Sinar Merah Blog: #6 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK ...
Sinar Merah Blog: #6 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK ...: MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG Penulis : Siswo Nurwahyudi ...
#6 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)
MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi<#Bagian 6>
Rencanaku dina iki mung cukup
sedina wae nyang daleme Simbah, kanggo njajagi kemungkinan lan fakta sing bisa
kanggo bahan nyusun rencana. Persiapan dina iki uga biasa wae kaya sabaene wong
arep klenceran mung sedhela. Kakangku semono uga, katon santai ora kaya wong
sing arep lunga adoh utawa ana bab sing penting. Kabeh lumaku wajar-wajar wae
ora ana persiapan khusus awit pancen ora niyat nginep. Nanging kertas-kertas
cathetanku kudu tetep tak gawa, mula enggal tak cawiske tak wadhahi tas ransel ora
lali kunci-kunci duplikat sakgomyok tak lebokke nyang bagasi mobil dhisik dhewe
kareben ora ketliwar. Banjur aku methuki kangmasku arep aba yen aku wis siap
mangkat kari ngentene kangamasku sing kawit esuk mau aku durung katon sawise
aku weruh kangmasku siram-siram tanduran ing latar ngarep lan latar mburi
watara sejam sing kepungkur. Malah sing keprungu swarane mbakyu saka ruang
makan aba-aba ngajak sarapan. Mula aku banjur enggal nuju ruang makan, ana kono
mbakyuku ipe wis nyamaptakake piring lan samubarang masakan ing ndhuwur meja
makan.
“Kange nyang ndi Yu, kok durung
katon?”
“Kangem ijek iwut nok kamar
nggoleki konci omah kidul. Jarene ketlisut mboh nok endi,
padhahal lagek
dhek Jemah Pon kae dingo niliki omah kidul. Aku ditakoki ya gak eroh,
wong
aku blas ora tau uthik-uthik konci omah kidul. Paling Kangem sing lali nek ndekek, kok aku
sing
didhedhes mosok ya eroh
aku.” Ujare mbakyu karo praupane rada mbesengut.
Krungu ujare mbakyuku ipe aku
nuli marani kangmasku nyang kamare, kori kamare bukakan ngeblak nanging isih
ketutup korden. Dak piyak korden kamare kangmasku, tak sawang kangmasku isih
iwut thilang-thiling lan mbukaki laci-laci lan lemari. Tak umbar wae sauntara
ora tak saruwe, yen wis kaya ngono kuwi sabene ora bisa diganggu. Wusana
kangmasku sajak wis ketara katog nuli lungguh ing pinggir dipan dheleg-dheleg,
mripate nrawang adoh nembus tembok kamar.
“Ayo Kang, sarapan dhisik.”
Clulukku nyoba mecah swasana.
“Ya wis, ayo.” Jawabe kakangku.
Ora kaya dina wingi, swasana
sarapan esuk iki luwih jinem. Aku, kakangku, lan mbakyu ipe kabeh rada kurang
gairah. Sepisan-pindho mbakyu ipe nyoba ngencerke swasana, nanging mung betah
saklimah-rongklimah awit kakangku kaya wegah nanggepi. Aku ya mung trima meneng
wae amarga nyawang situasine ora pati kondusif kanggo nrambul malah kuwatir yen
dadi salah tampa. Sarapan esuk kapungkasan kanthi rasa ambar, aku wong telu
ninggalake meja makan tanpa gunem tanpa swara. Aku nuli njujug teras lan
lungguh sawetara kanggo menehi kesempatan marang pencernaanku anggone ngremet
sarapanku. Kangmasku nuli nyusul aku lungguhan ing teras isih nganggo sarung
lan kaos singlet putih.
“Piye Cung, koncine omah kidul
ketlisut embuh nyang endi? Tak goleki muser nganti sirahku
mumet ora ketemu.”
“Ya tetep budhal Kang, aku
nggawa kunci duplikat duwekku.”
“Masalahe kuwi kori senthong
pusaka tak tambahi gembok loro meneh. Njur piye yen mbukak
korine yen koncine
saiki ketlisut? Mangka tujuan sing paling penting kanggone awake dhewe
iku
nyang senthong pusaka.”
“Oo… ngono Kang?”
“Iya. Apa penake ditunda sesuk
ngono piye ya Cung? Dina iki koncine digoleki dhisik nganti
kepethuk.”
“Yen jareku penake tetep mangkat
wae Kang. Aku ya wis kangen swasana omah kidul. ”
“Ya wis, ayo. Aku tak salin
klambi dhisik, aja lali koncimu duplikat dicawiske.”
Let sedhela kakangku wis sumadya,
tak sawang penampilanne panggah gagah kaya biyen najan umure wis ora nom maneh.
Klambi grombyong setelan ireng-ireng kesenengane lan udheng gadhung sing
diiketke model ubel-ubel. Lunga menyang ngendi wae utawa nemoni tamu sapa wae
kakangku ajeg nganggo setelan ngono kuwi. Yen tak sawang satleraman kangmasku
ora mung marisi pakulinane Simbah yen rasukan nanging uga marisi garis-garis
wajahe Simbah mung bedane bentuk wajahe kangmasku luwih lonjong sethithik lan
dedeg-piadege luwih dhuwur tinimbang Simbah. Rambute sing wis mabyur putih isih
katon ketel diore dawa nutupi geger nambahi bawa-pangaribawa. Prabawane sing
anteng lan percaya diri ajer nuwuhake ati tentrem campur mongkog tumrap aku
minangka adhine.
Sidane aku lan kakangku mangkat
rada telat saka rencana, srengenge ketiga sing durung sepirowa dhuwur wis krasa
panas. Dening mbakyu ipe digawani bekal masakan komplit karo jemblem goreng
diwadhahi panci renteng gedhe susun telu mawa ukir-ukiran lan ora lali banyu
mineral telung botol gedhe plus tremos panas isi kopi. Sak piturute perjalanan
kangmasku luwih akeh jinem anteng sajak katon rada susah lan cuwa nanging nyoba
ditutup-tutupi. Aku bisa ngrasa pangrasane iki awit pancen wis banget apal
watak-wantune kakang mbarepku sing banget tak tresnani lan tak urmati iki. Ing sadawane
perjalanan kakangku luwih akeh nyawang panorama kiwa lan tengen sinambi
klepas-klepus menikmati pipa isi mbako Jawa sing khas aroma keluke.
* * *
Mobil silihan saka kancaku tak
enggokke ngiwa menyang dalan sing biyen rupa makadam nanging saiki wis dipaving
lan luwih amba sethithik tinimbang rikala semana. Watara pitung atus meter wis
tekan ngarep daleme simbah nuli tak parkir ing papan sing iyub sisih tengene
omah. Aku lan kakangku langsung wae metu saka mobil, kunci sak gombyok tak
wenehke kakangku dene aku niyat mbongkar bagasi lan ngusungi barang-barang
gawan menyang teras omah. Tekan pendhapa omah takdeleng korine ngarep wis menga
mula barang-barang gawan banjur langsung tak gawa mlebu ing ruang tengah tak
selehke ing ndhuwure meja marmer sing bunder nuli aku bali maneh menyang mobil
njupuk rantang isi ransum saka mbakyu ipe. Nembe wae nutup lawang mobil lan
nyangking rantang arep tak gawa mlebu omah aku keprungu swara serak lirih uluk
salam, swara sing wis tak apali duweke wong lanang sing umure sakpantarane
kakangku, mula salame tak jawab sinambi noleh marang pawongan kuwi.
“Piye wartaem, dhik? Suwe gak
tau pethuk.” Pitakone pawongan iku.
“Apik-apik wae Kang, sampeyan
kabare piye?”
“Seger kuwarasan. Dhewekan apa ambek
kakangem?”
“Karo Kange, kae nyang njero
omah uwonge. Monggo ta mlebu.”
Banjur aku wong loro mlaku
bareng nuju ngarep omah, ing kene masku wis ngadeg ing tlundhakan pendhapa lan
langsung nyambut kanca lawase. Kawitane wong loro iku mung salaman, banjur
tangan-tangane kemlawe adu jotos adu jurus. Sinambi mesam-mesem kakangku lan
kancane wiwit mundur sak jangkah njur pasang kuda-kuda, mripate padha-padha
nyawang kanthi waspada. Jurus mbaka jurus wis diwetokke nanging durung katon
ana sing kalah. Kakangku mlumpat nlorongake dugange sing diendhani mungsuhe
kanthi ngendhekake awake, nalika sikile
kakangku sajak ngarah menyang pilingane posisi sirahe digeser ngiwa nuli sempok
ing lemah karo tetep waspada marang serangan susulan. Aku milih nyingkir
munggah nyang teras, rantang rentengan lan tas kresek isi botol banyu mineral
tak deleh ing sandhingku. Wong loro iki isih durung gelem leren anggone tarung,
kepara solahe lan juruse saya cepet saya rikat trengginas. Tontonan gratis
ngene iki sing uga tak kangeni nalika wong loro iku kepethuk, kangen marang
endahe jurus-jurus silat tradisional sing saiki wis arang katon awit wis ora
ana sing neruske. Jaman saiki nom-noman luwih milih blajar ing organisasi-organisasi
silat sing gedhe lan sing wis kondhang. Latar ngarep omah sing jembar kaya
menehi kalangan sing longgar kanggone wong lanang loro kuwi engga uga njalari kepenak
yen ditonton saka liringan pendhapa sing mapane rada dhuwur tinimbang plataran.
Wusana anggone sabung dirampungi nganggo rerangkulan lan ngguyu bebarengan. Ora
krasa tanganku keplok melu bungah.
Wis dadi pakulinan yen sambang
omah kene aku apadene kakangku mesthi enggal nyandhak sapu lan kemucing kanggo
reresik njero ngomah, kancane kakangku uga melu-melu rerewang reresik plataran.
Dening kangmasku kabeh kori lan cendhela dibukaki kejaba senthong pusaka, awit
yen mbukak senthong pusaka kabeh kori lan cendhela kepara ditutup rapet lan
dikancing. Omah kayu kuna iki isih pancet kaya biyen-biyene, ing desa kene
anane ya mung siji thil iki ora ana tunggale. Umpamaa ana sing saemper nanging
panggah ora kaya daleme Simbah iki, kayune pilihan kayu jati tuwa wernane
kileng coklat najan ora nate kambon vernis apadene plitur.
Sakane perangan omah ngarep
kenceng pesagen patang puluhan senti lan dawane wutuh nem meteran, gebyoge saka
papan ambane telung puluhan senti lan kandele telung senti, jogane saka papan
rong puluhan senti kandele ana patang sentinan. Semono uga lawang-lawang lan
cendhelane kabeh saka papan kayu sing kandel lan mawa ukiran sing khas
Mataraman wetan. Omah sing perangan ngarep iki mapan kaya omah panggung sing
cagak-cagake tumumpang ing pondasi saka watu item wutuh sing dhuwure meh
setengah meter, dadi jogane ora tumemplek ing lemah. Beda karo perangan sing ana
mburine, wangunan rong perangan tengah lan mburi iki pondasine pendhek engga
jogane omah tengah sing rupa tegel watu onix bisa tumumpang langsung ing lemah.
Omah sing perangan mburi mapane luwih duwur sewidak senti amerga pancen posisi
lemahe luwih dhuwur sing sisih mburi. Omah perangan mburi biyen jogane mung
diplester semen abu-abu banjur telung tahun kepungkur tak pasangi keramik sing
corake tak pilihke mirip kaya corak jogan omah tengah, mung perangan pawonan
pojok panggah diumbar asli rupa lemah tanpa plesteran. Omah iki wis nate
dianyang rega milyaran nanging kakangku mbarep ora sarujuk yen omah sing
ngandhut sejarah iki didol marang liyan, kepara arep diusulke dadi benda cagar
budaya menyang pemerintah. Apa maneh ing salah sijine senthong ana pirang-pirang
wesi aji wujud pusaka tinggalane leluhur kang gedhe banget ajine.
Mapane senthong pusaka ing
wangunan omah sing perangan tengah sisih tengen sawise pringgitan, dene korine
madhep ruang tengah adhep-adhepan karo kamar tidur sing cacahe jejer telu.
Atiku krasa rada ser-seran nyawang kori senthong pusaka sing digembok telu
gedhe-gedhe. Critane kangmasku mbarep bab rahasia sing ana ing njero senthong
iki saiki gawe mrindinge wulu githokku. Rasa penasaranku tansaya ndadi kepengin
enggal meruhi dhewe kabeh rahasia sing ana njero senthong kono, sayang kunci
gemboke durung bisa digawa mrene awit isih ketlisut. Ora krasa epek-epek
tengenku wis nemplek ing lawange kori, lawang kayu satangkep mawa ukiran sing
digarap alus iku tak elus-elus sinambi mripatku nyawang nleser nyetitekake kaya
wong sing lagi sepisanan weruh lan gumun karo endahe ukirane. Saprana-seprene
lagi iki aku nganggit penting marang senthong iki, sabene aku ora pati maelu
najan wiwit cilikanku urip ing omah iki lan bola-bali sambang mrene sawise wis
pindhah biyen. Panyawangku kandheg ing bolongan kunci ing ngarepku, naluriku
nggeret mripatku kanggo nginjen isine senthong. Nanging ing njero kana ora
katon apa-apa alias peteng dhedhet. Aku banjur unjal napas alus lan konsentrasi
marang indra ing panduluku, mbaka sethithik petenge njero senthong wiwit
sumilak padhang lan katon ngigla ana tumbak-tumbak ngadeg dijejer lima. Ya mung
tumbak lima iku sing katon saka bolongan kunci iki, amarga pancer kencenge
bolongan kunci. Dene kakangku lan kancane keprungu lagi jejagongan gayeng ing pendhapa.
Aku enggal nyusul bali arep melu jejagongan.
“Wis rampung, Cung?”
“Durung Kang. Kari ngresiki
senthong sebelahe penepen.”
“Ya wis, lerena dhisik kene. Mengko
diresiki bareng-bareng wong ora pati kotor soale wis
rampung tak resiki dhek
Jemah Pon wingenane kae.”
Nuli aku wong telu jejagongan
sinambi nggayemi jemblem gawanane mbakyu ipe, tremos kopi lan gelas-gelas
kosong uga wis angkruk-angkruk ndhuwur meja marmer bunder. Dene barang-barang
sing maune tak seleh meja kene wis dipindah menyang bale persis ngisor
cendhela.
“Kang, aku tak takon ya?”
Arep takon apa Cung?”
“Nalika biyen kae sing nggladhi
sampeyan wong loro kok malah Simbah Putri kok ora Simbah
Kakung.? Apa biyen
Simbah Kakung ora bisa pencak silat apa piye ta Kang?”
“Wo…, ya ora ngono Cung.
Simbahmu Kakung iku ngelmu silate luwih unggul tinimbang Simbah Putri. Biyen
sawise Simbah Putrimu kapundhut aku wong loro iki ya banjur diteruske digladhi
Simbah Kakung nganti Simbah Kakung uga kapundhut. Sawise kuwi ya banjur gladhi
dhewe sakbisane aku wong loro iki kepriye murih isa ngembangke.”
“Lha terus biyen muride Simbah
rak mung loro sampeyan-sampeyan iki. Yen ora diturunke rak
ya eman ta Kang?”
“Gak usah kuwatir, dhik. Angger
malem Jemah lan malem Selasa wis enek cah pitu sing digladhi
nok plataran ngguri
omah iki. Yen malem Jemah aku diewangi kakangen, tapi kakangem gak
isa ajeg
saben Jemah.”
“Lha sing ajeg ya kudu kowe
dhewe, merga biyen sing diimpeni dikruyuk bedhes rak kowe.
Mula sing bisa
mulang nurunke ngelmu ya kowe, dudu aku.”
“Ya gak ngono sakjane, wong sing
tak nduweni gak enek sak empot-empote nek dibandhing
ngelmune sampeyan. Kathik
pawakane sampeyan luwih meyakinkan timbang modelku sing
nyethithet iki.”
“Ya ora. Wong nyatane saiki
kabeh muridmu wis luwih percaya nyang kowe tinimbang nyang aku
ngono kok.
Ha…ha…ha….!”
Pendekar loro ing sisih tengen
lan kiwaku iki duwe karakter sing beda, nanging kawit biyen runtang-runtung ora
nate pedhot nganti saiki. Yen kangmasku luwih los yen ngguyu apadene ngomong
nanging sing sijine luwih alus lan ngati-ati yen pocapan tur kepara luwih akeh
mung kewetu eseme tinimbang guyune sing mung lirih. Nanging lelorone
padha-padha ngugemi sipat lembah-manah lan andhap-asor.
“Ogak dhik, kakangem sing njarag
ngalah. Pas sawung wong loro ngulang trap-trapane jurus
biyen kae, cah-cah kuwi
mosok gelem tak ulang nek gak kakangem sing njarag ngalah.
Kangem ya ngono kuwi
wonge, senengane emba-emba ngalah. Padahal…..”
“Padahal pancen kalah.
Ha…ha..ha….!”
“Ah, ya gak leh. Wong nyatane
nek mungsoh sampeyan telung jurus patang jurus apa limang
jurus wae aku wis
keteteran.”
“Ya ora. Kowe iki katone
keteteran, nanging yen tak gempur terus malah aku sing kentekan
tenaga. Banjur
mbandhile aku sing kena mbok limpe nganggo jurusmu sing angel dibadhe,
kuwi kehebatanmu
sing aku ora duwe. Apa meneh yen wis metu jurusmu sing aneh, nyekre-
nyekre klewas-klewes nanging tenagane mbebayani. Yen trima ndhas kebo wae bakal ambyar
ora ngukup, lha yen kena sirahku bojoku sida dadi randha ndadak. Ha…ha….ha…..!
Yen wis udur-uduran ngalah-ngalahan
ngono kuwi bisa nganti dawa ora ana enteke. Ora trima tarung nganggo jurus
silat sing padha tandhinge, adu udur rembug ya padha-padha ulete. Siji lan
sijine kaya ora kesatan jurus bisa gawe gumune wong sing nyawang lan
ngrungokake. Aku dhewe kaya wong sing ora uman kesempatan babar pisan, dadi ya
mung bisa melu ngguyu lan mesem apadene manthuk-manthuk wae nganti puput
jejagongan. Kancane kakangku wusanane pamit krana dina wis ngancik nedheng
tengahe rina.
* * *
Aku lan kangmasku
klesetan ing gandhok kiwa sarampunge mangan awan, ana gandhok kene angin gunung
sing semilir saka wetan langsung rinasa seger ing awak. Panorama alam sing rupa
terasering persawahan katon endah sinawang saka kadohan kene. Ing langit mega-mega
stratus lelayangan alon-alon mangulon dhedhampyakan. Manuk-manuk dhali
kekliteran sliwar-sliwer munggah-mudhun tanpa kendhat, dene ing kana katon
manuk alap-alap loro kekiter anteng ing ndhuwure alas cagar alam. Potlot ing
tangane kangmasku sriwat-sriwet ing kertas gambar A3, tangan tuwa iku isih
katon lincah ngripta gambar-gambar endah sinambi klepas-klepus nyedhot pega
saka cangklong kesayangane. Pipa mbako model cangklong iku digawe saka sungune
kidang tinggalane Simbah kakung, ngelingake rikala Simbah kakung biyen karemane
uga klesetan ing gandhok kene sinambi tetembangan lan klepas-klepus persis kaya
kangmasku saiki. Mung kakangku mbarep iki ora pati bisa nembang, karemane
lagu-lagu barat irama jazz lan blues seje karo aku sing luwih seneng lagu-lagu
pop kaya Beatles lan Koes Plus utawa sing rada mambu pop-rock.
Sawise rumangsa tuwuk
klekaran ing gandhok kene, kangmasku ngringkesi alat-alat gambare nuli ngajak
aku nutugake reresik omah perangan mburi sing durung rampung.
“Gek ndang ayo, Cung.
Mengko selak sore.” Cluluke kakangku.
“Ayo Kang, kepenaken
neng kene malah marakke aku ngantuk.” Jawabku.
Beda karo omah tengah,
omah mburi iki senthonge mapan ing pojok tengen sisih mburi. Ing sebelahe utawa
mapan ing sisih tengah uga wujud senthong nanging fungsine minangka panepen. Dene
sisih kiwa bukakan ngeblak tanpa sithengan minangka papane nyimpen ubarampe
peralatan kanggo tetanen lan pertukangan uga kanggo numpuk sawetara kayu bakar.
Korine mapan ing sisih kiwa kanthi lawang kayu tumpuk rong perangan
ngisor-ndhuwur madhep sumur srumbung lan pekiwan, dene sing mapan ing gebyok sisih
tengen mung diwenehi cendhela model lawangan tangkep tanpa kisi-kisi lan ventilasi
ukuran semeter mungsuh semeter. Ing kene uga minangka ruang makan wujud meja
kayu jati kandel pesagi semeter mungsuh rong meter dikupeng kursi-kursi kayu
tanpa ukiran cacah wolu, dene mapane panggah kaya biyen ing tengahe ruangan sak
wetane pawonan. Perangan mburi iki sakane luwih cilik tinimbang rong perangan
omah ngarep lan tengah. Sakane mung pesagen telung puluh senti mungsuh telung
meteran dhuwure, kandele papan-papane uga watara karo tengah senti.
“Lha, Iki apa! Cung
kepethuk… Cung!” aku dumadakan dikagetake kangmasku sing mbengok
banter saka
njero senthong tengen.
Aku sing lagi iwut
nyaponi pawonan enggal nyusul kangmasku mlebu nyang senthong.
“Ana apa Kang?”
“Iki, koncine lha kok
kepethuk ana kene ta.”
“Endi ta Kang?”
Lha iki. Neng ndhuwur
meja iki.”
“Endi Kang, kuncine?”
pitakonku, awit ing panduluku ora ana kunci ing ndhuwure meja marmer
pesagi
sing ditudingi kangmasku.
“Iki lho, cepuke kok
jebule neng kene iki.”
“Kuwi rak cepuk, njur
kuncine endi Kang?”
“Koncine ya neng njero
cepuk iki ta Cung.”
Tutupe cepuk iku nuli
dibukak karo kangmasku, cepuk watu semu ijo mawa tutup muni klithik-klithik
nalika dibukak.
“Lha rak tenan, lho iki lho
koncine neng kene kabeh. Iki konci gembok senthong pusaka, sing
sak gombyok iki
kunci lawang ngarep lan kamar-kamar kabeh. Kok bisa neng kene iki piye?
Cepuk iki ora tau tak gawa mrene, cepuk iki panggonane neng kamarku kumpul karo
goci-goci
Cina. Kok bisa neng kene iki kepriye larah-larahe.? Aneh.” ujare
kangmasku gumun tenan.
“Aku kok ora nate tumon
cepuk iki ta Kang?”
“Iki cepuk giok asli
saka Cina, Cung. Sing nggawa wong Taiwan, olehku ijol nganggo lukisan
lima tambah sketsa loro. Wis setaun luwih tak kumpulke karo goci-goci Cina neng
kamarku,
tak enggo wadhah konci-konci omah kene. Cepuk iki ora tau mingket ya
ora tau tak gawa
mrene, saben tilik mrene sing tak gawa mung koncine thok
cepuke pangah yang kamarku.
Iki kok isa nyang kene iki piye? Wong lawange ya
koncinan kabeh. Jan aneh iki. Dek bengi
goci iki isih neng kamarku, sempat tak
bukak tutupe niliki konci-konci iki. Lha kok esuk
mau digoleki nganti mumet ora methukke jebule kepethuk neng senthong kene. Aneh ta Cung?
Apa kowe sing…..?
“Ora Kang. Aku durung
nganti mlebu kene babar pisan mau, ya lagi saiki ta Kang. Wujude cepuk
iki ya
lagi iki tak weruhi. Tenan Kang, aku ora ngapusi.”
“Ya wis, ora dadi ngapa
Cung. Aku percaya. Wis, ora usah didawa-dawa. Tiwas mbakyumu esuk
mau tak
srengeni.” Ujare kakangku nglegawa nuli njangkah metu saka senthong.
Aku uga njur melu metu
ngetutke kakangku saka mburi. Cepuk giok banjur di selehke nyang meja makan. Aku
mapan lungguh ing ngarepe lungguhe kakangku ing sebrange meja, panyawangku nuju
menyang cepuk dene kakangku nyekeli cepuk kuwi sinambi pikirane sajak nrawang
isih ngemu eram. Cepuk tutupe dibukak meneh dening kakangku lan kunci-kunci
ombyokan diwetokke kabeh diselehke meja. Ing antarane kunci-kunci iku aku
meruhi barang sing semlempit rupane abang.
“Kang, sing abang kuwi
apa Kang” pitakonku.
“Endi?”
“Kuwi lho, neng ngisore
kunci sing dawa.”
“Lho? Ali-ali iki kok
ujug-ujug kumpul neng kene?”
“Ali-ali apa Kang?”
“Iki ali-ali tinggalane
Simbahmu Putri, wis suwe ilang jamane Simbah Kakung isih sugeng biyen.”
“Kok bisa ketemu neng
kene ya Kang?”
“Lha ya kuwi Cung. Kathik
melu nyrubuk dadi siji karo ombyokan konci iki ya kepriye critane?”
Umpama dudu kangmasku
mbarep sing crita aku bakale ora gampang percaya. Nanging sing crita iki
pawongan sing banget tak percaya kejujurane. Mula aku ya melu gumun tenan kok
ana kedadeyan aneh sing terus-terusan wiwit aku teka nganti dina iki. Atiku wiwit
trataban, rampung iki bakal arep ana kedadeyan aneh apa maneh. Mula aku saiki
kaya blangkemen ora ngerti arep ngomong apa maneh. Kakangku uga ketara
lenger-lenger karo nyawang ali-ali sing nembe wae dilukar saka crubukan kunci. Tak
sawang mripate kangmasku katon kaca-kaca lan bola-bali unjal ambegan landhung. Banjur
ora let suwe kakangku mesem nyawang aku karo mripate isih kaca-kaca.
“Ali-ali iki saiki dadi
warismu Cung. Jajal enggonen.” Ujare kakangku mecah swasana.
“Emoh Kang. Aku ora
wani.”
“Ora usah wangu Cung. Tekane
ali-ali iki pratandha yen pancen warismu. Aku yakin mbesuk
mesthi ana artine lan
ana pigunane tumrap sliramu. Nyoh, gek ndang dienggo.” Ujare kakangku
semu
prentah.
Ali-ali tak tampani karo
ati trataban. Tak badhe iki ali-ali saka mas putih, bobote kira-kira telung
graman. Ana matane watu abang mbranang sing gedhene mung sak dhele. Yen kena
sunar mata watu iki banjur ngetokake garis-garis silang cacah nem. Rada suwe
ali-ali iki mung tak cekeli lan tak sawang wae.
“Kuwi sing jeneng watu
mirah delima, yen kena cahaya njur muncul ster nem. Kuwi nyang
pasaran regane
larang Cung. Enteni sedhela tak jupukke banyu.” Ujare kangmasku nuli
ngadeg
njupuk gelas kabehe lima.
Kangmasku menyat nuli mlaku menyang ngarep. Aku isih trataban nyawang ali-ali mata
abang sing ana tanganku, pikiranku ngrambyang ora karu-karuwan ora paham
dununge perkara. Kangmasku teka maneh wis nggawa banyu mineral sak botol sing
nuli ngiseni gelas lima ngango banyu kuwi. Ali-ali ing tanganku dijaluk banjur
dicemplungke ing salah sijine gelas. Sanalika banyu ing gelas iku malih werna
dadi abang. Aku saya gumun nalika gelas-gelas liyane ditumpuk-tumpuk ing
ndhuwure gelas isi ali-ali. Banyu ing njero gelas-gelas ndhuwure uga melu dadi werna
abang kaya tembus. Saya eram nalika diterangke dening kangmasku yen watu iki
klebu jenis rugby sing langka lan regane bisa milyaran ing pasaran permata.
Lagi iki aku meruhi keanehan lan keajaiban babagan batu permata sing mung sak
dhele nanging jebule dudu watu sembarangan.
“Biyasane isih bisa tembus
nganti gelas sanga, Cung.” Ujare kangmasku nambahi katrangan.
“Kang, apa becike ora
rembugan dhisik karo kakang sing nyang Semarang dhisik?”
“Bab apa?”
“Bab ali-ali iki Kang.”
“Ora perlu Cung. Kakangmu
Semarang biyen wis diparingi Simbah Putri uga wujud ali-ali mata
safir biru. Lan
sing tak enggo iki uga paringane Simbah Putri, matane kecubung wulung.
Mula
tegese ali-ali kuwi wis warismu.” Ujare kakangku karo ngedhun-ngedhunake gelas
banjur
njupuk ali-ali mata mirah diwenehke aku maneh.
“Tampanen, Cung. Aja wangu-wangu.”
Ujare kakangku teges lan manteb.
Kathi ati isih trataban
lan pikiranku sing isih gumun ali-ali mata mirah tak tampa lan tak enggo ing
driji manis sisih kiwa, nanging krasa rada longgar. Banjur tak pindah menyang
driji manis tangan tengen, mak slep.. pas ing drijiku lan katon manis.
“Pas, pas banget Cung. Dadi
wis bener kuwi minangka warismu. Ha…ha…ha… sliramu katon
luwih nggantheng Cung.”
kangmasku katon gumbira meruhi ali-ali sing sajak pantes ing drijiku.
Nyawang kakangku sing
ulate katon seneng aku mung bisa mesem, ing atiku isih krasa trataban najan wis
suda. Kakangku mesam-mesem bola-bali nyawang aku lan ali-ali ing drijiku sinambi
nglebokake kunci-kunci sing isih ana meja menyang njero cepuk watu giok.
“Wis, ayo bali dhisik
Cung. Selak kepancal sore.” Ucape kakangku ngajak bali mulih.
“Ora sida mbukak
senthong pusaka Kang?”
“Sesuk-sesuk wae. Atiku rasane
kepengin mulih dhisik. Gek saiki ayo enggal ditutup kabeh
lawang lan
cendhelane.” Ujare kakangku karo menyat nyangking cepuk giok ing tangan tengen.
Aku uga banjur menyat
njangkah nuju cendhela cedhak pawonan, nalika arep nutup cendhela aku kaget
nyawang njaba ana pawongan loro ngadeg ngungkuri cendhela. Atiku bali trataban
nyawang wong lanang loro sing gegaman tumbak sing aku durung nate wanuh lan
panganggone saemperan kaya prajurit kraton jaman biyen ngadeg nggejejer ora
obah. Ora krasa aku cluluk nyeluk kangmasku nanging swaraku tak gawe lirih,
krungu swaraku pawongan loro iku malik ngadep aku banjur mbungkuk urmat marang
aku terus bali madhep mungkur meneh. Cendhela enggal tak tutup rapet karo ing
batin nggraita mbok menawa wong loro iku muride silat kakangku sing nuju arep
gladhi pencak. Nalika tekan omah tengah kabeh lawang lan cendhela wis diberesi
dening kakangku.
“Wis rampung Cung. Ayo gek
ndang bali saiki. Botol banyu ben tinggal kene wae, rantang lan
piring digawa
mulih.” Prentahe kakangku.
Aku wong loro nuli metu
nyang pendhapa. Tak sawang saka ngarep lawang ing plataran akeh pawongan sing
panganngone padha karo sing tak temoni ing ngarep cendhela mburi mau. Lan kabeh
uga nggawa gaman tumbak, uga ana sing gegaman pedhang lan tameng. Aku krasa ana
sing ora beres, mula aku enggal takon marang kakangku bab wong-wong kuwi sapa
sejatine.
“Kang, pawongan semono
akehe kae sapa?”
“Pawongan endi Cung?”
“Kae sing nyang plataran
kuwi lho Kang.”
“Sing ngendi ta Cung?”
pitakone kakangku sajak bingung.
Meruhi glagat ora beres
iki tangane kakangku enggal tak geret mlebu menjero maneh. Kakangku katon
bingung marang pokalku sing dumadakan ngajak mlebu kanthi setengah meksa.
“Ana apa ta Cung?”
“Akeh wong Kang, padha
nggawa gaman tumbak lan pedhang nyang plataran. Aku mau ya
nemoni nyang ngarepe
cendhela mburi. Pakaiane kaya prajurit kraton. Sing nyang mburi mau
weruh aku
terus mbungkuk urmat. Tak kira kok muride sampeyan pencak silat, jebul tunggale
kok akeh banget.”
“Mosok Cung? Aku kok ora
weruh?”
“Tenan Kang. Mosok sampeyan
ora weruh, wong semono akehe kok?”
Aku lan kakangku
grenengan wong loro udur-uduran. Kakangku panggah mekengkeng yen ora meruhi ana
pawongan siji-sijia ing plataran, nanging aku ngotot yen pawongan sing padha
nggawa gaman katon cetha wela-wela. Malah aku uga krungu wong-wong iku
omong-omongan sak kancane barang. Aku sanalika kelingan marang ali-ali sing mau
tak enggo, ora krasa tanganku ndudut ali-ali ucul saka drijiku.
“Kang, coba ali-ali iki
anggonen.” Ujarku karo nyaut tangane kakangku lan tak dlesepke ing driji
jenthike.
“Karepmu piye Cung?”
“Wis saiki ayo metu.” Tangane
kakangku tak geret metu. Ing njaba wis ora katon maneh
wong-wong nyalawadi mau.
“Piye Kang? Sampeyan katon
apa?” pitakonku marang kakangku.
“Loh.. ya Cung. Pranyata
akeh wong nyang plataran kono.”
“Cocok karo sing tak
batin Kang. Pawongan kae bisa katon yen ali-ali iki dienggo.”
“Ya Cung. Sajake ya
ngono.”
“Jajal ayo rada nyeraki kana
Kang.”
Ora nunggu jawabane
kakangku, dheweke langsung tak geret alon-alon nyeraki plataran.
“Cung, wong-wong kuwi
padha mbungkuk urmat nyang awake dhewe, Cung. Kaya-kaya awake
dhewe iki
pemimpine.”
“Terus piye Kang?”
“Wis ayo gek mulih. Mengko
dirembung yen wis tekan omah wae. Ayo Cung!” ujare kakangku
terus enggal nutup lawang
lan dikunci sajak kesusu.
Sawise ngunci lawang nuli
aku enggal diglandhang mudhun nyang latar terus nuju menyang mobil. Mula mobil
enggal tak starter tak lakoke alon-alon metu saka latar. Tekan dalan paving
lajune tak banterke sithik banjur nalika menggok menyang dalan aspal enggal
tancep gas, atiku isih trataban kegawa kedadeyan aneh ing dina iki. Kakangku uga
isih katon semlengeren, ali-ali mata watu mirah ing drijine njur didudut
dilebokke cepuk giok sing kawit mau dicekeli rapet campur kunci-kunci omah.
* * *
Ana candhake............... <#bagian 7>
Langganan:
Postingan (Atom)