#8 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)

MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG 
Penulis : Siswo Nurwahyudi


<episode 8> 


I.      VIII.      TALI LAWE ING KITAB KUNA


Buku kandel dijilid rapi ukuran A-4 tinumpuk ana telu ing pangkone kakangku sing anteng jinem ing kursi penjalin, siji werna samak kuning, sijine werna ijo pupus, lan sijine sing ngisor dhewe werna abu-abu. Swara adzan luhur keprungu banter ing teras kene, nanging aku wong telu isih katenggengen najan tamu wadon saka Walanda wis mungkur ana yen seprapat jaman. Seminggu meneh janji arep bali mrene ngrembug bab proyek penelitiane. Dheweke arep bali nyang Jakarta dhisik ngurus surat-surat lan perijinan proyek penelitian sing durung rampung.

Dak sawang kakangku katon lagi mikir jero, najan panyawange cemlorot adoh menyang awang-uwung nanging ngandhut kilatan-kilatan pikiran sing ora kosong. Ambegane temata alus nanging unjale rada dawa ora kaya padatan, beda banget karo unjale napas mbakyu ipe sing sajak ora jenak. Wusana mbakyu pancen katon ora jenak meneh jejagongan, nuli pamitan mungkur mlebu ngomah. Dene aku dhewe kaya kesirep swasana kebak rasa penasaran campur kuwatir marang sikepe kakangku sing ora sabaene, katon banget kakangku yen mikir abot. Sajak ngluwihi jaman narayana biyen nalika mikir biaya urip lan sekolahe adhik-adhike. Aku lagi bisa rada ayem nalika kakangku noleh karo mesem lan ngajak mangan, swarane mbakyu ya wis wongsal-wangsul celuk-celuk ngajak mangan awan.

Aku langsung nuju ruang makan dene kangmasku bablas pamit memburi nuju gazebo kanggo nyeleh buku telung jilid saka wong wadon Walanda mau. Ora nganti rong menit aku wong telu wis kumpul ing meja makan ngrahapi masakane mbakyuku sing saiki nyayur bobor godhong kunci lan bothok tempe campur teri lan lamtara. Rampung kuwi dialog ing meja makan mbahas topik tamu Walanda sing pranyata wujud wong wadon Jawa. Semu gumun semu kemekelen awit sadurunge ora nggraita babarpisan yen bulene jebul bule sing asale sakkampung dhewe ateges padha tunggal ras. Nanging uga gawe ngrantes ati krana babadan uripe sing kasamun rasa sepi kemlayangan kadidene anak sato ontang-anting kelangan babon lan kabesus lesus oncat-onclang saka habitat asale. Tekade, mumpung ana proyek penelitian ing tanah Jawa mula niyat arep nggoleki sanak kadange sabisa-bisane lan kudu ketemu senajan mung nemoni pathok lemah kubure.

“Piye? Sampeyan sida sanggup mbantu apa gak?”, pitakone mbakyu marang bojone.

“Ah, embuh. Tak sinaonane dhisik”.

“Sampeyan kudu teges, nek iya ya iya, nek ogak ya gak. Soale nganggo teken kontrak kerja bereng”.

“Lha iya, wong penelitian wae kok nganggo tanda tangan kontrak. Kuwi sing aku ora cocok, kaya mergawe proyek wae.”

“Kanggone dheweke iku pancen proyek ta Kang. Aturan nyang negara Eropa pancen kudu ngono. Sampeyan dipetung tenaga profesional. Mbesuk isine dokumen kontrak kurang luwihe unine nyebut jenis kontrak kerja sing uga nyebut honor lan lawase wektu kerja sama proyek. Ora mung sampeyan, kabeh narasumber ya mengko bakale oleh honorarium. Pancen wis mengkono aturan lan cara nyambutgawene wong kana”, aku nimpali nyoba menehi ngerti kangmasku sing sajak ora nate ngadhepi peneliti Eropa.

“Kuwi sing jenenge desa mawa cara, seje desa carane gak padha”, tindhese mbakyu ipe.

“Iki dudu urusan desa meneh, iki urusane beda negara. Desa karo negara kok dipadhakke”, ujare kangmasku sinambi menyat saka kursi terus nglewes menyang gazebo mburi.

Saka solah lan lakune aku paham banget yen kakangku lagi ora semangat, lan bab proyek penelitian iki katon ngreridhu ati lan pikirane. Menawa wae kakangku pancen ora kulina utawa durung mangerteni ithak-ithuke proyek penelitian ilmiah, wong pancene blas ora nate kambon bangku kuliah.

