AKU LAN PAGUYUBAN
OJEKKU
Saka rumangsaku wingi
bengi dak simpen ing lemari numpang ndhuwure kacu biru njur dak tindhihi arloji
kok saiki ora ana ing panggone mangka kacu lan arlojine isih panggah ora owah lan
wis rata saanane papan panggonan nganti tekan slempitan pisan ya wis dak piyaki
kamangka njero ngomah wis kemput dak ongkrah dak brosoti dak rogohi nganti aku
kudu adus kramas meneh awit saawak gleput lebu lan saanane rereged pathing
srawir ing rambut gondrong kebanggaanku marakake aku gumun sataun jembleng
serendheng mangka kanggoku kuwi barang kang banget wigati krana ngandhut
konsekuensi moral lan patuladhan sebab yen nganti dak lirwakke bakal ngancurke
tatanan sing wis dak bangun lan dak jaga 12 tahunan bareng sawatara kanca
seperjuangan saengga utegku kaya kelangan kancil sing ana ing dongeng kae
nganti olehku methekur kaya babon angrem ora krasa wis dadi kawigatene para
tangga kang nedheng liwat krana pancen ora nate sing nganti kaya esuk iki isi
sirahku tansah kagawang butuhane omah utamane butuhane gendhuk sing rong dina
maneh wiwit mlebu hari pertama ing TK mula ngapa ra ngapa aku kudu mempeng
golek dhuwit lan isaku saiki ya mung budal ngojek kaya biasane dene arep utang
wis ora wani perkara wis kaya kebo kabotan sungu paribasane nanging tanpa
emblem sakti kuwi janjiku ora arep budhal ngojek amarga kudu menehi patuladhan
sing becik marang anggota paguyuban nanging piye ra piye aku kudu tetep budhal
nyang pangkalan mesisan nggoleki mbok menawa ceblok apa kari nyang pangkalan
dene yen sida ora ketemu ya bakal ijin marang kabeh kanca yen aku dina iki prei
ora ngangkat penumpang nganti duwe gantine sing anyar mula enggal dak candhak
motorku njur budhal mampir warungku kanggo ngaras pipine anakku wadon sarta
pamit marang bojoku lan njlentrehke sakabehe kareben dheweke ora cuwa lan gela
terus langsung bablas nyang pangkalan nakoni enggal sawiji menawa ana sing nemu
kari utawa ceblok ing kono nanging padha ora ana sing menangi lan dumadakan
swasanane kaya ana sing kurang kepenak ndadekake pikiranku lan atiku ngrasa
kepriye ngono sarwa salah tingkah mula dak tegeske marang kabeh sing ana kono
dene dina iki aku ora bakal ngangkat penumpang krana ora memenuhi persyaratan
mutlak minangka tandha keabsahan sing wis disepakati lan aku bakal sportif lan
konsekuen minangka ketua paguyuban sing kudu paling ngugemi disiplin organisasi
nanging during tutug olehku kojah dumadakan siji mbaka siji padha ngadeg lan
banjur padha nyopoti barang bunder ing dhadhane njur diklumpukake dadi siji
dipasrahake kabeh marang aku yen khusus dina iki ana pengecualian yen kuwajiban
masang PIN ing dhadha sing fungsine minangka ijin resmi ngangkat penumpang
utawa dina iki aturan PIN ora berlaku lan sapa sing nganggo PIN ora oleh
ngangkat kepara aku diidini ngangkat penumpang sing pertama najan tekaku paling
buncit sing marakke mripatku krasa mbrabak ning lambeku mesem lan ora kuwawa
ngucap matur nuwun mung sirahku sing obahe kaya manuk blekok golek kodhok
#edisikuranggawe
#siswonurwahyudi,
Bojonegoro, 10022017
AKU LAN CARITAKU ING
TIVI
kanggoku carita urip dina
iki mung nutugake carita dina wingi uga minangka perangane carita dina bacute
mula urip iki pancen ora ana mandhege lumaku terus turut marang kang wus
ginaris nanging krana dayane manungsa sarwa winates mula manungsa mung bisa
crita pedhotan saperangan mbaka saperangan pengalaman lan kaweruh sing wis nate
dinulu lan dialami dhewe najan kuwi olehe saka maca apadene nguping sarehna winates
mung sing dielingi wae amarga daya pemute uga sarwa winates lan kabeh kuwi mau
dakrasakake tenan rikala aku diwawancarai dening sawijining wartawan dijaluk
critane uripku wiwit cilik nganti tumekane dadi ketua paguyuban ojek ing dina
iki sing dianggep sukses agawe sejahterane anggota liwat program usaha mandhiri
tumrape keluargane anggota uga anggonku sukses minangka musisi ing café najan
mung musisi cilik ing kutha cilik nanging tansah dikangeni tampilane sarta
hobiku koleksi watu akik lan wesi aji uga duwe koleksi 4 motor antik sarta mawarna
rupa barang antik nganti tekan piye kawitane omahku ing ndesa sing daksilihke
kanggo sekolahan TK dakplalah aku mung trima kontrak ngalih kene boyong kana
golek panggon omah sing cedhak kutha dene kabeh mau diakon nyritakake nganti
ora ana sing kecicir mula olehku crita ya ora bisa urut runtut apa meneh ing
ngarepku ana kamera sing tansah ngetutke raiku wae ndadekke aku grogi campur
wedi yen sing dak omong mengko gek kliru mula olehku ngomong ajeg kami sosolen
saben samenit aku kudu ngelap kringetku sing marakke aku njur ora kepenak dhewe
lan yen wis ngono aku njur meneng dhisik sawetara kepara lucu awit sing padha
nggrumbul ing mburine kamera kerep melu alok utawa cemuwit ana sing ngakon aku
tenang ana sing akon aja nganti eneng sing kliwatan lan ana sing cengengesan
semu ngece dene malah ana sing melu gregeten awit olehku crita jarene mbulet
wae lan cilakane cacahe sing padha nonton ora saya suda malah saya akeh dadi
malah pathing cruwet ngganggu nyambut gawene si wartawan apa dene si juru
kamera nganti kringete melu gobyos mula bojoku akhire alok lan njaluk si
wartawan ngrampungi dhisik ditutugake meneh ing dina sesuk wae malah karo
bojoku dijadwalke telung dina utawa yen perlu nganti limang dina lan langsung
disarujuki dening si wartawan mula telung ndina iku warungku dikebaki uwong
sing padha nonton wawancaraku karo si wartawan mula omsete warung sanalika
mundhak jan ora kaprah tenan ndadekke bojoku bungah gegindrangan lan wusanane rong
dina sesuke wawancara klakon lancar nganti tuntas uga wawancara ing lokasi café
papanku nyambut gawe ngisi hiburan apa dene sing ing pangkalan ojek klakon
sedina awan lan wengine saengga si wartawan katon marem njur pamitan sinambi
ngabari bakal ditayangke ing tivi seminggu engkas lan mara witikna dina lan
wektu iku lumakune cepet ning ora rinasa mula seminggu kaya saklebatan wae lan
ing wengi mrenahi jam tayang sing pancen wis dienteni dening wong akeh klakon
ana rong papan panggonan kanggo nonton bareng tayangan sing bakale lumaku 1 jam
kuwi sing siji nobar ing warungku lan sing siji ing café lan aku dhewe milih nobar
ing café krana panjaluke manager café dene kanca ojekan padha ngumpul kabeh
nobar ing warungku kumpul wong kampung uga para pelangane warungku jan wis kaya
nobar pertandhingan piala dunia awit rong panggonan iku difasilitasi dening
manager café nganggo layar lebar komplit sak sound sistem pisan mula aku ya
bisa mbayangke kaya ngapa kahanane lan swananane ndadekke atiku wiwit sore wis
sedhut senut lan tansaya dalu saya nyedhaki jam tayang jantungku munine saya
kaya sepur sing mlaku banter lan kringetku tansah gemobyos kaya diperes wae
wusanane mak prepet pet aku ora eling babar pisan bareng melek kok wis mapan
ing dipan UGD rumah sakit ditunggoni manager café lan para perawat lan dokter
sing padha ngumpul ing ruwangan ngrubut tepung gelang sing njur padha katon
seneng bareng ngerti aku wis sadhar kepara nganggo keplok kaya acara ulang
tahun ning keploke ora pati nyuwara marakke aku saya ora paham iki mono
kedadeyan apa lan kepriye jalarane utawa apa pancene aku iki wis pindhah ing
alam liya apa piye engga tanganku reflek nguceki mripat lan njiwiti pipi lan
lengenku kok isih krasa lara mula aku rada ayem awit kelingan anak bojo sing
ana ngomah nanging nalika aku niyat gumregah arep tangi sirahku krasa abot lan
awakku sajak ora duwe daya mula kepeksa glethakan wae ing dipan njur dipanku
disurung dipindah ing ruwang sing luwih jembar ning ketutup rapet ditutake
sakabehe wong sing ana ing ruwangan UGD mau karo tangane si manager café sok
nyekeli utawa sok nepuki tanganku sinambi mesem bungah njur karo para pegawe
rumah sakit dipanku disorohke muter mengiwa dipapanake pas ngadhep tivi sing
nempel ing tembok njur dipanku disetel nggon sirah diunggahke engga posisiku
dadi slendhenan setengah lungguh mula aku langsung meruhi yen gambarku wis
wiwit katon ing tayangan tivi kairing keploke wong saruwangan sing saiki
keploke nyuwara banter kaya acara ulang tahun tenan malah ana sing nambahi
sesorak dadi swasanane kosok balen banget karo nalika isih ing UGD mau njur sanalika
kaya disirep sepi nyenyet mung kari swarane tivi mula aku ya mung bisa noleh
ngiwa nengen nyawang kabeh pawongan padha nonton menthelengi tivi kaya ora
kedhep lan nalika nuju disela dening iklan enggal wae padha cemruwit rame meneh
padha komentar saur manuk kepara padha foto selfi barang padha mapan eksyen ing
sisih kiwa tengen lan mburi dipanku njur meneng klekeb nalika acarane wis bali
tayang meneh gur ngono terus wae nganti acara kuwi rampung terus padha bubaran
kari ninggal wong papat yaiku perawat loro karo aku lan manager café ndadekke
atiku saya lega lan awakku saya ngrasa kepenak njur dipapah metu njaba tumuju
mobile si manager lan ing sak turute lurung rumah sakit kabeh tenaga medis
padha mesem sumeh lan nglambai tangan kaya aku iki pacare utawa wong sing wis
dikenal akrab wae lan sabanjure aku diterke mulih nyang warungku sing ana kono
kaya wis padha nunggu tekaku padha keplok surak rame lan pathing cruwet suarane
nalika aku mudhun saka mobil dene mlakuku dak tegeske kaya wong sehat tenan awit
aku emoh yen anak bojoku weruh yen aku lagi ora sehat dene nalika manager
pamitan tanpa mudhun saka mobil langsung mulih ninggal aku sing mung ngangkat
tangan kiwaku nalika dheweke uluk salam pamit njur sikilku dak jangkahke nuju
dhingklik dawa arep lungguh istirahat sedhela lha kok para kancaku tukang ojek
gemrudug byuk terus eneng sing nyandhak tangan kiwa lan tengen sing liyane
nyandhak sikil dumadakan bongkongku disurung mak bul mumbul disunggi bebarengan
njur dipanggul dening wong loro diarak rame kadidene piala bergilir dicekeli
wong akeh lan aku ora bisa ngales apa nulak apa piye mung nrima manut awit wedi
yen tiba lan wusanane didhukke mak jleg ing njero warung dilungguhke ing meja
pojok kidul njur padha nyalami karo padha ngguyu gumbira lan padha ngucapke
selamat sing saka rumangsaku kabeh mau kaya mung ing impen wae ndadekke aku
rumangsa bahagia sing ora kena diumpamakake nganggo basa lan tembung apa bae
sing rasane ora ilang nganti minggu bacute lan minggu bacute meneh lan saanane
wong ing kutha cilik iki rumangsa padha kenal kabeh karo aku sawise ing layang
kabar lokal fotoku wiwit dimuat jejer karo bupati lan para pejabat liyane wektu
diundang sawernane acara nganti meh sesasi muput sing aku ora paham maksud lan
juntrungane malah ana sawatara perusahaan sing padha nawani pegaweyan nanging
aku panggah puguh milih dadi tukang ojek wae amarga mesakke para anggota
paguyuban sing nangis nggondheli kuwatir yen dak tinggal mengko gek piye dadine
lan aku dhewe wis rumangsa sreg ngojek wae ora kepengin pegaweyan sing neka
warna banjur bareng karo lumakune wektu kang gilir gumanti wusanane ya sepi
bali nglakoni urip sing kaya lumrahe wingi uni sing sasuwene suwe ya paribasan kaya
wis ora ana tilase babar pisan mung dadi kenangan sing kadhang kala yen eling
malah ndadekke kudu ngguyu dhewe rehne ana lelakon kok ya eram tenan ngatonake
kuwasane Gusti kang tanpa bisa jinangka nalare manungsa lumrah
#cerkakawurawuran
#siswonurwahyudi,
Bojonegoro, 11022017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar