#1 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)




MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi


<bagian 1>


I.        BUDHAL NETEPI SWARANING IMPEN

Wis tak tetepi kanthi ati manteb linambaran sesangon nyebut asmane Gusti Kang Akarya Jagad lan sumarah total marang Sang Pangripta kabeh jalma kasar lan alus ing jagad, wiwit dina iki bakal tak tlusur kanggo mbabar wewadi sing nate didongengake Simbahku kakung rikala aku isih bocah biyen, lan apa ta sejatine artine impen-impenku sing banget gawe penasaran sasuwene iki.

Dongeng sing biyene mung tak anggep dongeng panglipur ing wengi minangka sangu putu-putune mapan turu. Ya dongenge simbah sing nembe wae tak mangerteni yen urut-urute crita kebak dening gegambaran sing nyalawadi. Dongeng sing wis watara setengah windu iki kerep ngreridhu jroning impen-impenku. Impen sing rumangsaku ombal-ambal panggah padha kedadeyane, kepara ing sawetara impenku rumangsaku aku bisa neba kepriye bakale urut-urutane kedadeyan sabanjure. Wiwitane tekane impen mung saklebatan tur jarak wektune arang-arang, nanging saya suwe saya kerep lan saya kerep nyambangi wengi-wengiku. Banjur gambaran kedadeyan-kedadeyan ing njerone impen iku nyambung-nyambung kanthi teratur kaya sawijining crita sing urut. Ya impen-impen sing aneh lan nyalawadi iki sing marakake aku banjur duweni niyat nlesih apa ta sejatine sing dikandhut jroning kabeh sing didongengke nalika Simbah Kakung isih sugeng biyen.

Mula jroning wektu pendhak sak Sapar iki tak coba nganam pikir ngeling-eling bab impen-impenku sing aku wis yakin eneng gandheng-rentenge karo dongeng-dongengane Simbah biyen. Tak tlesih mbaka saperangan, tak cathet kanthi setiti apa wae bab sing wis kasil tak ramesi maknane senajan aku dhewe durung yakin bener lan orane. Kabeh cathetan sing ora krasa jebule wis meh ngentekke kertas rong rim tak simpen tak kunci rapet ing laci meja kerjaku saben rampung tak setiti isine. Saka cathetan-cathetan sing wis tak rantam lan tak susun iki saya suwe saya katon gawang-gawang yen kaya-kaya pancen ana misteri sing dikandhut ing sambung-sambete dedongengane simbah lan kabeh kedadeyan sing ana ing impenku sing ambal-ambalan kerep nyambangi wengiku.

Wusana ing dina iki sawise dak rungu swara nyalawadi nalika impen iku bali teka meneh dhek wengi, sing kaya-kaya swara iku menehi prentah marang aku ing dina iki uga aku kudu wiwit mangkat mbabar puputane carita lan mbukak babakan carita anyar. Ing tembung swara nyalawadi ujar sing pungkasan ya mung aku sing bisa ngleksanani ora ana wong liya sing bakale kuwawa, malah bakal agawe cilaka yen dilakoni dening pawongan sing dudu trah waris lan ora antuk kanugrahan. Nanging senajan isih klebu garis waris sah turun-temurune Simbah Kakung nanging yen ora kinayungan kanugrahan ora bakal kuwawa nglakoni, ngono mau sing tak ngerteni saka unine swara sing nyalawadi mau. Senajan maune aku wangu-wangu nanging mbuh daya apa sing terus ngridhu pikiranku kaya-kaya aku kudu budhal dina iki ora oleh mendhe-mendhe meneh.

Mula esuk iki aku enggal wae tata-tata sarwa rerikatan kaya wong gupuh ndadekake erame bojoku sing kamitenggengen nalika tak kandhani yen dina iki aku arep bali menyang ndesa krana ana sing wigati lan ora bisa dipelung meneh. Kepriye ora eram, wong aku babar pisan ora nate crita bab impen-impenku apadene usahaku angen-angen lan ngeling-eling bab dongengane Simbah. Ngertine mung aku akhir-akhir iki asring ndongengi anak wadonku sing isih umur limang tahun sing jarene bojoku dongengane aneh lan ora masuk akal, ya iku dongengane Simbah Kakung nalika aku isih cilik biyen sing tak dongengake bali marang anakku wadon. Bojoku wusanane bisa maklum lan nglilakake mangkatku sing ngagetake dheweke krana ora udan ora bledhek kok dumadakan arep lunga sing ora nganggo ada-ada babar pisan. Bareng wis pana apa sing dadi wigatine anggonku arep bali nyang tanah Jawa pungkasane bojoku bisa nampa tur dheweke wis paham yen watekku ora bakal kena dipenggak yen wis duwe karep, apa meneh bab sing bakal tak tlesih menyang omah ndesa kana uga ana gegandhengan rapet karo bab waris sing enggal-enggal dituntaske.

Kareben urusan kanggo mangkat enggal karampungan bojoku melu rerewang nyawisake samubarang kalir sing bakal tak perlokake, dene aku enggal nelpon biro travel tak akon ngusahakake tiket kanggo dina iki uga. Nanging yen kepeksa ora oleh tiket, tekatku bakal budhal ngebis wae pokoke aku bisa budhal dina iki uga. Sawise yakin yen ora ana barang sing kesingsal, siji-maka siji barang-barang sing wis samapta ing ngarepku tak tata njero koper, ora lali saombyok komplit duplikat kunci omah ndesa sing pancen bakal dadi kunci wiwitan anggonku bakal ngayahi mbongkar rahasia ing dongenge Simbah Kakung lan mungkasi kabeh sesanti jroning impen-impenku sing marakake penasaran. Lan tumpukan berkas cathetanku ing laci mejaku tak bendel dadi siji tak taleni nganggo tali rafia.

* * *

Esuk watara jam setengah sanga aku drarapan budhal nyang Bandara Sukarno-Hatta numpak taksi nguber jadwal pesawat sawise dipesthekake dening biro travel yen aku kabegjan kasil oleh tiket siji amerga ana calon penumpang sing mbatalke tiket. Lan pungkasane pesawatku take-off persis jam sewelas luwih seket menit, kurang-luwihe rolikur menit sawise aku rampung mberesake administrasi lan dokumen ing bandara. Wusana pesawat kasil mumbul kanthi sampurna nyang ketinggian sing ideal, lakune pesawat njur bisa tata anteng engga kabeh penumpang rumangsa nyaman ing bangkune dhewe-dhewe.

Sabuk pengaman njur tak wudhari supaya mapanku bisa luwih longgar lan kepenak, nanging dhadhaku malah krasa trataban tanpa jalaran ndadekake ora jenak nggonku lungguh. Panyawangku tak uncalke sak njabane cendhela, cuacane sing cerah ngatonake grombol-grombole mega mendhung sing putih kaya kapas. Panorama sing akhire mbosenake lan ora bisa nglerem rasa trataban ning dhadhaku, mula tanganku sanalika ndudut salah sijine majalah sing sumlempit rapi ana kanthong bangku ngarepku. Nanging mbuh krana aku kurang ati-ati utawa pancen kegawa rasa ora jenjem ing atiku majalah sing tak dudut mrucut, tanganku reflek nyaut majalah sing ucul saka tanganku. Majalah malah ora klakon tak cekel kepara kesampe nuju bocah wadon ing sisihku ndadekake aku lan dheweke kaget lan njerit lirih bebarengan. Mula aku enggal-enggal njaluk pangapura marang dheweke karo tanganku njupuk majalah ing pangkone, dheweke mung mangsuli manthuk sethithik sinambi mesem lan mripate kedhep tismak marang aku banjur dheweke nutugake molak-malik majalah ing tangane. Mak jleg! Atiku njombla nyawang praupane bocah wadon iku sing rumangsaku kaya wis nate tak kenal suwe. Ora krasa mripatku manther nyetitekake cah ayu jejeranku wiwit pucuk rambut nganti pucuk sikile sing lagi slonjor kepenak. Olehku nyawang dheweke lagi leren nalika aku krasa kisinan awit sajake dheweke krasa yen lagi tak wat-wati, cah ayu iku noleh meneh nyang aku sinambi mesem manis nanging sorot mripate sajak rada menyelidik. Sanalika aku klinjeman lan ngambali njaluk sepura, najan kikuk aku meksa tak gawe sak sopan-sopane. Aku babar pisan ora bisa jenjem sak dawane perjalanan, rasa-pangrasaku saiki dadi campur bawur sing aku dhewe ora ngerti apa sebabe. Mangka lunga numpak pesawat ya wis nate tak lakoni makaping-kaping masiya ora kerep-kerep nemen.

Nalika kedadeyan njupuk majalah sing mencelat nyang pangkone cah wadon jejerku ora njarag tanganku senggolan karo tangane, kedadeyane mung sak srebetan nanging nuwuhake rasa geter semriwing ing atiku. Ditambah praupan sing putih resik kanthi mripat rada sipit, model irung mbangir rada mlengkung, lambe tipis sak tlemik sing mesem manis, rambute sing lurus sak ndhuwure pundak ngetokke gulune sing mulus, lan dedeg-piadeg pawakane, saya gawe atiku dhrodhogan. Kabeh sing katon marang dheweke ndudut kenanganku marang mantan pacarku wektu isih padha-padha dadi bocah kampus biyen. Saya tak awat-awati saya jebles kaya ora geseh, ora krasa aku kerep lirang-liring nyolong panyawang marang bocah ayu iki. Sing jelas cah ayu iki dudu mantan pacarku biyen, umur-umurane bocah iki isih saumuran bocah kuliahan, lan dheweke ora kenal karo aku. Ning ati wiwit duwe karep pengin ngajak kenalan, nanging babar pisan aku ora duwe kewanen. Ujug-ujug aku mesem dhewe nutuhi atiku sing dumadakan dadi cilik, ora sabaene watekku sing kulina blater lan ora nate canggung yen bab ngadhepi cewek. Pancen aku babar pisan ora tau duwe niyat selingkuh, nanging yen mung bab mbedani cewek ayu aku rung nate ngrasa kaya saiki.

Swasana sing ngene iki sing marakake aku saiki dadi kaku lan ora jenjem, akhire mung trima mingkem samba nyekeli majalah sing ora tak bukak blas nganti keprungu swara pramugari ngabani yen para penumpang enggal nganggo sabuk pengaman awit sedhela meneh pesawat bakalan landing. Tak sawang saka cendhela Bandara Juanda Surabaya wis katon saka kadohan, majalah sing tak klunthung ing tanganku tak balekake ing papan panggonane meneh. Banjur sabuk pengaman tak pasang minangka prosedur tetap sing kudu tak patuhi. Ora lali mripatku nyolong nyawang bocah wadon ing sisihku, lan mak tratab ndilalahe dheweke uga pas nyawang aku. Aku lan dheweke adu esem manis, kepara aku sing rumangsa kalah prebawa karo eseme sing luwih cerah lan luwih semanak.

“Eh, bocah kok ayune nyundhul langit”, unine swara ing batinku sing kebak rasa kesengsem campur getere dhadha ngempet kridhane ati sing ora karu-karuwan.


* * *

Ana candhake.... <bagian #2>.......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar