GURIT PANGRUWAT PAPA






GURIT-GURIT PANGUWAT PAPA






NGUPADI PANGRUWAT PAPA

rem-rem sesileman
nep-menep ing panepen
sir manunggal pun ing driya
tumujweng wang-wung gumelar
yeku prananing cipta pun angawiyat
kebat sawetara ngupadi reruwating papa

Bojonegoro, 14/09/2017





URIPEM SAK KEDHEPE MATANEM

rerupan-rerupan sing ketok nok ngarep mataem
kur gambar urip sing bakale musna nalika mataem merem
rupa lan wernane gak bakal kenek diendho nganggo ambeganem
nanging kabeh bakal cetha-wela nek mbok grayangi karo ati lan ciptaem
masiya ta mapane adoh saka panggonanem njungok, masiya mataem merem

kabeh donya-brana tumekane anak lan bojoem kuwi trima sesandhangan wae
wenangem kur nganggo ora wenang ngukup krana pancen dudu duwekem dhewe
nek wis titi-wanci tekane bilahi bakale muleh marang sing duwe gak kenek disaruwe
isaem kur ikhlas lan anut marang pesthine sing uwis ditemtokake wektu lan jantrane

njur apa gunane kowe pethitha-pethithi gemendhung kaya uwis mbok teluh segara gung
lagakem kaya uwis kuwawa ngukup kabeh nok lumahe bumi lan nguntal gunung-gunung
mangka marang telekem dhewe kowe ora kuwasa, cacahe lintang wae kowe gak dunung
olehem umuk apene ngangkahi ndonya sak isine ngantek polah kekaya ambarung-sinung

uwis ta uwis, papakna wae uripem marang kang wenang nata wewatone ngaurip
lelakona wae kuwajibanem urip nok bebrayan gung iki gak usah melok dadi klilip

uwis ta uwis, wong kabeh gambar urip sing ketok ya mung umur sak kedhepe mataem
ora wurunga bakale sirna nok ndelahan munggokna klebate impen sak njerone turonem

Bojonegoro, 15/09/2017





GURIT WEWATON

Wewaton ing ngaurip lir kadya sing kaguru
pranyata mung sumarah sanyata
emba iliring baita pun rerata
soroh tan bisa ngendhani mala


Sumilak tuking cubriya kang kagiri-giri
lirnya wewayang kang anggegawang
wus sumurup mring telenging segara
tanpa kapalang mega lan wewaton


Bojonegoro, 18/06/2016




 CUNG RENEYA TAK NDHARI

cung...
reneya kowe tak ndhari
urip kuwi nganggo waton
ogak sak karepem dhewe
deloken mbulan karo lintang kae
kabeh anut watone dhewe-dhewe
gak enek sing mbrengkel
gak enek sing pengin ngendheh liyane

cung...
matna wit-witan kae
kates ditandur tuwohe kates
pelem mesthi bakale tuwoh pelem
pari ditandur tuwohe pari
waloh pancet tuwohe waloh
kabeh nurut karo watone
gak enek sing ape wani maleh

cung...
kene kowe tak pangku
deloken angin lan banyu kali kae
kabeh manggok nok watone dhewe-dhewe
mulane uripem aja mbok garap amuk-amukan
manungsa urip siji lan sijine padha-padha butohe
mula aja srekel, aja
pek-pinek
kutil-jumput
bedhog-colong
adigang-adigung
sapa ira - sapa isun
sih welasa marang sapadha-padha
jujur
temen, lan
sembada apa sing diucap ya kuwi sing mbok lakoni
  

Bojonegoro, 25/02/2017



 ELINGA KUWALAT

kok nayoh tenan
kabeh mbok dhekemi

ranjiem kowe kuwi sapa
kok wani-wani men akon-akon
jatah ka negara kudune didum rata

dupeh omongan gak usah kulak
nglabar rana-rene cangkemem ngablak

atiem nggembol kakus
pethitha-pethithi kowe kementhus

lamis-lemes lambeem nek guneman
nanging ngemut tulup isi rawe omonganem

bagus sembada prejenganem gemedhe
kaya wis gak tedhas tapak palune pandhe
tak jaluk ndang elinga marang kuwalat ya le

Bojonegoro, 27/02/2017



Tidak ada komentar:

Posting Komentar