#guritdialekbojonegoro
LELAGON
TANPA SWARA
lelagonem
tanpa nywara
nanging
ngemu maewu-ewu carita, tinatah cetha
wiwit
pucuk rambutem ngantek garis-garis dlamakan sikil
mripatem
sing wuta tumbal hoyag-hayige negara
begja
kemayangan gak ngantek koncatan nyawa
masiya
perehe jiwa ambek raga pancet rinasa njangget
lelagonem
tanpa nywara
lelagon
nalika laboh jiwa raga mbelani prasetya
nrasak
alas turut gunung nrajang pelore Walanda
wusana
nedha nrima siningkir nalika jaman ReRa
laskar
rakyat sing mbokgolong ogak diakoni negara
kepara
tahun patang puloh wolu katut melu dikunjara
lelagonem
tanpa nyuwara
nalika
ketiban pulung ndhalang wayang thengul
wayang
golek panji kairing gamelan pelog sing ngungklung
mecaki
lurung-lurung, ikhlas nyugata lelipuran sinambi wara
mawarta
nyambi nguripi jiwa-jiwa tamtama jroning dhadha para warga
murih
ngupata rasa adil lumawan julig lan kuwasane tuan-tuan tanah
wondene,
melu nggegulang wong cilik marang surasane kamardikan
opahe
mung trima kenek kanggo udut, ngiseni usus, ambek nelesi gurung
lelagonem
tanpa nywara
rikala taun sewidak telu omahem disulap dadi TK Melati
para-pere
kowe mileh turon kumpul tikus karo wedhus
ya
jaman bungah nglambari dina-dina pepaes nganten anyar
sinurung
jiwa tama melok njunjung dhuwur jaya-kuncarane bangsa
tumekane
gara-gara, tengah wengi tentara ngrampas padhange uripem
pasiksan
dadi sega jangan, saka bui sing siji nyang pakunjaran sing sicoke
sewelas
taun lawase, nuli kowe muleh nggawa raga lan ati rojah-rajeh
ndonyaem
peteng, tuntunanem kur pange nangka setengah dhepa
lelagonem
tanpa swara
kekancan
angin ketiga, nok tritisan sigeg njungok tetembangan
lelagon
sing kur kenek dirungu tumrap sing kanggonan lantipe cipta
tembang-tembang
ngrantes ngelingi kanca-kanca sakrombongan wayang
kabeh
wis tumpes bareng musnane gamelan ambek wayang sakprangkat
tumpes,
sing nyisa kur wewayang ginurit sakjerone lelagon sing tanpa nywara
Bojonegoro,
22122017
Siswo
Nurwahyudi
#guritdialekbojonegoro
SUMUR TUWA IKI
sumur tuwa iki ijek nilas sakcleret gambar
uripku
dina-dina nalika nekseni astane simbok ngulur
senggot
aku nok sisehe, nyawang sinambi lunggoh
dhingklik
sumur tuwa iki wis pulohan taun koncatan
nyawa
banyu bening sing biyen anyles seger kur karek
dongeng
lirone sangkrah, lemah, krikil, watu-watu,
tikus lan kadhal
sing biyen jerone sakgenter kari mung
sadhengkule bocah
ijek cetha gumawang biyen nalika ing
wengi-wengi tintrim
nok paturon tansah dikekep rapet nganggo tapehe
simbok
uga gumeter astane bapak ngrangkul lan ngekep
lambeku
(wengi-wengi sing aneh mawa swara-swara aneh
saka sumur iki
ujug-ujug wae wis kuwasa ngrampas kaendahan
swasana wengiku
mangka wengi-wengi sakdurunge kur enek swara
ngerike walang
mangka dina-dina wingi ajer kober masi abyore
lintang lan rembulan)
wengi-wengi tintrim sing nyalawedi nyimpen
pitakon kebak misteri
sakwise telung puloh pitu taun aku bali muleh
niyat nguripi sumur kenanganku iki meneh
ya sumur tinggalane jenate simbah
nanging wusanane muspra
juntrunge perkara :
-
tangga-teparo gak trima
-
Lurah gidra-gidra
-
Koramil kipa-kipa
-
Polsek cancut melu kridha
ujug-ujug uripku kinepung baya
mak nyut.., gak krasa drijiku
obah nulisi awang-awang :
siji sanga enem lima
Bojonegoro, 18122017
Siswo Nurwahyudi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar