#9 CARITA SAMBUNG : MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG (CARITA MAWA BASA JAWA)

MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG 
Penulis : Siswo Nurwahyudi



<episode 9>

            IX.    BLANDHANGAN TENGAH WENGI

Makan malam dina iki sida klakon bebarengan ing resto hotel ditraktir tamu wadon Landa Jawa ing meja nomer 16. Swasana sing rada formal njalari kakangku rada kikuk lan sajak kurang selera. Sing mengkono mau sajake dadi kawigatene mbakyu ipe, tanpa wigah-wigih kakangku ditanduki sega lan lelawuhan nuli diaturake ing meja ngarepe kakangku. Nalika kakangku nyandhak sendhok lan garpu dipenggak dening mbakyu.

“Wis gak usah sendhokan, enteni sedhelok tak njaluk banyu kobokan”, ujare mbakyu marang kakangku.

Swasana kandheg sedhela, nanging bareng mbakyu teka meneh ing meja makan swasanane dadi malik grembyang. Kaya adate, mbakyuku ngladeni kakangku kaya bocah cilik lan wiwit metu crewete. Kepara tamu Landa sing sakjane wengi iki minangka tuan rumah malah diatur pisan. Kawitane arep nulak, nanging mbakyuku iki pancen pinter gawe wong kepeksa manut nanging panggah ora gela kepara pasrah bongkokan tanpa syarat. Swasana sanalika dadi regeng lan semangat ndadekake selera makan kaya digugah. Wong papat kabeh praupane dadi sumringah, dene si Landa Jawa mesem bungah marang mbakyu karo ngangkat bahu tandha sarujuk marang infiltrasine mbakyu ipe. Dak lirik kakangku mesem tipis, alise diangkat sethithik menehi isyarat kemenangan.

“Well, the Javanese complaisant was long known. And I know for all this time. Thank’s God. Bedankt voor alles”, ucape si Landa Jawa ing satengahe jamuan.

Jandoman sabanjure ditutugake ing loby hotel, neng sofa sisih pojok wetan cedhak teras sing diwatesi kaca transparan amba. Saengga saka kene katon pemandhangan taman hotel lan ing jalan raya kana katon sliwar-sliwere kendharaan. Wengi iki kakangku niyat arep kandha yen dheweke wis sarujuk mbiyantu proyek penelitian tanpa syarat, tegese kakangku bakal mbiyantu sabisane tanpa teken kontrak. Nanging wengi iki wanita Jawa warga negara Belanda iku puguh ora gelem mbahas bab penelitiane awit kepengin gayeng jejagongan biasa crita-crita ngiras-ngirus ngakrabke perkenalan. Mula topik bahasane blas ora nyinggung masalah proyek penelitiane.

Pasamuan wengi iki klakon gayeng dikancani teh lan kopi uga ana jamur krispi lan kenthang krispi, kala-kala serius nanging sing akeh crita lan ngrembug bab-bab sing nyenengake. Wusasane, mbakyuku ganti ngundang tamu Landa iku makan malam ing omah lan disaguhi minggu ngarep yen dheweke wis rampung urusane ing Jakarta. Acara ramah-tamah dipungkasi foto-foto bareng. Hotel iki nyediyani panggonan photo bood ing rong panggonan. Dibantu karyawan hotel, acara foto-foto klakon lancar lan nyenengake. Kakangku uga katon seneng bagya, kawistara saka anggone pasang aksi nalika difoto.

*****

Aku lan mbakyu ipe kliwat jam sepuluh dalu lagi tekan ngomah krana mbakyu ngajak mampir blanja nyang pasar kota, dene kakangku bali ndhisiki diterke ojek online. Gawan blanja rong kresek gedhe dak cangking mlebu omah njujug nyang ruang makan, dak seleh meja sisih kiwane kulkas kaya instruksine mbakyu. Metu saka ruang makan aku dipapag kakangku ing ngarep lawang kamare.

“Cung, iki lho ali-alimu”, ujare kakangku menehake ali-ali mata watu mirah.

Ali-ali dak tampa kanthi wangu-wangu ngelingi kedadeyan sing ngeramake dhek wingi ing omah kidul.

“Ali-ali apa?”, pitakone mbakyu saka njero kamar.

“Ya ali-ali, watu akik. Wingi dititipke aku pas neng omah kidul”, jawabe kakangku karo nggegem tanganku isi ali-ali sinambi menehi kode marang aku.

“Ya Yu, ali-aliku”, aku negesi wangsulane kakangku.

“Awakem nduwe ali-ali akik? Aku kok gak tau eroh”, sambunge mbakyu ipe.

“Wis suwe, Yu. Biyen pancen taksimpen nok omah kidul. Ora tau tak enggo merga biyen ringe  kegedhen. Lha wingi tak jajal kok pas, mula niyat arep tak enggo”.

“Ee.. ngono? Berarti awakem saiki tambah lemu? Biyen apa kuru?”

“Ya Yu”.

“Ndoke aku ndelok, rupane piye?”, ucape mbakyu ipe karo sajak arep metu kamar keprungu saka swara jangkahe sikil.

Dhadhaku rada nratap, kakangku dak pandeng uga katon tegang. Nanging wusana kakangku menehi isyarat yen ora dadi apa menawa mbakyuku pengin weruh ali-ali iki. Enggal-enggal ali-aline dak engo ing driji manis sing tengen. Korden kamar wis sumilak lan mbakyuku mecungul wis ganti dhaster ungu.

“Ndi ali-aline?”, pitakone mbakyu.

“Iki Yu. Piye Yu? Apik apa ora?”, sumaurku karo akting mesem mongkog sanajan sejatine ati iki dhrodhogan.

“Iki? Abange apik. Tapi watune kok cuilik men? Apik kok, ketok manis nok drijiem”, semaure mbakyu sinambi nyekeli epek-epekku.

“Jenise watu apa iki”, imbuhe pitakone mbakyu.

“Merah rugby. Warisan saka Simbah putri”, sing sumaur kangmasku.

Tanganku dak tarik saka drijine mbakyu ipe nuli aku pamit arep salin klambi. Ora nunggu wangsulan aku bablas mlebu nyang kamarku niyat ganti nganggo kaos oblong lan kathok cekak. Saka njaba kamar keprungu kakangku celuk-celuk lan thothok-thothok lirih, swarane uga rada lirih ora kaya adate.

“Cung…. Cung…!”

“Ya Kang.”

“Rampung salin tak tunggu nyang gazebo”.

“Ya Kang”.

Keprungu jangkahe kakangku mungkur saka ngarep kori kamar, aku enggal ganti klambi ning ora sida nganggo kaos oblong nanging ganti kaos modhel sweeter lengen dawa mawa krah lan clana dawa motif bathik hadhiah saka kancaku kepala Satpol PP. Nuli aku enggal nyusul kakangku menyang gazebo sing lampune wis katon padhang lan kangmasku wis lungguh sila madhep ngidul. wis dakgraita yen bakal ngrembug bab kitab saka tamu wadon Landa mau esuk. Ketara ing tangane kakangku wis ana buku sing samakan werna abu-abu.

“Piye Kang?”, pitakonku mbukak pirembugan.

“Ngene Cung, buku sing iki kowe wae sing nyinaoni. Sing loro tak pelajarane dhewe, soale kitab loro iku isine wis ditulis nyang kono kabeh”.

“Wadhuh Kang, aku blas ora mudheng hurufe. Nek catatan kakine aku dhong.”

“Sing ngongkon kowe maca Kawi ya sapa? Sing tulisan basa Landa kuwi tulung terjemahna, tulis nok buku apa kertas folio. Wis iki wae gawanen, tulis nok buku gambar kene”.

“Saiki Kang?”

“Sakarepmu, tapi aja neng kene. Kana gawa nyang kamarmu, garapen nyang kana. Mbok garap saiki ya apik, aku tak nutugna maca buku loro iki”.

“Ya wis, aku pamit Kang”.

“Ali-alimu nyang ndi kok ora mbok enggo?”

“Tak tinggal nyang kamar, neng laci tollet”.

“Aja sembranan kowe, nggonen wae aja mbok deleh glethak-glethek”.

“Tapi Kang…?”

“Ora usah nganyang. Masalah katon samubarang kalir krana kuwi mengko suwe-suwe rak kulina. Simbah putri biyen ora nate ucul saka racikane, dienggo terus nganti kapundhut lagi pisah karo ali-ali kuwi”.

Aku ora wani nyauri, ucape kakangku banget serius nganti urat bathuke njengkerut. Aku mung bisa manthuk-manthuk tandha nyarujuki banjur pamit mungkur bali menyang kamarku.

*****
Anggonku nggarap translate ora sepiroa jenak, bola-bali ali-ali mata mirah ing drijiku tak elus tak usap kanthi pikiran sarwa pathing sriwet. Panduluku nyoba dak puter ing sajrone ruang kamar, nanging ora katon apa-apa sing aneh apadene sing sajak nyalawadi. Ruang kamar iki panggah ora owah, ora ana sing prelu dak kuwatirake. Mula aku bali konsentrasi nerjemahke catatan kaki sing mawa basa Landa menyang basa Indonesia dibantu google translate. Lembar mbaka lembar kasil kebak karo tulisan tanganku, tak seja nganggo potlot supaya yen ana sing kurang pas gampang direvisi. Potlote uga potlot gambar duweke kangmasku sing adate kanggo nggambar sketsa mula goresane katon ireng cetha ning gampang dibusak.

Kaya wingi-wingi ing wayah wengi kaya saiki, swara-swara gremembyeng wiwit ngganggu pangrungonku. Olehku nggarap translate kepeksa kandheg. Dak coba konsentrasi lan nata ambegan, banjur dak peksa nyirep swara sing kemruwet campur-bawur dadi siji. Lagi nedheng-nedhenge ing puncak konsentrasi, ali-ali ing drijiku krasa nggeter alus. Najan kaget nanging dak umbar wae krana aku penasaran ora percaya marang sing dakrasa. Nanging wusanane aku yakin tenan, sawise saka ali-ali iki mrembes hawa anget nembus kulit terus mrambat alon munggah-munggah nganti krasa tekan bun-bunan nuli mudhun nyebar sakojur awak nganti pucuk-pucuk driji kabeh tangan lan sikil. Sabanjure, swara ing kuping sing pathing grembyeng nuli bisa dakpisah-pisahake nurut karep ing pikiranku. Aku wiwit bisa ngendhaleni pikiranku, swara endi sing pengin daktuju langsung bisa dakrungu tanpa kecampuran swara liyane. Dak coba ngarah menyang gazebo keprungu cetha swarane kangmasku sing dakbadhe lagi nembangke isine kitab, nanging aku ora pati dunung marang basane.

Anggonku nyoba-nyoba ngrungu swara-swara ing sakupengku kaya wong sing lagi keranjingan dolanan anyar, indra pangrungonku dakarahke menyang papan-papan sing kepengin daktuju nuruti ati lan pikiranku. Aku kepengin ngreti nganti tekan jarak sepira bisa ngrungu swara sing paling adoh. Nanging dumadakan mak lhap…, swara-swara kaya ilang babar pisan. Ing telenge kupingku mbengengeng nganti rasane kemeng kepara sirahku krasa kandel lan tambah mekar gedhe. Atiku trataban campur rasa kuwatir gek bakal kedadeyan apa meneh karo awakku iki, aja-aja mengko aku gek bakal cilaka meneh. Nanging aku njur dikagetake meneh kaya keprungu swara sing banget cetha nyeluk jenengku ambal-ambalan. Swarane wong lanang, nanging aku yakin yen dudu swarane kakangku nadyan maune dakanggit mengkono.

“Ngger… kowe metuwa Ngger…!”, swara kuwi keprungu kaya jero banget ing telenge kuping kepara kaya ngebaki sirahku, cetha nanging ora banter.

Amarga swara kuwi bola-bali mrentah aku supaya enggal metu lan kegawa rasa penasaran mripatku dakelekake lan enggal jumangkah tumuju balkon mburi. Saka balkon daksawang kakangku isih ana ing gazebo, nuli panyawangku dak puter mubeng ngoleki saka ngendi papan dununge asal swara mau. Swara kuwi keprungu meneh nyeluk jenengku, nanging sepisan maneh aku ora kasil identifikasi papan asale swara. Dumadakan ing ndhuwur sirahku kemlebat wewayangan sarwa putih, wussss…., ninggal silire angin kaya kilat tumuju tengah lapangan mburine sekolahan. Wewayangan iku saiki katon cetha wujud manungsa ngadeng sedhakep ing tengah lapangan. Keprungu meneh swara sing nyeluk jenengku, nanging aku ora yakin kuwi swara saka pawongan kae awit swarane kaya ora mapan ing indra pangrungonku.

“Ngger….. kowe mreneya”.

Kaya kena hipnotis, atiku kaya ketarik magnet kumudu nyusul nyang tengah lapangan. Nyoba dak penggak dhewe, awit pikirku aku kudu-ngati-ati aja nganti kena pengaruhe pawongan kuwi. Bareng dheweke nyeluki aku meneh supaya nyusul, ora kena dakpenggak sikilku mlumpat bleber nuju tengah lapangan lan kasil mendharat adu arep sawise mlumpat nyendhal pucuke wit waru.

“Sapa kowe?”, pitakonku marang pawongan tuwa ing ngarepku sing saiki katon cetha bleger lan praupane.

Pawongan kuwi ora sumaur, mung mesem karo menehi isyarat supaya aku ora nyuwara. Kegawa saka bawa-rasa dene aku kudu waspada mripatku nylidhik kiwa lan tengen. Aku meh wae njombla awit sakupengku katon akeh jalma sing werna-werna wujude nanging aku yakin dudu sato kewan apa dene manungsa sing kerep dak weruhi saben dina. Akeh uga sing wujude saemper manungsa, nanging solah bawane ora kaya manungsa lumrah. Jalma-jalma kuwi wira-wiri kaya dene ora maelu ing kene ana aku lan pawongan tuwa kuwi. Dak sawang wong tuwa ing ngarepku panggah mesem, yen iki aku yakin dheweke manungsa lumrah kaya dene aku lan wong liyane.

“Ayo melu aku”, kewetu prentahe wong tuwa iku meneh nanging gumunku babar pisan lambene ora obah panggah mesem semanak.

“Ndherek dhateng pundi?”, sumaurku nganggo basa krama inggil salumrahe wong nom marang sing luwih tuwa.

“Klenceran, golek angin”, ujare meneh karo panggah mesem tanpa ngobahake lambe.

Aku wangu-wangu arep mangsuli kepriye. Nanging keprungu swarane meneh yen aku ora usah wangu nuruti karepe.

“Percayaa marang aku, Ngger”, dheweke nyoba negesi.

Lagi wae aku arep kumecap nolak ajakane, dumadakan mak wustt… bokongku kena dicandhak banjur diuncalke mengidul sakayange. Sakala awakku kaya abure roket sing ndadekake atiku trataban merga tibaku ngepasi ing tengah embung sing isi banyune ora sepiroa krana mangsane lagi ketiga. Dradaban sikilku dak pijakake ing lumahe banyu nyoba nyendhal mlumpat, wusana klakon mak kecipak bull…. mumbul. Nanging aku kewuhan ngendhalekake lumpatanku merga pancen lagi sepisan iki aku mlumpat nganggo landhesan banyu, mula arah lumpatanku mleset adoh karo sing dakkarepake. Meh wae aku nyemplung mlumah ing pinggir cedhak pintu dam, pawongan tuwa kuwi kasil nyaut bokongku meneh nuli diuncal meneh mak burr… luwih dhuwur tinimbang sing sepisan mau nuju larikan tanduran mbako adoh ing kidule embung. Keprungu meneh wong kuwi prentah supaya aku aja nganti ngrusak tanduran mbako, mula nalika mancik ing pucuk salah sijine wit mbako kanthi ati-ati aku mapanake sikilku sisih kiwa nuli pencolotan lumayu turut pucuk-pucuk godhong mbako njur tak kandhegke ing bulakan.

Atiku lega wis bisa nahan jangkah lumpatanku ora nganti ngrusak tanduran mbako, nanging aku isih waspada marang serangan bokong saka wong tuwa mau. jroning batinku, wong tuwa iku jebule rada nakal. Nyandhak kok nggon bokong ora perangan awak sing liyane umpamane kaya ta geger apa tanganku terus diuncalke nganggo kekuatane rak ya bisa wae.

Ujug-ujug wong tuwa iku wis ing ngarepku maneh tanpa dakweruhi saka ngendi sangkan-parane. Langsung aku pasang sikep waspada lan pikirku arep nekad dakwales yen dheweke wani mbesus aku meneh.

“Bagus yen kowe niyat males marang aku, ayo walesen Ngger!”.

Sepisan maneh wong kurang ajar iki klakon gawe kagetku, dene pikiran lan karepku kena diwaca. Ora nganti kesuwen aku enggal wae mlumpat sandhuwure sirahe terus anjog mudhun ing mburi awake, bokonge dakcandhak niyat takbalangke sakuwatku nuju nyang embung. Nanging sikile wong tuwa iki kaya ana oyote sing nunjem jero ing lemah. Bola-bali dakangkat dakungkit panggah ora obah ora owah mangka daksawang dheweke mung santai ngadeg tanpa daya tenaga. Lan saiki keprungu guyune sing lirih nyemu ngece-ece marang aku.

Dakcoba meneh ngumpulke tenagaku dak sengkakake sakuwatku lha kok malah aku diwalik bokongku kena dicandhak meneh banjur diuncal mendhuwur banjur gegerku krasa disurung nganggo tungkak. Mak wuuustttt….. anggaku cemlorot tumuju alas jati. Durung wae sikilku mancik ing salah sijine pang jati, tanganku tengen kasil dicandhak. Awakku di sendhal diubeng-ubengake sedhela nuli diuncal meneh, sing ngono kuwi dibaleni ambal ping telu saengga atiku krasa panas ora trima dienggo dolanan sakepenake. Lan saiki aku kudu ngerahake daya tenaga lan pikiranku awit ing ngisorku persis banyu kali bengawan siaga nyadhong nguntal awakku. Mak kecopak werrr…. Sikilku dakpancatake banyu njur mlumpat mumbul, nanging krasa sirahku dithekem saka ndhuwur dibalekake mengisor. Mak byuurrr…. lheeppp…. bledhes…. bablas aku sida kedelep anjog ing dhasar bengawan.

Wong tuwa kuwi ngguyu meneh cekikikan. Batinku misuh-misuh rumangsa gela banget dianggo dolanan pethakilan. Dene bengawan sing dakkira banyune agung jebule nalika awakku dakjejegake munggah jebul jerone mung sandhuwure dhadha. Nanging najana banyune jero aku ora ngedhap babar pisan, krana aku duwe aji welut wangke sing nate dak coba kuwat nyilem ing banyu lawase pirang-pirang jam tanpa napas.

“Hem…., yen arep nyilem gek ndang nyilem kono tak enteni sak mentasmu. Nanging kowe ora bakal bisa lolos saka aku. He…he…he….”

Asem kecut...! Wong tuwa kuwi bali bisa ngrogoh pikiranku.

*****

Ana candhake..........<episode 10>


Tidak ada komentar:

Posting Komentar