JANCUK ASU
rampung ing rina
kilat-kilat isih sesamberan
riwis-riwis dak plalah budhal
kanthi sisa bensin katon satlemik
bakal daktitik ing ngendi papanmu wingi
ing batin misuh nyupata rasa tresna iki
tan kena ditungka, dina sesuk kaya ora ana
paribasan niba-tangi bakal dilakoni
dak blandhang lakune si jaran jepang
ing dalan aspal kebak jejuglangan
nguber angen-angen ing rasa kapang
nyecep madune tresnamu kaya wingi uni
(klebus ragaku nilas kekecekan
dak bradhat kabeh sing semampir
wuda ngliga ing ngarep kori kamarmu
ra maelu sliramu lagi nglepus kepenak turu
bakal dak samber kaya macan marang mangsa)
aku klakon misuh nyupata tresnaku iki
dene wus peteng nglirwa mring kang sanyata
pocap tresnamu mung kembang tanpa rupa
wandane kaya wanodya kemben klasa
sore iki kowe dikekep lanangan lima
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 24022017
DHADHAKU WIS LEGAWA
kaya gendewa
gumreget atimu menthang langkap
tembung-tembung kebak eri lan rawe
ing lathi kagubel grengsenge wawa sewu mata
geni mbranang mbulat-mbulat ing teleng mripatmu
gumreget atimu menthang langkap
tembung-tembung kebak eri lan rawe
ing lathi kagubel grengsenge wawa sewu mata
geni mbranang mbulat-mbulat ing teleng mripatmu
aku ing ngarepmu
bagya ing rasa
bakal nampa
pidana
bagya ing rasa
bakal nampa
pidana
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 21022017
Bojonegoro, 21022017
kertu gambar diumbul sempyur
kekleyangan atut ilir angin
nuli tumiba ing sesuketan
sikil-sikil tanpa sendhal
sesorakane sundhul mega
kertu gambar diumbul sempyur
kertu mlumah diangkat dhuwur
lan sing murep teges kesingkur
(kertu gambar diumbul sempyur
nganti mung ana siji sing menang
sing kalah padha asok rupa kertu siji)
kertu gambar diumbul sempyur
gegantenan sing bathi lan sing tuna
tinampa gumbira tanpa rasa gendra
dene dina sesuk bakal dadi carita
carita tama bab fitrahe manungsa
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 24022017
digawa dipikul diindhit disunggi disangga
dicangking dikewer diseret disurung
iku mapan ing beda cara pranatane
dudu ing tembung apa ukarane
semono uga cara ngreksa atimu
nyugata rasa ing ngarsa biyung lan bapa
beda rinasa krana beda ing cara
dikempit dikekep dikukup digembol
disidhem didhekem digegem dislenthem
gur trima cara mawa sesinglon
kang abebasan nyimpen cecangkriman
kekarepan nyalawedi ing pulung atimu
sing mesthi bakal kabathang warsitane
krana Gusti Maha Wikan tuhu ora bakal sare
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 24022017
pandulumu
kaya geni nunyuk praupanku
lingsem ketemon dipilara kapang
ing rikala lelangen ing segara madu
sinambi nglukar mlathi rinonce
esemmu
kaya glathi nunjem atiku
ngrerintih ing awang-awang
ing rikala sih tresnamu sumarah
nyawiji manunggal mring jantraning rasa
ing kamar iki
ora mung trima nyimpen gambarmu
apa dene tlacak aruming sekar mlathi
ing lembar-lembar tembok lan cendhela
uga kasur lawas iki tansah angranti-rantu tekamu
mula wengi iki
sanadyan raga wus kepara kawus
bakal dak tlusur bali semili mbaka semili
lelakon rikala semana wiwit saka kawitan mula
minangka gantine sesorahing kapang katresnanku
lan sliramu gelema janji ora bakal maneh ngrucat rengkuhku
#siswonurwahyudi
Bojonegoro. 20022017
lelagonmu isih cetha
kaya keprungu lagi wingi wengi
ing plataran ginelar klasa pandhan
dedolanan jamuran apa cublak-cublak suweng
dhekik pipimu terang gumawang, esemmu cumleret
ngembari sunaring rembulan nrabas gegodhongan flamboyan
wengi iki aku lan rembulanmu
kapiran ing katresnan
#siswonurwahyudi
Bojonegoro. 21022017
ING CAGAK PENDHAPA
TANSAH MANJING LUH GETIHE PARA KAWULA
TANSAH MANJING LUH GETIHE PARA KAWULA
oh..
geneya
pikiranmu oncat
saka papan kang pesthi
babar pisan kowe ra rumangsa
yen luh kringet njangget ora nate mingset
kileng-kileng maesi crita kang maabad-abad lawase
manjing ing siji lan sijine cagak-cagak ing pendhapamu
papan kowe ngudal janji lan maesi bang lambemu rina wengi
ya luh kringet kepara uga tumetesing getih para kawula
saengga cagak-cagak kuwi tansaya jaya-jayengkerti
hamemukti pamorira mring sapecak salampahmu
paribasan tansah angrerabuk sekar taman
geneya
pikiranmu oncat
saka papan kang pesthi
babar pisan kowe ra rumangsa
yen luh kringet njangget ora nate mingset
kileng-kileng maesi crita kang maabad-abad lawase
manjing ing siji lan sijine cagak-cagak ing pendhapamu
papan kowe ngudal janji lan maesi bang lambemu rina wengi
ya luh kringet kepara uga tumetesing getih para kawula
saengga cagak-cagak kuwi tansaya jaya-jayengkerti
hamemukti pamorira mring sapecak salampahmu
paribasan tansah angrerabuk sekar taman
babar pisan kowe wis ora rumangsa
wis oncat warase bebudenmu
pindha celeng diajag
juguge asu kikik
ya gene
??!
wis oncat warase bebudenmu
pindha celeng diajag
juguge asu kikik
ya gene
??!
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 21022017
Bojonegoro, 21022017
DAK TITIPAKE PANGAREP-AREPKU
angen-angenku isih semendhe ing cagak pendhapa
sanajan atiku isih krasa kowang saben-saben nyawang
prasasat tanpa kendhat nitipake pangarep-arep
enggala sliramu ngungkal rasa-pangrasa
sumlurup ing gatraning para kawula
mumpung rung kena grahana
#siswonurwahyudi
Bojonegoro, 21022017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar