#11 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)


MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG 
Penulis : Siswo Nurwahyudi



<episode 11>


I.                 XI.   SESUKER ING OMAHE KANCA



Esuk rampung sarapan aku tilpun kancaku kandha yen arep mbalekake mobil. Dheweke ngomong yen lagi ora lunga, prei krana tanggale abang lan ora ana acara. Aku pamit kakangku lan mbakyu ipe, ora lali aku tawa menawa titip blanja apa sing dibutuhake. Mbakyuku banjur njupuk suwekan kerdus bekas lan pulpen nuli nulis pesenane blanja. Dak waca mung rupa butuhan sabun, shampoo, pasta gigi, lan sapanunggalane sing lumrah didol ing toko klontong apadene ing pasar modern.



Ing plataran aku tenggengen nyawang akeh pawongan sing panganggone persis kaya sing ana ing daleme Simbah wingenane. Padha nggawa tameng lan gaman, nyebar kanthi formasi telu-telu kejaba sing ana ing gawangan ana sepuluh baris rapi kiwa lan tengen. Sikepe padha siyaga lan kaya tansah waspada, weruh aku padha mbungkuk urmat njur bali ing formasi awal meneh. Ora krasa drijiku kiwa nggrayangi ali-ali mata mirah, banjur dakcopot alon-alon. Nalika ali-ali wis daklolos saka driji manisku pawongan semono akehe ora katon meneh. Alon-alon aku njangkah tumuju mobil, mlebuku saka lawang ngarep sisih kiwa banjur nggeser nengen enggal dak kontak nguripi mesin. Nalika tanganku nyandhak stir ali-ali dakanggo maneh, sanalika pawongan-pawongan mau katon meneh. Dakdeleng jebul ing latar samping omah uga ana limalas wong sing klambi sragam lan gamane padha. Mobil dak lakokake alon, dak puter menggok menyang gawangan latar nuju lurung, wong sepuluh sing ing gawangan padha nyisih menehi dalan karo mbungkuk urmat.



Gas dak pancal, mobil nleser nuju omahe kancaku sing ora pati adoh saka omah kene. Sadawane lurung sing takliwati saliyane manungsa lumrah, uga katon janma neneka pirang-pirang sing rupa wujude ya rupa-rupa. Nanging gampang banget mbedakake endi sing menungsa lan endi sing dudu, endi sing kewan wantah lan endi sing kewan neneka. Aku lagi iki cetha yen kabeh sejatine urip bebarengan ing bumine Gusti Kang Akarya Jagad. Ombal-ambal aku nyebut asmane Gusti Pengeran krana saking kagumku marang keagungane. Bola-bali aku uga nyenyuwun pangapura marang Pengeran amarga ngibadahku sasuwene iki banget olehe kurang temen. Setitik mbaka setitik luhku dleweran nelesi pipi, nggetuni dene wis lirwa kepara asring lali marang kemurahane Gusti Kang Maha welas-asih.



Omahe kancaku wis katon, gampang banget dititeni awit bangunane luwih dhuwur tinimbang liyane lan genthenge warna coklat mengkilat. Tanganku kiwa ndudut tissue ing ndhuwur dashboard, luhku sing dleweran daklap nganti tuntas. Lajune mobil dakalonake banjur mandheg persis ing ngarep pager omahe kancaku sing katon pengkuh, dhuwur lan gagah. Lagi wae aku arep mudhun saka mobil kancaku metu mapag menehi isyarat supaya langsung wae mlebu garasi. Lawang pager dibukak amba, mobil langsung dakputer mundur mlebu garasi. Kancaku sing isih nganggo kathok cekak lan ngliga dhadha ngongkon aku langsung mlebu omahe. Aku langsung lungguh ing sofa ruang tamune dipethuk bojone, dene kancaku wis ora katon.



“Mangga dipun sekecakke rumiyin, bapake nembe badhe siram. Ngapunten lho”.

“Inggih Mbak, mboten dados menapa. Wong pancen dinten prei, nggih nyantai mawon”.

“Ngersakake ngunjuk napa?”

“Ah sakkersa, sampun repot-repot Mbak”.

“Ngopi nggih?”

“Nggih, maturnuwun”.

*****

Kancaku ngajak pindhah jejagongan ing teras sisih tengen ruang tamune. Terase ora pati jembar mapan persis ing mburine tembok garasi, direnggani panorama taman sing temata endah. Ing sisih kiwa ana kemricike air terjun mini sing cebloke banyu nuju kolam iwak koi sing lincah slira-sliri werna-werni rupane. Ing kene swasana hawane krasa seger, angine uga bisa langsung krasa awit tamane pancen terbuka tanpa payon. Ing sisihku lungguh ana kurungan kayu jati ukiran isi ayam bekisar sing ora wigah-wigih yen kluruk.

“Ana kene biyen elingku dipasangi air mancur karo kurungan manuk puter.”

“Ya, isih kabeh. Kae takpindah nyang taman mburi kana kabeh. Iki lagi karotengah tahun takrenov, golek swasana anyar. Rencanaku biyen arep takwenehi bonsai kaya nyang daleme Masmu, tapi kuwatir ora krumat.”

“Dirumatke wong liya sing ahli rak bisa ta.”

“Alah…. malah repot. Yen bojoku ora cocog ndhak marahi nambah perkara.”

“Bojomu mbok diajak jagongan kene, kareben tambah gayeng”.

“Metu karo anakku, kana lho nyang daleme Bulik sing awakmu nate tak jak mampir biyen kae. Arep mantu. Sesuk ijab, resepsine suk malem minggu”.

“Wah, yen ngono aku tak nyuwun pamit. Sajake kok ngrepoti.”

“Ora, wong aku nembe nusul mengko sore wae. Soale sedhela engkas ya arep ana tamu, wis janjian dhek wingi. Awakmu neng kene wae, ngko tak ajak melu njagongi.”

“Aku pamit wae, mengko gek malah ngrepoti. Awakmu ora bisa rembugan kepenak malah…”

“Wis ta, nyang kene wae. Tambah kebeneran ana sing kena takajak pertimbangan.”

“Tamu sapa ta”.

“Halah… wis ta mengko rak ngerti dhewe.”

Pancen ora let suwe wis keprungu swara bel tamu. Aku enggal dijak mlebu nyang ruang tamu meneh, kancaku langsung methuk tamu ing gawangan pager. Tamune ana wong loro, sing siji setengah tuwa dene sijine isih enom. Karo kancaku dimanggakake mlebu ruang tamu njur padha luungguh sawise tamu loro iku ngajak salaman aku. Ing meja wis cemawis inuman rong poci isi teh lan kopi sing sajake wis dicepakake. Marang tamu aku dikenalke minangka kanca lawas sing wis dianggep sedulur dhewe. Atiku ayem dene kancaku uga ora nyebut bab pegaweyanku apa dene papan panggonan kuthaku. Aku dhewe ngaku yen manggon omah ndesa ing daleme Simbah aneng pereng gunung.

Ing wektu iki pirembugan dadi serius, mbahas babagan politik. Wusana aku paham yen tamu loro-lorone kuwi para ketua partai ing kutha kene, lagi njajagi koalisi lan golek calon bupati kanggo pilkada tahun ngarep. Calon wakil bupatine wis ana, saiki lagi njabat ketua DPRD. Dene kancaku digadhang gelem dadi calon bupatine. Ing kene posisiku dadi sarwa kikuk, mula aku mung meneng wae dadi pendengar yang baik. Urusan politik aku babarpisan ora mudheng. Nganti tamu loro kuwi pamit mungkur aku ora melu kumecap blas, nanging kaya-kaya aku bisa maca samubarang isi pikirane. Sing enom sajake pancen tulus ngarep-arep kancaku gelem dadi calon bupati, dene sing setengah tuwa pikirane isih separo ati nadyan yen ngomong ekspresine luwih ngyakinake. Nanging aku isih wangu bab bener orane najan aku nangkep energi saka pikirane wong loro kuwi kanthi jelas. Aku uga nangkep sinyal saka pikirane kancaku yen sakjane dheweke ora seneng marang tekane tamu loro iku.

Sawise nguntabake tamune, kancaku bali nemoni aku meneh. Nuli aku sakloron bali lungguhan menyang teras samping meneh.

“Hebat, dilamar partai artine kancaku siji iki dudu tokoh sembarangan”, ujarku mbukak rembugan.

“Aja ngono ta, biasa wae. Wis bola-bali aku diajak rembugan babagan iki, wis tak tolak bola-bali panggah ndhesek wae.”

“Alesanmu nolak?”

“Siji, bakal mungsuhe kelas berat kabeh. Ana bojone incumbent, ana wong sugih sing dhuwite ora ana serine, uga ana tokoh kondhang. Loro, aku ora mikir bakal macung bupati. Urip ngene wae wis ayem ora kemrungsung. Kaping telune, wong loro kuwi wis nglibatake maratuwaku kanggo ngrayu aku supaya gelem. Sing terakhir iki sing aku paling ora seneng,”

“Maratuwamu piye pendhapate?”, aku paham banget yen maratuwane uga klebu keluarga milyader turun-temurun sing duwe asset sapirang-pirang.

“Karepe maratuwa ya aku diakon nggelemi demi kehormatan keluwarga. Mangka aku iki yen ana wong sing gila hormat benciku setengah mati.”

“Bojomu piye?”

“Dheweke maune ya ngotot merga kena omongane keluargane kana. Nanging saiki wis pasrah, terserah aku.”

“Apa awakmu ora kepengin dadi bupati?”

“Hem.., aku iki birokrat. Paham pol kaya ngapa peta politik ing pemerintahan. Amarga saka paham puuooll kuwi aku wegah dadi bupati. Politik praktis ora ana sing resik. Wegah aku!” terange nganggo ulat sing serius banget nganti ngunjal napas landhung.

“Oo… ngono?”

“Ya. Malah sakjane aku pengin ngajokake pensiun dini. Aku pengin adeg perusahaan, pengin dagang kaya awakmu.”

“Ah, aja. Mbangun perusahaan kuwi angel tur abot. Aku wae aja direwangi nyonyaku ya keteteran. Bojoku mono pancen wis duwe bakat saka bapake, beda karo aku sing mung anake wong biasa wae.”

“Ora apa-apa. Yen prelu aku arep blajar nyang nyonyamu pisan utawa ngawula dhisik nyang perusahaanmu.”

“Wadhuh, gak kuwat mbayari.”

“Ora usah dibayari, pokok diblajari nganti pinter aku ya gelem.”

“Serius?”

“Sumpah.”

Dak sawang sawetara, kancaku pancen katone serius. Aku nuli mesem marang dheweke, dheweke uga melu mesem nanging eseme katon dipeksa. Aku ngrasa geter-geter kuciwa ing pikirane, ana angen-angen sing jero lan adoh.

“Wis ngajokake pensiun?”

“Durung, bojoku durung setuju.”

“Alesane?”

“Alasane durung duwe cantholan sing pasti. Arep bukak usaha ya arep usaha apa? Arep nyambat maratuwa aku gengsi. Nanging umpama ana cantholan pasti, dheweke mesthi setuju.”

“Umpama nyang luar negeri gelem?”

“Heh.. luar negeri?”

“Ya. Nyang Amsterdam. Aku wingi wis rembugan karo wong Landa yen aku niyat bukak kantor nyang kana. Dheweke antusias arep sabiyantu. Wonge wong Jawa tulen nanging warga negara Belanda.”

Aku banjur nyritakake kabeh bab proyek penelitian ilmiah sing nembe digarap wong wadon Landa Jawa. Dak critakke yen aku karo kangmasku uga didadekake tim pisan. Mula dak jlentrehke yen aku njaluk tulung supaya dibantu yen arep ngurus ijin lan sapiturute sing ana gandheng-rentenge karo proyek penelitian kuwi. Bareng wis cetha, kancaku nyaguhi mbiyantu sabisane. Banjur dheweke ganti pitakon bab pegaweyan sing daktawakake.

“Sampeyan gelem apa piye?”

“Dadi apa aku?”

“Dadi direktur.”

“Direktur? Nyang Amsterdam?”

“Ya. Yen gelem.”

“Ya. Aku gelem. Tapi aku bisa nglakoni apa ora, aku ora duwe ilmune”, ucape sajak antusias semu sumringah.

“Gampang kuwi, sing penting gelem dhisik.”

“Ya, gelem. Kapan?”

“Ah, isih suwe. Mbesuk yen aku wis bali ngulon nembe takproses. Kira-kira setahunan meneh.”

“Wah, tepak tenan yen ngono. Bojoku mengko tak ajake rembugan. Yen wis cetha ngene gampang.”

“Becike mbesuk wae yen wis pasti, awakmu nembe ngurusi pengajuan pensiun dini. Ora usah kesusu dhisik.”

“Ya. Sip wis. Ora dadi bupati ora patheken. Ha…ha…ha…..!”

Kunjunganku ing omahe kancaku tak pungkasi nganggo mlaku-mlaku ngubengi omah. Kancaku ngethupyus nerangake bab sejarah omahe nganti ing dinane iki. Ngomonge katon semangat krana angen-angene wis mumbul bakal dadi direktur ing Amsterdam kaya sing dakjanji mau. Nanging sing dadi wigatiku malah tumuju marang jalma neneka sing pathing crenguk ing platarane uga ing njero omah. Kabeh padha nyawang sengit marang aku, kepara ana siji sing sajake pancen ora seneng aku ana ing kene.

“Omahmu iki apa sampeyan tumbali?”

“Heh…? Ora, aku ora nate masang tumbal-tumbalan babar pisan. Kok ujug-ujug takon ngono eneng apa?”

“Ah, ora apa-apa. Mung aku sering krungu yen omahe pejabat biasane padha dipasangi tumbal kanggo njaga keslametane”, wangsulanku gugup awit kancaku katon ora seneng karo pitakonku.

“Babar pisan aku ora nate. Aku blas ora seneng sing model ngono kuwi. Pancen tak akoni pitakonmu mau bener, umume omahe pejabat padha ditumbali. Tapi aku blas ora nggadheg. Uripku lan keluwargaku takpasrahake total menyang Sing Akarya Gesang. Tenan aku ora ngapusi.”

“Ya. Yen marang awakmu aku percaya banget. Wis ora usah dipikir, wong aku mung nylemong ngono wae.”

Nuli mulihku sida diterke dibonceng sepedhah motor, krana mobile dianggo bojone lunga karo anake. Mampir sedhela nukokake titipan blanjane mbakyu ipe, banjur bablas mulih sawise sempat mampir njajan es tape ketan ireng. Aku ora pati semangat nalika diajak omong-omong turut dalan, batinku ngrasa welas kepengin mbiyantu ngresiki barang lelembut sing cumondhok ing sakupenge omahe. Niyatku mengko tengah wengi bakal dak usir kabeh saka omahe sahabatku kenthel wiwit jaman sekolah iki.

“Kuwi yen aku bisa, yen ora ya embuh kepriye caraku mengko”, ucapku ing batin.

*****

Ana candhake..........<episode 12>
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar