MBABAR MISTERI DONGENG PUTHUK WATU KAMBANG
Penulis : Siswo Nurwahyudi
Penulis : Siswo Nurwahyudi
<episode 12>
XII. NGREKSA ANAK YATIM PIATU
Wektu wis lingsir mathuk tengah wengi, daksawang
pandom jam tanganku nuduhake jam sewelas luwih rolas menit. Buku kandel samak
abu-abu daktutup, semono uga buku gambar sing dakanggo nulis translate uga daktutup lan daktumpuk. Mripatku dakremake, konsentrasi marang indra pangrungonku
nuju marang gazebo. Dakrungu swara ngoroke pawongan, sing dakbadhe kuwi
kakangku sing lagi keturon ing gazebo. Aku melek karo mesem, sajake kakangku
mbarep lagi keturon ing kantore. Nuli keprungu ringtone hape saka kamare kakangku, let sedhela wis tinampa dening
mbakyuku ipe. Indra pangrungonku sing wiwit bisa takkendhalekake enggal wae
bisa ngrungu kabeh sing dirembug dening mbakyu liwat hape najan kepalang jarak
lan tembok.
Rupane bojoku lagi ngabarake wartaku ing omah kene,
dening mbakyuku dicritani kabeh bab proyek penelitiane wong wadon Landa.
Dikandhakake yen aku karo kakangku sawetara wektu repot ngrewangi penelitian
buku kuna, dikontrak minangka tenaga ahli lan bakal antuk honorarium sing
lumayan. Mbakyu ipe pranyata intens diajak komunikasi dening Landa wadon kuwi, lan
dheweke uga ngreti yen wong wadon Landa iku niyat kongsi bisnis karo aku.
Sakliyane kuwi, wadon Landa Jawa njaluk idi yen aku arep dijaluki pitulung
nlacak ing ngendi papan dununge familine sing ana ing tanah Jawa. Dak rungu
bojoku babar pisan ora kabotan, malah pesen marang mbakyu ipe supaya aku
temen-temen olehe sabiyantu nganti ketemu.
Potlot sing kawit mau mutar-muter ing tanganku dakseleh ing sisihe buku abu-abu sakndhuwure buku gambar. Aku menyat saka kursi,
awakku daklumahake ing kasur krasa kepenak. Ing gazebo isih keprungu kakangku
lagi angler lan ngorok senggar-senggur.
“Ah, mesakake temen kakangku. Mesthine wong gagah
rambut putih sing banget daktresnani kuwi kekeselen”, batinku.
Jekekal aku mencolot saka dipan, kelingan yen arep
ngresiki omahe kancaku sing lagi kinepung jalma neneka. Enggal aku mbukak
lemari, tak pilih setelan sarwa ireng lan longgar supaya mengko ora nyrimpeti
solahku sing wis niyat bakal gelut-kebut karo dhedhemit. Alon-alon aku mbukak
kori kamar, jangkahku dakati-ati aja nganti keprungu mbakyu ipe nuju balkon
kaya wengi-wengi kepungkur. Saka balkon kene katon kangmasku wis tangi lagi
iwut nata buku ing rak kaca banjur nyandhak kuwas karo cet ngadhep kanvas. Yen
wis ngono kuwi konsentrasine wungkul mung marang kanvase. Ing plataran mburi
omah panggah dijaga prajurit gegaman pedhang lan tumbak.
Mak wuussstt…., aku mlumpat mumbul nuju pucuk wit
asem cerak masjid nuli mbleber lelumpatan ing angkasa nuju mengalor. Dakrasa
saiki luwih entheng lan luwih rikat, lumpatanku uga luwih kepenak diatur. Mula
sedhela wae wis klakon mapan ing pang gedhe wit kenitu ing pojok kidul plataran
mburi omahe kancaku. Panyawangku dak puter, nanging jalma neneka sing dakgoleki
babarpisan ora katon. Sing katon malah para prajurit sing saemper kaya ing
omahe kakangku apadene ing daleme Simbah kae. Prajurit-prajurit kuwi padha
wira-wiri sajak patroli. Wusana daktekadi mudhun saka kenitu, alon-alon
jangkahku nyeraki para prajurit kuwi. Para prajurit kuwi mbungkuk urmat sedhela
nuli mlaku meneh ninggalake aku. Sajrone aku liwung ora paham apa sing wis
kedadeyan ing kene, salah sijine prajurit ana sing nyerak lan ngomong.
“Sendika Gusti, griya mriki sampun kawula baresi.
Panjenengan kula aturi kondur, kersane dipunjagi kanca-kanca.”
“Lho? Sapa sing akon?”, batinku.
“Ingkang utusan inggih panjenengan piyambak siang
kala wau.”
“Oo…iya? Ya wis, yen ngono jaganen terus aja nganti
omah iki diganggu meneh”, jawabku mung dak batin awit sajake pancen ora prelu
nganggo lambe yen omong marang dheweke.
“Sendika dhawuh, Gusti”, rampung muni ngono nuli
dheweke mungkur.
Aku lagi kelingan yen nalika aku mulih diterke
kancaku awan mau aku mbatin marang salah sijine prajurit : “Aja mung
mbungkak-mbungkuk wae. Kana omahe kancaku iki resikana saka dhedhemit!” Jebul
olehku ngomong ing batin pancen dirungu lan dileksanakake tenan minangka
nglunasi prentahku. Reflek mripatku nyawang ali-ali mata mirah ing drijiku :
“Hemm……, pranyata Simbah Putri lan Simbah Kakung biyen dudu manungsa sing
sembranan, dudu salumrahe manungsa wantah”, batinku mongkog.
Atiku marem, pikiranku krasa entheng. Mak
buurrr….wwuuussstt….., aku mlumpat lambaran pucuk wit jambu kristal. Daksengkakake lelumpatanku supaya enggal tekan omah meneh, nanging nalika arep
napak mudhun bali ing balkon dumadakan ana tangan sing nyandhak bokongku.
Durung ilang kagetku, awakku wis mletik dhuwur arah mengidul krana sinurung
daya kekuwatan sing ngedap-edapi. Ing batin aku misuh, wis nggraita yen iki
mesthi prabelane pawongan mblekithi wingi bengi. Kanthi ngati-ati sikilku
njangkah lelumpatan ing pucuk-pucuk wit mbako, sing daktuju langsung menyang
embung. Tekan paran tujuanku aku ngadeg ing ngisor wit turi sing wingi bengi
banget gawe jengkelku. Ing kene aku nganam dendam, bakal males wirang krana
wingi bengi kena dirucat nganti wuda blejed tanpa tapih.
“Kepriye Ngger? Sajake kowe isih nesu karo aku.”
Aku noleh menyang asal parane swara, ing tengah
embung pawongan tuwa kuwi ngadeg jejeg ing salumahe banyu kaya ngadeg ing
dharat wae. Panggah kaya wingi, eseme mung sakjlarit nanging ing mripatku esem
kuwi nggregetke kebak pangece. Dhadhaku krasa murub, ati iki kebak
pangigit-igit kemudu mungkasi nyawane wae. Wengi iki bakal dak lunasi dendamku
marang dheweke, utawa aku sing bakal tumpes aku wis ora preduli. Awakku krasa
nglayang nuju tengah embung, panase ati nggeret anggaku ngarah marang begejil
tengik sing panggah mesem ora mingket ing sandhuwure banyu.
“He….he….he……., bocah kok bodho eram. Mengko kowe
apa ora isin mulih tanpa klamben?”
Aku kaget, awakku wis murub dadi geni lan klambiku
kobong kabeh nyeblok menyang banyon satengkel mbaka satengkel. Ing banyu
ayang-ayangku kaya api unggun ing tengah wengi, lan aku wiwit sadhar yen kabeh
klambiku kukut dibadhog geni sing murub saka awakku dhewe. Jengkele atiku saya
sinurung mubal campur wirang, urube geni ing awakku uga tansaya gedhe. Mula
krana wis ora sabar meneh dheweke enggal daksamber, saiki katon yen dheweke
wiwit kewalahen ngendhani seranganku. Geni-geni ing tanganku nyamber-nyamber
kaya pecut njeplak muni jedhar-jedhor nalika ngenani banyu embung. Saya jengkel
meneh, awit nganti pirang-pirang serangan dheweke panggah kasil lolos najan
katon gupuh ngadhepi seranganku.
Bola-bali dheweke kepeksa ambles slulup ing banyu
lan mecungul rada ngadoh. Nanging saben mecungul saka banyu dibarengi gumuyu
ngece, saya nambahi kobonge atiku. Ayang-ayangku ing banyu saya kaya geni
ngobong jubung, swara seblakan geniku ing banyu jemlegur kaya mercon bumbung.
“Dadiya geni sagunung, ora bakal kowe bisa ngukup
aku dadi awu. Gempuranmu kuwi gampang dibadhe.
He…..he…..he….hiii…hii….ha…ha…ha…..! Mung tiwas nyiksa iwak-iwak sing ora
dosa.”
“Herrghrrghrrsstt….aja mlayu kowe. Yen wani,
mreneya takuntal warasan. Gerrrhhhghgh…..!”
“Ha…ha….ha….hi…hi…..he…he…he….! Kowe wae, iki lho
bokongku nyoh yen bisa…”
Ora ngenteni dheweke mungkasi gunem, bokong
mledhing kuwi dak samber sakayangku. Nanging sajake wis siyaga nampa serangan,
wong mblegis kuwi rikat mlumpat salto memburi nglumpati aku nuli mlesat mabur mengetan sawise
mancik pucuk pupus gedhang sing nggrumbul ing pinggir tanggule embung. Enggal wae
daksusul, kanthi wujudku rupa geni murub iki aku ora butuh lambaran pancadan
kanggo mabur. Mak wuussshh….nguber paran playune, nanging sepisan meneh kepeksa
kandheg kaya wingi bengi. Pawongan kuwi mlayu ngliwati perkampungan sing kebak
omah lan bangunan liyane, mula yen dakuber bakal gawe cilaka. Saumpama ora
ngobong omahe wong, paling ora aku emoh dikonangi jroning kondhisi awak murub
dadi geni najan mung dening wong sawiji.
Dakputuske wae kandheg lan mudhun ing satengahe
pategalan sing lagi bera, najan ati iki isih cuwa campur jengkel. Mbaka sethithik
geni ing awakku saya sirep, wusana ilang babar pisan. Angin wengi sing wis
mancik pungkasan mangsa ketiga rinasa ngelus kulit. Ora wurung, aku saiki
kebingungan awit wuda babarpisan kathik jebule aku lagi mapan ing ara-ara amba
tanpa tetanduran. Aku tolah-toleh, panyawangku mutar-muter nyetitekke sakupenge
ara-ara. Wusana aku nemu sing kena kanggo awer-awer sauntara, katone cukup kanggo
nutupi perangan ngisor udel. Mung sak lumpatan wae aku wis kasil tekan papan
sing dak tuju, wong-wongan den-den sawah sing semendhe ing wit gayam dakrucat
klambine. Lumayan, najan mung kaos rowak-rawek lan wis wiwit muprul kena dak
suwek dakbuntelke bangkekan nutup kanthi sampurna.
“Sesuk bengi takenteni ning embung meneh ya Ngger,
he…he..he…..!”, swarane bregejil kuwi keprungu meneh.
Aku wis ora nggape, swarane keprungu adoh nanging
isih cetha ing teleng kupingku. Batinku misuh, nanging luwih becik yen aku
enggal mulih wae. Sesuk dipetung sesuk, saiki mumpung isih sepi selak ketungka
tekane adzan subuh. Mak wuuusssttt…..bleberrr…. aku mlesat bali mulih, nanging
ana swara mak brreett… sing keprungu saka bokongku. Karo isih sinambi
lelumpatan ing antarane pucuk-pucuk wit-witan tanganku kiwa kepeksa nyekethem
bokong krana ing bageyan kono mau ndadak kaine suwek lan kudu dijaga aja nganti
tansaya amba. Mula jangkah lumpatanku uga ora bisa bebas kaya sabene.
*****
“Piye bro kabare?”
“Alhamdulillah, kula sae Pak. Njenengan pripun?
Sehat?”
Isih esuk, durung ana jam wolu. Aku kedhayohan bocah
nom sopir taksi online sing ngeterke aku bali mrene saka bandara rong minggunan
sing kepungkur. Dheweke daktampa lungguhan ing kursi teras ngarep.
“Pandongamu bro, aku sehat. Awakmu wis sarapan?”
“Sampun.”
Ing batin lan pikiranku aku bisa maca kanthi cetha
samubarang sing lagi ngreridhu pikirane. Saka ulate sing kurang sumringah wae
wis bisa digraita yen bocah mbois iki lagi nandhang susah. Kepara banget
susahe, awit prekara sing lagi dipikirake pancen abot sinangga dening bocah nom
saumurane. Ora krasa aku ngunjal napas landhung nyawang kahanane.
“Ya wis, rampung mangan awan mengko ayo mangkat.”
“Teng pundi, Pak?”
“Ya nyang daleme bulikmu. Tak bantu sabisaku”.
“Ngapunten, Pak. Paklik sampun tilar, lajeng Bulik
nyusul mergi shock berat dipun tilar Paklik. Dhek dalu pitung dintene Paklik,
mbenjing setu niki gentos Bulik sing pitung dintene”, ngomong ngono kuwi
dheweke ambrol luhe ora kena diempet.
Aku dhewe sakjane wis weruh saka maca isi pikirane,
nanging emba-emba wae durung wanuh. Dene dheweke ndrenginging nangis kaya bocah
cilik. Dakumbar wae kareben lega olehe nyuntak atine sing sumpeg lan susah. Aku
nuli menyat nuju mobile sing diparkir ing pinggir dalan, dak sawang dheweke uga
ngadeg nyusul aku. Lawang mobil sisih ngarep kiwa dakbukak, bocah lanang
sakumuran anakku wadon dak jupuk lan dak gendhong metu saka njero mobil dak
gawa menyang teras. Awake krasa entheng lan ayit gawe ati iki trenyuh, dene iki
mau njarag ditinggal ing njero mobil amarga rasa sungkan lan ora kepenak marang
aku.
“Niki ponakan, Pak. Anake misanan, putune Bulik
almarhum. Mpun yatim piatu lare niki pak, mpun dangu diemong kalih Bulik.”
“Saiki dadi anakku, kowe ora usah kuwatir. Lan kaya
janjiku wingi kae, saiki kowe nyambut gawe karo aku. Wis mandhega nangismu,
kowe wong lanang kudu kuwat. Bocah iki nasibe padha kaya nalika cilikanku
biyen, mula aku bisa ngrasakake kepriye rasane dadi yatim piatu.”
“Nggih, Pak. Kula mriki niki amargi badhe
ngrenahaken rembagan sing riyin nika. Kula mboten mentala nyawang lare niki,
Pak.”
“Wis, leren nggonmu nangis. Ayo melu aku.”
Tanpa ngenteni jawabane, bocah sing durung ngerti
dosa iki dakgendhong mlebu. Ing tengah kori omah mburi aku mbengoki kakangku
lan mbakyu ipe. Weruh aku nggendhong bocah, wong loro iku sajak rada eram. Nanging
banjur reruntungan nuju papanku ngadeg, njur padha takon ngenani bocah sing ana
ing gendhonganku.
“Ayo nyang ruang makan, mengko dak critani”,
jawabku sinambi menyat menyang ruang makan.
Aku wong telu nuli lungguh kursi ngadhep meja makan
sing wis kosong. Cah lanang sopir taksi online uga dak bengoki supaya melu
kumpul pisan. Bocah cilik ing pangkonku kroncalan, nuli meneng anteng ing
pangkone si sopir. Swasana rada kemriyeg sauntara awit saking akehe pitakonan
sing kawetu saka Mbakyu lan Kakangku. Sawise gamblang marang larah-larahe
prekara, malah mbakyu ipe sing saiki brebesan luhe nyawang bocah cilik
kemalangan iku. Nalika swasana wis wiwit normal nembe dakutarakke kabeh maksud
lan karepku.
“Kang, bocah iki arep dakapek anak angkat. Arep takrumati
kaya sampeyan ngrumati cilikanku biyen. Piye, Kang? Piye, Yu?”
“Aja… !”, saute Mbakyu ipe ndadekake aku kaget
kepati.
“Kena ngapa kok ora oleh?”, pitakone Kakangku
sawise sauntara uga kaget.
“Bocah iki apike dipupu awake dhewe wae. Sampeyan karo
aku kan gak nduwe anak”, jawabe Mbakyu katon semangat campur isih brabakan
mripate.
“Nanging Yu….”
“Cukup, Cung. Bener Mbakyumu. Ben aku karo Mbakyumu
wae, bakal takrumat kaya aku ngrumati kowe biyen”, ujare Kakangku nimpali
pitakonku sing durung tutug.
Krungu sing mengkono Mbakyu ipe katon mbungahi,
nuli bocah lanang cilik kuwi didudut saka pangkone si sopir njur dikudang tanpa
maelu yen sejatine si sopir minangka keluwargane si bocah isih duwe hak. Nanging
daksawang si sopir uga melu bungah semringah, saka lambene ora kendhat olehe
muni maturnuwun marang aku wong telu. Esuk iki kepeksa aku ikhlas dikalahake
kahanan, mung bisa ngucap syukur sakakeh-akehe marang Gusti Kang Maha Welas
Asih.
Marang Kakangku aku nerangake yen urusan sakabehane
mbesuk bakal diurus karo pengacara perusahaanku. Lan marang Mbakyu ipe aku usul
yen sesuk apa emben dianakake tasyakuran nampa anak pupon kareben disekseni
dening tangga teparo. Kabeh padha sarujuk tanpa syarat lan katon gumbira, dene
si sopir mung plenggang-plenggong nanging uga melu bungah.
Sedina muput kawigatene wong saomah mung tumuju
marang bocah lanang pupon, lali marang sakabehane. Bocahe melek ya dirumpyung,
turu uga dikrumpyung, swasanane angel diukir nganggo ukara. Jan beda banget
karo dina-dina wingi, nganti rencana lungaku karo si sopir awan iki uga kepeksa
batal ditungka sesuk esuk. Dak sawang saka plataran kene lintang panjer sore
sumunar padhang ing langit wetan.
*****
Ana candhake..........<episode 13>
Support / donasi dukungan :
https://saweria.co/SiswoNurwahyudi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar