GURIT JANCUK (gurit dialek Bojonegaran)






#guritdialekbojonegoro
MAMULA TA MAMULA

tangisem mbarung-sinung ngembari udan sore
sambate kaya nggiring bledheg nyamber gladhag
solahem kaya kitir kebesus lesus sing nyandhing ulur-ulur
ulate prepetan njangkepi nggamenge mega-mega kmulonimbus
mangka tekane blahi ugung ngantek njawil pucuke genter
mangka pikir lan wadhagem blaka ijek utoh… toh
nok endi parane umuk sing mbokudal biyen?

(nok sawah manuk-manuk sriti miber kekejeran
nrajang  angin lan udan kaya jejogedan ngece-ece)

e... e…,mamula ta mamula
jantrane urip aja mbokgawe sepele
angkahem kuwi gak kenek mbokenggo cagak
lehem gela-gelo kaya kebo pethuk gupakan
dina mben kaya wis nok regeman
andhake saiki sida nemu daruna

(nok sawah kanca-kanca tani padha mikuli wineh
ayake dina sesuk bakal rame kadang sing tata tandur)

e…, mamula ta mamula
enek jejeg mesthi enek ruboh
sapa sing nandur mbesuke ngundhoh
tanja apa tuna gak prelu dikemah wantah
ngono kuwi wis prerogative gusti Allah
saiki jembuk gak usah diudhu pisoh
dina sesuk sapa sing bakal eroh
wis ta…., wis….! tangia…!

18122017
*


#guritdialekbojonegoro
JANCUK

takpeksa jangkahku bali muleh
diiring swarane prenjak sing cerik-cerik
lan rasa mureng iki gegandhulan nok sikilku
ati lanang iki wis kadhung sengkleh rojah-rajeh
jagad padhang kaya melok nyesegi njero dhadha
yagene surasa nok impen dhek bengi dadi kanyatan

udan wewe riwis-riwis anyles mepes geni njero dhadha
sakdawane bulakan pari-pari ijo royo-royo katon wiwit ambyak
lan angin sing sumilir ngudang derkuku lelagon tetembangan

jangkahku wis manteb
ati lan pikirku wis netep
nok sakdawane lurung bulakan iki
dina iki sing pungkasan sikilku napaki

(dina iki kowe wis ngerti
titiwanci aku bebas saka bui
takjanji kowe ape taksusul bali
ngrakit ukara anyar urip salaki-rabi
nanging dhek maeng kowe nggregetna ati
niyat mbokjarag kori kamar gak mboklebi
mripatem kumejer kedhep lampu disko
polahem, joget jaranan sentherewe
sing mlumah ngisore bokongem
tangga kiwa dhudha anak pitu)

jancuk !!!

18122017
*


#guritdialekbojonegoro
SUMUR TUWA IKI

sumur tuwa iki ijek nilas sakcleret gambar uripku
dina-dina nalika nekseni astane simbok ngulur senggot
aku nok sisehe, nyawang sinambi jungokan nok dhingklik

sumur tuwa iki wis pulohan taun koncatan nyawa
banyu bening sing biyen anyles seger kur karek dongeng
lirone sangkrah, lemah, krikil, watu-watu, tikus lan kadhal
sing biyen jerone sakgenter kari mung sadhengkule bocah

ijek cetha gumawang biyen nalika ing wengi-wengi tintrim
nok paturon tansah dikekep rapet nganggo tapehe simbok
uga gumeter astane bapak ngrangkul lan ngekep lambeku
(wengi-wengi sing aneh mawa swara-swara aneh saka sumur iki
ujug-ujug wae wis kuwasa ngrampas kaendahan swasana wengiku
mangka wengi-wengi sakdurunge kur enek swara ngerike walang
mangka dina-dina wingi ajer kober masi abyore rembulan lan lintang)
wengi-wengi tintrim sing nyalawedi nyimpen pitakon kebak misteri

sakwise telung puloh pitu taun aku bali muleh
niyat nguripi sumur kenanganku iki meneh
ya sumur tinggalane jenate simbah
nanging wusanane muspra
juntrunge perkara :
-    tangga-teparo gak trima
-    Lurah gidra-gidra
-    Koramil kipa-kipa
-    Polsek cancut melu kridha
ujug-ujug uripku kinepung baya

mak nyut.., gak krasa drijiku
obah nulisi awang-awang :
siji sanga enem lima  

18122017
*
Support/dukungan/apresiasi :




Tidak ada komentar:

Posting Komentar