Naskah punika minangka atur pakurmatan dhumateng ingkang minulya Raden Kohar inggih Ki Samin Soerosentika ingkang ngantos samangke situs sareanipun ing tlatah Bukit Tinggi Sumbar mboten dipunreksa kanthi sakmesthinipun.
ONTRAN-ONTRAN MONUMEN
Karya : Siswo Nurwahyudi
FADE IN : PASAR KREMPYENG.
SRENGENGE ESUK WATARA MEH SEGANTANG. ATEGES WANCI PADHA BUBAR, PARA BAKUL PADA
TATA-TATA KUKUTAN AREP BALI MENYANG OMAHE DHEWE-DHEWE.
01)
BAKUL 1 :
He, aku njaluk kresek siji tak enggo buntel
pindhang. Sapa sing isih duwe kresek?
02) BAKUL 2 :
Ora usah mbok buntel. Tak ijoli terongku gelem?
Jare mau pengin terong?
03) BAKUL 1 :
Emoh, terongmu wis kisut. Sing enom seger aku
ya gelem.
04) BAKUL 2 :
Asem tenan, iki delengen dhewe. Isih mulus,
seger-seger terongku.
05) BAKUL 1 :
Sing kuwi aku gelem. Sing buntelan kathok aku
ya wegah. Pira kuwi?
06) BAKUL 2 :
ji-ro-lu-papat, nyoh. Endi pindangmu gawa
mrene.
07) BAKUL 1 :
Tapi pindhangku ngene iki, gelem?
08) BAKUL 2 :
Iya wis, gawa mrene. Pindhang sing buntelan
cawet gawanen mulih wae aja nganti kecer, ndhak
dadi krayahan
kucing.
09) BAKUL 1 :
Ora ndlomok. Jenenge pindhang wadhahe ya ngene
iki, kok eneng pindhang buntel cawet. Nyoh ijol terong
papat, wis menang kowe iki. Mengko mulih lambemu gawa nyang reparasi kana.
10) BAKUL 2 :
Ya kuwalik, lambene sampeyan kuwi sing njaluk direparasi. (MARANG WONG-WONG LIYANE) Ngono kuwi lho akibate yen lambe kakehan nyidam terong.
(NGGUYU KABEH)
11) BAKUL 3 :
Kang, Yu, Lik…, aku mulih dhisik ya… (EXIT)
12)
: (SUMAUR BARENG) Ya…….
13) BAKUL 4 :
Ehh… sik…sik…, aku nempil lonthongmu siji eneng
apa ora?
14) BAKUL 3 :
Walaah… wis kadhung takumpuk-umpuk. Mengko wae
takngongkon anakku ngeterke lonthong nyang omahmu. (SINAMBI
LUNGA) Wis awan, aku mulih dhisik.
15) BAKUL 4 :
Ya… maturnuwun. Loro pisan ya. Dhuwite sesuk.
Adoh-adoh kok mung arep ngeteri lonthongsiji, sawangane.
16) BAKUL 2 :
Aku ya duwe lonthong.
17) BAKUL 4 :
Pira?
18) BAKUL 2 :
Siji. Gratis, gelem?
19) BAKUL 4 :
Wegah. Jejelke bojomu dhewe kono. (BABLAS -EXIT- ORA PAMIT)
20) BAKUL 4 :
(NGGUYU MRINGIS)Lho...lho...lho... kok ora pamitan.
21) BAKUL 5 :
Kae mau klarisan sajake. Mangkane njur
nggendring mulih.
22) BAKUL 6:
Aku enteni, aja ditinggal.
23) BAKUL 2 :
Omah cerak wae njaluk dibarengi. Manja. Kukut
ki sing rikat, klemar-klemer kaya bakul anyaran.
24) BAKUL 6:
Ora ngono. Aku nyawang tlethong-tlethong temlecek
nyang kana kae githokku griming-griming rasane.
25) BAKUL 5:
Lha iya, jan nggilani pancen. Tapi kok ora
mambu babar blas. Mangka pathing trecek semono akehe.
26) BAKUL 6 :
Iya ya? Saka kene ora ngganda blas. Mangka jarene
tukang-tukang kae kok gandane nganti ngaleg-aleg najan wis
diresiki. Wis telung dina padha prei ora mlebu. Kabare tukange padha lara
mencret.
27) BAKUL 2:
Pancen aneh. Aku weruh dhewe, saben teka
tukang-tukang kae mesthi resik-resik tlethong dhisik nembe candhak
gawe. Gek tlethong saka ngendi? Wong kene iki ora nate diambah rajakaya.
28) BAKUL 6:
Jan-jane arepe dibangun apa ta kono kuwi?
29) BAKUL 2:
Arep didegi patung. Patung monumen.
30) BAKUL 5 :
Lha terus awake dhewe piye mbesuk? Panggah oleh dodolan ana kene apa ora?
31) BAKUL 2:
Kene arep digawe taman. Wiwit wates kono karo
kana kae terus mubeng patung. Mbesuk awake dhewe diwenehi
panggon nyang kana kae, sak wetane wit kepoh kae. Ngono dhawuhe pak Lurah pas rapat yang
bale desa wingi kae. Tapi yen ngene kahanane embuh terus embuh ora olehe mbangun
monumen, wong tukange jare padha mencret kabeh.
32) BAKUL 6 :
Lha iya ta ya, nyang kene taun-taunan ora nate
eneng kedadeyan tlethong kaya ngono kuwi Gek pokale sapa nyebyar
tlethong nyang kono kuwi?
33) BAKUL 2:
Ora eneng wong sing weruh, esuk diresiki
gasik, sore ya gasik, esuke wis ngono meneh. Mangka kene iki ya
dalanan rame yen bengi. Ora eneng sing menangi tekane tlethong. Seminggunan
dijaga hansip ya
panggah wae ora menangi tekane tlethong. Weruh-weruh esuk wis pathing tlenuk.
34) BAKUL 5:
Yen bengi nganti dijaga hansip barang?
35) BAKUL 2:
Iya, anggitmu piye? Saiki hansipe ya wis
mberot ora gelem. Padha mencret kabeh.
36) BAKUL 6:
Mosok? Hansipe mencret pisan? Mencret kabeh?
37) BAKUL 2:
Ora percaya? Kae pak cilik wetan omahku ya
hansip, melu jaga, saiki mencret telung dina rung waras. Padahal
wis tamba yang suketmas.
38) BAKUL 5:
Puskesmas.
39) BAKUL 2 :
Lha iya kuwi, aku muni piye mau?
40) BAKUL 6:
Halaah… kok malah nggunem morak-marik. Wis
awan, ayo mulih.
41) BAKUL 2 :
Ayo. Tansaya griming-griming aku.
42) BAKUL 5:
Ooalaah… Gusti Pengeran… paringana slamet kabeh.
Rahayu… rahayu… rahayu…
~ BLACK OUT ~
FADE IN : PANGGUNG TENGEN SISIH
MBURI. SAWIJINING PONDASI DHUWUR KATON DURUNG RAMPUNG DIKUPENGI RANGKA-RANGKA KAYU
LAN SLOGORAN PRING, TANDHA DENE PONDASI KAROTENGAH METER DHUWURE KUWI ISIH NEDHENG
DIGARAP.
PAWONGAN TELU TEKA TUMUJU
BANGUNAN PONDASI. MANDHEG SAWATARA METER. SALAH SIJINE PAWONGAN NYEDHAK LAN NYETITEKAKE
BANGUNAN PONDASI KUWI. WONDENE, SING LORO MUNG NYAWANG WAE KATON RADA SUMELANG.
43)
TOKOH 1 :
Uhh… ambune kaya ngene iki?. Gene kok akeh tlethong pathing tlecek? Iki tlethong kebo, iki tlethong sapi, kae ya
sapi, kono kuwi ya tlethong kebo, tlethong wedhus pathing slebar. Apa kene iki wis dadi pasar kewan apa?
44)
TOKOH 2 :
Mboten Bapak. Sanes pasar kewan, nanging radi mriki pasar krempyeng. Menawi enjing dipun panggeni pasar. Namung enjing, mboten ngantos jam sanga sampun bubaran.
45)
TOKOH 1 :
Ora susah mbok kandhani, aku wis weruh. Sing tak gumuni, gene kok kene iki saiki kebak tlethong.
46)
TOKOH 3 :
Nggih bab tlethong niku sing ndadosake puyeng. Saben dinten nggih sampun dipun resiki kalih tiyang-tiyang ingkang nyambut damel nggarap niki. Nanging nggih ngoten niku, mbenjing enjing wangsul ngoten malih. Sedaya tiyang ngantos jegeg.
Kepara tukang-tukang sami mutung, mboten purun nerusaken nyambut damel malih.
47)
TOKOH 1 :
Wis pirang dina preine? (MENCURENG) Lho..? kok meneng kabeh? Prei
nggarap iki wis pirang dina?
48)
TOKOH 3 :
Sampun tigang dinten Pak. Niku ingkang grup enggal. Ingkang riyin,
tukang-tukange nggih sampun nyerah. Sami sedaya, alesan sakit mencret.
49)
TOKOH 1 :
Ngene ini kedadeyan ben dina? Kok ora laporan aku?
50)
TOKOH 2 :
Sampun. Lapor ngangge WA Bapak.
51)
TOKOH 1 :
Mosok? Aku ko kora nate nampa WA-mu? Kapan kowe WA aku?
52)
TOKOH 2 :
Niki, nembe mawon kula kirim.
53)
TOKOH 1 :
Wo… cah semprul. (MACA WA)“Lapor Bapak, ya begitu itu kondisi
proyeknya”. Iki laporan model apa? Lapor kuwi kudune wis wingi-wingi kae ora nembe saiki.
54)
TOKOH 2 :
Ngapunten Bapak, kula ajrih.
55)
TOKOH 1 :
Iki mau aku didukani Bupati, diutus ngecek mrene. Umpama aku nampa WA-mu sejak awal ora nganti didukani Bupati kaya mau. Ngene sing kojur sapa?
56)
TOKOH 2 :
Wingi-wingi badhe WA kula ajrih dipun labrak ibuk malih kados riyin nika.
57)
TOKOH 1 :
Mulane ta, WA ora usah nganggo nulis sayang-sayang barang. Diwaca bojoku dadi salah paham. Terus, Bupati kok pirsa sapa sing lapor? Sapa sing WA
Bupati? Kowe?
58)
TOKOH 2 :
Sanes Bapak. Mase niki ingkang lapor.
59)
TOKOH 3 :
Inggih Pak, kula WA Bupati lapor bab niki.
60)
TOKOH 1 :
Mas…mas…! Mbok aja ngono, ngene iki sing susah aku. Sakjane sampeyan lapure nyang aku dhisik. Penanggung jawabe proyek iki aku. Sampeyan iki
posisine pemborong, dadi hubungane langsung karo aku. Aja dumeh sampeyan iki ponakane Bupati,
laporan langsung mrana. Sampeyan ya kudu ngregani aku. Iki pelajaran kanggo
sampeyan. Tulung ndhuk, aku fotonen cedhak kono tak enggo laporan mengko.
61)
TOKOH 2 :
Dhateng mriki mawon sampun ketingal, mboten usah mrika.
62)
TOKOH 1 :
Wong sing penting malah kondisi bangunane, aku rak mung nunut melu kefoto.
63)
TOKOH 2 :
Mboten usah Bapak, mriku mawon. Njenengan mundur sekedik. Teng mrika mambet tlethong. Sementara niki wonten larangan nyerak bangunan proyek.
64)
TOKOH 1 :
Sing nglarang sapa? Aku iki Kepala Dinase, penanggung jawab proyek iki. Sapa sing wani nglarang aku, heh? (MLAKU KETHIMIK-KETHIMIK ING ANTARANE
TLETHONG) Wis ndang difoto, selak ora betah ambune. Piye? Uwis rung? Cepet… aja
kesuwen! Uhh… ambune tlethong kok banget tenan ta? Campur-campur pisan maceme.
65)
TOKOH 2 :
Sampun kula foto Bapak. Sampun kaping sekawan niki wau.
66)
TOKOH 1 :
(MENYAT SAKA BANGUNAN KARO NYUMPEL IRUNG) Ndang kirim nyang aku fotone, selak klalen.
67)
TOKOH 3 :
Pak, ngapunten. Sakjanipun mboten usah repot foto teng mrika, amargi…
68)
TOKOH 1 :
Sampeyan ora usah melu-melu nglarang. Saiki aku ndeleng gambare.
69)
TOKOH 3 :
Inggih, pangapunten. (NGETOKAKE
BERKAS GAMBAR PROYEK) Niki Pak gambare.
WONG LORO PADHA SIBUK NYETITEKAKE GAMBAR PERENCANAAN
PROYEK SINAMBI DICOCOKAKE KARO KAHANAN LAN LOKASI PROYEK. DENE SING SIJI, SIBUK
CENGINGISAN KARO HP ANDROID.
70)
TOKOH 3 :
Niki mbenjing kan madhepe mrika, madhep Kecamatan. Mila saking kantor kecamatan ngandhap nika sampun
saget ketingal cetha. Tinggi tiang fondamen sekawan meter.Total tinggi monumen sekawan
meter sewidak wolunan. Luas taman 99 meter persegi.
71)
TOKOH 2 :
Xixii…xii…xii….
72) TOKOH 3 :
Dados wit-witan sakupengipun monumen kedah dipun tebang. Utamanipun ingkang madhep lapangan mriku,
kersane monumen saget langsung ketingal saking tebih.
73)
TOKOH 2 :
Xixixixi…xixi…xixi….
74)
TOKOH 3 :
Cobi dipun bayangke, saumpami posisi nJenengan pas wonten kantor kecamatan.
Mirsani mriki langsung
ketingal monumen, background bukit-bukit, sisih mrika hutan lindung, napa malih
menawi langite pas biru resik. Top. Niki, gambar pandangan jauh.
75)
TOKOH 2 :
Xii..xixii…xii….
76)
TOKOH 3 :
Pripun pak?
77)
TOKOH 2 :
Xixixi…xixixi….xixi…
78)
TOKOH 1 :
Cangkemmu isa meneng apa ora? Cekikak-cekikik. Ngguyu apa kowe? Iki wayah nyambut gawe, ora
wayahe cengengesan.
79)
TOKOH 2 :
Niki lho Bapak, komene teng grup lucu-lucu.
80)
TOKOH 1 :
Kurang ajar, sing kene pethentengan sing kana jegigisan. Padha komen apa?
81)
TOKOH 2 :
Komen fotone nJenengan sing teng mriku wau Bapak. Niki wau langsung kula share dhateng grup. Komene
sae-sae tur nggih lucu-lucu.
82)
TOKOH 1 :
(MUNTAB) Bajinguk, ora kena
dieman kowe iki ndhuk. Tak kongkon kirim nyang aku malah mbok share nyang
group. Apa kowe wis bosen dadi pegawai, heh?
SING NESU MALANGKERIK KANTHI ULAT BANG
MAWINGA-WINGA. SING DINESONI MENGKERET. SING NYAWANG MUNG BISA JINEM RADA
KLECAM-KLECEM SINGIDAN ING RASA SETENGAH KAGET.
83)
TOKOH 1 :
(DUMADAKAN WETENGE KRASA MULES)
Adhuuh…. Wetengku. Dhuh… sarapan apa aku mau? Kok ndadak
mules kaya ngene? Adhuuhhh….
84)
TOKOH 2 :
Lha… rak saestu. Kala wau sampun kula aturi sampun nyerak mriku.
85)
TOKOH 1 :
Adhuhh… lha keneng apa kok ora oleh? Adhuuuhh…
86)
TOKOH 3 :
Larangan sawetawis Pak. Akibate nggih ngoten niku, mules lajeng
mencret-mencret.
87)
TOKOH 1 :
Aadhuuhhh… kok ora kandha mau-mau. Adhuuhhh… ora kuwat aku. Aku terke nyang omahe Lurah, tulung.
Adhuuuhhh…..
88)
TOKOH 3 :
Mangga, kula dherekaken.
WONG LORO RERIKATAN OLEHE MUNGKUR. SING WADON RADA
KESINGSAL, MLAKUNE JINJAT-JINJIT SINAMBI NUTUPI IRUNG NGINGGATI BARANG MENCRET
SING KECECERAN. ~ EXIT ~
~ BLACK OUT ~
FADE IN : BOCAH-BOCAH BANGSA
NENEKA LAGI PADHA DEDOLANAN LAN JEJOGETAN. KATON REGENG LAN NYENENGAKE.
SEDHELA-SEDHELA GUYUNE PECAH. WANDANE BOCAH NENEKA YEN GEGOJEGAN PANCEN MENGKONO
KUWI SOLAHE, SARWA PETHAKILAN TANPA SUBA-SITA LAN TANPA TATA TRAPSILA.
NANGING WEKASANE ANGGONE
GEGOJEGAN LAN JEJOGETAN DUMADAKAN KANDHEG DENING TEKANE PAWONGAN LIMA. PARA
BOCAH NENEKA SIGRA BUBAR PADHA NDHELIK. KALA-KALA UNDAL-UNDUL, INCENG-INCENG
MARANG PAWONGAN LIMA KUWI.
89)
TOKOH 1 :
Wis, pokoke sampeyan, Carik karo Lurah kudu bisa mrantasi masalah iki. Adhuuhh…wetengku… Aku ora ngerti piye carane sampeyan karo pak Camat golek upakara. Goleka cara supaya masalah iki cepet rampung. Tak wenehi wektu seminggu, kuwi
wis luwih saka cukup. Adhuhh…hih wis rampung ping telu kok ya isih mules wae,
addhuuhhhh….
90)
LURAH :
Inggih Pak, ngestokaken dhawuh.
91)
TOKOH 1 :
Ya wis, aku pamit. Ayo kabeh bali nyang kantor. Adhuuhh…. Rasane ora kuwat… mulese… Ayoo… kok malah ndongong.
92)
TOKOH 2 :
Inggih Bapak, mangga Bapak.
93)
TOKOH 3 :
Napa kula gendhong?
94)
TOKOH 1 :
Ora us!! Adhuuuhhh….. wetengku...
NULI WONG TELU LUNGA NINGGAL WONG
LORO. LURAH KARO CARIK, PRAUPANE PADHA KATON TEGANG NYAWANG PAWONGAN TELU SING RERIKATAN
LUNGA. PANYAWANGE NEMBE SIGEG NALIKA WONG TELU MAU WIS ORA KATON SAKA PANDULU.
NULI PADHA UNJAL AMBEGAN LANDHUNG BARENG-BARENG.
95)
CARIK :
Sida mencret ta kuwi mau? Byuh, jatah pitung dina omah-omah kakus tenan bakale.
96)
LURAH :
Huss…! Lambemu. Eneng wong susah malah mbok sedakke. Dongakake muga-muga ndang waras. Mesakke yen nganti ngamar nyang rumah sakit kaya hansipmu
siji kae.
97)
CARIK :
Terus piye, Nggi?
98)
LURAH :
Piye meneh, ya kudu ndang diprantasi. Mengko bengi ayo golek wong pinter.
99)
CARIK :
Karep sampeyan wong pinter kuwi dhukun?
100) LURAH :
Ya. Ora luput ora geseh, kabeh perkara tlethong iki mesthi pokale bangsa
lembut.
101) CARIK :
Sampeyan yakin yen kabeh iki pokal gawene bangsa dhemit?
102) LURAH :
99
persen yakin. Kurangajar. Titenana kowe mit-dhemit. Yen pancen ora kena dieman, dibesmi tumpes pisan wae. (SINAMBI MUNGKUR) Ayo Rik, mengko bengi melu
aku golek dhukun sing paling joss kareben enggal rampung perkara tlethong iki.
WONG LORO MUNGKUR, SAMUN
SAWETARA. BOCAH-BOCAH NENEKA PADHA BRUBUL-BRUBUL SAKA PANDHELIKAN. POLAHE SAJAK
RADA BILULUNGAN. WUSANA PADHA MAK GABRUS. TIBA KEJENGKANG.
103) DHEMIT :
Adhuhh… gawat iki… gawat…! Kepriye friend?
awake dhewe arep ditumpes.
104) DHEMIT :
Trembelane tenan menungsa-menungsa kuwi. Arep
ngajak perang apa piye?
105) DHEMIT :
Ho-oh. Ora susah wedi. Ngajak perang diladeni
perang. Kono adol ditumbas lunas.
106) DHEMIT :
Adol apa?
107) DHEMIT :
Tempe?
108) DHEMIT :
Ora. Adol peyek.
109) DHEMIT :
Kemurahen bro. Adol kebo.
110) DHEMIT :
Limosin?
111) DHEMIT :
Apa eneng kebo limosin? Sapi limosin akeh
nyang peternakan kana.
112) DHEMIT:
Limousine mobil ya eneng. Mobil perancis anti
peluru.
113) DHEMIT :
Limosin pesawat terbang eneng apa ora?
114) DHEMIT :
Ya ora eneng. Buing, airbus, sukoi, top kabeh.
115) DHEMIT :
Murtaniyo ya eneng.
116) DHEMIT :
Nurtanio, blog. Murtaniyo kuwi dlondonge pak Tomin kae.
117) DHEMIT :
Mur...! Tangiyo... Mur...!!
(NGGUYU BARENG, CEKAKAAN)
118) DHEMIT :
Hee……!! Lha kok malah gojeg.
119) DHEMIT :
Gojek eneng, Grab ya ana.
120) DHEMIT :
Ojek pengkolan wis kuno. Pateni sisan wae.
121) DHEMIT :
Huss...!! Ssstt..meneng…!! Malah promosi ojol.
Awake dhewe iki lagi ngadhepi perkara gawat.
122) DHEMIT :
Waahh… ho-oh. Njur piye penake kanca-kanca?
Dilabrak saiki wae ngono piye. Tinimbang…
123) DHEMIT :
Tinimbang kedhisikan. Mendhing ndhisiki,
ndandak arep ngenteni apa?
124) DHEMIT :
Iya, lebih cepat lebih baik. Kono wonge isih nembe
arep golek jago, sikat dhisik wae. Ayooo…..!!
Mangkat ca…..!!!
125) DHEMIT :
(BARENG) Hayoo…yo…yo…yo…yo… hok yaa… hok yaaa…
BOCAH-BOCAH NENEKA SIGRA TATA
BARIS, JEJOGEDAN ALA BUTA GIMBAL SIYAGA MANGKAT PERANG. NANGING NEMBE RAMPUNG
JOGEDAN AREP JRANTHAL MANGKAT KEPEKSA KANDHEG DENING NYAI TETUNGGUL DHEMIT.
126) NYAI :
Stop…!! Dha arep ngapa? He? Arep tawuran
meneh? Ora kapok dha taklebokke kunjara kaya biyen kae?
127) DHEMIT :
Mboten Nyai, niki wau nembe gladhi mawon.
Latihan setrategi baris tawur-menawur.
128) NYAI :
Oo…ya, apik. Rampung latihan njur arep
ngapa?
129) DHEMIT :
Langsung praktek Nyai. Njajal mungsuh menungsa
riyin.
130) NYAI :
He? Apa? Menungsa arep mbok anggo
jajal-jajalan? Arep tiru-tiru pokale grombolan
perguruan silat kana kae? Arep tiru
gawe front-frontnan, laskar-laskaran? Iya? Ngono?
131) DHEMIT :
Ngapunten Nyai. Soale wonten menungsa sing
badhe…..
132) NYAI :
Cukup…!! Kowe sing paling tuwa wis
takpasrahi momong bocah-bocah supaya tertib ora bedhugalan. Lha kok malah mimpin sing ora nggenah. Bocah-bocah padha mbokwulang-wuruk tawuran.
Ora malah diwulang sing apik. Karepmu piye? Kowe njaluk
diukum model piye? He?
133) DHEMIT :
Ampun Nyai. Kula kapok.
134) NYAI :
Ya, tak apura. Angger ora dibaleni meneh.
135) DHEMIT :
Maturnuwun Nyai.
136) NYAI :
Wis, saiki crita. Eneng perkara apa kok
kowe kabeh arep nglabrak menungsa. Aku yakin mesthi eneng perkarane, ora
mungkin yen ora.
137) DHEMIT :
Kalawau wonten jalma menungsa ingkang rencana
badhe numpes bangsa dhemit Nyai.
138) DHEMIT :
Leres Nyai. Sumpah. Ayo ca, sumpah kabeh.
139) DHEMIT :
(BARENG) Sumpah Nyai…!!
140) NYAI :
Lha perkarane apa?
141) DHEMIT :
(BARENG) Perkawis tlethong Nyai.
142) NYAI :
Lha kok bisa perkara tlethong? Mung
perkara sepele kok arep numpes bangsa dhemit?
143) DHEMIT :
Lha nggih niku Nyai. Bangsa menungsa sampun
wantun kurangajar.
144) DHEMIT :
Nrunyak.
145) DHEMIT :
Sombong. Sawenang-wenang.
146) DHEMIT :
Arogan.
147) DHEMIT :
(NJENDHUL SIRAH) Pada wae, blog.
148) DHEMIT :
(MLEDHING, MBENGOK SORA) Utege wis padha pindhah nyang sil…
149) DHEMIT :
(NJONGKROKAKE) Huss…! Ora sopan.
150) NYAI :
Sik…sik…mengko dhisik. Aja pathing
pecothot, crita sing jlentreh. Larah-larahe kepriye?
151) DHEMIT :
(BARENG NUDING NGISOR PONDASI) Perkawis niku Nyai…!
152) NYAI :
(NOLEH MENYANG PONDASI, NYETITEKAKE) Ooo… perkara iki? Tlethong-tlethong iki?
153) DHEMIT :
(MBENGOK BARENG) Nyaiii…..!!!
154) NYAI :
(JANGKAHE KANDHEG) Apa?
155) DHEMIT :
Sampun nyerak mriku.
156) DHEMIT :
Mangke Nyai bakal menyesal kemudian.
157) DHEMIT :
Ho-oh. Eh, inggih. Mundur Nyai, mundur malih
mriki.
158) NYAI :
(NOLEH BALIK) Eneng apa kok dha bengak-bengok?
159) DHEMIT :
Teng mriku ndrawasi Nyai, tlethonge ngandhut
obat urus-urus.
160) DHEMIT :
Obat glontor perut.
161) DHEMIT :
Ces pleng, quick respon.
162) DHEMIT :
Langsung cret…cret…cret…
163) DHEMIT :
Mundur Nyai… mundur…! Eh, salah dhing, maju mriki…, terus, maju malih. Hop. Stop...! Nggih, cekap, mriku mpun cekap.
164) NYAI :
Iki kok saya nganeh-anehi ta? Tlethong
sing thing slebar kae pokale menungsa?
165) DHEMIT :
(KOMPAK GEDHEG) Mboten Nyai.
166) NYAI :
Pokale sato kewan? Apa pokale rajakaya
ingon-ingone menungsa?
167) DHEMIT :
(KOMPAK GEDHEG) Mboten Nyai.
168) NYAI :
Terus pokale sapa?
169) DHEMIT :
(KOMPAK) Kula sakanca sedaya Nyai. Hii…hii….hii…hi…hi…
(PADHA TOS TANGAN SAKANCANE)
170) NYAI :
Woo… paham aku saiki. Tlethong-tlethong kae
saka pokal gawene kowe kabeh.
171) DHEMIT :
(KOMPAK GAYA SOMBONG) Leres Nyai.
172) NYAI :
Gene kok kowe kabeh gawe pokal kaya
ngono?
173) DHEMIT :
Amergi, papan mriku sampun dipunsawiyah-wiyah
kalih menungsa. Kula kalih kanca-kanca mboten
saget leyeh-leyeh teng ngriku malih.
174) NYAI :
Wis pirang dina anggonmu gawe pokal sing
kaya ngene?
175) DHEMIT :
Sawetawis dinten Nyai. Seminggunan langkung. (KUKUR-KUKUR) Ah embuh, lali aku.
176) NYAI :
Bocah gemblung. Jebul kowe kabeh sing
ngawiti bibit perkara karo menungsa.
Ngertia, aku wis menehi ijin papan kono arep dibangun monumen.
Sesaji-sesaji wis
taktampa, kowe kabeh ya melu antuk bageyan
tur ya wis mbok pangan.
Kok saiki kowe arep gawe perkara. Hayo…, ngaku sapa sing ngongkon?
Sapa sing ngawiti
perkara? Kurangajar tenan.
177) DHEMIT :
(KOMPAK) Nyuwun pangapunten Nyai. Ampun…Nyai…ampun….
178) NYAI :
Aja ngisin-isini bangsa dhemit. Iki bakal
dadi perkara gedhe. Yen nganti ana apa-apa sing wirang iki aku. Ngerti? (MBENGOK SORA) Telik Sandi…!! Mrenea…!! Rikat… eneng perkara gawat…!!
179) DHEMIT :
(MELU UNDANG-UNDANG BARENG) Telik Sandi….!! Telik Sandi…!! Telik Sandi….
180) NYAI :
He, salah siji mangkat. Golekana Telik
Sandi nganti ketemu. Aja kesuwen, rikat.
181) DHEMIT :
Sendika dawuh Nyai. Kula ingkang bidhal. (MENYAT
NJUR MUNGKUR)
182) NYAI :
Mula yen ana apa-apa iki lapuran aku
dhisik. Aja gawe sakarepmu dhewe. Bangsane awake dhewe iki duwe tata-tertib lan aturan sing ketat. Sapa wae sing
nglakoni salah bakal kena pidana. Salah cilik ya pidana cilik, salah gedhe ya ukumane
gedhe. Ora eneng setilah ‘tajam ke bawah, tumpul ke atas’. Awake dhewe iki urip ora ijen. Ngerti…!?
183) DHEMIT :
(KOMPAK) Sendika Nyai.
184) DHEMIT :
Niki Nyai, Telik Sandi sampun wonten mriki.
Tugas sampun rampung Nyai.
185) NYAI :
Telik Sandi? Nyang endi wae, dibengoki
ora enggal teka mrene? SING DICELUK ORA SEMAUR) He… kupingmu krungu apa ora? NUTHUK NGANGGO TEKEN) Mbidheg wae…!
186) TELIK SANDI (TS) :
Athoow… Njenengan nimbali kula?
187) NYAI :
Sapa meneh? Sing jeneng Telik Sandi ya
mung kowe. Kacamatamu ireng kuwi copot, aku nyang mburimu iki lho.
188) TS :
(BALIK MADHEP, KACAMATA DICANTHOL NYANG
TOPI) Ealah. Nami kula sampun gantos Nyai.
Sakniki Sebutan kula sanes Telik Sandi malih. Mila kula wau mendel mawon.
189) NYAI :
Ganti? Kapan? Terus mbok ganti apa?
190) TS :
(MBUNGKUK HORMAT KAYA PENDEKAR KUNGFU) Sendika dhawuh Nyai. Kula Agen Seven-Seven-O
siyaga ing karya. Nyuwun tugas misi salajengipun. Agen Seven-Seven-O nyadhong dhawuh.
191) NYAI :
Agen Seven-Seven-O dhapurmu sempal.
Kakehan maca komik 007 kowe iki.Njaluk tak sedakke dadi precil apa piye?
192) TS :
Ampun Nyai…ampuun… Kula Telik sandi siyaga
ing karya. (KISINAN) Ampun Nyai, wonten wigatos
menapa?
193) NYAI :
Iki eneng perkara gawat. Kowe tak prentah
nylidhik perkarane. Bocah-bocah iki wis nantang perkara gawe gendra karo menungsa. Wis mesthi bakal dadi rame,
bangsadhemit bakal digawe arang-abang. Goleka sisik melik apa sing bakal kelakon. Aku arep ngrekadaya sabisaku supaya ngredhem aja nganti kedadeyan sing bisa dadi lelakon sing nggegirisi. Sanajan dikaya ngapa, bocah-bocah iki salah, nanging kudu panggah tak
slametake. Wis, kowe budhala aja nganggo kesuwen.
194) TS :
Tenang Nyai, tenang.
195) NYAI :
Tenang gundhulmu bengkah. Iki perkarane
ora kena disangga entheng. Urusan keslametane jalma sapirang-pirang. Sing ora dosa cilike bakal kena lara, gedhene bisa ketaman pati.
196) TS :
Tenaaang…… mboten susah kuwatos. Kula
sampun mireng lan sampun mesthekake bilih mboten
bakal wonten gendra antarane kita bangsa dhemit kaliyan bangsa menungsa. Perkawis
tlethong kalih monumen niku sampun rampung.
197) NYAI :
Kok kowe wis weruh? Dhasarmu apa?
198) TS :
Sampun kuwatos, kula tansah siyaga 24 jam. Weruh sadurunge ana sing weruh. Sonten
ngantos dalu niki wau kula sampun tumut mlebet dhateng rapat Bupati kalih Kepala-Kepala Dinas. Pemborong Proyek nggih
wonten. Lajeng Para seniman, para budayawan, tokoh
agama nggih wonten. Perkawis Monumen niki badhe tetep dipun bangun nanging mboten
siyos dhateng mriki. Dipun pindhah sebelahe kantor kecamatan mrika. Dados sampun
beres.
KEPRUNGU KATRANGANE TELIK SANDI
PARA BOCAH SURAK GUMBIRA JEJOGEDAN. SI NYAI SAJAK UGA LEGA KATON PADHANG ULATE.
199) NYAI :
226) TS :
Nyai? Sabar Nyai.
227) NYAI :
Tenang kowe. Aku pancen nesu, nanging pikiranku isih adhem. Rungokke prentahku.
228) TS :
Sendika Nyai.
229) NYAI :
Kowe siyagakake para bangsa dhemit sing mbok anggep mumpuni ngayahi jejibahan iki.
230) TS :
Sendika. Jejibahan napa Nyai?
231) NYAI :
Umbar wae anggone mbangun monumen. Mbesuk yen wis ngadeg sampurna, ayo dijegol dipindhah nyang tanah sebrang kana.
232) TS :
Maksudipun kados pundi Nyai?
233) NYAI :
Monumen kuwi luwih pantes dipasang nyang kuburane wonge nyang tanah sebrang kana. Tugasmu, jegolen njur pasang monumen kuwi mbesuk persis ing lemah nduwure kuburan. Tinimbang
makam kae ora krumat, mending dientebi monumen pisan. Piye miturut kowe?
234) TS :
Wah… sae sanget niku. Sendika, kula ndherek nyengkuyung. Wong Kuburane sing ngrika mawon kapiran kok badhe dimonumenke teng ngriki. Lajeng ingkang niku kados pundi?
Napa dipun jegol pisan?
235) NYAI :
Ora usah. Pondasi iki ben ngono wae minangka tetenger kanggo kabeh, yen papan kene biyen sejatine salah sijine tenger tilasan papan semedi lan
tapabrata para manungsa minulya. Papan sing tansah menehi kanugrahan tamrap kabeh
jalma. Paham?
236) TS :
Sendika Nyai.
237) NYAI :
He… para manungsa…! Titenana, mbesuk apanbaya monumen wis ngadeg sampurna bakal musna saka pandulumu. Tak pindhah menyang papan sing wis mbok
lalekake. Papan sing samesthine luwih pantes dadi papan madegemonumenmu kuwi. Iki
wis dadi sumpahku. Titenana….titenana….
Ha…ha…ha….ha….ha….. hii...hii...hiiii....
~ BLACK OUT ~
FADE IN : PONDASI MONUMEN.
NDLIDIR OLEHE TUMEKA, PAK LURAH,
PAK CARIK, PARA BAKUL, LAN PARA TUKANG. TEKANE NIYAT AREP KERJA BAKTI RERESIK
PONDASI GAGAL LAN SAKUPENGE.
238) LURAH :
Ndang ayo lho, kok malah padha njagong nyang
kono. Ayo wiwit…!
239) WARGA :
Wedi aku Pak Inggi.
240) CARIK :
Wedi apa? Saiki wis aman. Wis ta percaya, ayo gek wiwit.
241) WARGA :
Ngko ndhak mencret pak Carik?
242) CARIK :
Ora..ora…kok. wis ta ayo…
243) LURAH :
Tak
jamin ora. Iki lho aku wis nyang kene. Ora usah wangu, ora-ora yen mencret.
244) CARIK :
(NYURUNGI WONG-WONG) Ayo…kok.
Ayo… ayo… ora usah mamang.Wis aman.
245) WARGA :
Iya..ya.. Pak. Ora usah ndadak disurungi.
246) WARGA :
Ihh… mrinding aku. Amit…amit…nggih…
Slamet…slamet…slamet…kabeh.
247) WARGA :
Rahayu…rahayu…rahayu…
248) WARGA :
Pak Lurah, ora usah melu-melu. Sampeyan prentah-prentah
wae, aku karo kanca-kanca sing tandang. Pak Carik,
konsumsine endi?
249) CARIK :
Nyambut gawe rung semenit wis njaluk konsumsi.
250) WARGA :
Ora ngono pak Carik. Karepe yen katon eneng konsumsi
nyambut gawe iki ya sigrak.
251) WARGA :
Ho-oh ya Yu ya. Ndang ta pak Carik. Wong
anggaran ya eneng wae kok.
252) CARIK :
Kok ngerti wae eneng anggarane barang. Iya..ya.. mengko yen wis rampung kabeh wae andhok
nyang warung kana bareng-bareng. Tak bayari kabeh.
253) WARGA :
Bener ngono wae pak Carik. Mangan ora mangan
ngumpul.
254) WARGA :
Kok diresiki iki janjane sesuk apa iki barang
katut diresmekke Bupati?
255) LURAH :
Ora. Sesuk kuwi prosesine, upacarane, diwiwiti saka kene, terus kirab pusaka nuju kantor kecamatan. Dilanjut
peresmian Monumen. Bengine gebyagan wayang kulit.
256) WARGA :
Lha kae monumene kok malah dibungkus kain
ireng? Jare arep diresmekke?
257) LURAH :
Iya,
pancen carane peresmian patung ya ngono kuwi. Bupati nggunting pita terus mencet tombol.
Kain
krudhung patung mbukak dhewe. Otomatis.
258) WARGA :
Nganggo plendhungan barang?
259) CARIK :
Apa kuwi?
260) WARGA :
Plendhungan. Balon.
261) CARIK :
Ora. Sesuk kowe sing dikompa diumbulke nganti sakcebloke.
262) WARGA :
Pak Carik ki… mesthi lho…
263) LURAH :
Wis...wis yen gojeg, gek ndang diresiki selak arep dipasangi umbul-umbul.
264) WARGA :
Berarti sesuk ora oleh dodolan?
265) LURAH :
Oleh. Dodolan jajanan ora apa-apa. Malah apik. Sesuk kuwi wonge ewon sing bakal teka. Yen ora
bisa manfaatake rugi dhewe. Sing arep dodol kana lho nyang pinggir lapangan.
Rame mesthi, soale nyang lapangan eneng Reog. Sekitar kene ora kena kanggo dodolan.
266) WARGA :
Kang, Yu, Lik, ayo dodol ya. Sesuk aku dodol
ah, lumintu kena kanggo tambel-tembel.
ANGGONE KERJA BAKTI KATON GAYENG SWARANE GREMEMBYENG.
SETHITHIK MBAKA SETHITHIK KASIL DIRESIKI NGANTI RESIK-GASIK. DENE SING LIYANE
MRETHELI KAYU-KAYU LAN SLOGORAN PRING. LIYANE MENEH NGECET PONDASI. SAWISE
RAMPUNG BANJUR MUNGKUR BEBARENGAN. ~ EXIT ~
~ BLACK OUT ~
FADE IN : AKEH PAWONGAN PADHA PATHING
BILULUNG NUJU KANTOR KECAMATAN. DINANE IKI AREP DIANAKAKE PROSESI PERESMIAN
MONUMEN DENING BUPATI. NANGING KAHANAN LAN SWASANANE ORA KAYA ADAT SABENE YEN
AREP ANA ACARA RESMI APA DENE PERAYAAN. BEDA…, BEDA BANGET.
GEGER KEPATI KARANA MONUMEN SING
DINA IKI AREP DIRESMEKAKE BUPATI MUSNA TANPA TILAS.
267) WARGA :
Hoee…. (NITIR KENTHONGAN) Dulur-dulur…
ooeee….. Monumene ilang… Monumen ilang…
268) WARGA :
Apa iya Kang? Monumen semono gedhene kae
ilang?
269) WARGA :
(NITIR KENTHONGAN) Monumen musna…. Monumen ilang….
270) WARGA :
Lho…? Iya, kae… Monumene ilang. Hee…
dulur-dulur…pada delengen saka kene. Kae… Monumene ilang.
271)
: Walahh hiya… kae akeh pulisi padha bingung.
Deleng kae… wong-wong padha ngrumpul.
272)
: Ayo… dha ndeleng mrana...! Ayo…!
273) WARGA :
Byuuhh…. Monumen njenggeleg semono gedhene kok ujug-ujug bisa ilang
ya Kang?
274) WARGA :
Ho-oh, jian eram tenan. Ayo, nyerak mrana.
Ayo…
275) WARGA :
Ayo…! Mumpung akeh balane, ijenan aku ora
wani. Eneng kedadeyan kok eram tenan. Aja lali diupload fotone apa divideo pisan. Bakale viral iki. Haha...ha... asyiiik... Viral dulur... viral...!
276) WARGA :
(NITIR KENTHONGAN)
Monumen ilang… Monumen musna… Viral... viral... Monumen ilang….
277)
: Dhuh Gusti… wonten kedadosan kok kados ngoten.
Gek padha nyandhang dosa apa ya…ya…?
278) WARGA :
(NITIR KENTHONGAN) Viral... viral... Monumen Ilang... Monumen musna... Viral... viral...
278) WARGA :
(SAWUR-SAWUR UYAH TURUT DALAN) Sumingkir… sumingkir… kala saka wetan
sumingkir, kala
saka kulon sumingkir, kala saka kidul sumingkir, kala saka lor sumingkir.
Sumingkir… sumingkir… Wadhah berkat arane takir, banyu
kendhi miline njungkir. Sumingkir… sumingkir… kala
saka wetan sumingkir, …sumingkir… sumingkir… kala saka kulon sumingkir. Sumingkir… sumingkir… kala saka
kidul sumingkir, … sumingkir…
sumingkir, kala saka lor sumingkir. Sumingkir… sumingkir… Wadah berkat arane takir, banyu kendhi miline njungkir. Sumingkir... sumingkir... ~ EXIT ~
~ FADE OUT ~
~ BLACK OUT ~
- R A M P U N G -
Bojonegoro, Minggu
Legi, 8 Sura 1953 Saka.