#4 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA



MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi



<Bagian 4>




IV.           MBATANG RAHASIA WELUT WANGKE

Reserse pulisi telu lagi wae mungkur sawise njaluk keterangan sing dianggep perlu minangka laporan bab kesaksianku lan wis ngrampungi anggone olah TKP bab kedadeyan kriminal isuk mau. Mula wektuku wis longgar kanggo ngaso lan apa dene sarapan, aku banjur nyandhak andhuk terus mlebu nyang kamar mandi. Rampung adus lan salin klambi sing resik langsung sarapan bareng karo kangmasku lan mbakyuku ipe. Rampung kuwi dijak kangmasku menyang latar mburi omah, ana kene tamane ketata rapi isi kembang rupa-rupa khususe didominasi dening maneka warna jenis bonsai. Kabeh tak sawang isih kaya biyen, sederhana tapi resik lan temata rapi bisa gawe sok sapa wae betah. Ing pojok wetan ana kolam isi iwak koi sing direnggani kembang trate urip. Kolam iki di kupeng wit-witan gedhe, wit sawo, wit pelem lalijiwa, wit duwet lan wit cempedhak. Ing sisih pojok kulon ana kurungan sing kira-kira ukuran limang meter mungsuh patang meter dene dhuwure kira-kira limang meter kebak manuk parkit lan glathik. Persis ing tengah kolam diwenehi gazebo saka kayu jati lawas mawa ukiran-ukiran antik koleksi asil tuku saka bakul barang antik. Wiwit biyen mula gazebo iki ora nate dicet apa dene diplitur, mung koleksi kayu ukiran sing panggah diumbar lan wenane cet pancet kaya asline ora diowahi babar pisan. Kangmasku ngarani gazebo iki minangka kantore ayake panggonan khusus kanggo nyambut gawe. Tak deleng arlojiku jebul wis ngancik meh jam sewelas awan.

Aku karo kangmasku langsung njujug gazebo, marmut-marmut sing ana ing kono langsung semburat metu padha mlayu menyang taman lan ndlesep mlebu marang panggon dhelikane dhewe-dhewe. Papan sing diarani kakangku kantor iki ya panggah kaya biyen kebak kanvas kosong sing ditumpuk, tripot kayu jejer telu lengkap karo lukisan sing durung rampung. Ana gitar akustik cementhel ing salah sijine cagak dibungkus tas saka bahan oscar alus werna coklat. Ing ndhuwur meja cilik ana kothak loro sing isi biola lan saxophone. Kangmasku nyandhak sapu banjur nyaponi jogan, dene aku enggal nyiapake klasa pandhan. Nuli aku karo kangmasku lungguhan nduwur klasa, ora let suwe mbakyuku ipe nyusul karo nggawa kopi rong gelas karo sepiring tela goreng lan gedhang raja secengkeh. Nanging mbakyuku anyar iku pamit ora bisa melu jejagongan awit akeh pegaweyan omah sing durung rampung. Lakune mbakyuku rada keganggu dening marmut-marmut sing padha pathing jrunthul ngrumpyung sikile, engga dheweke ngomel-ngomel lan iwut nggusahi marmut-marmut iku supaya gelema padha nyingkir ora nyrimpet lakune. Pancen kangmasku kawit jaka biyen senengane ngingu marmut, yen tak sawang kasaran cacahe marmut sing katon ngrumpyung sikile mbakyuku ana yen mung seket wae. Miturut katerangane kakangku marmut-marmut kuwi kabeh padha lulut yen karo mbakyuku ipe sing anyar iki. Kamangka sadurunge ora nate gelem lulut karo sapa wae najan karo kangmasku dhewe.

* * *

“Jandoman neng kene penak cung, ora bakal ana sing wani ngganggu. Mbakyumu wis paham 
  yen aku wis mapan neng kene tegese aku emoh diganggu sapa wae.” Ucape kakangku
  mbukani omongan.

“Kang, aku njaluk pangapuramu yen teka mrene ora nganggo aba-aba sadurunge. Ndadak wingi
  esuk perasaanku kudu budhal mrene methuki sampeyan merga saka rumangsaku wis ora kena 
  dipenggak meneh. Kabare kluwargaku apik-apik wae, sampeyan ora usah nguwatirake. Anak 
  lan bojoku sehat-sehat kabeh, usahaku ya lancar malah saya luwih maju. Dene aku teka
  ndadak pancen ana sing wigati sing arep tak rembug karo sampeyan minangka sedulurku
  paling tuwa, tur sapa meneh sing bisa takjak rembugan wong kangmasku sing sijine jelas ora
  bakal tertarik ngrembug hal-hal sing ora masuk akal. Ping pindhone aku pengin kenal
  karo mbakyuku sing anyar”

“Lha iya kuwi, wingi esuk bojoku crita yen dheweke ngimpi rumangsane kowe dolan mrene
  ditutke wong pirang-pirang sing wujude kaya prajurit kerajaan jaman biyen padha nggawa
  gaman tumbak lan pedhang. Nanging para prajurit mau ora melu mlebu omah, mung padha
  baris nyang latar ngarep. Banjur let sedhela bojomu telpun ngabari jarene kowe wis budhal 
  numpak pesawat arep mrene. Batinku langsung nggraita yen mesthi ana sing penting lan
  mendesak. Aku ya langsung mbatin iki bakal ana pratandha apa? Ngono cung, sing ana
  batinku wingi esuk kuwi. Ee… lha kok tenan, tekamu mrene durung-durung wis gawe 
  aku lan mbakyumu kaget poyang-payingan, jantung tuwa iki rasane kaya pedhot-pedhota. 
  Kakangmu iki njur banget olehe ngucap syukur marang Gusti dene kowe isa pulih sehat
  meneh, kepara dadi gumunku kapan olehmu blajar kungfu kok sakgebragan wae bisa ngringkus
  wong gedhe dhuwur sing nggawa gaman esuk mau. Mangka dhek bengi kondisimu isih kaya 
  ngono kae, lemes ora duwe daya. Rak ya eram ta sing kaya ngono kuwi? Ya apa ora?”

“Pancen iya Kang. Aja meneh sampeyan, aku dhewe sing nglakoni iki ya gumun setahun 
  gendheng serendheng. Aku dhewe ora paham apa ta sing sejatine sing nembe tak alami? 
  Mula aku njaluk pitulunganmu kanggo nglukar benang mbulet sing ngruweti pikiranku
 saiki. Amerga yen ora ndang tak rampungake aku kuwatir ngganggu pegaweyanku sing
 tambah tumpuk-tumpuk lan ora kena dilirwakke sedhela wae.”

“Ya ngono cung, kudune ya ngono. Aku iki kakangmu kowe ya adhiku dhewe. Yen ana apa-apa 
  kudune ora usah sungkan njaluk pitulungan, semono uga aku marang kowe utawa marang 
  kakangmu sing ana Semarang kana. Kabeh padha wae ora kena dibedak-bedakake. Wong liya
  wae yen butuh pitulunganku ya tak tulungi merga iku kewajibane wong urip, apa meneh sing 
  butuh adhiku dhewe. Rak ya ngono ta cung?”

“Iya Kang. Mula aku ya njaluk palilahmu yen menawa aku ana kene rada keladuk suwe ora kaya 
  sabene mung tilik marang sampeyan kae. Awit aku nggraita yen bab sing bakal tak lakoni lan 
  tak ayahi ana kene mbutuhake wektu sing suwene nganti kapan aku ora isa ngarani.”

“Kowe iki kok kaya karo sapa wae, wong iki ya omahku dhewe dadi ya omahmu uga. Sakbetah-
 betahmu kowe neng kene ora bakal eneng sing nyaruwe.”

“Maturnuwun Kang, wis gelem nampa aku lan gelem mitulungi aku. Mung aku isih bingung kudu 
 ngawiti saka ngendi, wong kabeh isih mbingungake kanggoku.”

“Mbok wiwiti saka ngendi wae padha wae ta cung. Mengko rak ketemu dhewe jangkepe. Wis ta 
  gek ndang crita, aku tak dadi pendengar yang baik.”

Aku njur meneng sedhela unjal napas landhung, mikir bab apa dhisik sing bakal tak critakke marang kangmasku. Sawetara wektu aku mung bisa clengang-clengung lan tolah-toleh. Dene kangmasku sajak ngenteni karo sabar, aku diumbar mikir lan nglumpukke pangeling-eling kanggo bisa miwiti crita kanthi kepenak. Sauntara aku meneng mikir, kangmasku nyandhak kuas lan cet lan wiwit oret-oret kanvas nutugake lukisane.

“Critamu tak rungokke sambi nggambar rak ora apa-apa ta cung?”

“Ya emoh Kang, sampeyan ya kudu nyang kene jejer aku.”

“Oo.. ngono? Ya wis yen ngono.”

“Sepurane ya Kang.”

“Ora apa-apa cung. Yen njalukmu ngono ya tak turuti. Nggambarku gampang, isa tak tutugke
  kapan-kapan.”

“Maturnuwun Kang.”

Kuas lan cet sing wis kadhung dibongkar saka wadhahe diringkesi maneh karo kakangku, banjur lungguh ana ngarepku. Sawise aku nyruput kopi rong sruputan aku banjur crita marang kakangku kena ngapa kok aku ndadak gita-gita mrene. Kakangku katon serius banget anggone ngrungokke critaku, bola-bali manthuk-manthuk karo unjal ambegan lirih. Nanging critaku mung tak kawiti saka garis besare wae, lan isih pathing pencolot.

“Kuwi mau isih garis besare Kang, durung tak rinci siji-siji. Sadurunge tak rinci aku arep crita
  dhisik sing mungkin ora eneng sambungane. Sampeyan isih kelingan pacarku sing tiwas 
  kecelakaan pas rekreasi biyen?”

“Wo.. ya kelingan ta cung. Kancamu kuliah sing bocahe putih gek ayune kaya widadari kae ta?”

“Ya Kang, adhik kelas rong tahun tapi seje fakultas.”

“Iya..iya.., wis ngerti aku cung. Eneng apa karo cah ayu kae?”

“Wingi rumangsaku aku lungguh jejer neng pesawat. Banjur ping pindho ngimpeni aku wektu aku
  perjalanan numpak taksi mrene. Aku kok rumangsa aneh, kaya-kaya kabeh iki dudu kejadian
  sing kebetulan.”

Kakangku njengkerutake alise lan bathuke sajak nyimak kanthi premana. Banjur tak critakke runtut impenku sing ngepasi perjalanan numpak taksi, kabeh tak critakke gusis marang kangmasku ora ana sing nyisa. Satuntase critaku, kangmasku katon mikir karo mesam-mesem.

“Woo… lha mangkane ambune sempakmu nganti kaya ngana kae. Lha wong impene kaya 
  ngono. Nanging kok aneh ya?”

“Apane Kang sing aneh?”

“Anehe kuwi kok njur marakke kowe dadi kaya wong mati kae. Anyep, mlungker kaku ora kenek 
 dieluk, kowe pucet kaya kapas gek pisan jantungmu mandheg ora katon ketege blas. Anehe
 meneh awakmu kaya lunyu nganti kangelan sing arep ngangkat.”

“Mosok nganti kaya ngono Kang?”

“Tenan cung, mula rikala aku lan mbakyumu sing lagi ana teras keprungu ana wong bengok-
  bengok tak kira ana kedadeyan apa neng njerone mobil kuwi. Jebul sing neng njero mobil 
  kuwi kowe sing kondisimu kaya ngono mau. Banjur tak gotong mlebu omah direwangi 
  tangga teparo. Si sopir wis pucet keweden yen nganti ana apa-apa kuwatir disalahke. Kepeksa
  aku njaluk tulung wong pirang-pirang supaya bisa enggal diangkat nyang njero omah. 
  Lha wong awakmu lunyune eram kaya kebak lendir, yen mung wong lima wae kangelan
  merga mrusat-mrusut wae. Gek ambumu wingi kae kaya mambu piye ngono, pokoke
  gandane aneh.”

“Mosok Kang?”

“Lha pas arep diturokke mapan nyang dipan kowe ujug-ujug kroncalan njur mrusut ceblok nyang 
  jogan merga saking lunyune awakmu. Wong-wong nganti pathing jlerit perkara kowe ceblok 
  mau. Kathik bar kuwi kowe meneng meneh ora obah, nanging wis isa ambegan tur ketege
  jantung wis krasa lirih-lirih. Akhire kowe dijunjung maneh menyang ndhuwur kasur. 
  Njur kowe muntah, sega soto sing saka njero wetengmu metu kabeh nganti mblabar ora 
  karu-karuwan. Karo mbakyumu dicelukke mantri suntik kanggo mriksa kowe, jarene Mantri 
  kowe wis ora apa-apa mung butuh istirahat. Njur tak gawekke jamu tak teteske lambemu kok 
  sajake kowe karep najan kawitanene rada nolak. Suwe anggonmu ora sadhar wingi kuwi.”

“Nganti kaya ngono aku wingi ya Kang jebule.”

“Ya cung. Tapi aku kok kaya nemu titik-sambunge karo critamu bab impen sing mbok critakke 
  sadurunge iki mau. Menawa wae pancen impenmu kabeh ana sambung-rapete lan sajake 
  nyambung karo sing wis nate tak alami watara limang tahunan kepungkur.”

“Mosok ta Kang? Sampeyan nate ngalami kedadeyan apa limang tahun kepungkur?”

“Ya padha karo kowe, wiwitane diimpeni terus nganti ambal-ambalan. Bola-bali tur impene ya
  padha kuwi-kuwi wae nganti aku apal urut-urutane. Mengko dhisik, aku tak takon marang kowe. 
 Apa impenmu kuwi kedadeyane kaya mapan nyang omahe Simbah?”

“Ya Kang, persis. Papan kedadeyane mesthi nyang daleme Simbah.”

“Lha, wis cocok cung. Cocok, yen ngono aku paham saiki. Sing diarani ‘Welut Wangke’ ya 
  kowe iki kira-kira batangane.”

“Aku Kang? Welut Wangke?”

“Iya, kowe. Ning aku isih kira-kira wae.”

“Welut Wangke? Aku kok durung mudheng ta Kang? Hubungane karo aku apa?”

“Ngene cung, sadurunge tak jelaske aku kudu kok critani dhisik nganti gamblang kabeh sing 
  eneng nyang njerone impenmu sasuwene iki.”  

Aku sakjane wis penasaran banget karo sing arane ‘Welut Wangke’, nanging kangmasku isih durung gelem njlentrehke apa sing dimaksud. Mula mbaka sethithik wiwit tak jlentrehke urut-urutane rikala impen-impen aneh iku ajeg mampir meh saben wengi. Wiwitane babar pisan ora tak gape, nanging suwene-suwe aku kaya nemokake pola-pola sing ngandhut sesandhi ana ing impen-impen kuwi. Mula saben aku kelingan lan yen ana kesempatan najan mung limang menit nyoba tak ramesi polane lan tak gambar tak catheti saperlune supaya ora klalen. Engga ora krasa cathetan-cathetan iku nganti numpuk sapirang-pirang, tak simpen dhewe ora eneng sing tak weruhi najan marang bojoku dhewe. Nganti tumekane impen sing tak rungu ana swara yen aku kudu enggal budhal dina wingi uga ora kena diendhe-endhe meneh. Miturut aku sawise tak teliti tak tlesih kanthi setiti akhire aku kok saya yakin yen iki dudu mung impen kembange wong turu. Impen-impen iku gegandhengan karo dedongenge Simbah rikala aku isih cilik biyen. Dedongengan sing ora saklumrahe dongeng kanggo bocah cilik sing umume kaya ta dongeng bab kancil nyolong timun, andhe-andhe lumut, timun mas, jaka tarub, lan sapanunggalane.

“Cathetan-cathetan kuwi tak gawa kabeh Kang, arep tak tuduhke nyang sampeyan lan njaluk
  tulung ngrewangi aku mbongkar rahasiane yen pancen iku kabeh ora mung sabaene impen
  sing ora ngemu arti. Nanging yen pancen ngemu surasa wigati, sing isa tak jaluki tulung 
  rumangsa batinku kok mung sampeyan. Mula aku banjur gagenan budhal amarga kaya wis 
  ora betah ngempet.”

‘Ya, ya,ya. Wis, wis, cocok. Cocok cung, cocok.”

“Cocok piye Kang?”

“Cocok karo sing tak angen-angen mau. Wis bener yen kowe ora crita sapa-sapa masalah iki. 
  Wis kowe menenga dhisik, ganti aku arep crita aja mbok sela.”

“Ya Kang, tak rungokke.” Jawabku disurung rasa penasaran.

Kangmasku nggeser bokonge lungguh luwih nyedhaki aku kepara rada mepet. Unjal ambegan sedhela banjur crita setengahe wisik-wisik. Mula aku ya banjur manglungke sirahku supaya kupingku rada mepet sithik. Critane dikawiti supaya kabeh sing bakal dicritake kakangku aja nganti keprungu wong liya najan karo mbakyuku ipe pisan. Sateruse kakangku nyritakake rikala limang-taunan sing kepungkur uga diredridhu impen-impen sing nyalawadi. Pawongan lanang tuwa minangka pathokan yen ana gandheng-rapete antarane impen-impene kakangku karo impen-impenku sabab ciri-ciri pawongan tuwa kuwi sajak padha persis karo pawongan sing ana ing impen-impenku sasuwene iki.

Sarehne kakangku rumangsa keganggu impen-impen kuwi banjur kakangku nyoba nlesih menyang dalem Simbah sing saiki suwung nanging digolekke wong sing gelem njaga lan reresik omah. Mung senthong pusaka wae sing ora oleh dileboni sapa wae kajaba waris turune Simbah kakung, mula sing ajeg ngresiki senthong kuwi ya mung kakangku mbarep amarga sing paling cerak saka dalem Simbah. Saka impen-impen iku kakangku kasil nemu petunjuk sing wusanane kasil mbukak senthong rahasia sing pranyata persis mapan ing ngisore senthong pusaka kuwi. Anehe, puluhan tahun ora ana sing weruh yen ing ngisore senthong pusaka isih ana ruangan meneh sing lumayan amba. Sapa sing bakal ngira yen ana kono bisa ketemu ruang rahasia. Wong mapane ruangan iku ing sak njerone lemah. Isine senthong rahasia iku sakliyane pusaka sing macem-macem jenise lan cacahe atusan pusaka uga akeh ditemu kitab-kitab kuno mawa aksara Jawa Kuno lan Arab pegon. Mula kangmasku nembe mangerteni kena apa biyen Simbah kakung meksa kakangku sinau maca lan tulis aksara Jawa lan Arab pegon, sing mulang ya Simbah kakung dhewe. Mula kakangku dadi ora kangelan macani kabeh kitab mau sing ditulis ing salumahe lulang jaran.

Ing salah sijine kitab kuwi disebutke yen kitab-kitab kuwi digawe saka lulang jaran lan ditulis minangka kuncine kori kanggo mbabar carita kuna lan kanggo mbubaki carita anyar ing tembe. Ya ing kitab kuwi sing nyebutake bakal tumekane si ‘Welut Wangke’ kang bakal dadi lantaran. Ing pungkasan kitab kuwi ditegesake maneh yen ciri-ciri tumekane si ‘Welut Wangke’ dikawiti saka kobongan pasar gedhe banjur disusul banjir sing gedhene durung nate kedadeyan, ping telune tekane mangsa rendheng setaun wutuh nanging akeh pageblug lan larang sandhang-pangan. Ping papate srengenge esuk kesaput grahana sing njalari bumine peteng lelimengan sawetara wektu. Ping limane, tumekane si ‘Welut Wangke’ dibarengi jaman wong sakndonya dikukup dening ramene pitenah saengga kangelan mbedakake endi sing bener endi sing salah.

“Lha, saiki yen tak grahita kok nyambunge marang kowe cung.”

“Kok sampeyan isa ngarani ngono?”

“ Ngene, kaping sepisan, rampung pasar gedhe sisih lore alun-alun kae kobongan gedhen let 
  sedhela rak njur sak kutha ketrajang banjir gedhe minangka tandha sing kaping pindho. Terus 
  tandha sing kaping telu mangsa rendheng setaun muput ya wis nate klakon sing istilahe 
  anomali cuaca. Kaping papate kedadeyan gerhana matahari total, njur sing kaping lima saiki 
  dong jamane pitenah lan berita palsu lagi merajalela sing diistilahake ‘hoax’. Dadi limang tandha
  iki wis kelakon kabeh.”

“Njur hubungane karo aku piye Kang.”

“Wis cetha, wingi kowe teka mrene diterke taksi wis wujud wangke, wujud bathang, tegese kowe 
  wingi ngalami mati najan mung aran mati suri. Terus awakmu lunyune padha karo welut. Sing
  luwih ngyakinake maneh, ing kitab iku diterangake yen si ‘Welut Wangke’ iku janma manungsa 
  sing tekane saka pepati lan nduweni kanugrahan kasekten sing sampurna tanpa tarak-pasa
  tanpa laku brata lan tanpa ana sing meruhi asa-usul kasektene.”

Aku mung bisa ndomblong krungu critane kangmasku, gumun lan isih durung bisa percaya.

“Aku kok rumangsa durung bisa nampa ta Kang?”

“Padha cung, semono uga aku ya ngono. Nanging yen kabeh mau mung kebetulan, kok jumbuh 
  banget karo isine kitab kuwi. Mula tekamu mrene wis ngalami runtutan kedadeyan wiwit budhal 
  nganti tekan kene kok rasane nyambung banget. Ditambah kedadeyan esuk mau kowe wis 
  kaya pendekar kungfu sing nyang filem cina, kowe rumangsa apa ora?

“Iya Kang, aku dhewe gumun kok aku isa ngono.”

“Lha, bener ta? Kari dibuktekake maneh bener-orane.”

“Terus piye Kang carane mbuktekake?”

“Mesthine ana carane. Nyang isine kitab iku elingku uga nyebutake tandha-tandha sing bisa dadi 
 petunjuk. Mula sesuk ayo nyang omahe Simbah bareng-bareng. Rahasiane kabeh ana nyang kana.”

“Aku manut sampeyan wae Kang.”

Setengahe percaya setengah ora, nanging aku percaya banget marang kakangku siji iki. Awit salawase urip aku durung nate weruh kakangku iku ngapusi apadene mung niyat apus-apus. Pawongane jer samadya lan apa anane, abang diuni abang, ireng diwanda ireng, putih ya dipathak putih. Nanging ana ing sajrone batinku isih tuwuh pirang-pirang pitakonan, mosok iya sing disebutke ana ing kitab sing dicritakake kakangku iku nyupata kaya ngono.

“Nah, aku kelingan cung. Yen salah sijine tandha kasektene iku si “Welut Wangke’ ora bakal mati 
  najan slulup ing banyu nganti sedina sewengi muput tanpa mentas tanpa napas. Yoh, jajal cung 
  saiki uga kowe slulupa nyang njero banyu kolam kene lawase telung puluh menit wae, yen 
  kowe kuwat lan ora apa-apa tegese wis nyeraki bener. Wis ayo dijajal, yen mung menungsa 
  wantah wae limang menit ora bakal kuwat.”

Aku kaget dene kangmasku muni kaya ngono kuwi, aku mung dlongap-dlongop. Nanging kangmasku tetep ngeyel lan bakal njamin ora bakal ana apa-apa tumrap aku yen gelem njajal slulup setengah jam wutuh. Sawise dipeksa wusanane aku nyaguhi, pokoke yen aku wis rumangsa ora kuwat aku bakal mentas. Ora kesuwen tanpa cucul aku langsung nyemplung kolam lan nyilem mlumah ing dhasare kolam sing ora pati jero. Wiwitane aku njupuk napas sakakeh-akehe sadurung nyilem nganti pipiku mlenthus kaya plembungan lan mripatku tak remke, tanganku tengen mithet irung. Ning suwene suwe mripatku taklekke lan nglepas napas sethithik mbaka sethithik saka lambeku nganti hawa sing ana ing cangkem entek. Rasane aku babar pisan ora krasa yen lagi ana ing njero banyu, njur tanganku tak singkirke saka irungku. Dalan-dalan napas pancen tak usahake aja nganti klebon banyu, nanging pancen ora krasa babar pisan ana banyu sing mlebu ing irung apa ing kupingku ora kaya sabene yen aku renang ing kolam renang yen ora tak tutupi mesthi bakal klebon banyu kabeh nganti slalapen.

Ing dhasare kolam rasane aku kaya mlumah ing sesuketan, iwak-iwak koi liwat slira-sliri ing sakupengku kaya cuek ora maelu yen ana aku ing kono. Rasa atiku kok njur dadi ayem, pikiran adhem, sunare srengenge sing katon saka dhasare kolam katon seje krasa anget ing kulitku. Malah aku isih pengin menikmati rada suwe meneh, aku yakin yen anggonku sesileman mlumah ing dhasar kolam iki wis luwih saka setengah jam. Tak sawang kakangku mbarep sajak seneng jejogetan ana pinggire kolam karo nyawang aku. Ing dhasar kolam iki panyawangku kaya luwih tajem tinimbang sadurunge, kabeh katon cetha wela-wela, nganti aku bisa nyawang kathi jelas kerut-kerut ing praenane kakangku sak bintil-bintil irenge pisan kabeh katon cetha. Pang lan gegodhongan sing manglung ing sakndhuwure kolam uga katon cetha nganti sak semut krisike pisan sing pathing gremet. Tak sawang maneh kakangku ngabani supaya aku enggal mentas, mula aku enggal wae mentas. Tanganku ditarik karo kangmasku terus dirangkul dikudang-kudang kaya bocah sing isih bayi abang.

“Meh sak jam cung, meh sak jam cung.” Unine kangmasku karo ngguyu lekek-lekek banjur 
  kekudangane marang aku diteruske maneh.

Aku durung nate weruh kakangku solah gumbira nganti kaya ngene, Saumur-umur ya nembe sepisan iki, mula tak umbar wae anggone ngudang aku nganti awakku diengklek-engklek ora karuwan. Ora krasa luhku sing wiwit ngembeng banjur drodosan krana keli marang swasana gumbirane kakangku

“Pranyata bener, sing diarani ‘Welut Wangke’ iku jebule ya adhiku dhewe.”Lirih ucape kakangku.


* * *

Ana candhake................ <Bagian 5>

Tidak ada komentar:

Posting Komentar