#7 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)

MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
                                                            Penulis : Siswo Nurwahyudi


<episode 7>


VII.     TAMU PENELITI SAKA NEGARA WALANDA

Nalika mobil tak puter mundur ing plataran nuju garasi isih keprungu swara pungkasane adzan maghrib. Sakjane dudu wujud garasi mobil sing lumrahe khusus kanggo mapanake mobil, nanging mung landhesan paving trapesium warna abang lan pepayonan sirap saka duk kang tinata rapi lan rinengga hiasan sarwa etnik nusantara, rangkane kayu jati lawas bekas bongkaran pasar desa. Wong kakangku pancen ora nate duwe mobil, ya ora bisa stiren mobil dhewe mula arang-arang ana mobil sing cumondhok ing kene. Cekake, garasi iki minangka ruang serbaguna terbuka sing kena kanggo maneka fungsi. Ambane ana yen nem meter lan dawane kira-kira wolung meter, mapan mojok ing plataran sakiwane omah mepet tapel wates pager bata sing dijarag tanpa diplester, mujure mengetan turut tritisan selokan rinajeg rapet kembang puring maneka warna. Plataran sisih ngarep omah iki pancen ora nganggo pager kayu utawa tembok kaya tangga kiwa-tengen, nanging dirajegi tanduran urip kang tansah tinata rapi kawit biyen mula.

Aku sakloron nuli klentreng-klentreng nyangking gawan nuju nyang omah, pikiran lan ati isih kegawa rasa eram marang kedadeyan nyalawedi ing daleme Simbah awan mau. Dhadhaku dhewe isih rinasa dheg-dhegan lan jangkahku kalah rikat karo kangmasku sing sakjane uga kurang sigrak. Nembe wae munggah tlundakan teras wis dipapag mbakyu ing ngarep lawang.

“Sukur Alhamdulillah wis padha bali. Wis kana ndang resik-resik awak terus gek ndang madhang bareng. Koko tak critani, berita penting”, ujare mbakyu ipe sinambi nampani gawan ing tanganku.

“Berita apa?”, pitakone kangmasku.

“Penting pokoke. Koko wae tapi”, jawabe mbakyu sinambi balik kanan nuju nyang ruang makan.

Krungu ujare mbakyuku ipe ngono mau atiku tambah trataban. Gek bakal ana kedadeyan apa meneh? Disurung rasa penasaran aku enggal nuju kamarku, njur reresik awak lan ganti penganggo sing nyantai nuju meja makan. Ing meja wis tinata samubarang masakan sing aromane kasil ngrogoh nepsu manganku. Atiku isih krasa trataban nalika nyawang mbakyu sing lagi iwut ing sisihku, pikiranku isih kaliput rasa penasaran. Aku njur nyeret kursi njur lungguh ngadhep meja makan sinambi nata ati lan pikiranku, disusul mbakyuku ipe nyorohke piring sinambi mesem manis. Esem manise sing pancen tulus kuwi kasil ngredhem atiku mbaka sethithik.

“Wis kono ndang dikawiti, gak usah ngenteni kangem. Mileh dhewe, cempedhing godhong tela sambel teri apa lodheh kluweh? Saksenengem kono”, ujare mbakyu nyuwara rada banter kaya nyeja kareben dirungu kangmasku.

“Cempedhing sambel teri wae, cung. Mbakyumu nek nglodheh ndowerna lambe. Ha…ha…ha…”, keprungu swarane kangmasku saka njero kamare.

Aku mung bisa mesem, ora krenteg sumaur najan mung sakecap. Dak sawang ing sisihku Mbakyu katon sewot, lambene ngisor modot karo sirahe maju digelang-geleng kaya wong India nyang film ngana kae. Let sedhela kangmasku wis nyusul mapan lungguh ing ngarepku nuli disusul mbakyuku ing jejere. Aku wong telu wusana kelem ing sedhepe masakane mbakyu ipe sing pancen nyamleng khas masakan ndesa. Mbakyu dhewe ya katon tlaten ngladeni aku lan kangmasku kaya ngladeni bocah cilik umbelen sing butuh dicreweti yen lagi mangan. Kangmasku sajake ya emoh kalah, katone malah njarag macak ngalem kaya bocah cilik marang simboke. Ing batin aku kepingkel dhewe nyawang solahe pawongan sajodho sing banget unik ing ngarepku iki.

Aku lan kangmasku isih durung mingket saka meja makan, dene mbakyu wiwit reringkes mbaresi meja makan. Sajake kangmasku marem banget marang masakane bojone, olehe ngalembana kaya ora kendhat. Dene sing dialem kaya ora ngrewes, nanging aku bisa nggraita yen mbakyu ya rumangsa seneng antuk pangalembana.

“Wih…, manteb tenan Kang sambel terine. Coweke nganti mengkilat tak koreti”, aku nyoba mecah swasana.

 “Jelas manteb, sambel terine mbakyumu kuwi andalan kanggo neluk cintaku. Ha..ha..ha….! Rak ya ngono ta yang? Ha…ha…ha….!”, ujare kangmasku.

“Halaah…. Mbelgedhes!”, saute mbakyu mesem mlengos.

“Eemm…. Aku njaluk sepura, esuk mau wis gawe gelamu. Jebule aku iki pancen wis tuwa, wis wiwit pikun. Kunci wis tak lebokke mobil kok tak goleki nyang kamar. Ha…ha…ha…. Jebule bojomu iki mulai pikun. Sepurane sing akeh ya, muga-muga sesuk gak kleru ngeloni bojone wong. Ha….ha…ha….!”

“Mboyak… gak urus!”, saute mbakyu.

Aku setengah kaget krungu tembunge kangmasku. Nanging aku wis nggraita kang dikarepake nalika wong lanang tuwa iku ngedhepake mripat marang aku. Kabeh kedadeyan ing omah kidul aja nganti mbakyu weruh. Meh wae aku arep nyritakake kabeh kedadeyan sedina mau marang mbakyu. Aku uga njur menehi isyarat kedhep marang kangmasku tandha sarujuk sing dijawab esem cilik lan manthuk alon. Keprungu anggunge perkutut sesautan saka teras lan mburi omah, kangmasku enggal mingset ngadeg terus tumuju menyang teras. Aku ya njur nyusul kangmasku ora lali pamitan mbakyu sing isih nutugake reresik sisa pesta cilik ing meja makan.

*****

Watara jam wolunan bengi aku wong telu jejagongan ning teras kaya sabene dikancani kopi lan cemilan kripik gedhang lan tempe goreng. Kangmasku muter lirih lagu blues saka hp-ne, angin ketiga sing sabene ngilir nggeret hawa atis tanpa kendhat wengi iki ora sepiroa krasa ngiris balung. Mula wengi iki krasa luwih nyaman jejagongan ing udara terbuka kaya saiki iki.

“Jaremu mau ana berita penting, berita apa?”, pitakone kangmasku.

“Ya, sore mau ana tilpun ka Prancis, sesuk arep ana tamu ka Landa ape rene?” jawabe mbakyu.

“Landa? Kok sesuk wis tekan kene?”

“Ho-oh, wong Landane posisine wis nok Indonesia. Sampeyan sesuk isa nampa pa gak? Wonge njaluk kepastian.”

“Ya isa, wong adoh saka paran manca mosok arep tak tulak.”

“Mulane aku taren dhisik, tekon dhisik. Ngko nek aku salah mbok gremengi neh.”

“Lhoh… nek saiki malah arep tak ambungi kiwa-tengen ping satus wolulikur, ha…ha…ha….!”

“Modelem, gak isin enek adhike nok kene.”

“Ora, wong adhikku dhewe, ha…ha..ha….!”

“Wis menenga sik. Tak tilpuna wonge, mumpung enek sampeyan.” Ujare mbakyuku karo nyandhak hape.

Ora let suwe tilpune mbakyu wis klakon sambung. Sing njalari aku kaget kepati nganti ndomblong olehe mbakyuku guneman ing tilpun nganggo basa asing sing aku ora ngerti. Sing tak ngerteni mung lamat-lamat kaya basa Perancis, kala-kala campur basa inggris. Olehe ngethupyus rembugan kok katon lancar, saka antawecanane sing keprungu cetha amarga tilpune di speaker banter sing kana kok uga nyambung kepenak. Yen guneman basa Jerman utawa basa Landa aku isih bisa mangerteni awit aku lumayan lancar nguwasani, nanging iki aku mung bisa nebak sithik-sithik kaya pancen basa Perancis. Nanging kok eram, mbakyuku bisa lancar tanpa ana sing kamisosolen utawa piye ngono? Antarane percaya lan ora, wengi iki aku jan gumun setaun tenan. Olehku ndomblong plenggang-plenggong sajake disetitekake kangmasku, aku kaget nalika keprungu guyune kangmasku lirih nanging kepingkel-pingkel.

“Kok kaya basa Perancis ta Kang?”, pitakonku

“Bener cung. Prancis.”

“Mbakyu kok katone lancar?”

“Lho… bojone sapa? Mbakyune sapa? He…he…he…!”,  tangane kakangku njempol loro.

Mak nyut, aku lagi kelingan yen bojoku nate crita yen mbakyu ipe iki biyen telung puluhan tahun urip nyang Bali dirabi pelukis asal Perancis. Njur wusanane pisahan apik-apik amarga mbakyu ora kersa diboyong mulih menyang Perancis. Nanging kepriye larah-larahe bisa rabi oleh kangmasku iki aku sing durung mudheng babar pisan.

“Apa sing nyang tilpun kuwi mantane Mbakyu ya Kang?”

“Ya cung. Saiki wis nyedulur, wong pancen wis diniyati seduluran. Ya sedulur ya kolega, sahabat uga partner kerjaku sing setia kawit biyen mula nalika dheweke isih dadi bojone mbakyumu iki.”

“Oo… ngono ya Kang?”

“Biyen sing nggathukke aku karo mbakyumu ya dheweke. Yen tak pikir-pikir kok kaya serah-terima piala bergilir, kojure aku karo mbakyumu kok ya gelem. Ha…ha…ha…..! Mantenanku biyen ya dhekne kabeh sing mbandhani, aku trima bandha abab thok. Ha…ha…ha….!”

“Pancen jodho ora kena semono ya Kang? Nyatane sampeyan karo mbakyu ya katon cocok lan harmonis. Sempurna pokoke.”

“Piye yang?”, pitakone kangmasku marang bojone sawise ngreti yen olehe tilpunan wis rampung.

“Landane wis sesasi kontak liwat email karo dhekne. Jare kunsultasi masalah penelitian ilmiah, enek buku saka Jawa nok Leiden kana sing butuh wong sing kenek dijak omong. Sing eroh bongkot-pucuke hurup Jawa kuna. Mangkane terus diarahna nok sampeyan, merga dianggep sampeyan mumpuni tur critane nyangkut jeneng-jeneng desa nok daerah kuthane awake dhewe iki. Landane emoh dipandu wong sing wis ahli sarjana, njaluke wong sing kaya sampeyan. Bareng dicritani akeh-akeh tentang sampeyan langsung cocok. Landane sore mau ya wis tilpun aku bereng, tengah wengi koko wis teka numpak sepur. Nginepe nok hotel”, jlentrehe mbakyu kanthi serius.

“Lha terus pentinge sing ngendi?”

“Ah… sampeyan iki nek dijak omong angel pahame. Pentinge kuwi ya sesuk enek tamu saka Landa mbutohna sampeyan.”

“O, ngono?”

“Ya iya leh, kok….”

“Ya wis, ra usah nesu ndhak aku saya gemes pengin ngambung.”

“Ih.. moh, risi aku. Tuwek-tuwek kok….”

“Ha…ha…ha….!” guyune kangmasku renyah njeplak tur njarag mbanyol marakke kabeh melu ngguyu.

Jejagongan sabanjure dikebaki pitakonan kira-kira apa sing dikarepake wong Landa kuwi. Wong telu diskusi rada serius ngrembug sing mung isi pitakon tanpa batangan, mung mangira-ira kemungkinan-kemungkinan sing bakal diadhepi yen landane teka ndhayoh sesuk. Tumrapku dhewe iki kesempatan langka, lan ndadekake saya penasaran. Wis suwe dak rungu crita yen referensi tentang Indonesia sing lengkap malah anane ing negara Walanda kana. Salah sijine sesuk bakal nyupatani dhewe proyek penelitian ilmiah sing langsung dilakoni dhewe dening wong Landa. Kebeneran basa Landaku lumayan lancar, bakale bisa mbantu dadi translater.

*****

Tengah wengi, ing balkon mburi aku ngadeg ngrerem mripat. Napasku dak tata, konsentrasi marang indra pangrungon. Wengi iki aku wis niyat ajar ngendhalekake indra pangrungonku sing kerep gemrembyeng ora karu-karuwan. Sethithik mbaka sethithik wiwit bisa dak tata, nanging awak krasa gemeter lan kringet gobyos nelesi sakojur awak. Nadyan mangkono tetep tak peksa sakuwate murih yen wengi ora ngreridhu istirahatku. Lagi nedheng-nedhenge konsentrasi aku keprungu swarane sepur saka kadohan, mula konsentrasiku dak pantheng marang swara kuwi. Angkahku dak anggo media latihan pisan mumpung swara sepur kena kanggo pathokan awit swarane sing khas gampang dibedakake karo swara liyane. Swara sepur nuli keprungu cetha, malah rumangsaku swarane wong omong-omong ing njero sepur uga keprungu lamat-lamat. Mak dheg, aku kelingan yen wengi iki ana wong Landa calon dhayohe kangmasku arep teka numpak sepur. Ora krasa mripatku wis taklekke, lan konsentrasiku buyar sanalika.

Sinurung saka penasaran sapa ta sejatine wong Landa kuwi, kepriye wujud dedeg piadeg lan rupane, rikat aku mlumpat bleber nuju stasiun. Jangkahku lelumpatan kanthi ati-ati liwat papan-papan sing rada peteng supaya aja nganti konangan pawongan liya. Lan aja nganti tekaku kedhisikan tekane sepur ing stasiun. Olehku mudhun tak jangkani rada adoh ing dheretan pertokoan wetan stasiun sing wis padha tutup. Dak rasa aman aku nuli mlumpat mudhun, banjur rerikatan mlaku menyang stasiun, langsung njujug pintu keluar penumpang nganjir bareng tukang becak lan tukang ojek. Ora let suwe sepure wis tekan, dak sawang saka kene lawange gerbong wis padha mbukak. Atiku trataban amarga penasaran campur kuwatir dikonangi, mangka sesuk mesthi bakal kepethuk. Mula ngadegku dak gawe rada nyisih ndhelik ing antarane para tukang becak lan tukang ojek apadene para penjemput. Sikepku dak gawe anteng, ora thingak-thinguk kaya sing liyane.

Para penumpang wiwit mbrubul metu, panyawangku dak pantheng nyetitekake siji mbaka sawiji penumpang sing metu saka pintu keluar penumpang kuwi. Aku emoh kliwatan siji-sijia penumpang sing mbrubul metu. Nanging nganti gusis lan korine ditutup dening petugas stasiun babar pisan ora dak temoni wong Landa sing liwat. Nyoba dak takokake sawatara pawongan ya padha ora meruhi ana penumpang bule sing metu saka stasiun. Kuciwa banget rasane, wis kaningaya kok ora nemu begja. Nanging kepriye meneh wong aku durung nate wanuh utawa kepethuk rupane bule Landa calon tamune kangmasku. Lanang apa wadon, tuwa apa nom, dedeg-piadege piye ya durung ngreti. Nanging aku yakin banget yen ora katon bule Eropa babar pisan. Wusana kanthi kuciwa lan rasa penasaran sing muspra dak jangkahake sikilku menyat saka stasiun. Angin sing krasa semribit lagi ngemutake aku yen pranyata aku mung nganggo kaos kutang lan kathok kolor. Aku mesem kecut nggeguyu awakku dhewe sing setengah wuda kok lunga nganti tekan stasiun, mangka nyang kana ora ana tunggale pawongan sing keklamben kaya aku. Krana isin karo awakku dhewe, sawise mapan ing panggonan remeng tur aman enggal dak sengkakake anggonku lelumpatan bali mulih turut wuwung lan wit-witan. Tekan balkon omah langsung mudhun andha nuju kamarku niyat istirahat.

*****

Esuk aku tangi gragapan awit ing njaba kana wis katon padhang, pitik pelung kluruk ngungklung, ayam ketawa nyekiklik. Semono uga manuk-manuk parkit lan glathik pathing cruwet. Enggal aku nyandhak andhuk mlebu kamar mandi, njur jebar-jebur adus kramas pisan. Metu saka kamar mandi krasa seger sumyah, terus milih-milih klambi sing cocok ing njero lemari awit bakal ana tamu penting. sawise nemu sing tak anggep cocok enggal dak anggo, mutar-muter sedhela ngarep kaca lemari terus njungkati rambut tak tata sakrapi-rapine. Ora lali semprot-semprot minyak wangi, nganti yakin ora ana sing nguciwani njur menyat metu nuju ruang tamu.

Ing ruang tamu kosong ora ana pawongan mangka wis jam setengah pitu, nanging tivine mekan nyiarake berita pagi. Aku thingak-thinguk nggoleki mbakyu utawa kangmasku kok ora katon. Sabene kangmasku yah mene iki isih iwut ngrumati tetandurane ing plataran lan mbakyuku umeg reresik njero omah. Nanging tak inguki liwat cendhela lan lawang mburi kok padha ora katon. Jangkahku dak terusake menyang teras ngarep, ing meja teras wis sumadya kopi rong cangkir karo teh manis rong gelas ngapit sepiring kucur lan nagasari. Aku lungguhan ana teras nyruput kopi lan nyawel kucur siji dikancani anggunge perkutut ing gantangan.

“Lha iki apa. Tak goleki kok jebul wis nok kene.” Swarane mbakyuku ngagetake aku.

“Ya, mbakyu. Lagi sawetara kok”, jawabku sawise kepeksa ngulu kucur.

“Kok wis mlipit pacakanem, ape lunga nok ndi?”

“Ora kok yu, ana ngomah wae. Nunggu tamu Landa teka, mosok arep ditemoni awut-awutan.”

“Oo.. ya wis nek no. kana sarapan dhisik.”

“Mengko wae Yu bareng kange. Kange nyang ndi Yu?”

“Kae nok kantore ngguri kae. Wong ape enek tamu kok gak ndang siap-siap apa piye ngono leh.”

“Wis benke wae Yu, yen wis njogrog ning kantore ora kena diganggu.”

“Ya ogak leh, wong ape nyambut tamu wong manca.”

“Ya wis ben ta Yu, mengko yen tamune teka aku sing ngabari kange.”

“Esuk-esuk wis ngrasani wong, ayo sarapan.” Swarane kangmasku ngagetake.

