.
Aku ngerti yen dheweke karepe mung basa-basi niyat
ngajak guyon lan ora karep nyetel klenengan, aku wis ora yakin nek cah enom
sing potongane kaya dheweke ngaremi musik klenengan. Nanging kanggo ngimbangi
dheweke mula tak sauri wae sakecandhakku.
“Wah cocok iku, dhik. Yen ana aku njaluk gendhing palaran
lawas ‘semut ireng’ duweke God Bless, tapi
ra usah
seru-seru, lirih wae ben penak dirungu”.
Krungu jawabku dheweke langsung ngguyu ngakak tanpa
sungkan.
“Gending God Bless ‘semut ireng’ kula mboten gadhah,
pak. Wontene ‘semut hitam’, ujare sinambi nutugke sisa guyune, banjur tanpa ngenteni
aku sumaur tangane wis utheg ing tombol-tombol tape mobil njur keprungu
lagu sing diputer lirih persis kaya sing tak karepke. “Sumangga pak, dipun
nikmati mawon klenengan gendhingipun Ahmad Albar. Kleresan niki nggih
kesenengan kula”, ucape karo ngangkat dhuwur jempol kiwane dene sirahe
senthuk-senthuk nurut iramane musik.
Dene aku nuli unjal ambegan landhung lan wiwit melu
ngematake lagu ‘semut hitam’ sinambi mapanake gegerku sendhenan sing kepenak.
* * *
Embuh kepriye jalarane dumadakan wae aku tiba
kejlungup, irungku nampeg bangku ngarepku sing dilungguhi sopir. Aku kaget, jebule
aku sempat keturon saengga ora siap nalika si sopir ngerem ngaget.
“Ngapunten pak, niki wau wonten tiyang nyebrang
ndadak. Panjenengan mboten napa-napa?”, ujare si
sopir sajak
nguwatirake kahananku.
“Ora apa-apa, dhik. Mung kebentus jok lan kaget
sethithik. Wis enggal diteruske wae sing ati-ati,
mengko
tekan depot soto mampir ngaso.” Jawabku.
“Inggih pak”, ujare si sopir karo wiwit mancal gas
lan taksine wiwit ngleser lumaku meneh.
Aku isih temenggengen marang sing nembe wae
kedadeyan. Dudu babagan tiba njlungup amarga taksine ngerem ndandak, nanging
ngepasi keturon mau jelas-jelas aku ngimpi yen bocah wadon ayu sing tak temoni
ing pesawat mau rumangsaku lagi lungguh jejer ing sisih kiwaku. Saka rumangsaku
papane ya ing njero taksi iki, dheweke katon bagya sumringah semendhe ing bahu
kiwaku. Tanganku lan tangane nyawiji ngregem rasa sih katresnan, sing nganti
saiki rasa sing endah mau kaya isih nages nilas ing getere dhadhaku. Pungkasane
impen, tanpa rinasa aku lan dheweke wis adu arep sawang-sinawang kebak rasa
kasmaran, banjur mripate nyingkup suthup lan lambe tipis iku rada gemeter menga
cilik njur mbaka sethithik nyerak lan saya cerak marang lambeku sing wis siap
nampa kanthi sampurna. Rasa ing atiku tansaya krasa gumeter nalika lambeku lan
lambene wis krasa ameh gathuk ing sekaring gambuh, napase sing nyembur-nyemburake
angin anget krasa lirih lan ora tetep iramane tansaya rinasa syahdu ing
dhadhaku. Persis ing adegan pamuncak iku dumadakan : mak gabrus…., aku njungkel
ngambung jok sing ana ngarepku nganti irungku krasa rada kemeng.
“Ah, ngimpi kok ngeram-erami tenan”, unjal batinku.
Sing luwih eram meneh, kok bisa ana bocah wadon
rupane lan pawakane mirip banget karo bekas pacarku sing wis tilar ndonya
nalika ngalami kacilakan rikala rekreasi bebarengan kanca-kancane sak fakultas
jaman aku lan dheweke isih padha-padha kuliah biyen. Aku lan dheweke pancen sak
kampus ning beda fakultas, uga beda angkatan. Dheweke luwih enom rong tahun
tinimbang aku. Mangka sadurunge keturon mau babar pisan ora nggagas lan babar
blas ora angen-angen dheweke, nanging impen mau kaya-kaya klakon ing kedadeyan
sing temenan wae. Saiki aku malah kelingan kedadeyan sing ning njero pesawat
mau. Lha.., aku lagi kelingan meneh yen sawise mudhun saka pesawat mau dheweke
dumadakan kaya ilang embuh nyang endi parane, nganti aku thilang-thiling
nggoleki cah wadon ayu kuwi panggah ora ketemu sing wusanane aku wis ora nggape
meneh amarga repot ngurusi bagasi barang-barangku. Sempat kepethuk wong wadon
sing tak kira iku dheweke amarga ciri-cirine padha nanging jebul iku wong liya
sing nganggo klambi sing meh padha model lan wernane imbuh pawakan lan model
rambute uga lurus sak ndhuwure bahu. Mula aku njur ngeblas wae ngundang taksi online lan sawise nunggu sawetara menit
taksi sing tak enteni wis teka aku enggal mlebu nyang njero taksi sawise
mapanake barang ing njero bagasi. Mula aku ya gumun kena ngapa kok nganti
impen-impenen lungguh jejer karo cah wadon ayu mau, marakke saiki aku
mesam-mesem dhewe tanpa kena tak empet awit mbayangke yen kedadeyan iki tak
critakake marang bojoku dheweke bakal ngguyu kepingkel nganti kepuyuh-puyuh.
* * *
Sawise aku lan si sopir ngaso sawetara ing depot
soto sing wis kondhang pancen nyamleng, taksine budhal mangkat meneh tumuju
kutha sing mung kari nyisa jarak sewidak kilonan. Katon si sopir wis luwih
seger praupane tinimbang sadurunge, soto semangkok plus es jeruk segelas ndandekake
awake seger sumyah lan dheweke sempat adus reresik awak nyang toilet sing
sumadya ing mburine depot.
Ing sadawane perjalanan ini aku sing uga wis rada
krasa seger dadi ora krasa lungkrah meneh, aku njaluk si sopir muter albume
Koes Plus. Pranyata panjalukku ora nganti keplok tangan siji, sedhela wae
lagu-lagu sing tak jaluk wis ngumandhang ing njero taksi, ndadekake atiku
marem.
“Wah, koleksi lagune komplit ya, dhik?”, pitakonku.
“Lumayan, pak. Cekapan kangge nyenengaken
pelanggan.” jawabe.
“Awakmu dhewe seneng lagu-lagune sapa?”
“Kula all round, pak. Nasional mawon, lagu napa
mawon mboten nolak.”
Sinambi ngematke lagu-lagu kenangan saka grup Koes
Plus, kala-kala aku omong-omongan karo si sopir. Saka rembug sing wis dak rungu
aku ngrasa ana sing kurang ing uripe bocah enom iki. Sawise tak dhedhes dheweke
njur ngakoni yen dinane iki lagi ngalami masa
kritis ing uripe. Awit pamane sing duwe mobil sing saiki disopiri iki nembe
gerah rada nemen ing rumah sakit. Najan wis nganggo kertu BPJS nanging panggah
butuh biaya tambahan sing ora sethithik. Kamangka saiki donya sing diduweni
mung mobil iki. Yen mobil iki sida didol dheweke bakale kelangan pegaweyan, lan
bingung arep nyambut gawe apa sawise prei nyopir.
“Kalih bulik sampun dikengken nyade kemawon,
nanging taksih kula gondheli.” Critane katon sedhih.
“Pamanmu gerah apa?”
“Diabet sampun parah, sampun sesasi mboten sadhar
wonten ICU. Kamangka BPJS-e namung kelas
ekonomi”.
“Oh.. ya, ngene wae. Coba takon nyang bulikmu
mobile ditawakke pira? Yen cocok tak tukune dhewe,
mbesuk sing
nyekel tetep kowe dhewe. Yen ngono piye?”
“Wah, kleresan menawi ngaten. Maturnuwun sanget,
pak. Cobi mangke kula rembag kaliyan bulik.”
Ing satengahe wawan-rembugku karo si sopir,
mripatku krasa siyat-siyut. Swara omongane sopir sing saiki sajak bungah atine
wiwit keprungu lamat-lamat, njur mak leeesss……. ujug-ujug aku wis mlebu ing
sawijining taman kang asri tur endah banget. Taman sing kebak kekembangan
maneka warna, sesuketane ijo royo-royo ketata rapi. Hawane anyles kaya ing
pereng pegunungan, swara-swara manuk ocehan werna-werna unine nambahi sengseme
swasana. Sikilku jumangkah krasa entheng, anggonku gumun ora kena digunem mung
saklimah rong klimah saking endahe taman iki. Rumangsaku ngembari endahe taman
sari ing jaman raja-raja biyen. Kana-kene akeh kursi-kursi sing rinengga ukiran
mawa motif tetuwuhan apadene kekembangan, mapane kursi-kursi mau kanthi jarak
sing teratur antarane siji lan sijine. Ing samadyane rasa gumunku aku banjur
lungguh ing salah sijine kursi taman sing mapan persis madhep kolam amba sing
ana air mancure cacah pitu, banyu air mancur muncrat gegantian mawa irama sing
ajeg nambahi eloke panorama. Ing kene aku ngrasa betah, nyawang iwak-iwak
maneka jenis sing slira-sliri saambane kolam.
Lagi kepenak anggonku ngresepi kaendahan jroning
taman, dumadakan aku dikagetake dening swara alus sing nyapa jenengku. Meh wae
aku jombla krana saking kaget setengah mati. Meh wae aku ora percaya karo
pawujudan sing persis ana ngarepku iki. Rasa eramku saiki campur-campur karo
rasa takjub lan rasa geter ing dhadha. Bocah wadon ayu sing tak temoni ing
njero pesawat mau bali mecungul tanpa tak sangka saka ngendi asal parane.
Ngadeg jejeg persis ing ngarepku ngumbar esem manis, sorot mripate gilar-gilar
kaya lintang panjer sore, busana long
dress warna ijo pupus gumantung ing dhadha kembare sing katon montog padhet
ngatonake kulit pundhake sing putih mulus, ing gulune gumantung kekledhangan slendhang
sing warnane uga ijo pupus kasaput angin sing semilir silir-silir. Saya katon
cetha paras ayune nalika eseme ngembang ngatonake barisan untune sing rijik
miji timun, dhekik pipine saya nambahi lan manise ditambah gisul sethithik ing
untu tengah sisih ndhuwur. Mak Jleb..! jantungku saya dhrodhogan, sikilku
grewelan kaya kelangan daya babar pisan. Lambeku gemeter ora kuwawa ngucap
apa-apa kaya cengkal kayu kecepit barang sing banget abote. Mripatku mung bisa
manther mentheleng tanpa kedhep nyawang dheweke.
“Mas, piye kabare? Akhire aku klakon bisa ketemu
karo sampeyan meneh.”
Duh Gusti, aku apal banget karo
swara sing alus lembut iku. Swara sing nate ngisi uripku sawetara wektu lawase
ing jaman biyen. Lan gisul iku, aku ora pangling babar pisan.
“Mas, mosok sampeyan wis lali
karo aku? Mentang-mentang saiki wis duwe gandhengan liya, aku
dilalekke.” Swarane sing alus manja dibumbone kedhep tismak ora ninggal
esemme sing khas iku.
“Oh.. Gusti Pangeran ingsun,
kula nyuwun pangapura.” Jerite batinku nalika tangan alus iku ngranggeh
tanganku lan nggeret awakku sing isih semendhe ing kursi taman.
Ora lidok, aku pancen wis kaya
kena sihir ora bisa ngucap apa dene mung trima sumaur sakecap wae.
Aku sakloron klakon ngadeg adu
arep, mripatku lan mripate cah ayu iki pindha benang kang sinambung.
“Wis luwih yen rong puluh tahun
wae awake dhewe ora nate ketemu ya Mas. Aku kangen banget, Mas.”
Saiki tangane loro nggapyuk
ngrengkuh awakku rapet banget nganti ambeganku krasa seseg. Banjur sesenggukan
nangis ing pundhakku tengen sinambi sikile gegedrugan kaya bocah cilik yen lagi
purik kae. Ing dhadhaku puthuk kembar sing tumempel rapet rinasa
nglunja-nglunja dening polahe sing gegijugan. Arum gandane rambute sing wis suwe
tak kangeni mbrubuh ing pucuk irungku kadya sinurung ngrogoh rasa-pangrasaku
sing wis suwe ora tak rasakke, ndudut rasa tresna sing wis suwe kesilem bali
rerambatan meneh. Ora rinasa tanganku wis ngekep rapet ing gegere. Aku kaget,
awit pranyata ing bagian iki ora ana kain sing tumempel nutupi. Kulit gegere
krasa alus lembut ing epek-epekku sing njur kanthi naluri lanangku geger wadon
iki tak elus-elus nganggo tangan tengen, dene tangan kiwaku kemlawe tumuju
rambute sing krasa alus tur wangi. Tak elus-elus kanthi ati-ati rambute sapantha
mbaka sapantha, lan geger alus iku rinasa nyambut gumbira marang tangan
tengenku sing ora kendhat anggonku isik-isik kanthi lembut.
Wis
sawetara menit aku lan dheweke nyawiji ing rasa kapang sing marakake dheweke
dadi luwih tenang. Tangane loro sing maune ngekep nglengker ing gegerku saiki
dipindhah nylingker ing guluku, banjur sirahku krasa ditarik mudhun ngarahake
irungku marang bathuke, banjur menyang pipine sing wusanane tak aras kiwa lan
tengen bola-bali. Rasa kangen campur kenangan endah jaman kala semana terus
nggiring aku sakloron nyecepi madu katresnan sing biyen nate pinedhot. Sak
pletik ana rasa sing brontak ing atiku, sak tleraman bojoku lan anakku katon
kumlebat ing mripatku.
Nanging
aku wis ora kuwawa babar pisan, bisaku mung manut wiramaning kangen sing lagi
jejogetan anut obah-lagune asmarandana sing disorohke gemrojog pindha grojogan
sewu nggempur wewaton padhas banjur ngripta banjir bandhang nrajang apa wae
sing ngedhangkrang dadi pepalang. Wandane pindha rerata wadya balaning para
bhiwara sing gulung-gumulung jantra rodhane kekridha ing bantala. Lelajune
tirta kumaya sida klakon njebol wadhage gunung puputan tanpa bisa binendhung,
jumlegur swarane sang kuwaya seta nalika tinampa ing kelir-keliring guwa.
Wusana sumarah ing lembah-lembah
sing
kebak kekembangan krana wis kesatan pitayaning daya.
Aku sakloron lelumahan padha-padha ngliga tanpa kaling-kalingan najan mung godhong salembar, pipine sing nyemu-nyemu abang tumungpang ing dhadhaku kiwa lan tangan tengene nggremet alus ngelus-ngelus dhadhaku sing tengen. Tanganku uga ora keri, ngekep rapet kaya-kaya wegah pinisahake meneh. Banjur leeess….. aku sakloron kentir ing iline napas sing wiwit teratur nuju bali temata meneh, mripat-mripat iki isih ngemu rasa marem rem-rem padha merem sidhem alem-alem angresepi endahing sisa-sisa kanikmatan swargawi sing nembe wae kasil rampung nganti tuntas.
* * *
Ana candhake........ <Bagian 3>
Tidak ada komentar:
Posting Komentar