LAYANG-LAYANG KEMLAYANG
Gurit dialek Bojonegaran
#guritdialekbojonegoro
CARITA SININGIT ING KEMBANGE OTOK
ijek njangget nok tlapukan mripatku
nalika bokong cilik gemandhul kaya nangka
tanganem karo gegocekan pipa wesi, semilir
angin cilik dedolanan godhong-godhong asem
cerik-cerik kowe mbengoki emakem
rikala krikil-krikil lan kreweng takbalang nggecul
banyu kali cecipratan nduduli bokong nyenul
ngrusak pestane iwak-iwak wader cucut
banyu ngisor kretek kemricik iline
manuk bethet cemruwet ngulak-ulik, uga
guyuku nguntabna sikilem lumayu kethiyulan
dipapag rangkulsih nok dhadhane sang emak
kuwi selikur taun sing wis mungkur
godhong lan kembang otok takduduti
kanggo tandha dina iki aku methuki
andhakku kowe bakale kelingan
nalika ngajak aku dolanan pasaran
godhong otok, woh, lan kembange otok
takgegem saktangkeb turut lurung
saka kadohan kene kori omahem wis ketok
sore wingi, gak nyeja ora ngira
ngujiwat esemem nalika takliwati
(kembang-kembang otok nok regeman iki
niyat ape taksempyoka marang rambutem
kaya jaman cilik rikala aku mbebeda sliraem)
kretek cilik, kali cilik
panggah wangun, ora geseh ogak owah
takjaluk dadia seksi krentege jiwa lara iki
sing reroncen kembange ceplok piring, yaiku
reroncen wuyung jaka tuwa klawan randha kembang
nok gawangan kori, kupu pijer anguk-anguk
kinjeng ijo jejogedan ngudang pentile pelem lalijiwa
nok pang-pang wit waru sikatan sakjodho nguberi walang
menthok lan bebek padha mlayu gage-gage ngaleh
sikil iki saemba kaya mlaku sakjrone getere lindhu
kembang-kembang otok jroning regeman kekejeran
runtus nok mbun-mbunan drodosan melok gupoh, krungu
ketege dhadha sing njaluk rerenggan mawar biru semu wungu
mangka thukule wiji lan wineh kudu ngenteni mangsane laboh
Bojonegoro, 22122017
Siswo Nurwahyudi
#guritdialekbojonegoro
KEMBANG CIKOLE WAYAH ESUK
bumi Cikole kinepung pedhut
lan regemeng sunare srengenge esuk
gak kuwawa ngusir hawa atis lan angete kopi
kebon jagung nok ngarepku kur ketok
remeng-remeng
saka kadohan swara ocehe manuk maneka warna
ngisi swasana
adoh etan kana, geni alas kobong pereng gunung
Tunggul nrawang abang
mangsa laboh lagek wae miwiti mbukak mangsa
rendheng
lagu mangsane bocah-bocah cilik nlacaki
galeng-galeng kebonan
sigrak gumbira bocah-bocah kuwi rebut-kukut
jamur-jamur barat
swasana pesta wiwitane mangsa, sakdurunge
mangkat nuju sekolah
sing tuwa-tuwa mesem bungah sinambi mikul kan
isi susu sapi pohan
Cikole, karang padesan edi-peni lan semanak sing
ajer tak kangeni
Karang Tengah, Cikole
pedhut isih ngukupi atise esuk
tak turut galeng-galeng kebonan jagung lan
selada
nuju papan tuwohe jamur-jamur barat, menawa ijek
enek
sing disisakake bocah-bocah kanggo njangkepi
sarapanku
wis pancen rejeki, nok lore sumur enek loro
ambane sak lepek
: "si
Mas, badhe ka cai? Badhe ibak?"
Jenggirat aku njomblak
teh Entin bojone mang Momo
wong manis kembange jongkok sak tlatah Opas
nok siseh sumur njenggeleng adus kramas
eseme kaya ciu, kulitane kuning mrusuh,
lanjar gulune
tangane loro mapan nok sirah kekemul unthuk
sampo
oh… Entin, widadari kuwi ngliga tanpa
aling-aling
: "eh, teh Entin punten, abdi badhe
nyari suung di dinya."
: "di ditu aya dua dei, eta suungna katingalan,
sok cokot wae Mas."
kamisosolen aku pamitan, dhadhaku isih
trataban
jangkahku kaya sinurung setan, lakuku kaya
mendem arak
mak gabrus…, aku nyungsep nok bantala
Jamur barat loro mapan persis ngarep
irungku
duh Gusti, kula nyuwun pangapura
Bojonegoro, 19122017
Siswo Nurwahyudi
#guritdialekbojonegoro
CRITA SAKA PUTHUK
Srengenge awan, gagah tanpa mega
puthuk lemah cengkar lan wit-wit menyok
ngucap salam marang tangan-tangan coklat
mengkilat
tangan-tangan sing mataun-taun setya tuhu
marang darmane urip
cetha lan trewaca, garis teges lan guratan
sisa-sisa rikala jaman narayana
(srengenge awan, puthuk, wit-wit menyok, lan
angin ketiga, mesem semanak
semanak lan sumarah marang tangan-tangan kuwi,
netepi janji marang Gustine)
tangan-tangan coklat mengkilat, pengkoh digulawenthah
jaman
njegol siji mbaka siji wit-wit menyok nok
pereng puthuk cilik
sing rikala mangsa laboh dititipna nok larik-larik
dhangiran
uga siji mbaka siji, wuwohane wiji reh
pangarep-arep
kringet mbrubul liwat pori-pori poh-pinoh
iline
dene kranjang-kranjang kosong wis nyandhing
pikulan
sabar bungah ngenteni dikeloh dening
tangan-tangan kuwi
tangan-tangan tuwa sing pengkoh digulawenthah
rasa tulus lan ikhlas
#siswonurwahyudi, 19122017
#guritdialekbojonegoro
LAYANG-LAYANG
KEMAYANG
1. LAYANGE
KARJO
Sri,
andheng-andheng
nok pucuk irungem kuwi
umpama
isa, takeleh mengisor saithik rada ngiwa
dadia
kanca marang lambe tipis sing sak njlarit duwekem
terus dhasterem kuwi taksalini kemben bathik
motif Jambu Tulung
rambutem sing ngandhan-andhan takgelunge
ngembang terong
terus kowe takpotret tanpa wedhak, tanpa
celak, tanpa benges
semendhe nok wit jati gedhe nok tengah alas
kidul kana kae
sikilem jinjit saksiseh, mataem plerokna,
drijiem digeget
takcetake dadi kalender, rerenggan gebyog
kamarku
Sri,
umpama gelem, kowe takrabi
anak-anak mbrayah, nek prelu nganti cacah pitu
likur
suk emben diangon bareng, pakansian ngubengi
jagad,
nyang ngendi wae papan sing mbok senengi aku
trima anut
terus omahku iki ayo diambakna, gebyog blabag
diganti tembok
gagrag apa modhele sakarepem, saknjalukem aku
kur nedha-nrima
sing tandang reresik babu cacah pitu, satpame
sing prebawa cacahe telu
kabeh ruangan lan senthong ditempleki AC,
kowe ben gak ongkeben lan kringeten
piye Sri?
apa kowe gelem?
(kembang-kembang mlathi
wiwit nrucuk ngenteni mekar
semono uga si kembang kacapiring
mekare ngrantu tekane angin semilir
sing digadhang milir nggawa ganda arum)
2. LAYANGE
SRINAH
Kang,
bungah atiku nampa layangem
begja kemayangan wong wadon sing bakal
nyandhing
wong bagus pideksa sing mbrewu gak kepetung
donyane
pantes manis bawa-pangaribawaem, wibawa
tutur lan pocapanem
apa meneh yen nyawang brengos tipis duwekem sing
nyemu soklat kuwi
mendahneya rasane umpama klakon tumemplek nok
pipiku
Kang,
kok aku sing dadi paran pilehanem?
mangka kowe pantes yen nyandhing bintang
pilem
apa sampeyan gung wanuh? umyege tangga kiwa
lan tengen
awak iki lungsuran kembang saka taman sing kebak
uler lan sangkrah
sing taksandhang trima sarwa lucah,
gembolanku winehe jejember
sing erek padha nyingkang, sing adoh padha
cecamah
wis takdhadha amba dene drajatku iki
sakngisore kewan
mula nek aku gelem nimbangi, sampeyan apa gak eman?
Kang,
pesthiku iki wis cetha
patiku kur nunggu sagatra
takjaluk, aku lalekna
NB : takenteni wangsulanem
kirimen nganggo WA wae
(kembange pelem nok plataran
rontok keplandrang udan salah mangsa
tawon lan kupu pathing bilulung
trima pileh kembange kenikir, nok sesuketan
guyune kinjeng nyenthe-nyenthe)
3. LAYANGE
KARJO
Sri,
sepurane, wangsulanku gak takliwatna WA
layang iki minangka prasasti tresnaku marang
kowe
takjaluk simpenen aja sampek ilang
Sri,
kabeh manungsa duwe wirayat dhewe-dhewe
kejaba para nabi lan wali, kabeh nggembol
dosa lan wadi
penyakit lan dosa kenek direksa tamba apadene
pangapura
nanging rasa tresna, sapa wong sing kuwasa
nyaruwe
rasa tresna kuwi suci paringane Gusti,
semono uga aku marang sliraem
Sri,
laraem kuwi wis dadi laraku bereng
andhakku ape takgolekna tamba
pira-pira ragade, arepa menyang ngendi wae
tak jaluk kowe gelem takreksa
golek tamba imboh nyenyuwun marang sing
Kuwasa
awit mung welas asihe Gusti sing dadi
geganthelane
Sri,
sesuk esuk aku ape nok omahem
kowe ape takjak plesiran nok tengah alas
wis takcawisi kamera loro
takjaluk kowe aja nulak
tulung cawisna sangune rujak
(rembulane manjila ndadari
sumilak padhang kekepe wengi
lintang-lintang kumrelip ngancani
manuk-manuk bence nyebar kabar
mbesuk bakal tumeka rembulan kembar
nok pang waru dhoyong, manuk kukukbeluk
nembang gambuh minangka sesuluk
dene si gagak ogak wani uncal umuk
sing nok tegalan, walang-walang kayu
kesengsem kembange waloh sing kemayu)
#siswonurwahyudi, 19122017
#sinarmerahblog
Support/dukungan/apresiasi :
Tidak ada komentar:
Posting Komentar