Jebul kakangku wis ngadeg ing tritisan teras ngarep cedhak kembang ceplok piring karo mesam-mesem. Nuli munggah teras sinambi nyawang aku saka pucuk rambut nganti tekan pucuk sikil wongsal-wangsul. Banjur njangkah nyeraki aku, lengen klambiku dijewer diambu. Bali kakangku ngguyu marem, tangane malang kerik dhadha sak sirahe ditarik mundur nyawang aku mengisor-mendhuwur.

“Jian nggantheng tenan adhiku siji iki, yen klamben sarwa pantes miyayeni. Ambune wangi pisan. Wis siaga nyadhong dhayoh Landa tenan sajake. Ha…ha…ha…!”

“Ya Kang. Piye? Ana sing kurang apa ora Kang?”

“Wis, wis matoh jare mbakyuem. Ha…ha…ha…..!”

“Ya, kuwi lho terok adhikem kono. Mosok arep nyadhong tamu penting kok ambune ijek lebus kaya wedhus”, saute mbakyu karo epek-epeke nutup irung.

Keprungu guneme mbakyu guyune kakangku tansaya banter, nanging enggal mangkat mlebu omah. Let sedhela wae wis keprungu swarane wong adus gebyar-gebyur sinambi anil irama lagu barat. Tanganku dicandhak mbakyu ipe menyat langsung digandheng diajak sarapan nyang meja makan. Ing meja makan wis cemepak pecel mujaer lalapan kacang panjang lan kemangi uga ana gedhang ulin satundhun. Piring sendhok lan gelas uga wis cemawis, nanging aku panggah ngenteni kakangku. Rasane luwih sedhep yen sarapan bareng-bareng kaya sabene. Mula mbakyu wiwit mbengoki kakangku diakon cepet awit wis tak enteni sarapan ing meja makan.

Rampung sarapan, aku lan kakangku menyang teras lungguh jejagongan niyat nyadhong tamu sing durung weruh jam pira bakal tekane. Kaya ora ana bahan rembugan, aku lan kakangku jinem anteng nyawang lurung ngarep omah, nyawang endahe kekembangan ing plataran. Dak sawang kakangku bola-bali unjal ambegan landhung sajak ana sing dianam ing pikirane, kawistara uga saka pandulune sing ora pati jenak. Lambene ora kendhat nyemburake keluk saka pipa cangklong, bola-bali bokonge diingsret ing kursi sing dilungguhi. Dina iki arep ana tamu manca sing bakal teka nanging ora ana hubungane karo karya lukisan kaya adate tamu manca sing mertamu mrene. Tamu sing iki sajake beda karep beda urusan, menawa bab kuwi sing ndadekake kangmasku gelisah nganti kaya ngene iki.

Ati iki saya trataban nalika ana sawijining mobil mandheg ngarep omah. Mobil werna silver mawa ornamen tulisan lan logo sticker cutting sing nuduhake mobil duweke sawijining hotel berbintang ing kutha cilik iki. Aku lan kakangku enggal menyat ngadeg bareng tanpa semayan. Saka pintu sopir metu sawijinging wong lanang nganggo uniform resmi hotel terus mbukak lawang sing sisih mburi. Saka lawang mburi metu pawongan wadon rambut ireng ketel potongan sepundhak kekalung slayer bathik pekalongan. Dedeg piyadege lan praupane kaya nate tak kenal nanging kepethuke nyang ndi aku ora kemutan. Si sopir bali mlebu mobil meneh, dene si wanodya langsung nuju plataran bablas menyang teras.

“Kulanuwun”, dheweke uluk salam kanthi sopan.

“Mangga”, semaurku karo kangmasku bareng.

“Kula ingkang kala wingi sonten tilpun badhe sowan mriki”, ujare sinambi mesem lan ngajak salaman sing nuli ditampa dening tangane kangmasku.

Aku lan kangmasku thingak-thinguk nyawang wong wadon kuwi lan nyawang mobil bola bali, dene tangane wong wadon iku isih dicekethem kangmasku. Sajake apa sing digoleki kangmasku padha karo aku, endi bule landa sing jarene arep teka, saiki sing katon teka kok wong wadon Jawa.

“Lha tamu saking Landi sing badhe mriki pundi nggih?” pitakone masku sinambi nglukar salaman.

“Nggih kula niki tamunipun, Pak”, jawabe wong wadon kuwi sinambi ngenalake jeneng lengkape pisan.

“Lho.. njenengan rak piyantun Jawi, terosipun tamune bule saking Landi”, ujarku nimpali.

“Napa kula dipun parengaken lenggah nggih?, tamu wadon iku nyela.

“Oo.. inggih. Mangga-mangga lenggah mriki Jeng”, jawabe kakangku.

“Ee.. enek tamu ta ki maeng. Kok ga enek sing ngandari aku leh?”, mbakyu ipe sing dumadakan wis ngadeg tengah lawang.

“Inggih bu, kula sing tilpun kala wingi sonten.”

“Lho… njenengan?”

“Inggih bu, kula.”

“Mosok leh? Wong wingi tilpun ngangge basa Inggris kok sakniki saged cara Jawi leh?”, pitakone mbakyu sajak ora precaya.

“Nuwun pangapunten sakderengipun, panci leres saestu. Nggih kula niki tamu saking Landi menika.”

Aku wong telu cingak plenggang-plenggong pandeng-pinandeng. Dene tamu wadon iku mesam-mesem sambi mbukak tas sing dicangklong ngetokake berkas lan paspor banjur diaturake marang mbakyu. Aku lan kangmasku rikat melu nyetitekake paspor lan visa sing ana astane mbakyuku. Sawise cetha lan paham kaya kompak bareng anggone nyawang tamu wadon iku mendhuwur-mengisor ambal mbuh ping pira. Sing disawang panggah mesem ngujiwat. Aku dhewe ya eram lan kaget setengah percaya jebul tamu Walanda ing ngarepku iki wujude jibles wong Jawa lan basa Jawane ora ana cacate babar pisan.

Aku wong telu nembe paham wektu dicritani yen pancen dheweke iku keturunan Jawa asli nanging warga negara Belanda. Rama lan ibune asli Jawa Tengah wis pindhah kewarganegaraan Belanda, dene dheweke klairan negara Walanda kana watara telung puluh enem tahun sing kepungkur. Anak tunggal, dene rama lan ibune wis kapundhut kabeh. Dene niyate nyang Indonesia niyat penelitian ilmiah ngiras-ngirus nggoleki papan panggone leluhure. Sukur bage yen isih bisa kepethuk sanak kadang sing ana ing Jawa. Wis banget suwene dheweke nyidham kangen kepengin mangerteni tanah klairane wong tuwane lan kepethuk sanak kadange. Praupane katon serius, swarane saya lirih meh ora keprungu. Critane dumadakan kandheg, kapungkasan bareng tangise sing jebol kaya tanggul kabotan banyu banjir.

Ora krasa mripatku kok melu panas lan kekembeng luh, mbakyu sajake uga ngempet tangis. Mung kangmasku sing sajak anteng, kepara saya kewetu bawa-pangaribawane sing banget tak kagumi kuwi. Pikirku wiwit bisa nggraita yen wong wadon iki salah sawijine penumpang sing dhek bengi metu saka kori stasiun. Pantes yen dhek bengi aku ora kasil, lha wong bulene jebule wujud wong Jawa dudu bule Eropa kaya sing dak angen-angen wingi. Apa meneh yen mingseg-mingseg ngono kuwi jan jibles wong Jawa.

“Ee… jebul panjenengan saestu ta tamu kula? Nggih ngapunten kula mboten nggraita yen panjenengan, Jeng”, Pangucape kakangku manteb lan mrebawani.

*****
Ana candhake..........<episode 8>
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar