NASKAH DRAMA MONOLOG MAWI BASA JAWI

 

Ngembang Krokot  Sawetawis :

 

Ngembang krokot (naknik) satlemik bab cariyos “Nggodhong Pring” ingkang ateges ron pring alias ‘krosak’, inggih punika cariyos ingkang namung methik sacuwil bab fenomena mutakhir ing sajronipun ngagesang. Utaminipun ingkang wonten ing karang padesan ingkang akhir-akhir niki sampun ngalami “rudhagendra kabudayan” akibat dening mobah-mosik owah-owahan kemajuwan jaman. Tansaya majunipun teknologi pranyata paring dampak dhumateng budaya lan perilaku masyarakat padesan. Langkung-langkung karana jembar-wiyaripun lemah tegal sawah ingkang tansaya susut amargi sampun owah fungsinipun dados perumahan lan sapanunggalaipun. Ugi bab majunipun mesin-mesin tetanen andadosaken kaum buruh tani sami kecalan sumber panguripan. Ananging kasunyatan ingkang makaten kalawau tetela kirang pikantuk kawigaten, paribasan ‘kadya kemrosake godhong pring’. Bab basa Jawi ing cariyos niki mawi lantaran basa Jawi pasisiran dialek Bojonegaran. Wondene kados pundi jangkepipun lampahan sumangga dipun waos kemawon kanthi sakeca sinambi ‘kekudangan ronipun waluh’. Utawi saget amirsani kanthi tuntas gelaran panggungipun. Nuwun.


Siswo Nurwahyudi

 

 


~ K R O S A K ~

 

WIS MEH NGANCIK TENGAHE RINA, PAWONGAN LANANG TUWA NEMBE NGASO MAPAN ING POJOK GALENGAN SAWAH. AWAK LAN PANGANGGONE KATON SISA GUPAK  LENDHUT NANDHAKAKE YEN MENTAS WAE TANDANG GAWE. ING PAPAN KONO PANCEN RADA EDHUM, KAYOMAN SAWIJINING WIT SOGA. PAWONGAN KUWI MUNG IJENAN WAE, TETEMBANGAN SINAMBI NGLEREM SAYAHE AWAK SINAMBI NDHUDHAH KRENJANG ISI PANGANAN LAN KENDHI GAWAN SANGU SAKA NGOMAH.



001. : (NEMBANG SINOM)

Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Milu edan nora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa Allah
Begjabegjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada

(:kapethik saka serat Kalatidha, Ranggawarsita)

002. : Ya ngono mau lelakone urip jaman saiki. Gak melok ngedan bakal gak keduman jare. E… lha ya, jaman pancen wis owah. Jamane saiki jaman padha kedanan hape, kedanan internet. Sing adoh dadi cerak, sing cedhak ogak kecandhak. Utamane bocah-bocah enom, gemane selpa-selpi. Saithik-saithik selpi. Kana-kene makcekrik. Sakpolahe dipoto. Telpan-telpon jegigisan karepe dhewe. Padha geman nggrumbul cakrukan tapi gak enek sing semauran. Betah ngantek jam-jaman ogak mingket ogak mungsret. Padahal pulsa ya makani. Yen perlu mbok sampek wetenge kelet kaliren ndah pokoke angger pulsane isi. Ehh… jian gawok tenan aku.

NGRESIKI EPEK-EPEK TANGAN LORO, BANJUR NJUPUK TELA GODHOG SIJI.

003. : (SINAMBI NGONCEKI TELA) 

Ogak kur trima sing enom. Sing wis embok-embok gerang dhaplok pisan tambah saya ngluweh-ngluwehi. Malah polahe kliwat megilan, rumangsa isih kaya prawan sunthi. Nek wis cekelan hape engkrese gak kaprah. Mesam-mesem dhewe, pringas-pringis. Lali adang lali olah-olah. Paribasan pawon disapeh sugon. 

(MANGAN TELA) 

Diplalah tuku matengan timbang kangelan masak. Penak, tangane ogak cetheh, rai gak keblubuk keluk. Butohe wegah kalong wedak-pupure, nek butoh selpi sakwayah-wayah karek mrenges. Ogak gawok, pancen wis jaman edan. Gak kutha gak ndesa padha wae.

NGOMBE BANYU KENDHI MAKGLOGOK, NJUR NGODHOS MBAKO DIGAWE UDUD SINAMBI NUTUGAKE BACUTE TEMBANG.

004. : (NEMBANG SINOM KARO UMEK CAWIS UDUD )

Semono iku bebasan
Padu-padune kepengin
Enggih mekoten man Doblang
Bener ingkang angarani
Nanging sajroning batin
Sejatine nyamut-nyamut
Wis tuwa arep apa,
Muhung mahas ing asepi
Supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma.

(:kapethik saka serat Kalatidha, Ranggawarsita)

005. : (NGUDUD KLEPAS-KLEPUS) 

Menungsa kuwi wis dhasare kepanggonan rasa melik karo serik. Melik lan serik panggoke nok njero ati, rupa kekarepan sing angah-angah, nek kekarepane ora klakon njuk tuwoh rasa gela. Sing diuja butohe mata, butohe raga, dudu butohe jiwatama. Senengange brai, sing dibraeni kur wates rai karo udel mengisor. Mandar ngono kuwi mbarahi drajate menungsa dadi asor sakngisore kewan. Wis sugeh ijek kurang sugehe, wis penak ijek kurang penake. Sing diuber jare kamulyan tapi bareng wis mulya jare ijek kurang mulya. Jaman durung mergawe pengin mergawe, bareng cekel gawe dienggo sakpenake dhewe. Saben taun arak-arakan ngebaki dalan, sing dijaluk pegawean penak bayaran ambane sakempyak. Ngono kuwi jarene berjuang. Berjuang sing piye?

(NGGUYU KLECAM-KLECEM) 

 Akeh crita, akeh ukara sing kandha, wis enak-enak dadi anake wong tani, dicawisi tegal-sawah, njaluk sawahe didol nggo modal mrantau utawa nggo dhaftar pulisi, pegawe negeri, alesane kanggo njunjung drajate wong tuwa, tapi bar-barane nek wis dadi sing akeh-akeh padha lali janjine. Lali bibit-kawite biyen piye.

NGADEG CENGKELAK. NDHANGAK SETITHIK, DRIJINE NUDING NYANG PAPAN ADOH.

006. : (NUDING ADOH MENGETAN) 

Gak usah adoh-adoh, contone anakku dhewe. Sing mbarep biyen dadi pulisi ngentekna sapi mbuh pira wae ngantek gak ketung. 

(NUDING ADOH MENGULON) 

Sing siji kuliah sarjana pertanian, dhong-dhongane saiki dadi pegawai bank. Ngono wae tuku sepedhah ijek sambat njuk imboh dhuwik pak-e neh. Ngko rabi ya bandhane pak-e neh sing disambat. Lha jenenge karo anak, mosok ape mentala meneng ae? Gak preduli pak-e sampek bungkuk nek macul ben dina. Panas kepanasen, udan dilampu kudanan. Saiki padha urip seneng nok kutha gedhe, mentala ninggal pak-e urip ijen nok ndesa. Wis roh nek pak-e wis gak nduwe bojo, mbok ya urip nok kene wae ngancani pak-e. Padha bangga manggok nok kutha. Pak-e ape rabi neh ben kenek nggo kanca urip, ya gak diolehi. Bocah saiki dikon tani padha moh iki jan-jane kenek apa? Kecuali nek wong tuwane gak nduwe sawah, pantes. Apa rumangsane wong tani kuwi drajate asor pa piye? Lha iya, rumangsaem sing nguripi kowe kabeh wiwit lair ceprot ngatek ndadekna pulisi, dadi pegawai bank, kuwi asil ko ndi? Kabeh ya asile tegal-sawah. Lha sing mbok pangan ben dina apa ya rumangsaem gak berase wong tani? Mosok ape mbadhog pluru bendina? Mosok kowe ape ngemah kertas? Eh, hemm...

NYANDHAK CAPING DIANGGO ILIR, PANYAWANGE NGLANGUT NYANG PAPAN ADOH

007. : Wong tani kuwi pancen kudu gelem rekasa, ya macul, ya tandur, ya open-open rajakaya, asile gak mesthi, kadhang panen ya kadhang gak oleh asil. Kuwi wis dadi wadanane wong tani wiwit jaman biyen mula. Wis lumrah. Wong kabeh penggawean kuwi nduwe resiko dhewe-dhewe. Gak enek sing ogak resiko. Tapi nek wong tani gak gelem rekasa nandur, terus wong sakdonya mbadhog apa, nguntal apa? Apa ya isa urip? Ngono kuwi mbok njajal mikir. 

(NJUPUK TELA GODHOG) 

Iki delok, masiya kur trima nggo ganjel weteng ndah, sing mbok anggep gak mbejaji, iki ngono mbiyen jaman Jepang, jaman larang pangan, wis nylametna uripe mbah-mbahem ngantek thukul aku, terus thukul kowe. Mamula aja ngenyek. Kok saiki panganan roti sing mbok agul-agulna. Rumangsaem roti
kuwi bakalane saka apa? Ya padha, asile wong tani. Pasaem piye leh? Ogak enek wong tani, wong sak ndonya kaliren kabeh.

008. : (NYANDHAK ARIT KARO TUGELAN UNGKAL, NGUNGKAL ARIT) Mbok ya salah siji

muleh ndesa ae, ngancani pak-e nggarap sawah. Apa neh kowe sing ruju, wong sekolahem ya sarjana pertanian. Iki lho, sawah sing karek rong bahu diopeni. Iki ngono rupa pusaka tinggalane jenate mbahem. Dhek biyen tinggalane ya amba, wis dibagi-bagi waris, aku oleh bagian sawah rong bahu iki. Kenek apa kok sawah iki ogak tak olehi didol, ya mergane iki lemah tinggalan minangka barang pusaka. Suk mben tiba kowe cah loro, sebahu-sebahu. Wis mathuk kuwi jenenge. Gak usah terok wong-wong nggladrah kae, sawah pusaka tinggalan leluhur kok padha didol, saiki dadi perumahan sakharat-harat. Akhire sukmben sawah kene entek kabeh, dadi omah kabeh. Akhire kuwalat kabeh, dhong-dhongane oleh dhuwik dol-dolan sawah padha mawut morat-marit gak karuwan parake. Dienggo dagang ogak ngembang, diimbu bandha ogak tanja. Akhire nangis gak metu lohe. anake plalah dijlomprong kon budal dadi TKI. Nek wis ngono kae piye jal? Wong kuwi sing apik landhep nalare, ogak kok landhep guneme.

MAPAN NDHODHOK, NYELEHKE ARIT, NJUR NGRESIKI GEDIBALE PACUL.

009. Mamula ta mamula, dadi manungsa aja kakehan melik. Mbiyen wong-wong takkandhari padha gak ngandel kabeh. Tak keki pendapat apik malah atine padha serik. Klebu kae, Pakdheem dhewe lor kali kae. Aku dijuthak sampek saiki, padahal dheke bangkrut merga salahe dhewe, aku sing diendha nyalahi. Sing jare takdhukuna bereng. Nyenthe-nyenthe, jarene ngene : “Asu kowe, karo dulur dhewe mentala ngrusak. Aku dagang mbok rusohi, bojoku mbok ojok-ojoki, mbok kandhani ogak oleh utang bank. Dhong- dhongane anakem dhewe akhire ya dadi pegawe bank. Mataem picek pancene”. Entek ngamek kurang golek pokoke. Bareng saiki wis entek tegal entek sawah, omahe ketut dibeslah bank, genten ndarani aku jarene main dhukun. Wis mboh…mboh, karepem kono. Sing penting uripku tak tata dhewe, tak ati-ati dhewe. Aja sampek keterak lara, aja ngantek kenek perkara. 

NGOMBE MENEH SAK GLONGGONGAN. NYANDHAK MBAKO MENEH CAWIS UDUD.

010. : Pancen angel ngandari wong saiki. Apa neh nuturi cah nom. Wis padha rumangsa pinter merga sekolahe padha dhuwur. Pak-e sing mung tamat SD ndahneyo kok dianggep. Blas gadhas kuwi kok. Sing akeh trima dadi mutpeh. Diemut terus dilepeh. Jamane saiki pancene jaman mutpeh. Sing enak legi gelem ngemut, ilang legine karek pait-sepete gak suwe mesthi ndang dilepeh. Padahal sing sepet apa pait kuwi sapa roh dadi jamu, sing krasa legi ngracuni awak dadi kencing manis. Sapa sing apene roh. 

NGADEG MENEH. SISA UDUD DIBANTING. NGIDU CRUS-CRUS.

011. : (MALANGKERIK) 

Kae sing rumangsa dadi wong gedhe padha wae, karo wong cilik ya mutpeh. Karo wong tani tambah ngluwehi mutpeh. Wayah butoh diemut-emut nggo alesan demi rakyat, jare kabeh demi wong cilik. Tapi nek bar ya dilepeh, lali, dianggep gak enek. Nek mbutohna ae kaya yak-yaka, bar ya mbuwak buntel, mutpeh. Nek pidato guneme edab-edabi : “Pertanian akan ditingkatkan. Petani akan dibantu modal, dibantu bibit, pupuk murah. Ekonomi petani ditingkatkan. Kemiskinan ditingkatkan sejahteranya. Masyarakat desa ditingkatkan makmurnya”. Omongane sundhul langit. 

(GUYUNE UCUL, NGIKLIK)

Hii..hi..hi…. hiii…. Haa…ha…ha…ha…. Wong kok bento men. Ape ningkatna pertanian, sawah ditebasi dadi perumahan kok diijini. Sawah tambah entek kok ape ningkatna pertanian. Kuwi omongan apa nguntal kadhal urip-uripan? Ngono kuwi sing ngrungokna ya gelem manthuk-manthuk. Bento mangan sabun ya ngono kuwi. Apa neh nek pidato nyangking dalil agama, biyuhh…. wong-wong nek keplok nggunung ruboh. Sing pidato ya babar blas gak wedi dosa. Agama nggo mblidhuki wong akeh lha kok malah unjal umuk pamer dhadha, banggane gak kaprah. Tiba wayah nggurine ya mutpeh. Kabeh dilepeh karek ampas . Legine kono sing ngapek, ampase dinehna wong cilik.

LUNGGUH NGEPROK, RERINGKES, SAJAKE WIS AREP RAMPUNGAN GAWE.

012. : Tapi ya takakoni, jaman saiki sembarang kalir ketok gampang. Ape piye-piye ya nayoh. Montor cilik, montor gedhe, sliwar-sliwer sak pirang-pirang sampek ape nyabrang ae kangelan. Prasasat angger irung cekelan montor, cekelan hape. Elek-eleka ndah aku ya cekelan hape. Hape cilik, ora sing amba kae. Lumintu kenek nggo tilpunan karo anak-putu nek dhonge kangen. Tapi prasaku merga sarwa gampang, wong saiki malah sembrana, nggampangna sembarang kalir. Uripe dadi sembranan, kurang tata, kurang ati-ati. Dadine ya gampang lali. Lali sangkan parane dumadi, lali marang pengerane, kurang rasa sukure. Padha seneng ngumbar angkara, perkara cilik diupakara nganti amra-ambra. Sing bener dadi salah, sing salah ngengkel gak gelem kalah.

KRENGKAH NDHODHOK NJABUT SUKET SIJI, DIPRUTHES NJUR DIEMUT NING TERUS DILEPEH MENEH.

013. : Saktenane, jaman sing sarwa nayoh nyatane ya ngangelna wong bereng. Kaya lumrahe ibarat dol tinuku, yen ana sing untung mesthi ana sing bunting. Sing kana bathi, sing kene rugi. Contone saiki wis gak patek usum wong mburoh macul, mergane saiki wis diatasi nganggo traktor. Jaman biyen ben panenan pari rame wong buroh derep. Padha seneng sebabe padha oleh opah mburoh sakmangane pisan. Saiki wis enek mesin kombi, wis gak butoh wong akeh nek ape panen. Sing maune golek wong mburoh leren antri merga panen raya, tur opahe larang, saiki buroh padha sambat oleh saya gak oleh kaya, merga tenagane wis diganti mesin sing biayane luweh murah. Sing duwe sawah para-pere nyewa mesin ae soale murah. Kaceke adoh timbang ngopahi wong mburoh. Tapi sawahku ijek tetep tak burohna, ben buroh tani tetep mergawe. Olehku tani ogak kur nguber asil gedhe thok. Ndelok sambate buroh tani aku gak mentala. Apa salahe andum pegaweyan, andum rejeki, ben rata padha krasa. Nek gak ngono piye? Wong sing maenge kur mergawe mburoh nok sawah ape mergawe apa jal? Padha-padha menungsane padha butoh mangan kabeh. Sakjog ketekan mesin, sing tuna ya buroh tani. Ngaplo. Kendhile nok pawon nggoling, gak kuwat mental terus nglakoni maling. Alesane maling merga sumber pengasilane dicaplok mesin. Nek wis ngono sakjane sing dosa sapa? Ape nyalahna sapa yake? Wong kaya aku ngene iki ape melok urun rembug tiwas kur kemrosak nggodhong pring. Percuma.

NGLUKAR KLAMBI TELESAN DIANGGO NGELAP KRINGET, BANJUR SALIN KLAMBI SING GARING. KABEH GAWANE DICAWISAKE, RERINGKES AREP DIGAWA BALI MULIH. NULI NYANGKING GAWAN NGIWA-NENGEN.

013. : (NGGEDRUG LEMAH PING TELU , NGRAPAL MANTRA)

Somelah, niyat ingsun muleh omah
Lemah sawah klomah-klameh
Banyu agung mili nok kali
Bapa-biyung aja nganti nglayung
Bocah bajang beja kemayangan
Tanduran thukule sakparan-paran
Subur tinandur kayungyung hyang Dewi Sri
Sing sinebut ibu bumi bapa angkasa
Hayu, hayu, hayu, rahayu krana palilahe gusti Allah
Hong, sluman slumun slamet.
Aamiin… aamiin…aamiin…!

(NGGEDRUG LEMAH PING TELU)

KEPRUNGU RINGTONE HAPE MUNI, IWUT NYELEHKE GAWAN, NGROGOH HAPE SAKA NJERO SAK KLAMBI. NJENGGILENGI NOMER SING TILPUN.

014. : (NGANGKAT TILPUN) 

Halo…! Niki sinten nggih? Ya, piye cung? Sing jelas ta nek ngomong, aku ijek nok sawah, sinyale gak patek pakra nok kene. Piye kantor pulisi? Sapa? Lha kenek apa? Kecelakan? Wonge mati? Lha kok isa? O… ngono? He, jaluk dhuwik? Pira? Selawe juta? Kok akeh men? Kowe nok kantor pulisi ngendi cung? Loh, Kalimantan? Lha kowe mek apa klayapan Kalimantan bereng? Ya, enek. Lha kowe mosok
gak nduwe celengan blas? O.. ngono? Lha terus lehku kirim dhuwik piye wong pak-e nok kene nggone? Ateem apa? Ya gak nduwe ta cung. Blas gak roh ateem aku. He, rekening? Rekening kuwi apa? O… buku bank, gak nduwe aku. Kowe roh dhewe ngono lho, pak-e gak tau urusan ambek bank. Piye? Lha ape njaluk tulung sapa nok ndesa nggone ngene iki? Mosok njuk tulung pak lurah? Wis ngene ae, kangem tak kon ngurusi. Iya leh, kanganem sing pulisi leh, sapa neh. Wong kowe nduwe kang pulisi mosok gak….. Halo…, halo…, kok malah dipateni tilpune iki piye? O… bocah kok mblarah 

(NGGOLEKI NOMERE ANAKE NOK HAPE TERUS TILPUN) 

Halo..., Halo..., Cung..., halo...!!
Hee, pakem gung bar nek ngomong tilpunem malah mbok tutup, karepem piye? Piye? Ijek Rapat nok kantor? Rapat karo pulisi Kalimantan? Ogak? Lha kantor apa? He, apa? Kantor bank? Kantorem dhewe? Tenane? Kok mencla-mencle. Jarenem maeng nok kantor pulisi Kalimantan, pulisine njaluk selawe juta. Sing bener sing ndi? E… ngono? Berarti kuwi maeng tilpune wong mblidhuk? Emm… ngono? E… lha ya, mblidhuk tibake. Ya wis cung nek ngono. Tiwas ndhredheg aku. Ya, ya, ya, tak ati-ati. Kowe ya sing ati-ati.

(NUTUP TILPUN) 

 O… klakuan kirik pancene. Kok roh nomerku sing ngendhari ya sapa? Mblidhuk liwat SMS wis gak tay tak gadheg, lha kok saiki tilpun. Aku pengin roh rupane. Mbokne silit tenan. Konangan pethuk nok 
ndalan, tak pacul cangkemem tenan kowe. 

HAPE DILEBOKKE SAK. PACUL DI PAPANKE ING PUNDHAK, NYANGKING GAWAN MBAKA SIJI, TANGAN KIWA TENGEN NYANGKING KRENJANG LAN ARIT. NJUR JUMANGKAH BALI MULIH KEKANCAN TEMBANG PANGKUR.

015. : (NEMBANG PANGKUR)

Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

(:kapethik saka serat Wedhatama, KGPAA Mangkunegara IV)



~~ RAMPUNG ~~


Support/dukungan/apresiasi :





Tidak ada komentar:

Posting Komentar