MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi
Penulis : Siswo Nurwahyudi
<episode 10>
X. WEDHARE AJI SAKA KOBONGE ATI
Atiku saya nggetem, anyepe banyu bengawan ora bisa
ngedhem atiku sing wis kadhung mubal. Nanging aku isih nyoba muter uteg ngakal
kepriye bisa males marang pawongan tuwa kurang ajar kuwi. Tinimbang cincing-cincing
klebus, rikat aku slulup nuli langen ing njero banyu runut paran iline banyu. Anggonku
langen sesileman krasa entheng wae, mula enggal tak sengkakake sakayange. Panyawangku
ing njero banyu padhang jingglang tanpa pepalang kamangka banyune bengawan ora
wening kaya ing kolam renang. Mula aku bisa kepenak sumlurupan menggak-menggok
kaya iwak lumba-lumba nalika atraksi ing Ancol kae. Wusana lelangenku kandheg
awit meh wae nggadhug papan sing rada cethek, enggal wae sikilku nggejug
dhasare bengawan njur mumbul nyuutt….. mentas saka banyu ninggal swara kecipake
banyu ceblok sing maune melu nglunja mendhuwur. Sikil tengen dakpancalake ing
lumahe banyu terus mlumpat nuju menyang dharatan sing katon ing tengahe
bengawan. Aku wiwit bisa ngendhalekke lumpatan kanthi pidakan lumahe bebanyon
lan asile lumayan, mapan tibaku ora pati mbleset adoh kaya sing sepisanan ing embung
mau.
Dharatan punthukan pasir iki ora pati jembar, yen
mangsa rendheng ora bakal katon amarga banyu bengawan dadi agung lan jero
banget. Aku apal banget awit wiwit cilik mula wis asring dijak kakangku mancing
ing bengawan kene lan wis nate dolanan ing dharatan sing kaya ngene iki nalika
mangsane ketiga.
Aku thilang-thiling nggoleki wujud pawongan tuwa
kurang ajar mau, jebul wong kuwi wis ngadeg ing punthukan sijine keletan banyu
watara jarak limang meteran. Eseme panggah katon ngece gawe ati panasku saya
mubal mbranang nyawang dheweke.
“Hem…. arep mlayu nyang ngendi meneh kowe?”
Sing panggah tak gumuni, wong tuwa kuwi yen ngomong
tanpa ngobahake lambe babar pisan nanging swarane keprungu cetha ing teleng
kupingku.
“Yoh.., aja sombong kowe. Kokkira aku arep tinggal
glanggang apa piye? Ora, laku pengecut dudu wategku”, aku mbatin karo nyawang
pawongan tuwa kuwi. Emosiku wis ngancik tekan bun-bunan.
“He….he…, njur kowe arep ngapa? Arep nesu? Arep ngremuk
balung tuwaku iki?”
Sepisan meneh wong tuwa kuwi kasil ngrogoh
pikiranku, nanging aku wis ora kaget. Mak blebeerrr…. Aku mlumpat niyat nyerang
dheweke saka ndhuwur, tungkakku daksiapake kanggo ngantem sirahe.
“Aja mlayu kowe”, unine batinku.
“Ora. Kene taktampanane”.
Epek-epeke kiwa diangkat niyat nampani dugangku,
sing tengen mapan ing ngarep dhadha. Weruh ngono aku langsung ngowahi
seranganku, saiki aku muter ing awang-awang ganti epek-epek tengenku sing
nyerang mengisor lan sikilku malik mendhuwur. Sing tak angkah serangan tanganku
mung kanggo kamuflase, dene yen tangane kiwa kena dak candhak aku arep langsung
muter awak ndugang cengele sakuwatku. Rasane atiku jan kebrangas tenan kepengin
mungkasi kelakuane sing banget murang tata.
“Huh.., kowe niyat arep ngapusi aku? Ora bisa
Ngger..!”, muni ngono kuwi dheweke enggal muter sinambi mendhek lan ngowahi
juruse.
Serangan tanganku tinampa angin kosong bablas
ngantem pasir mak juebug unine, dene wong tuwa kuwi sumingkir sakjangkah. Tanganku
taksendhalke mendhuwur nyurung awakku mumbul, nanging kena dicandhak terus tanganku
dipluntir njalari sakojur awakku melu munyer nengen ing angkasa. Sawise kuwi
tanganku disendhal mengisor tanpa bisa daklawan, nuli dakcoba mobitake sikil
miring memburi supaya bisa ucul saka regemane. Dheweke melu munyer nengen,
mlumpat salto mendhuwur ngliwati bangkekanku saengga aku melu kegulung mluntir,
solahe wong iki rikat kaya kilat. Dumadakan wae bokongku kena dicandhak meneh
njur diuncal mendhuwur, dheweke uga melu mumbul nututi. Aku emoh kedadeyan di
tungkak onclang kaya mau mula awakku enggal dak puter ngiwa sinambi ndugang ngarah
dhadhane. Kojur, seranganku tinampa entheng nganggo tangan loro banjur aku dibalangake
mak wuueerrr….. lan dheweke rikat nyusul terus sikile loro nunggang ing gegerku
sing lagi mabur kaya filem Superman.
Kanthi ati jengkel awakku dakputer ngeget, aku krasa
dheweke kepeksa mlumpat mendhuwur. Posisiku saiki mlumah adu arep karo dheweke
persis jarak sadhepa. Awakku isih mabur banter ora kena dakrem, dak puter
miring mengarep nanging dumadakan ana lawa mabur ing ngarepku. Yen ora enggal dakcandhak
njur daksingkrihke lawa kuwi bakal nampeg raiku, daklirik lawa kuwi
kelangan keseimbangan sidane ceblok mbuh kepriye nasibe dene awakku mluncur saya dhuwur.
Katon wit klapa jejer telu ing ngarepku aku siyaga
arep tatakan blarak njur niyat mlumpat nuju menyang embung meneh. Karepku nyang
kana mengko aku arep adu tandhing meneh karo dheweke tanpa konangan wong liya
amarga papane embung adoh lor-kidul ing tengahe persawahan. Nanging mak wuusss…
wong tuwa kuwi nyalip aku ndhisiki mancik pucuk janur njur mlumpat bleberr…. dene
aku nyusul ing mburine mlumpat lambaran blarak nusul paran arahe pawongan kuwi.
Kurang ajar tenan, dheweke sajake pancen bisa maca pikiranku. Dak sawang wis
ngadeg ing tanggul embung sajak njarag ngenteni tekaku.
Kaya sakedhepan wae aku lan dheweke wis adu arep
meneh. Eseme pangah ora owah, atiku saya krasa kemranyas panas. Aku wis pana
yen omong-omongan karo wong tuwa iki ora prelu nganggo swara, cukup liwat
batin.
“Aja ngece, aku isih durung kalah. Aku emoh ngalah,
najan tumekane patiku”.
“Bagus, ayo ndang wiwiti”.
“Yoh, iki tampanana”.
Sinurung emosiku sing wis murub, seranganku dakgawe
luwih dhahsyat kekuwatane. Dakcoba nganggo serangan melingkar, niyat muser kaya
angin lesus.
“Weleh, pinter tenan kowe Ngger”.
Nanging sing takpikir lan takrancang kabeh kena
dibatang dening wong iki, rencanaku bisa dibuyarake kanthi gampang. Malah saiki
aku bener-bener kaya klebu wuwu, ora bisa ucul saka serangane. Saobahku lan
saksolahku dipeksa nurut karo karepe dhekne. Tangan lan sikile saya rikat
kemlawe gonta-ganti, aku klakon dienggo dolanan kaya bocah lagi dolanan
robot-robotan. Aku saya kuwalahen nimbangi serangane, ambeganku wiwit krasa
ngos-ngosan lan kringetku mili kaya banyu grojogan. Nanging sing takgumuni
meneh, ora ana serangane sing nglarani babar pisan. Mula saiki dakwanekake
meneh nata serangan balik, mlumpat salto mundur ping papat terus pasang
kuda-kuda. Durung nganti seranganku dakwiwiti, aku wis kena dicandhak cengelku dipenek
mengisor nganti meh tiba njlungup. Banjur ditarik munggah, kaosku kena dibradhat
ucul kanthi gampang wae.
Awakku sida ngliga dhadha tanpa klamben, kaos duwekku
saiki ana regeman tangane. Batinku misuh-misuh, nanging dheweke panggah anteng
karo mesem. Gregeten aku mlumpat niyat ngrebut kaos ing tangane, nanging
kepeksa dakendheg lan sirahku taktarik mundur awit kaos ing tangane kemlebat
nuju pilinganku. Atiku saya nemen kobonge, nalika kaosku ing tangane malah
dianggo kadidene jeplak pecut nyerang aku. Kena serangan kaos aku tansaya
keteteran, dene dheweke katon saya kepenak anggone dedolanan kaya aku iki
wayang kulit ing tangane dhalang winasis. Wusanane sing ndadekake kobonge atiku
ora kena dakempet nalika clana bathikku uga kena dibradhat ucul sak sempakku
pisan. Aku wuda ngliga tanpa aling-aling. Raiku sanalika mbrabak abang
mawinga-winga, atiku njerit sora saka muring-muringku sing wis nyundhul langit.
Sawise kasil nglucuti kabeh panganggoku dheweke
mlumpat nuju tengah embung, age wae dak susul daksiapake serangan maut niyat
dakpungkasi wae krana wis kliwat wates gawe wirangku. Awakku krasa luwih
entheng tinimbang maune, seranganku luwih rikat kaya sambere kilat. Nanging dheweke
pancen dudu pawongan lumrah, saksolahku dheweke kanthi gampang nimbangi tanpa
bisa daksenggol najan mung sapucuk rambut. Tenaga lan dayaku takkerahke
entek-entekan, nanging panggah nyampluk angin.
Ing seranganku sing saiki, wong tuwa iku mung
lelumpatan ing sandhuwure banyu tanpa males. Kaya-kaya aku diumbar ngetokake
daya-tenagaku sing daksengkakake sakuwat-kuwatku. Dheweke mung endha ngiwa-nengen karo sajak ngece, njur mlumpat
ngadoh karo nuduhake klambiku sing isih ing tangane. Guyune digawe ngiklik
sajak niyat ngece aku tenan. Aku sing wis kadhung kewirangan wis ora nggagas
babarpisan marang isin, seranganku dakgawe bebas tanpa nutupi plananganku sing
angger dak tutupi gegodhongan bola-bali kasil disendhal ucul.
Sawetara wektu iki dheweke panggah lelumpatan ing
sandhuwure banyu, babar pisan ora ninggalake tengah embung. Saben dakburu
panggah kekliteran wae ngendhani lan lelumpatan lincah ing ndhuwur banyu kaya
salumrahe playon ing dharatan. Nanging wus daktekadi rasa wirang iki bakal dak
belani nganti tumekane pati. Menyang endi wae playune bakal dak uber nganti
kecekel, kepara yen bisa bakal dak remuk nganti kapok ora ilok. Nanging nganti
saiki aku panggah durung bisa ngrangket dheweke. Malah olehe ngece-ece tansaya
ndadra gawe ati panasku nglunja-nglunja tanpa umpama.
Angger dakburu dheweke ales ngadoh, semono uga
nalika banyu embung dak dugang muncrat ngarah dheweke panggah kasil diendhani. Dumadakan
saiki lagi dakrasa yen aku bisa ngawang ing sandhuwure banyu tanpa mancik. Aku kaget
nalika nyawang mengisor, ing njero banyu ana geni mbulat-bulat. Bareng daksetitekake
tenan pranyata geni kuwi kaya wujud ayang-ayangku ing banyu. Sanalika awakku
sakojur daksawang premati, lhoh…. jebule wujudku wis malih dadi geni murub ing
sandhuwure banyu.
“Hem… sampurna tenan”. Keprungu guneme wong tuwa
kuwi.
Dak sawang dheweke isih nyekel kaos lan clanaku ing
tanggul sisih wetan,
wis ora mapan ing banyon meneh. Bali aku nyawang mengisor, ayang-ayang urube geni saya katon cetha awit banyune wiwit anteng. Kanthi sinurung ati sengit sanalika aku langsung mabur tumuju manungsa tuwa tengik kuwi. Kari sakgayuhan wae bakal kena dak candhak, dheweke rikat mlumpat nuju ing pucuke wit turi nuli mak wuuss…. mlumpat ngadoh. Sakkala arep dak susul, nanging kandheg merga keprungu swara yen klambiku ditinggal ing wit turi, mripatku njur weruh yen pancen klambiku semampir ngumpul dadi siji ing pange wit turi.
wis ora mapan ing banyon meneh. Bali aku nyawang mengisor, ayang-ayang urube geni saya katon cetha awit banyune wiwit anteng. Kanthi sinurung ati sengit sanalika aku langsung mabur tumuju manungsa tuwa tengik kuwi. Kari sakgayuhan wae bakal kena dak candhak, dheweke rikat mlumpat nuju ing pucuke wit turi nuli mak wuuss…. mlumpat ngadoh. Sakkala arep dak susul, nanging kandheg merga keprungu swara yen klambiku ditinggal ing wit turi, mripatku njur weruh yen pancen klambiku semampir ngumpul dadi siji ing pange wit turi.
“Yen kepengin klambimu kobong gek jupuken saiki. Ha…ha…ha…ha….!
Semene wae wengi iki, sesuk meneh. Aja lali Ngger, sesuk bengi taktunggu nok
embung kono. Ha….ha…ha….!” Keprungu unine meneh nanging pawongane wis ora
katon.
Niyatku arep nguber kepeksa kandheg awit aku ora
kasil meruhi paran playune, perhatianku wis kebagi marang klambiku sing saiki
semampir ing pang turi. Dak tunggu sawetara, swarane wong tuwa mblegis kuwi wis
ora keprungu meneh. Mung keprungu rame swara jangkrik lan walang, uga manuk lan
sato kewan wengi liyane. Dak sawang kiwa tengenku, akeh janma aneh-aneh lagi
tumandang maneka warna. Aku banjur kelingan marang ali-ali mata mirah saka
Simbah Putri ing driji manisku. Ali-ali iki sing njalari janma ora katon dadi cetha wela-wela
wujude ing mripatku.
Nalika ana salah sijine janma neneka lagi liwat ing
ngarepku lan sajak nyawang aku tanpa kendhat nganti ndlenger, aku lagi kelingan
yen aku isih muda blejed tanpa tapih. Reflek tanganku enggal nekem barangku
sing paling premana. Dak setiti awakku wis bali normal, genine wis sirep. Angin
wengi mangsa ketiga krasa semriwing nunjem kulit. Aku enggal mlumpat nuju
klambiku ing pang turi banjur enggal mlumpat meneh ing salah sijine gubug sing
katon sepi. Kabeh isih teles kebes, dak beber siji-siji jejer ing galaran
pring. Enggal wae aku rerikatan klambenan tanpa maelu yen kahanane isih teles lan
krasa anyep ing kulit, nuli niyat bablas mulih. Nanging aku krasa ana sing
kurang, bareng taksetitekake jebul sempakku isih dakkewer ing tanganku kiwa.
“Oo…alah…kok bisa ngene iki piye aku?”, batinku
nutuh awakku dhewe.
*****
Ana candhake..........<episode 11>
Tidak ada komentar:
Posting Komentar