“Kangem kuwi bingung, arep ora ditampa kok ngesakna merga sing njaluk wong manca negara. Kathik sing nglantarna kanca sinarawedi padha-padha pelukise sing hubungane wis kaya sedulur. Arep ditampa kok nyalahi prinsipe dhewe, karepe moh mergawe terikat kathik nganggo teken kontrak bereng. Kangem kuwi ya ngono kuwi, aku paham aten-atenane”, ujare mbakyu ipe nerangake.

“Ya, Yu. Aku ya paham”, jawabku alon karo nyawang kakangku saka cendhela.

Dak sawang saka cendhela ruang makan kene kangmasku sagi sila lungguh sendhen cagak gazebo karo mbukaki lembar-lembar buku. Siji mbaka siji buku telu kuwi dibukaki acak banjur nyandhak buku cover abu-abu njur diwaca kanthi premana kaca mbaka kaca. Dumadakan kakangku rada mbengok nyeluk aku nanging pandulune ora ucul saka buku, aku kaget lan enggal sumaur. Jangkahku rada dak rikatake tumuju menyang gazebo nyusul kakangku.

“Eneng apa Kang?”

“Mrenea, kene lungguh kene”.

“Ya, Kang.”

“Coba delengen iki, sing ditulis neng ngisor garis iki basa ngendi?”

“Iki basa Landa, Kang”, sumaurku sawise nyetitekake catatan kaki ing buku kuwi.

“Kowe ngerti artine?”

“Ngerti, Kang. Ning ana kosakata siji loro sing kudu tak deleng neng kamus. Gampang kuwi Kang. Kari mbukak google translate”.

“Kowe ngerti tenan? Paham tenan?”

“Paham, Kang. Kene bukune tak artekke.”

Lungguhku sing maune adu arep dak geser pindah jejer kakangku. Nuli buku dak seleh jogan antarane aku lan kakangku. Alon-alon tak terangke yen tulisan Landa iki wujud catatan kaki, dene tulisan ing ndhuwure garis mujudake transkrip saka perkamen sing asli lan ditulis apa anane nganggo wujud aksara asline. Dene rong jilid buku samak werna kuning lan ijo pupus iku wujud lan isine cetakan saka foto asline perkamen.

“Sing rong buku kuwi aku wis cetha, Cung. Aksarane aksara Kawi, ning basane basa Jawa tengahan.”

“Oo… yen basa Jawa Tengah aku mesthine rak ya paham ta Kang.”

“Ngawur. Dudu basa Jawa Tengah. Nanging basa Jawa jaman tengahan. Antarane kuno karo saiki.”

“Oo.. ngono ya Kang? Tak kira basa Jogja Solo apa Semarangan sing saiki kae”.

“Ora. Lha yen mung maca lan nerjemahke sing rong buku kuwi aku bisa. Nanging sing eneng cathetane basa Landa iki aku kudu mbok kancani.”

“Siap, Kang. Jan-jane isine buku loro kuwi bab apa ta Kang?”

“Ya embuh, wong durung tak waca kabeh. Mengko wae lah. Wis kowe kana gek istirahat apa piye kana. Aku tak ngrampungke gambarku dhisik”, ujare kakangku mungkasi gunem sinambi nutup buku njur ditumpuk disurung menyang pojok mepet lemari kaca sing uga isi buku-buku lan katalog lukisan kang temata rapi.

Tanpa ngenteni sumaurku kakangku menyat ngadeg njur mbukak kain tutup kanvas sing mapan ing tripot sisih lor. Ana tripot telu sing wis siaga sak kanvase, ana siji sing kosong semendhe ing sisih wetan. Kakangku wis katon lungguh ing dhingklik kayu ngadhep kanvas isi lukisan saemper model gambar pawongan lanang sing katon wis wangun lan cetha karaktere. Lukisan kuwi isih disawang wae karo tangane loro diobah-obahake ing kiwa-tengene sirah, gerakane emba lagi grayang-grayang angin. Banjur disorohke nyang ngarep kanvas ganti driji-drijine sing obah-obah. Pungkasane epek-epek loro mapan ing pupu ngiwa-nengen dianggo kaya lagi klothekan kendhang njur tutuge nyandhak kuwas lan palet isi cet werna-werni. Aku mung wani nyawang saka pinggir gazebo. Tangan tuwa kuwi isih katon trampil ngobahake kuwas ing kanvas tanpa ana tremor babar pisan. Bola-bali tangane nyandhak pucuk andhuk sing semampir ing pundhak kiwa ngelap kringet sing mrembes ing bathuk lan gulune. Kala-kala leren sedhela kanggo nyetiti asil goresane, nanging babar pisan ora ngrewes samubarang sing ana kiwa tengene. Konsentrasine wutuh tumuju marang kanvas. Mula supaya anane aku ora ngganggu gawe engal aku sumingkir niyat istirahat nyang kamar utawa mbuh apa mengko sing tak lakoni yen ora bisa istirahat.


*****


“Heh, ndoke rene tak ndhari”, mbakyuku ngagetake aku sing nembe wae njangkah sesisih ing lawang mburi lan langsung nggeret tanganku tumuju ruang tamu. Najan swarane dilirihake meksa aku kaget lan manut wae kepengin ngreti apa sing dikarepake.

“Iki maeng Landa wedok tilpun neh. Jare gung sida budhal ngko sore. Ngko bengi nek isa awake dhewe wong telu dikon dolan nok hotel ape ditraktir mangan nok resto hotel. Piye?”, ujare mbakyu karo isih nywara lirih kaya wong bisik-bisik.

“Ya terserah Kange ta Yu. Aku mung trima manut”, semaurku uga melu nimbangi nywara lirih.

“Nek kangem gak gelem piye?”

“Lha ya kuwi. Aku ra wani ngarani Yu”.

“Terus dhek maeng piye? Kangem gelem nyanggupi kontrak?”

“Durung Yu. Wong bukune rung diwaca kabeh”.

“Nek rumangsaku kok gelem, tapi gak usah nganggo kontrak-kontrakan. Kangem kuwi uwonge angel-angel gampang. Nek wis kadhung sanggup mbok gak dibayar mesthi dilakoni, tapi nek emoh ya emoh”.

“Aku paham Yu. Nanging ya piye ya Yu?”

“Ya wis, karek koko kangem piye karepe. Tapi nek isa aja ditolak, ngesakna”.

“Muga-muga Kange gelem Yu. Yen karepku aja nganti ditulak. Nanging kabeh putusane mung ana tangane Kange.”

“Ah, emboh. Bingung aku. Wis ayo jagongan nok ngarep tak gawekna kopi.”

“Aku teh manis wae Yu”.

“Wedang sere ya? Eh, ya wis teh, wedange sere koko bengi wae enak, anget”.

Sinambi ngenteni teh manis aku lungguh klesetan ing jogan teras. Najan hawane rada sumuk nanging regenge tetanduran ing plataran lan angin sing semilir marakke hawane nggawa rasa ngantuk. Pikiranku grambyang tekan ngendi-endi, wiwit jaman nalika aku bocah cilik tumekane dewasa ing omah kene nganti dina saiki lan kedadeyan-kedadeyan aneh sing tak alami akhir-akhir iki. Aku njur kelingan cathetan-cathetanku sing isih kari ing bagasi mobil, cathetan sing nyurung krentegku supaya ngupadi batangane. Aku yakin yen batangane bakal ketemu ing daleme Simbah, nanging aku durung bisa mbayangake kepriye carane miwiti lan kepriye bakal ngluwari bab sing isih katon ruwet mengkone.

“Lho, lak malah turu klekaran nok jogan. Iki lho tehe karo kuwi kripike ijek nok lodhong kuwi”.

“Ora turu kok, Yu. Mung rem-reman thok karo ngenteni sampeyan”, jawabku sinambi enggal jekekal lungguh.

“Klesetan nok kene iki ncen enak, aku wae sering keturon nek slendhen jungokan nok kene”.

“Lha tehe kok mung siji Yu?”

“Wis kono nggo awakem, aku wis plempogen ki maeng”.

Jejagongan awan iki tak seja ora mbahas bab sing kedadeyan wingi nyang omah kidul. Sing akeh critane mbakyu ipeku bab asal-usul riwayat uripe nganti puluhan tahun urip nyang Bali dirabi pelukis Perancis sing nganti saiki galerine isih diurus mbakyu. Mula mbakyu sesasi sepisan mesthi lunga nyang Bali, kadhang telung dina kadhang seminggu. Kontrake galeri isih rolas tahun meneh, rencana ora arep diperpanjang. Isine galeri mung karya lukise kakangku karo wong Perancis mantan bojone mbakyu.

“Biyen ditunggoni dhewe, wong omahe ya nok kono.”

“Omahe sapa Yu sing dikontrak?”

“Kontrake lemah thok, bangunane mbangun dhewe.”

“Terus nek kontrake entek, bangunane piye?”

“Bangunane ya dadi weke sing nduwe tanah”.

“Kok ora dituku pisan wae?”

“Tanahe? Nok Bali kana nek gak wong Bali asli gak oleh tuku lemah. Kontrak thok oleh, nyewa pirang taun ngono terus isa diperpanjang nek sing nduwe tanah ngijini.”

“Saiki sing nunggoni galeri sapa?”

“Enek, wong saka biro travel. Kontrak, kerja sama limang taun nganggo perjanjian notaris atas namaku”.

“Suk emben yen entek kontrak?”

“Diperpanjang ya isa, ganti liya ya kenek. Sing penting padha mlakune, kene mlaku kono ya mlaku”.

“Sampeyan kok kersa rabi karo kange biyen piye?”

“Aku karo kangem kuwi wis kenal suwe, kerja sama wis suwe. Karo sing bojoku biyen, kangem wis dianggep sedulur dhewe. Intine saiki sing penting padha nitip awak. Aku karo kangem padha wae, wis padha umur butoh nata awak butoh ayem. Sing penting urip diniyati lan dilakoni apik, padha ikhlase. Padha-padha ngugemi janji aja ngantek blenja. Aku nyawang kangem ayem, atiku wis marem."

“Ya, Yu. Aku sing mung pirang ndina nyawang sampeyan wong loro melu bungah, sampeyan karo kangmasku wis katon cocok. Aku maturnuwun banget, Yu”.

Sabanjure jejagongan luwih akeh guyon mbahas bab pengalaman urip sing lucu-lucu. Jebule mbakyuku ipe uga pinter gawe crita sing mbanyol, gek basa lan dialeke sing khas nambahi banget lucune. Apa maneh yen tak jak guneman cara Inggris, logate sing medhok marakke basa Inggrise dadi rada aneh ing kuping nanging juntrung lan temata. Mula olehku jejagongan ya nganggo basa campur-campur, ana Jawa lan Inggris campur basa Indonesia. Solahe basa lan awake sing gandhes luwes imbuh modulasi sing ulem saya gawe kagumku marang dheweke. Ing batin aku ngucap sukur dene Pengeran Kang Maha Wikan wis paring jodho kang banget apike marang kangmasku sing banget dak tresnani. Semono uga rasa urmatku marang mbakyuku ipe iki tansaya kandel, awit dheweke pancen bisa ngenggoni sapantese dadi wong sing luwih tuwa nanging grapyak semanak kaya ora ana jarak najan lagi wae tetepungan.


*****


Srengenge sedhela meneh bakal mancik wanci surup, aku wis rampung reresik awak lan ganti kaos lan kathok cekak sport senenganku. Aku metu menyang latar mburi, kangmasku lagi siram-siram tanduran dene mbakyuku iwut makani marmut sapirang-pirang sing ngrumpyung pencolotan ing sikile. Kurungan-kurungan manuk tak sawang wis padha mapan cementhel ing panggone dhewe-dhewe. Jangkahku alon-alon nyeraki kakangku sing wis rampung nyemproti tetandurane.

“Eh, kowe Cung?”

“Ya, Kang.”

“Mreneya Cung, enek sing arep tak rembug. Penting”.

Aku ngetutake kakangku ing mburine mlebu gazebo, kaya sabene aku sakloron lungguh sila adu arep. Kakangku nuli nyandhak buku loro werna kuning lan ijo pupus, tanganku ditarik nganti awakku mepet lungguh ing sisihe tengen. Tangane kakangku nuli ngepuk-epuk tumpukan buku loro ing pangkone.

“Cung. Iki dudu buku sembarangan, asline pancen kitab. Isine sing kuning pancen dongeng, nanging dudu dongeng biasa. Sing ijo isine crita sing mawa sesandhi lan angka tahun kedadeyan jaman biyen. Wis tak waca kabeh. Wong Landa Jawa kuwi pancen pinter tenan, ngerti yen iki kitab istimewa. Kitab loro iki yen diwaca saktleraman wae kaya ora ana hubungane, nanging sejatine kitab loro iki nyambung banget amarga ngandhut jeneng-jeneng lan papan panggonan sing padha apadene saemper”, ucape kakangku kanthi swara lirih ing kupingku.

Kandheg sedhela olehe ngomong, kakangku mandeng mripatku karo drijine kiwa ditempelke lambeku pratandha aku diakon meneng wae.

“Jebule, iki kitab dongeng sing kerep didongengake Simbah marang kowe biyen. Lengkap, ya iki kitabe”.

Aku sakala njombla kaget, nanging karo kakangku enggal dithekem guluku sisih mburi ditarik. Lambene kakangku ditempelake kupingku.

“Sssstttt…!”


*****

Ana candhake..........<episode 9>
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar